Anda di halaman 1dari 4

Merpati Wewehan Tini

Dening: Aditya Rahman Laksana

Atiku seneng banget, amarga prei sekolah arep pungkas. Prei unggah-unggahan iki
pancen suwe banget, aku uga uwis kangen karo kanca-kancaku. Aku ora sabar ngenteni
sesuk, nganti wengi iki aku ora bisa turu. Lagi merem sedhela mesthi melek maneh, turuku
tansah klisikan, kepikiran sesuk arep nyeritakake pengalamanku nalika prei sekolah wingi.
“Ndhuk, ayo ndang turu. Wis jam setengah 10 lho” ngendikane ibu. “Inggih Bu, kula kok
ajeng tilem rasane angel, klisikan terus niku Bu” “Ya uwis, saiki ndonga dhisik supaya
Gusti Pangeran bisa gawe tentrem atimu, Ndhuk” atiku rasane ayem diparingi pitutur
dening Ibu, aku uga kelingan nek durung ndonga, mula kok angel temen anggonku turu.
Sawise dedonga, atiku banjur tentrem lan ayem. Ora suwe aku turu angler, aku ora krasa
nalika ibu mbenakake slimutku.
Esuk kui hawane adhem banget, srengenge durung ngetokake cahya lan hawa anget
e. Tesih katon isin arep ngetokake wujude, kaya-kaya males njedhul, pilih kemulan karo
mega sing ana ing sandhinge. Pitik-pitik wis padha kluruk, mertandhakake nalika dina
kuwi kudu semangat anggone sekolah kanggo mujudake gegayuhanku. “Ndhuk, ayo tangi.
Dina iki awakmu mlebu sekolah” swarane ibu nalika nggugah aku karo ngepuk-puk
bangkekanku. Nadyan aku tesih krasa ngantuk, nanging ngantuk iki bisa dakkalahake
amarga niyatku mlebu sekolah wis sedhuwur gunung ditambah rasa kangenku karo kanca-
kancaku. Aku uga ora lali sembahyang kanggo ngucapake panuwunku marang Gusti
Pangeran amarga sampun maringi kathah nikmat sing ora bisa daketung. Bibar
sembahyang aku uga adus ana kolah. Brrr banyune adhem banget, nanging awak iki rasane
dadi seger lan buger. Rampung adus, aku salin ana kamar lan ibu wis nyepakake sarapan
kanggo aku supaya cukup energi kanggo sekolah lan nampa ilmu saka Bapak lan Ibu guru.
Ibu masak panganan sing dadi favoritku, yaiku sega goreng diwenehi ndong ceplok.
Rasane jan enak tenan, masakane ibukku pancen masakan nomer 1 sak kutha Yogyakarta,
ora ana sing bisa nandhingi babar pisan. Sawise sarapan aku banjur njupuk sepedha ontel
lan pamit marang ibukku. “Bu, aku pamit sekolah rumiyin nggih”. “Iya Ndhuk, ati-ati ya.
Nya iki sangu ne, mengko dinggo jajan”. “Inggih Bu, matur nuwun sanget”.
Ing dalam tumuju sekolah, aku nyanyi-nyanyi amarga atiku bungah banget, ora
sabar cepet-cepet teka sekolah. Let 15 menit aku wis teka SD Negeri Gedongkuning, iku
sekolahanku. Ing kono sekolah rame banget, akeh siswa sing padha nggoleki jeneng-
jenenge. Amarga siswa sing padha munggah kelas padha nggoleki jenenge dhewe-dhewe
ana ing kelas sing anyar. Aku nggoleki jenengku ing kelas 5 B, amarga nalika aku kelas 4
ana ing kelas 4 B, banjur tenan jenengku kaserat ana ing kelas 5 B ana ing nomer urut 19
katulis “Nindy”. Kanca-kancaku uwis padha ngawe-awe menawa aku dikongkon lungguh
ing jejere. Aku langsung lungguh ana ing sebelahe Dwita sing awit kelas 4 awakedhewe
lungguh jejeran. Aku karo Dwita nyritakake pengalaman nalika prei, Dwita kerep
ngrewangi ibune dodol batik ing kawasan Malioboro. Semono uga aku, aku nyritakake
pengalamanku nalika liburan ana ing candhi Borobudur lan pantai Parangtritis. Ora suwe
anggonku lan Dwita cerita, bel sekolah muni lan para siswa padha siap-siap nampa
pelajaran saka Bapak lan Ibu Guru.
Nalika jam istirahat, aku nyawang ing panggonan mburi dhewe ana bocah wadon
sing lungguh dhewekan. Bocahe rambute dikepang, pakulitane putih lan nganggo
kacamata. Aku ora tau weruh bocah kuwi, ketingale bocah kuwi murid anyar utawa murid
pindahan seka sekolah liya. Atiku ora tega nyawang bocah kuwi lungguh meneng
dhewekan, rasane kepengin banget ngancani. Banjur aku nyedhaki bocah wadon kuwi,
dheweke kalebu bocah sing menengan, nalika kenalan ing ngarep kelas wae suarane lirih-
lirih sajak isin. Aku miwiti omongan “Jenengku Nindy. Jenengmu mau sapa? nek Aku ora
salah krungu mau, jenengmu Tini. Iya?” Bocah kuwi mung meneng lan mung manthuk-
manthuk. “Hehe, ora usah isin, ora usah wedi, aku iki seneng srawung kok. Omahmu
ngendi Tin? Asalmu saka ngendi?” banjur Tini nanggepi pitakonku “Iya jenengku Tini,
