Anda di halaman 1dari 15

NASKAH DRAMA INI

DIBUAT OLEH
FAIZ AGIL WIRAWAN
DIPUBLIKASIKAN DI
BLOG
BURUNG-NET.
BLOGSPOT.COM
ANDA BOLEH
MEMAKAI NASKAH
DRAMA INI
JIKA INGIN
MEMPUBLIKASIKAN
ULANG DI BLOG
ANDA,
HARAP CANTUMKAN
SUMBER

TERIMAKASIH :D

ANDE ANDE SERIGALA


Drama Basa Jawa Kelas XII AK 3 SMKN 1 Banyumas

1. Ande Serigala Faiz Agil Wirawan


2. Ramane Ande Eka Setyaningsih
3. Biyunge Ande Intan Kartika Putri
4. Mbok Rondo Dadap Agustina Setyaningrum
5. Reporter Endah Pamiluna
6. Yuyu Kangkang Anditha Maydiana
7. Pengawal Dwi Agustina
8. Biyunge Klenting Endah Daryati
9. Klenting Kuning Fitria Rahayu Suwendah
10. Klenting Abang Anita Setia Pratiwi
11. Klenting Ungu Dwi Retnoningsih
12. Klenting Ijo Desi Setyaningrum
13. Peri Siji Aidzina Nur Fitriani
14. Peri Loro Aulia Dina Lestari
15. Timun Mas Lani Safitri
16. Ibu Timun Mas Endang Tika

2014 Script by Faiz Agil Wirawan

Ande Ande Serigala | 1

Neng salah sawijining negeri, urip bocah bagus sing jenenge Ande Ande
Serigala. Ande Ande Serigala urip neng keluarga sing sugih, tentrem lan
bahagia. Tapi Ande Ande Serigala ora betah karo keadaane sing serba
enak. Si Ande pengin berkelana, berpetualang kaya Dora The Explorer.
Nggoleti halangan lan rintangan lan nemukna wit jati, eh maksude jati
dirine. Akhire Ande Ande Serigala kabur sekang umah. Lan marekna rama
biyunge khawatir

Skenario SIJI
Tempat : Umaeh Ande Ande Serigala
Sing main : Biyunge Ande, Bapak Ande, Reporter, Toto
Reporter : Para pemirsa, wonten bocah abg naminipun Ande Ande
Serigala sampun kabur sekang umah. Ngantek siki kabare durung jelas.
Teng mriki kulo bade ngewawancarai rama lan biyunge Ande Ande
Serigala. Bu, kepripun perasaane ngerti anake ngantek siki durung
ketemu
Biyunge Ande : Kiye wis mlebu TV kye
Reporter : Sampun bu, kepripun perasaane bu
Biyunge Ande : Perasaane ya.. primen yah, sedih banget pokoke lah.
Enggane cah bagusku, anak siji sijine koh ngantek ilang. Ujaku ya wis tek
rumat aben dina, wis diempani, diwei sangu . Koh bisa ya kabur sekang
umah. Jan, ora patut yakin.
Reporter : Oh kados niku nggih, lajeng bapake kepripun perasaane pak ?
sedih sedoyo pak ?
Ramane Ande : Lah ya ora lah. Lah wong bocah wis bujang ya patut
pengin lunga lunga. Masa enggane ngkon angrem bae neng jero umah.
Wis jorna bae lah kon berpetualang, ngko angger wis puas tulih mbalik
maning kaya dara.
Biyunge Ande : Ya ora kaya kue pak, masa maring anake dewek kaya
kuwe. Ora patut lah
Ramane Ande : Kyeh, tulih rapapa. Lagian angger ora ana Ande Ande
Serigala kan dewek dadi bebas. Bisa bulan madu maning lah kaya
gemiyen
Biyunge Ande : Jan.. Bapake lah pikirane kaya kuwe
Reporter : Dados Ande Ande Serigala bade dipun joraken pak?

