Anda di halaman 1dari 15

Reuni Keluarga Besar Wakiyo Kasnawi tanggal 17 Juni 2018

Mempersembahkan :

KETHOPRAK “WAKAS BUDAYA”

Lakon :
DAMARWULAN WINISUDHA

Adegan 1 : (Tlatah Blambangan)

(perang prajurite Kebo Marcuwet lawan prajurite Jaka Umbaran)

Jaka Umbaran : He Kebo Marcuwet...! Yen kena tak elingna marenana anggonmu mbalela
ayo manunggal maneh karo Majapahit

Kebo Marcuwet : kowe sapa wani-wani ngalangi niatku he?

Jaka Umbaran : Aku Joko Umbaran utusane raja Brawijaya supaya ngrangket marang kowe

Kebo Marcuwet : Aku ora bakal gigrik ngadepi kowe Joko Umbaran mula tampanana iki

(perang antarane Kebo Marcuwet lawan Jaka Umbaran, trus Jaka Umbaran diajar ngant
klenger banjur Jaka Umbaranr diulungi gada wesi kuning dening Dayun)

Dayun : nyuwun sewu ndara menika gada wesi kuningipun.

Jaka Umbaran : mati dening aku kowe Kebo Marcuwet ... (pungkasane Kebo Marcuwet
mat digebug gada)

Dayun : Hloh ndara kenging menapa penjenengan ndara?

Jaka Umbaran :(sambat kelaran swarane malih bindheng)..Iyung iyung aduh


iyung....aduh.., aduh iyung boyokku rasane lara kabeh kaya dioklek oklek iki
piye aduh iyung iyung, lan iki getih saka irung lan cangkem iki tetep mili iki
piye Yun Dayun

Dayun : Nyuwun sewu ndara, mbako menika penjenengan mut kangge tamba
supados rahipun saget mampet ndara.

Jaka Umbaran : Coba kene Dayun.. aduh.. aduh iyung iyung..iyung aduh boyokku... ,
Dayun lan para prajurit kabeh, Kebo Marcuwet wis tekan pati, mangka
manut sumpah janjine raja Brawijaya yen ana priya sing bisa ngasorake
Kebo Marcuwet bakal didhaupake karo Dyah Ayu Kencana Wungu, mula
aku kang bakal dhaup karo Kencana Wungu. Ping pindone priya mau uga
bakal diangkat minangka adipati ing Blambangan, mula seksenana... wiwit
ing kalungguhan iki ingsun kang madeg adipati Blambangan kanthi sesilih
Prabu Minak Jinggo...sepisan maneh Prabu Minak Jinggo... Aduh.. Iyung..
Iyung.. Iyung (Prabu Minak Jinggo trus ngalih karo nyekeli boyoke sing lara)

Adegan 2 : (Dalan)
(Ongkot Buto karo Angkat Buto jagongan ing satengahe dalan bali saka Majapahit mentas
kautus Minak Jinggo supaya ngaturake nawala. Udur2an sapa mengko sing bakal matur ana
ngarsane Minak Jinggo, wong loro pada wedi matur merga panglamare Minak Jinggo ditolak
dening Kencanawungu.)

Ongkot Buto : Adiku dhi Angkat Buta

Angkat Buto : piye kakang Ongkot Buto

Ongkot Buto : awake dewe mentas wae kautus dening prabu Minak Jinggo ngaturake
nawolo panglamar marang ratu Mojopahit Dyah Ayu Kenconowungu,
nanging paglamare ditolak trus iki piye dhi. Mula mengko kowe wae sing
matur ana ngarsane prabu Minak Jinggo.

Angkat Buto : ya kowe wae ta kang sing pernah tuwa

Ongkot Buto : Hloh ya ganti kowe ta dhi, aku rak sing ngaturake nawala menyang ratu
Kencono wungu saiki ya genten kowe ta

Angkat Buto : wis ngene wae kang, mengko yen aku sing di dangu aku sing njawab dene
yen kowe sing didangu kowe sing njawab.., piye?

Ongkot Buto : ya wis yen ngono aja kesuwen ayo enggal sowan.

Adegan 3 : ( Kadipaten Blambangan)

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung atiku rasane kok ra karu-karuan.
Tansah kelingan marang Dyah Ayu Kencana Wungu. Saben wengi ora bisa
turu, yen miring praupane katon ana tembok, yen mlumah wewayangane
ginambar ana ing ndhuwur, yen mengkurep kok ya krasa ngganjel. Wadhuh
wadhuh wadhuh.

Dayun : Kangmas Minakjingga.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dyah Ayu Kencana Wungu, mrenea
wong ayu. Aku kangen marang sliramu.

Dayun : Panjenengan mawon ingkang mriki kangmas. Kula ugi mpun kangen sanget
kaliyan panjenengan.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung enak tenan iki. Ya ya ya ya wong ayu
aku mrono saiki.

(Menak Jingga arep ngrangkul nanging Dayun endha)

Minakjingga : Lho lho lho kok malah endha. Yung yung yung yung yung yung yung aja
lunga wong ayu.

Dayun : Ayo kang mas. Mriki kula kangen sanget kaliyan panjenengan kangmas.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung wong ayu kowe jan nggodha atiku,
awas lho yen kecekel arep tak kik kuk kik kuk kik kuk. Ha ha ha ha ha.