dawane Nadine Kartini. Aku pindhahan saka kutha Semarang, saiki pindhah ing kutha
Yogyakarta amarga Bapakku pindhah gaweyan ana ing kene, saiki aku ing dhaerah
Seturan, ngomah ana ing kono. “Owalah, ngono ta? dadi awakmu murid anyaran. Ya uwis,
saiki awake dhewe kekancan ya, ora usah pekewuh, ora usah isin, lan ora usah wedi.
Anggep wae aku iki kanca sing uwis kenal suwe karo awakmu”. “Iya Nin. Matur nuwun
banget ya”. “Padha-padha Tin. Kapan-kapan dolan neng omahku Tin, tak ajak muter-muter
kutha Yogya. Biasane nalika weekend aku karo wong tuaku kerep dolan menyang tempat
wisata”. “Emang oleh Nin? mengko Bapak karo Ibukmu nesu?” pitakone Tini sajak
pekewuh banget karo Nindy. “Ora-ora, tenang wae, wong tuwaku malah seneng kok nalika
aku duwe kanca sing apik, malah dianggep kaya anake dhewe”. “Wah, matur nuwun
banget ya Nin. Aku seneng duwe kanca apik kaya awakmu”.
Nalika jam 12 awan, bel sekolah wis muni, mertandhakake sekolah wis wayah
mulih. Bu Guru menehi tugas kanggo para siswa, yaiku tugas gawe prakarya saka kertas
lipat. Bisa digunting, bisa digawe kapal-kapalan, lan liya-liyane. Nalika aku metu saka
gerbang sekolah, aku nyawang Tini lungguh ana buk dhewekan nunggu jemputan.
Dheweke katon meneng wae karo ndingkluk, ora wani nyawang sakiwa tengene. Banjur
aku marani Tini lan ngancani dheweke nganti dijemput karo wong tuwane. 10 menit aku
ngancani Tini, ana mobil Honda Freed mandheg, jebul kuwi Ibuke Tini. “Nin, aku mulih
dhisik ya, kuwi ibukku uwis njemput. Matur nuwun uwis dikancani”. “Iya, Tin. Padha-
padha”. Ibuke Tini banjur ndangu aku. “E, gendhuk iki kancane Tini ya?” pandangune
ibuke Tini karo katon sumringah “Inggih Tante hehe”. “Omahmu ngendi Ndhuk? bareng
apa piye?”. “Mboten Tante, matur nuwun. Kula namung caket mriku, wonten Karangsari.
Kula nggih mbeta sepedha niki Tante, mengke ngerepoti”. “Owalah, iya Ndhuk, sing ngati-
ati ya”. “Nya Nin, iki kartu namaku, mengko nek arep telpun utawa dolan neng omahku
alamate ana kono, nomer telponku uga neng kono”. Tini ngewenehne kartu namane
marang aku. “Oh, iya-iya. Mengko daktelpon awakmu Nin”. Ibuke Tini nglakson aku
kanggo tandha pepisahan arep bali, banjur aku langsung age-age bali omah.
Teka omah, aku cerita sakabehane marang ibukku lan aku telpon Tini menawa aku
lan ibukku sore iki arep dolan menyang omahe saperlu garap tugas prakarya, amarga
mbesuk rebo tugase ditumpuk. Sawetara jam setengah 4 sore, aku lan ibukku teka ana
omahe Tini. Sepira kagete ibukku nyawang ibuke Tini, jebul ibuke Tini kuwi kanca
sekolahe ibukku nalika SMA. Wah jan, swasanane nyenengne tenan, aku kenal kanca anyar
lan ibukku kepanggih karo kanca lawase. Ing omahe Tini, aku gawe kapal-kapalan uga
kembang sing dakgawe saka kertas lipat, Tini gawe tulisan aksara Jawa nganggo kertas
lipat sing ditemplekake ana ing kertas karton. Awake dhewe tulung-tetulung menawa
mbutuhake bantuwan, aku nulungi Tini mbukakake lem nalika arep diolesake ing tulisan
aksara Jawane, semono uga Tini ngewangi aku nalika nekuk kertas supaya pas ana ing
tengah-tengah. Nalika ngancik wektu arep Maghrib, aku lan ibukku banjur pamitan marang
Tini lan Ibuke menawa arep balik, uga ibukku gawe rencana menawa mbesuk Sebtu utawa
Minggu arep dolan bareng karo Tini lan ibuke dolan menyang Kebun Buah Mangunan lan
renang ana Waterboom. Tini banjur mlayu mlebu kamare njupuk barang sing aku ora
weruh wujude. Jebul Tini jupuk pin sing wujude manuk merpati werna putih ana loro, siji
dinggo dheweke, siji dinggo aku. Tini pesen manuk merpati iki kudu disimpen salawase
merga nglambangake kesetiaan, amarga 2-3 taun maneh dheweke arep balik menyang
kutha Semarang. Aku duwe pangarep-arep supaya kekancane awake dhewe bisa ngancik
selawase, arepa mbesuk awake dhewe kepisah jarak ingkang adoh, komunikasi lan
kekancane awake dhewe tetep ora bakal sirna nganti tumekaning pati. Kaya dene manuk
merpati sing setia siji mbaka sijine marang pasangane. Maturnuwun Gusti Pangeran,
penjenengan sampun maringi kula kathah kenikmatan ingkang matikel-tikel wujude. Tetep
dadi kancaku ya Tin.

Anda mungkin juga menyukai