Anda di halaman 1dari 3

KOPI PAIT DADI LEGI

Dening : Devi Umi Fatonah

Bengi iki ora kaya biasane. Hawane adem nganti tekan balung awak. Marakke
nggregesi. Aku lungguh ana ing lincak ngarep omah karo nyruput kopi. Kopi pait merga ora
diweneni gula. Dasare ora duwe duit kanggo tuku gula. Kelingan patang taun kepungkur
bapak seda, ora let suwe disusul ibuku. Saiki aku mung karo adeku lanang, Panji, sik saiki
sekolah ana ing SMP. Aku soesok pengumuman kelulusan. Aku wis mbayangke, kanca-
kancaku mesthi mangkat karo wong tuane dhewe-dhewe.
“Mas”, suarane Panji seka mburi.
“Wealah kowe ta, gawe kaget wae”.
“Kok kaya ana sik dipikir ta, Mas?”, pitakonane Panji karo lungguh nyedhaki aku.
“Ora kok, aku ora mikir apa-apa. Wis sinau durung kowe?”.
“Uwis, Mas. Iki lagi wae rampung”.
“Yawis, saiki gek ndang turu, iki wis wengi, ndak sesok kerinan kowe”.
“Ya, Mas”, wangsulane karo mlebu omah.
Mripatku wis kethap-kethip. Hawane saya adhem banget. Aku banjur nututi Panji
mlebu omah. Ana ing tetengahing aku turu, aku tangi, merga ana suara tangis. Aku nggoleki
sumber suara mau. Tak turut kok kaya neng njero kamare Panji. Aku wis was-was gek ana
apa-apa karo Panji. Dheg-dhegan. Pas mbukak lawang, aku ming mlongo. Jebul suara tangis
mau ming seka hape. Tiwas lehku dheg-dhegan wis setengah mati. Aku banjur mbacutke
anggonku turu.
Jago kluruk saut-sautan. Srengenge wis njedhul seka wetan. Bakul-bakul menyang
pasar, para tani padha menyang sawah. Anggonku medhal pit semangat tenan. Merga dina iki
pengumuman kelulusan SMA. Tekan sekolahan kanca-kancaku bareng karo wong tuane. Aku
ming dhewe ora karo sapa-sapa. Bapak Kepala Sekolah ngumumke sapa sing dadi juara
sekolah.
“Juara 1 Fahri Dharmawan kanthi biji 39,00”.
Lho kuwi jenengku. Jantungku rasane mandheg. Aku maju panggung nampa piala ijih
karo rasa ora percaya. Alhamdulillah Gusti, matur nuwun. Sapa-sapa nyalami aku. Aku
seneng banget rasane. Apa meneh Bapak Kepala Sekolah ngendika menawa aku ketampa lan
oleh beasiswa kanggo neruske neng kampus sik wis kondhang kaloka ing tlatah
Ngayogyakarta. Rasane ora nyangka banget, merga ket biyen aku kepengen neruske sekolah
neng kana.
Ora krasa dina iki wis ospek. Aku selak ora sabar gelak kepengen kuliah. Aku wis
dandan rapi wis lengkap karo atribut ospek. Dumadakan neng ngarepku ana ibu-ibu sing neng
pinggir dalan, sajake dadi korban tabrak lari. Aku langsung marani ibu mau. Getihe dleweran.
Aku langsung golek uwong kanggo nulungi ibu mau digawa menyang rumah sakit. Wis neng
kana aku ora mikir yen aku dina iki kudu ospek. Aku ming mikir keselametan ibu mau,
merga aku ora gelem kedadeyan kaya ibuku mbiyen kedadeyan meneh.
Tekan rumah sakit aku langung nyeluk suster
“Suster nyuwun tulung suster”.
Para suster sik ana ning kana langsung nulungi ibu mau. Ibu mau langung digawa
neng ruang priksa.