Ande Ande Serigala | 2

Biyunge Ande : Jawab sing bener pak. Ora patut lah, dewek lagi mlebu
TV , didelengi akeh wong.
Ramane Ande : Oke oke, TOTO !!
Toto : wonten nopo nimbali kulo pak bos
Ramane Ande : Pokoke koe siki kudu nemukna Ande Ande Serigala. Aja
mbalik ngeneh maning sedurunge koe nggawa bali anakku. OKE ?
Toto : tenang pak bos, anake pak bos mesti tek gawa bali.

Akhire ramane ande mrentah Toto, si pembantu rumah tangga ngkon


nggoleti si Ande Ande Serigala. Nah sementara kuwe, si Ande Ande
Serigala wis kabur ngantek alas.

Skenario LORO
Tempat : Alas
Sing main : Ande Ande Serigala, Toto
Ande : Akhire nyong bisa kabur kang rama biyung. Bosen rasane lah urip
neng kana, ora ana tantangane. Nyong tulih pengin berpetualang kaya
Dora the Explorer.
(ijig ijig Toto teka)
Toto : Eee koe Mas Ande Ande Serigala ya ! Ayuh bos bali, wis digoleti
kaeh neng bapake.
Ande : Loh, deneng koe nang kene ? ujaku koe miki tembe diprentah
koh ? deneng cepet temen wis gutul ngeneh ?
Toto : hahahaha.. kuwe rahasia bos. Mung nyong karo sutradara tok sing
ngerti.
Ande : Oh kaya kue ya
Toto : Iya kaya kue bos
Ande : Trus keprimen ? pokoke nyong bebeh balik ngumah maning.
Toto : Temenan bos ? angger gelem bali ngumah jere arep ditukokna
montor neng bapake
Ande : Ora, ngantek kapanpun nyong rabakal gelem bali.
Toto : Tapi jerene arep dijodohna bos karo Julia Perez
Ande : Ngomong apa koe miki ? ngomong apa ?
Toto : Angger bos gelem bali ngko dijodohna karo Julia Perez
Ande Ande Serigala | 3

Ande : Temenan kue, temenan ?


Toto : Iya temenan bos
Ande : Angger kaya kue pah nyong gelem bali. Wis yuh bali. Aja kesuwen
wis kepengin kyeh
Toto : Nah, pet mau ngapa bos. Yuh bali bos
(Toto mlaku, ande ngikuti. Ijig ijig Toto mandeg)
Ande : Loh deneng mandeg. Ujare lampu merah apa to
Toto : Ngapurane bos, balike si tuk ngendi ya bos ?
Ande : Loh, deneng ra ngerti. Lha miki kepriwe bisa mengeneh ?
Toto : Genah miki dikon mlebu koh bos, aku ya manut bae.
Ande : Berarti dewek kesasar kye, yawis lah mlaku tuk ngendi bae, tuli
gutul (lalu exit)

Akhire Ande karo Toto kesasar neng Alas. Nggoleti dalan bali tapi ora
ketemu.

Skenario TELU
Tempat : Alas, Umaeh Mbok Rondo Dadapan
Sing main : Ande, Toto, Mbok Rondo Dadapan (calon ibu angkat)
Ande : Priwe kiye to, deneng mbalik maning mengeneh..
Toto : Lha wong panggunge siji tok bos, kepriwe maning
Ande : Ih kae ana umah kae, jajal yuh menganah
Toto : (mbuka lawang) lawange ora dikunci bos, mlebu bae yuh
Ande : Temenan kye rapapa, dewek ya dadi kaya maling
Toto : ih kye ana kalung bos, kayane larang loh angger didol neng pasar
banyumas
Ande : Aja kaya kue to, koe lha kaya maling
(Mbok Rondo Dadap tekan)
Mbok : Maling ! maling ! (karo nggawa sapu trus nggebugna maring ande
lan toto)
Toto : Ampun mbok, aku udu maling . udu maling
Ande : Iya bener mbok, angger ora percaya takoni sutradarane
Ande Ande Serigala | 4

Mbok : Oh kaya kue ya, la trus koe koe pada sapa?


