Anda di halaman 1dari 3

Kelompok 1

Legenda Gunung Kelud

Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta raharja.
Sajroning pasewakan ing siti inggil kraton majapahit Sang Prabu Brawijaya kahadep putri nipun
ingkang sulistiyo ing warni lan para prajurit ipun.

Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna saking njaban rangkah
ingkang pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah Sang Prabu Brawijaya mandeg mangu,
amargi sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking panolak ing sang putri. Mula saking
menika sang prabu brawijaya ngawontenaken sayembara, sok sinteno ingkang saget menthang
gendewa sakti kyai garudayeksa lan ngangkat gong kyai sakerdelima inggih menika ingkang dados
garwanipun sang putri.

Sang prabu : “ Putriku angger pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro ngadepi
sayembara ?”
Putri : “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab sayembara dalem
namung nyadhong dhawuhipun rama.”
Sang prabu : “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo sayembara mengko kalakon kanthi
rancak , ora ana rubedo.”
Sang prabu : “ Iki ono pawongan telu ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu
ngleboni sayembara kisanak ?”
Taruna 1 : “ Inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula Joko Atmaja
saking negri sabrang. Kula badhe ndherek sayembara.”
Taruna 2 : “ Kula semanten ugi sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah. Nami kula
Raden Asmoro. Kula inggih ndherek sayembara.”
Taruna 3 : “ Kula inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula Raden
Kusuma. Kula badhe ndherek sayembara.”
Sang prabu : “ iyo, yen ngunu salah siji majuo ing sangareping gendewo lan gong
sigro.laksanakno amenthang gendewa lan ngangkat gong.”
Taruna 1 : “ inggih sinuwun ngestuaken dhawuh.” (mlampah dhateng ngajeng. Menthang
gendewa nanging mboten saget)
Taruna 2 : “ Nyuwun palilah sinuwun mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara
menika.” ( mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa sasampunipun
dilanjutaken ngangkat gong nanging mboten kuat )
Taruna 3 : “ sinuwun ngestuaken dhawuh , mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara
menika (mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa nanging mboten kuat )
Sang prabu : “ Sarekne sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara enggal ingsun
wusanani”

Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan ngarsanipun
sang prabu, badhe ndherek sayembara.

Lembu suro : “Nuwun sewu sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro
badhe ndherek sayembara.”
Sang Prabu : “Jenengmu lembu suro?! Awakmu menungsa sirahmu lembu, opo bisa
kowe menangno sayembara?”
Lembu suro : “ Menawi gusti ingkang murbeg dumadi, ngidinaken paminto kula , mbok menawi
kula saget ngrampungi sayembara.”
Sang Prabu : “ Yen ngono enggal laksanakno sayemabra kisanak.”
Lembu suro : “ Sendiko ngestuaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng
anyedaki panggenan gendewa kalian gong )

Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten beban.
Sareh ne lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak anggarwo dewi
pusparini. Suasano ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi sang putri mboten purun
kagarwo dining lembu suro.

Emban : “ Ndoro putri sampun dipun galih sanget-sanget. Mangke mindak badanipun kero
anjalari sakit.”
Putri : “ mbok emban kepriye anggonku nglakoni digarwo dining lembu suro sing ora
kaya manungsa. Mbok emban aku njaluk eguh pratikelmu, kepriye mrih aku ora
digarwo dining lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu mbok emban?
Emban : “ Nyuwun sewu gusti, menawi pamikiran kula mekaten, panjenengan kedah
anggadahi setunggal panyuwun ingkang aurat dumatheng lembu suro.”
Putri : “ Lha iyo mbok emban kira-kira opo panyuwunku mengko?”
Embah : “ Eguh pratikel kula pripun menawi lembu suro dipun kengken ndamel sumur
wonten ing puncake gunung kelud.”
Putri : “ Iyo yen ngono mbok emban, mengko yen lembu suro mlebu ing kaputren tak
jalukane bebono sing kaya mbok emban aturaken.

Salebete wawan rembag antawis gusti putri kaliyan mbok emban, mboten ka nyono-nyono
lembu sura mlebet kaputren saperlu sapejagong kalian gusti putri.

Lembu suro : “ Di ajeng pusparini garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep nagih
janjimu putri ?
Putri : “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk panyuwun marang
sliramu.”
Lembu sura : “ Iyo putri panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula laksanani.
Putri : “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud sajroning sewengi, aku
gelem dadi garwomu, lembu suro.
Lembu suro : “ Opo nggawe sumur iku kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora ono papan
seng cedak sakiwo tengen kene wae ?
Putri : “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncake gunung
kelud , mbesok samongsa awake dewe diresmikake dadi temanten bisa ados bareng
neng sumur seng kok gawe kuwi.
Lembu sura : “ Yen penjalukmu koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal tak turutipanjalukmu
mugo-mugo iso ngelaksanani panjalukmu.

Sasampunipun lembu suro ngerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar saking kaputren
terus bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng keluwarga sang prabu brawijaya.
Dumugi ing gunung kelud , lembu suro nggunakake sungu nipun kangge ngeduk siti ingkang
badhe damel sumur. Sak antawis dangu lembu suro sampun mboten ketingal saking pinggire
sumur. Dados lembu suro sampun tebih mlebet wonten sajroning sumur. Ningali kedadean menika
putri pusparini tansoyo kuwatir. Menawi lembu suro saget minangkani pamundhutipun. Sang putri
nyuwun dhumatheng rama inggal laksanakaken tumindak, supados lembu suro saget gagal
nggarwo putri pusparini.

Putri : “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? menawi rama
nggadah pratikel kados pundi cara nipun supaya lembu suro mboten saget nggarwo
kula.
Sang prabu : ” ya putri.. aku ngerti karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?

Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara kangge lembu
suro mboten saget nggarwo putri
Sang prabu : “ he… kabeh prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu sigro
dilaksanakne yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e
sumur, ojo katalumpen. saiko ugo laksanakno sampek sumur kebak watu lan
lemah.
Prajurit : “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”

Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan siti . saking
lebet sumur kepireng sambate lembu suro.

Lembu suro : “ tulung…tulung… tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.

Para prajurit mboten nggatekake sambat e lembu suro . para prajurit terus nguruk sampe
sumur kebak selo lan sitik. Senaoso lembu suro kauruk sajroning sumur , nanging suwanten taksih
kepireng saking njawi sumur lan lembu suro murka ngantos ngedalaken sumpah kangge prabu
brawijaya lan sedaya kawula amargi cuwo penggalihake lembu suro.

Lembu suro : “ hey.., brawiyaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping kaping.
Yaiku Kediri bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”

Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak sedaya
wewengkon kerajaan prabu brawijaya.

sang prabu : “ para kawula ku kabeh lembu suro wes sumpah arep ngerusak wewengkon kita
kabeh, mula saka iku ayo kabeh wae nyuwun pandonga marang gusti kang
murbeng dumadi supaya bumi nuswantara kita tetep gimah ripah loh jinawi ora
ono alangan sawiji opo.”

Anda mungkin juga menyukai