“Dek, sampeyan kaluwarga saking korban?”, salah sijine suter mau nakoni aku.
“Sanes, Sus. Kula namung biyantu ibu kalawau”.
“Alhamdulillah, neng jaman sakniki taksih ana cah enom sing gelem tetulung.
Sampeyan sekolah neng ngendi, Dek?”.
“Kula menika mahasiswa enggal”.
“Lho berarti saiki ospek? Lha ospekmu kepiye?”.
“Inggih Sus. Kedahipun sakmenika kula ospek”.
“O walah, sampeyan pancen duwe ati sik becik. Muga-muga Gusti maringi piwaleh
kanggo sampeyan Dek”, Suster mau sambi nepuk-nepuk pundhakku.”
“Amin. Matur nuwun Sus”, wangsulanku.
“Yawis, saiki ibu mau ben dadi tanggung jawabku Dek, sampeyan mangkat ospek”.
“Ananging......”, wangsulanku karo ora tega ninggal ibu mau.
“Ra papa Dek”, Suster mau karo ngeyakinke aku.
“Menawi mekaten matur nuwun nggih Sus. Kula nyuwun pamit rumiyin”, aku karo
nyalami Suster mau.
Aku langsung medhal pit ku banter. Ijih ana wektu 15 menit tekan kampus. Kringetku
nganti kemucur. Untung gerbange kampus durung ditutup. Wis menit-menit keri dhewe,
ananging aku ijih isa mlebu kampus. Melu ospek kanthi lancar. Seneng pokoke merga isa
melu ngrasakke nggayuh ilmu neng kampus sik wis tak gadhang-gadhang ket biyen.
Thok! Thok Thok! Ana sing ngethok lawang omahku.
“Kula nuwun”, suarane tamu mau.
“Nggih mangga, mangga Bu pinarak mlebet”, wangsulane Panji karo manggake Ibu
mau.
“Menapa leres menika dalemipun Dek Fahri?, ibu takon.
“Leres Bu, kula menika adekipun Mas Fahri”.
“Alhamdulillah, akhire isa ketemu daleme Dek Fahri. Dek Fahrine wonten?”.
“Wonten Bu, kula celukke rumiyin”, wangsulane Panji karo mlebu.
Panji langsung nyeluk aku kang lagi mbenakke kandhang pithik. Aku langsung
nemoni ibu mau. Aku kaget jebul tamune ibu-ibu sik tau tak tulungi nalika arep ospek.
“Dek Fahri nggih?”, pitakonane ibu mau.
“Leres Bu, kula Fahri, ibu menika rak....”.
“Kula sik ditulungi sampeyan Dek nalika kecelakaan”, ibu mau nyaut omonganku.
“Alhamdulillah ibu menika sampun dhangan”.
“Alhamdulillah Dek. Lha kula mriki badhe nyaosi menika Dek”, ibu mau karo
ngulungi amplop.
“Saestu, boten sah Bu. Kula menika ikhlas nalika biyantu ibu, saestu Bu”,
wangsulanku karo nyodhorke amplop sik diulungke neng aku.
“Sampeyan pancen anak sing duwe ati apik Dek, kula ya mung saged ndedonga,
mugi-mugi Gusti paring piwales kanggo sampeyan Dek”, ibu mau karo mesem neng aku.
Akhire ibu mau ora ngenei duit kanggo aku. Ngerti nek aku ngingu pitik, ibu mau
numbaske pitik. Ya jane aku butuh duit, butuh banget malah. Ananging aku ora gelem merga
kuwi udu lehku nyambut gawe dhewe. Kanthi pitik paringane ibu mau isa nguripi aku lan
Panji. Aku kuliah sinambi ngingu pitik. Pancen nek awakdhewe kuwi tumindak apik bakal
diwales apik. Kopi sik maune nek tak ombe pait saiki dadi legi. Kopi pait mau diibaratke
senadyan aku wong ora nduwe ananging isa digawe legi merga kebecikan-kebecikan sik
dilakoni kanggo sesama.

Anda mungkin juga menyukai