Ande : Kula pengembara mbok, lagi kesasar ora ngerti dalan bali. Niki si
teng pundi mbok ?
Mbok : Kye neng dusun dadapan. Lha terus arep pada kepriwe kiye?
Ande : Kula nggih mboten ngertos mbok, lawong kesasar.
Mbok : Kepriwe angger koe netep neng kene bae. Ngko koe tek dadikna
anak.
Ande : Temenan mbok ?
Mbok : Iya temenan
Toto : le nyong kepriwe mbok ?
Mbok : Ya koe netep bae neng kene. Ngko tek dadikna pembantu
Toto : Deneng kaya kue mbok? Yawis rapapalah manut bae

Akhire Ande Ande Serigala didadekna anak angkat nang Mbok Rondo. Tapi
sing jenenge Ande Ande Serigala pancen kurang ajar. Nembe bae diangkat
anak langsung pengin digoletna bojo. Akhire kesebar kabar angger Ande
Ande Serigala lagi nggolet bojo. Sementara kuwe neng tempat liya, urip
Mbok Rondo Klenting karo anak anake.

Skenario PAPAT
Tempat : Umaeh Para Klenting
Sing main : Klenting Kuning, Klenting Abang, Klenting Ijo, Klenting Ungu,
Biyunge klenting
Mbok Rondo Klenting : Anake nyong sing ayu ayu kecuali klenting
kuning, biyunge rep takon. Koe kan wis pada dewasa, wis wektune koe
pada nggolet calon bojo. Pada wis duwe calon apa urung? Jajal jawab tuk
siji siji
Klenting Ungu : Aku yung, aku wis due calon. Wonge gagah, gede
duwur,murah senyum, eman maning. Kae lo, bakul batagor sing cokan
dodol neng sekolah..mbok ganteng banget yung..
Mbok Rondo Klenting : Oalah jan, bakul batagor koh ditaksir. Terus
klenting abang !
Klenting Abang : Anu yung..aku ya wis duwe calon. Kae loh mas mas
kernet bis argo mulyo. Gayane tulih keren banget yung. Wonge juga
eman, masa wingi aku ngebis ora mbayar, kayane wis jatuh cinta maring
aku loh yung..
Ande Ande Serigala | 5

Mbok Rondo Klenting : Bukane seneng meng koe, kae kernet mesti
klalen ora nariki duit maring ko. Teruse maning klenting ijo !
Klenting Ijo : Aku wis due yung, jenenge Mas Bram. Mbeke ketemu wingi
neng terminal. Wingi juga aku boncengan yung karo Mas Bram, dijujugna
ngantek umah. Eman banget yung wonge, kang terminal maring ngumah
kur mbayar 5000 tok.
Mbok Rondo Klenting : Aduh jan, Mas Bram mesti anu tukang ojek ya.
Dasar koe. Berarti intine koe koe pada urung duwe calon ya.
Klenting Kuning : yung, deneng nyong ora ditakoni sih
Mbok Rondo Klenting : Wis ora usah melu melu koe. Nyong wis ngerti
koe ra bakale due calon bojo.
Klenting Kuning : Biyunge jahat banget lho
Mbok Rondo Klenting : Anak anaku sing ayu ayu kecuali klenting
kuning, miki biyunge tembe maca neng fesbuk. Ana putrane Mbok
Dadapan jengene Ande Ande Serigala lagi nggolet jodoh lan ngadakna
seleksi calon istri. Kepriwe , arep pada melu seleksi ora ?
Klenting Ungu : Jelase melu yung. Nyong mesti menang lah. Klenting
Ungu gituloh
Klenting Abang : Hus, sing tua ya ngalah lah, jelase nyong sing bakal
menang
Klenting Ijo : Aja pada kaya kue, jelase nyong sing bakal menang. Sing
paling enom, paling ayu.
Mbok Rondo Klenting : Uwis aja pada tukaran. Mending koe pada
dandan sing ayu dadi ngko bisa ulih Ande Ande Serigala
Klenting Kuning : Nyong ulih melu apa ora yung ?
Mbok Rondo Klenting : Wis koe ora usah melu melu. Koe neng ngumah
bae, gendenge bocor kaeh nganah dibeneri
Klenting Kuning : Biyunge leh jahat koh
Mbok Rondo Klenting : Yawis yuh pada meng salon, klenting kuning
jaga umah. Ora ulih melu seleksi. Yuh meng salon anak anakku (exit)
Mbok Rondo Klenting karo anak anake lunga maring salon. Klenting kuning
ditinggal neng ngumah dikon ndandani gendeng bocor. Semenara kuwe,
neng tempat liya maning, urip gadis jenengane Timun Mas, karo biyunge.

