Anda di halaman 1dari 4

Nama : Arryn Dyah Ambarita (06)

Auriel Ridho Ilahi Affiat Putra (07)

Putri Nurul Fitria (26)

Zean Galang Wardhana (35)

Tema: Asmara

Judul/irah-irahan: sengit dadi katresnan

Paraga : WIDYA,AYU,TAMA,DIKI,IBU LARAS

Watak paraga: Widya: apik, andhap asor, pinter, cerewet

Ayu : setia kawan, apik, gelem nulung, menengan

Diki : seneng ngguda, pecicilan, naka, ndable

Tama : pinter, bagus, manut

Alur : campuran

Latar :

Panggon:parkiran sekolah,kelas,sekolah, kantin

Wektu : isuk, awan

Suasana : bahagia, sedih, gelo ati

Sudut pandhang/pamawos: orang pertama

Amanat : aja gelo marang wong iso-iso dadi cinta,ojo berprasangka buruk

Cengkrongan :

1. Widya lan Bu Laras wis suwe urip dhewe

2. Widya mesakne ibune tangi isuk gawekke bekal lan siap-siap gae nyambut gawe

3. Widya mlaku mara halte nyegat bis

4. Widya numpak bis sing jam kerjane isuk dhewe

5. Widya mlaku dhewe mara ning kelas sing sek sepi

7. Widya lan Ayu wis kekancan awit suwi


8. Gak suwi Ayu teko bareng kanca-kanca liyane

9. sawise Ayu teko bel pelajaran pertama muni

10.Sawise sinau bel istirahat muni

11. Widya lan Ayu mara kantin arep tuku jajan

12.Teko ngarep kantin Widya ditabrak Tama

13. widya gelo ati marang tama

14. ayu marani widya karo nenteng jajan

15. sawise nabrak widya pranyata tama seneng widya

16. tama crito diki kanca kentel e

17. diki ngongkon tama nyatakake katresnane

18. mulih sekolah tama nyatakake katresnane marang widya

17. widya bingung lan kaget karo tama

20. tama terus ngeteni jawabanne widya

21. ayu sing enek ning sandinge ngongkon widya gae nrimo tresnane tama

22. akhire widya nrimo tama.


SENGIT DADI KATRESNAN
Jeneng ku WIDYA PUTRI LARAS sing biasa diceluk WIDYA,aku sekolah ing sma 12 pekalongan
lan aku mlebu kelas ipa 1 ing kono crita awal ku iki.Saben esuk aku uga budal sekolah paling esuk
marga omahku sing adoh aku ora tau sarapan tapi ibukku mesti gawakne aku bekal. Ning sekolah iki
aku due kanca jenenge AYU ANGGRAENI biasa diceluk AYU. Aku lan Ayu nang ndi ndi bareng
biasae kanca-kancaku nyebut e kaya sabuk lan katok Ayu iki uga walikane kan aku biasae bocah e
budal awan banget lan mesti sempet sarapan.

Isuk iki aku budal numpak bis sekolah sing paling isuk jam kerjane kayak biasane aku ora tau sempet
sarapan tapi ibukku bidadariku iki mesti gawakne aku bekal,merga omahku sing adoh teko
sekolah,ning njero bis aku mangan bekal sing digawakne ibuk rasane ora tau berubah mesti enak,pas
temen bekalku entek bis sekolah wis mandek ing halte sing enek ning ngarep sekolahku aku mudun
teko bis sekolah lan ora lali aku kandha pak supir matur suwun.

Aku mlaku nglewati gerbang lan lorong sekolah iseh sepi mergo iki isih isuk tenan kancaku sing
jenenge ayu bocah iki mesti teko awan lan tenan pas ayu melbu kelas kancaku liane melu melbu kelas
sawise ayu lungguh ing bangkune bel tanda pelajaran pertama dimulai aku lan ayu podo fokus
ngrungokne panjelasane guru ing ngarep. Sawise 4 jam pelajaran akhire bel istirahat muni aku lan ayu
cepet cepet mara ing kantin mergo ayu sing wis lue ayu mlakue cepet banget marai widya ora nututi
akhire widya mlayu ben iso nututi ayu wis saka ngarep kantin widya ditabrak tama,tama ora njaluk
sepuro utawa nulungi widya sing tibo mergo ditabrak dheweke tama langsung mlayu lan Cuma
ndeleng sakklebat widya mangkel lan terus nekuk aine

“ ana apa kok nesu sakareppe dhewe” takonne ayu marang widya

“tama iku lo yu nabrak aku nganti tibo ora nulungi ora njalok sepuro gelo aku marang bocah kui”
saurane widya

“aja sok ngono ngko kesemsem lhoo” gudone ayu marang widya

“ora bakall”

Tama mari nabrak widya langsung mara kelas marani kancane diki lan nyeritakke kabeh kedadean
ning kantin sing bocahe nabrak widya

“ ketoe aku mendem tresno marang widya mari tabrakan mau” batinne tama

Diki sing ruh kancane kesemsem langsung takok

“ hayo mikir widya yoo wis lah ndang ditembak wae ngko muleh sekolah”

“ ewangono ya aku ngko dik”

Bel tanda muleh wis muni kabeh siswa siswi grudukan mara parkiran diki lan tama mlaku bareng lan
sengojo lewat kelas e widya ora sengojo widya lan ayu yo lagi metu kelas arep moro ning gerbang
nyegat bis. Diki sing ruh widya iku mau langsung nyeluk widya

“ wid mreneo sek sedelut wae” celuk diki

Widya lan ayu mara menyang diki lan tama “ ana apa dik?” saure widya
“arep ana sing ngomong karo awakmu” sautte diki

“sopo lo dik?” bingung widya

Tama maju lan nyekel tanganne widya,widya sing bingung mung nglirik ayu

" apa kareppmu tama? " takon widya karo nyingkrihke tangane tama

" aku tresno kowe wid, gelem gak dadi pacarku?" tama lego wis omong widya

Widya sing bingung nglirik ayu ,ayu ngerti kareppe widya bocahe isih gelo marang tama banjur ayu
ngomongi widya " trimo wae wid bocahe ketok serius tenan marang koe lalekno wae masalah ing
kantin mau, tama iku ora sengojo wid " pituture ayu gae widya sadar akhire widya nyauri " iyo tam
aku gelem " saure widya gae kabeh wong lego opo maneh tama

Anda mungkin juga menyukai