Skenario LIMA
Tempat : Umaeh Timun Mas
Ande Ande Serigala | 6

Sing main : Timun mas, biyunge timun mas

Biyung : Timun mas, ngeneh tek omongi


Timun Mas : Ana apa yung, arep ngomong apa. Kayane penting banget
loh..
Biyung : Kyeh, biyunge arep crita sesuatu maring koe..
Timun Mas : Wis aja kesuwen yung, dadi penasaran kyeh yung..
Biyung : Timun mas, jane gemien biyunge pernah njaluk maring Buto Ijo
supaya dinei anak. Tapi syarate angger anake wis gede garep dijiot
maning neng Buto Ijo. Lah, anake kuwe koe.. Timun Mas..
Timun Mas : lha trus kepriwe yung, masa nyong garep dijiot neng Buto
Ijo. Ih, buto ijo si ngganteng apa ora yung
Biyung : Ngganteng ndas trek, wonge kuwe gede, lemu, ora ngganteng
ora..
Timun Mas : Aduh jand.. trus nyong kudu kepriwe yung ?
Biyung : Biyunge miki tembe krungu, ana bocah bagus jenenge Ande
ande Serigala lagi nggolet jodoh. Mending siki koe lunga maring Desa
Dadapan lan melu seleksi sedurunge koe dijiot neng buto ijo..
Timun Mas : Oh kaya kuwe ya yung.. Ya wis nyong lunga disit ya,
assalamualaikum
Biyung : Ih ngko disit. Kyeh koe tek wei garem. Angger koe ketemu buto
ijo neng ndalan, untalna bae gareme. Buto ijo kuwe wedi karo garem.
Timun Mas : Oke yung, maturnuwun

Akhire timun mas lunga sekang umah, maring Desa Dadapan nggo melu
seleksi calon istri Ande ande Serigala. Tapi jan sing jenenge Timun Mas
lagi sial banget, neng ndalan dioyok oyok nang buto ijo.

Skenario ENEM
Tempat : Jembatan Serayu
Sing main : Yuyu kangkang, klenting ijo, klenting abang, klenting ungu,
timun mas
Timun Mas : Tulung..tulung ana buto ijo !!! (karo mlayu)
Buto Ijo : Weh, tunggu cah ayu tunggu ! (ngejar timun mas)

Ande Ande Serigala | 7

Timun Mas : Awas aja medeki nyong ! Rasakna kyeh garem, rasakna !
(karo nguntalna garem)
Buto Ijo : Aduh aduh, ngko disit cah ayu. Nyong udu buto ijo, nyong yuyu
kangkang !!
Timun Mas : Temenan kuwe ? temenan?
Yuyu Kangkang : Iya temenan, nyong Yuyu Kangkang. Masa diarani Buto
Ijo..
Timun Mas : Lha wong ibuku ngomong jere buto ijo wonge gede, lemu,
trus ora ngganteng, ya ujaku kowe lah buto ijo
Yuyu Kangkang : Sembarangan koe ! angger koe cah lanang wis tek
ceburna kali serayu
Timun Mas : Iyalah maaf,nyong tuli khilaf. Trus ana apa kiye, yuyu
kangkang?
Yuyu Kangkang : Koe arep liwat jembatan serayu mbok ? garep meng
desa Dadapan.
Timun Mas : iya, emange ngapa ?
Yuyu Kangkang : Angger arep liwat tuk jembatan serayu, ora kena
sekepenake. Kudu ana syarate
Timun Mas : Apa syarate ? Aja sing aneh aneh lo
Yuyu Kangkang : Ora aneh ora, cukup foto selfie karo nyong, trus tek
tandatangani tanganmu. Gampang mbok ?
Timun Mas : Yawislah manut. (terusan yuyu kangkang karo timun mas
selfie, bar kuwe tangane ditandatangani nang yuyu kangkang)
Yuyu Kangkang : Nah, wis. Koe ulih liwat jembatan kiye.
Timun Mas : Maturnuwun yuyu kangkang (mudun panggung)
Yuyu Kangkang : Alhamdulillah uwis ulih siji. Kapan yah ana sing teka
maning.. ih kae ana bocah ayu rombongan arep nyebrang, asik asik
Klenting Ungu : Aduh jan.. enake bar kang salon
Klenting Abang : Nyong ayu banget yah, mesti arep dipilih kye
Klenting Ijo : Sing tua ngalah, sing garepan dipilih ya nyong sing esih
enom
Klenting Abang : Oh kaya kuwe ya, koe nantang gelut apa
Klenting Ungu : Gelut bae gelut, suwen gelut.
(Para klenting mengobrol dan tidak menghiraukan si Yuyu Kangkang)
Yuyu Kangkang : Woi
Ande Ande Serigala | 8

Klenting Ijo : Kayong ana sing ngomong apa yah


Klenting Ungu : Iya koh kaya ana suara suara
Klenting Abang : Udu nyong loh sing ngentut
Yuyu Kangkang : Kye sing ngomong neng kene kiye. Yuyu Kangkang !
Klenting Ijo : Oh, koe ya. Ujaku watu gede
Klenting Ungu : Ujaku ya iya koh
Klenting Abang : Ujaku malah gerobag
Yuyu Kangkang : Jan sial banget sih dina siki. Miki diarani buto ijo, siki
watu gede karo gerobag. Jan jan,,
Klenting Ijo : Le trus ana apa ? ngapa nyeluk nyeluk?
Yuyu Kangkang : Angger koe pada arep liwat tuk jembatan kiye, ora
kena sekepenake, ana syarate.
Klenting Abang : Syarat apa kue ? mesti sing aneh aneh
Yuyu Kangkang : Ora aneh ora. Mung foto selfie karo nyong, trus
tanganmu tek tanda tangani. Kaya kuwe tok
Klenting Ungu : Angger kaya kuwe si gampang. Yuh cepetan, wis gugup
kyeh
(pada foto selfie trus ditandatangani yuyu kangkang)
Yuyu Kangkang : Nah, wis. Maturnuwun cah ayu, nganah pada liwat.
(para klenting lewat)

Skenario PITU
Tempat : Umaeh Klenting
Sing main : Klenting kuning, peri, peri2
Klenting Kuning : Aduh jan, miki jane pengin melu, malah ngkon
ndandani gendeng bocor, ya aku ra bisa lah. Priwe ya.. jan pengin banget
melu koh..
(para peri mlebu)
Peri : Tenang klenting kuning, dewek bakal mbantuni koe
Klenting Kuning : Hah, sapa koe ? dedemit yah ?
Peri : ih, aja sembarangan, aku kuwe peri. Peri siji, kiye sedulurku
Peri 2 : Aku peri loro..
Klenting Kuning : ooh.. peri ya.. ana apa peri maring umahku ?
Ande Ande Serigala | 9

Peri : Kan aku wis ngomong, dewek kuwe rep mbantuni ko


Peri 2 : Iya klenting kuning, koe mbok pengin melu seleksi neng Desa
Dadapan?
Klenting Kuning : Tapi kepriwe carane ? angger lunga siki ya jelase wis
telat..
Peri : Tenang bae klenting kuning, dewek due cara, peri loro !
Peri 2 : Tetoret toret Sapu..Ijuk (gayane kaya gayane doraemon)
Klenting Kuning : Ooh.. dadi dewek lungane nunggang sapu ijuk ya ?
kaya Harry Potter ?
Peri 2 : Ora kaya kue, kiye kur sapu ijuk biasa
Klenting Kuning : Lha terus kepriwe nggole maring Desa Dadapan ?
Peri : Karo mlaku lah, yuh suwen mbokan telat
Klenting Kuning : Lha trus ngapa miki ngetokna sapu ijuk..aneh banget
koh. Yawislah, yuh lunga
(Klenting kuning lan para peri lunga maring desa dadapan)
Akhire klenting kuning lunga maring desa dadapan dijujugna nang peri
peri. Gutul jembatan Serayu, kaya biasane, ana Yuyu Kangkang sing
njagani.

Skenario WOLU
Tempat : Jembatan Serayu
Sing main : Klenting Kuning, Peri, Peri2, Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Dina siki uwis ulih 5 bocah ayu. Tapi esih kurang lah,
ana maning si ngapa. Ih, kae ana bocah ayu garep maring ngeneh..Asik
asik, korban berikute..
(klenting kuning dan para peri berjalan, lalu dicegat oleh Yuyu Kangkang)
Yuyu Kangkang : Ettt.. ora kena sekepenake.. angger pengin liwat
jembatan Serayu kudu foto selfie disit karo nyong !
Klenting Kuning : Loh, deneng sih kaya kuwe.. kiye mbok jembatan
umum. Deneng ana syarat syarate
Yuyu Kangkang : Pokoke kudu ! angger ora gelem ora ulih liwat.
Peri : Kepriwe angger dewek nggawe perjanjian bae
Yuyu Kangkang : Perjanjian apa ?
Peri : Angger dewek ulih liwat, ngko koe tek balekna maring wujud aslimu
Ande Ande Serigala | 10

Peri 2 : Iya, bentuk aslimu mbok udu kaya kiye. Koe dikutuk neng dewa
kan dadi Yuyu Kangkang..
Yuyu Kangkang : Loh deneng ngerti, yawislah tek terima. Asalkan nyong
bisa mbalik maring wujud asliku, koe koe pada bisa liwat jembatan kiye
Peri : Oke, gampang. Aku lan sedulurku kiye bakal nggawe koe mbalik
maring wujud aslimu. Ayuh, dimulai
Peri 2 : Yuh dimulai
(peri 1 & 2 nglakukna sesuatu )
(tapi ana sing aneh, yuyu kangkang malah meneng bae, ora obah)
Klenting Kuning : Loh, deneng Yuyu Kangkang dadi kaya kuwe? meneng
bae , ora obah ? Jere arep dibalikna maring wujud asline ?
Peri : Kyeh klenting kuning, wujud asline Yuyu Kangkang kuwe watu gede.
Trus dikutuk nang dewa mulane dadi Yuyu Kangkang..
Klenting Kuning : Bukane kewalik ya ? deneng mbingungi temen.
Peri 2 : Uwis koe manut bae klenting kuning, mendingan siki koe maring
Desa Dadapan.
Peri : Iya klenting kuning, dewek mung bisa njujugna ngantek ngeneh.
Klenting Kuning : Yawis, makasih ya, peri1, peri2
Peri 1 & 2 : Iya pada pada
Akhire Klenting kuning ngelanjutna perjalanan maring Desa Dadapan.
Sementara kuwe neng desa Dadapan, Si Ande Ande Lumut lagi
diwawancarai neng reporter

Skenario SANGA
Tempat : Umaeh Mbok Rondo Dadapan
Sing main : Para Klenting, Ande, Toto, Mbok Rondo, Reporter
Reporter : Ya para pemirsa, saiki kula lagi neng dalame Ande Ande
Serigala sing lagi ngadakna seleksi calon bojo. Langsung bae kula badhe
ngewawancarai si Ande Ande Serigala
Reporter : Niki bener namine Ande Ade Serigala ?
Ande : Iya bener
Reporter : Kok namine mirip ya kaliyan bocah sing kabur sekang umah ?
Ande : Kuwe tuli Ande Ande Serigala, angger nyong Ande Ande SRIgala,
beda loh, aja dipadak padakna.
Ande Ande Serigala | 11

Reporter : Oh kados niku nggih, lajeng mas Ande Ande SRIgala, apa
karakterisitike calon bojo panjenengan ?
Ande : karakteristike, sing pertama ya kudu ayu. Sing keloro kudu pinter
dalam segala hal. Tapi udu pinter nglomboni loh ya. Sing ketelu, calon
bojone nyong kuwe kudu wadon. Angger lanang nyong moh.
Reporter :Oke oke, maturnuwun mas Ande Ande SRIgala. Lajeng Mbok
Rondo dadapan, kepripun pendapate panjenengan ngerti anake lagi
nggolet bojo ?
Mbok Rondo : Ya, seneng lah . Ngko kan bojone bisa mbantu mbantu
ngresiki umah.
Reporter : Oh nggih maturnuwun mbok Rondo. Lajeng Mas Toto kepripun
perasaane mas, ngerti bose arep golet bojo?
Toto : Ya seneng banget lah. Apamaning angger bar kiye gari aku sing
digoletna bojo.
Reporter : Moga bae doane terkabul mas toto..
Para klenting & Timun Mas : Assalamulaikum..
Ande dkk : Waalaikumsalam..
Toto : Nah, kye calone wis pada teka, ayuh pada mlebu (trus pada mlebu)
Reporter : Para pemirsa, niki calon calon bojone Ande Ande SRIgala..ayu
ayu banget kan..
Mbok Rondo : Koe arep milih sing ndi anakku, pilih sing bener bener koe
seneng
Ande : Ora ana sing tek pilih bu, mergane kabehan wis dadi pacare yuyu
kangkang. Kuwe buktine Wis ana tanda tangane neng tangane.
Klenting Ungu : udu mas Ande, aku udu pacare Yuyu Kangkang
Klenting Abang : Aku juga udu pacare Yuyu Kangkang
Klenting Ijo : Iya, kiye anu tanda tangan tok
Timun Mas : Bener kuwe bener
Ande : Ora ana alesan, angger ana tanda tangane berarti anu pacare
yuyu kangkang..
Klenting Kuning : Assalamualaikum
Kabeh : waalaikum salam
Klenting Ungu : Loh, klenting kuning
Klenting Abang : Deneng klenting kuning nang kene
Klenting Ijo : Wis jorna bae, tuli ra bakale dipilih
Ande Ande Serigala | 12

Toto : kepriwe kiye bos, ana sing telat. Apa garep diterima bae ?
Ande : Akhire ketemu juga jodohku.. aku milih klenting kuning bae..sing
udu pacare yuyu kangkang
Mbok Rondo : Temenan le ? koe arep milih klenting kuning ?
Ande : Iya, aku ra nglombo. Temenan.
Klenting Kuning : Alhamdulillah, aku bisa dadi bojone Mas Ande ..
(kontestan liyane lunga)
Reporter : Mba klenting kuning, kepripun perasaane sampun dipilih teng
mas Ande ?
Klenting Kuning : Seneng banget, aku ngantek ora percaya bisa dipilih
Reporter : Lajeng mas Ande kepripun perasaane ?
Ande : Seneng juga. Akhire bisa ulih jodoh sing pas. Akhire dramane bisa
rampung .
Akhire Ande Ande Srigala mbojo karo Klenting Kuning lan urip bahagia
saklawase

Ande Ande Serigala | 13

Endingnya
memang
jelek,
jadi
silakan
rubah sendiri :D

Ande Ande Serigala | 14

Anda mungkin juga menyukai