Dayun : Mriki kang mas.

Minakjingga : Aku wis ora kuwat. Yung yung yung yung yung yung yung, kecekel kowe
saiki. Aku wis ora kuwat wong ayu ha ha ha ha.
Ongkot Buta : Kula ingkang sowan Gusti prabu.

Angkat Buta : Sembah kula katur Gusti.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung... Ana apa kowe ngganggu aku lagi
yang yangan karo yayi Kencana Wungu.

Ongkot Buta : Gusti Kencana Wungu? wonten pundi panjenengan-ipun?

Minakjingga : Iki sing lagi dak dhekep iki.

Ongkot Buta : Menika sanes Gusti Ratu , ananging menika Dayun Gusti.

Minakjingga : Apa iya Angkat Buto?

Angkat Buta : Leres Gusti, menika sanes Gusti Ratu Kencana Wungu, menika Dayun batur
sampeyan dalem.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung kurangajar kowe Dayun, aku mbok apusi.
Banjur kepriye Ongkot Buta lan Angkat Buto apa sliramu wis netepi jejibahan
saka aku.

Ongkot Buta : Nun inggih, sampun Sang Prabu.

Minakjingga : Apa bener Angkat Buto?

Angkat Buto : leres Gusti, nawalanipun sampun dipun aturaken dhumateng Gusti Ratu
Kencana Wungu.

Minakjingga : Trus kepriye asile?

(Ongkot Buto jongkok-jongkokan karo Angkat Buto merga wedi matur)

Ongkot Buto : Nyuwun sewu kepareng matur Gusti...

Minakjingga : iya...iya Ongkot Buto ayo enggal matura

Ongkot Buto : Anu...Gusti... menapa menika.....inggih menika,..... kados-kados...

Angkat Buto : Yen ngomong ki sing jelas aja muleg kaya entut ngono... minggir ! Nyuwun
sewu kepareng matur Gusti prabu ( swarane tegas)

Minak Jinggo : Ya matura Angkat Buto

Angkat Buto : saksampunipun kula dumugi ing Majapahit.. tibakipun...... regi brambang...
lombok.....uyah... kok sampun mindhak....

Minak Jinggo : Aja padha guyon ..,tak ajar kowe mengko!!!

Ongkot Buto : Ngapunten Gusti kepareng matur ..saksampunipun nawala dipun tampi
dening Gusti Ratu Kencana Wungu , nawala lajeng dipun bikak..lajeng dipun
waos...bibar dipun waos nawala lajeng dipun suwek suwek lajeng dibuwang.

Minakjingga : Lha banjur kepriye katrangan saka Kencana Wungu? Kok banjur kowe bali
menyang Blambangan.

Ongkot Buta : Aturipun Patih Logender tigang dinten saking dinten menika Gusti Ratu
badhe paring wangsulanipun.

Minakjingga : Apa bener kuwi Angkat Buto?


Angkat Buto : Nun inggih dawuh leres Sang Prabu.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Ongkot Buta Angkat Buto , coba
majua mrene. Kowe iki buta pinter apa bodho. Krungu wangsulan ngono kok
langsung bali. Ongkot Buta Angkat Buto, kowe minggata ..minggata ... aku
ora sudi ngingeti dapurmu..( sinambi nendhang Ongkot Buta lan Angkat
Buto)

Ongkot + Angkat : Ampun gusti, ampun..ampun..ampun (trus mlayu).

Dayun : Ampun Dewaji. Sareh Dewaji.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung kowe aja melu-melu Yun. Dak
tempilingi sisan kowe mengko.

Dayun : Nyuwun pangapunten Dewaji.

Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dayun,atiku rasane lara Yun. Kanggo
nglelipur atiku, ayo dherekna aku ing Taman marani dhiajeng Waita lan
Puyengan.

Dayun : Mangga Dewaji, mangga kula dherekaken.

Adegan 4 : (Kraton Mojopahit)

Kencana Wungu : Paman Patih Logender, Paman Adipati Minak Koncar.., dipun sekecakaken
angenipun lenggah

Logender+Koncar : Nggih..nggih..Gusti Ratu

Kencana Wungu : Marang sira Layang Seta lan Layang Kumitir..., pada basuki sowanmu ya?

Seta + Kumitir : Inggih sowan kula tansah rahayu widada tebih saking sambekolo, sungkem
kula kunjuk Gusti prabu

Kencana Wungu : Ya..ya tak tampa pangabektimu kepenakna angonmu pada lungguh ya

Seto + Kumitir : Nggih..nggih..matur nuwun Gusti prabu

Kencana Wungu : Paman Patih Logender, kados pundi pamanggih paman ngengingi
kedadosan ingkang lumampah ing pendapi agung Majapahit gangsal dinten
kepengker, Paman?

Patih Logender : Punten dalem sewu, lepat nyuwun pangapunten. Pamanggih kula, sampun
trep menawi utusan Blambangan menika katampik lan katundhung awit
sampun kumawantun tumindak nungkak krama ing ngarsa nan dalem Gusti
prabu Putri Kencana Wungu.

Kencana Wungu : Miturut Paman Adipati Minak Koncar, kados pundi?

Adipati Koncar : Nyuwun pangapunten gusti prabu menawi atur kula mangke kumawantun.

Kencana Wungu : Inggih Paman, mangga enggal matur.

Adipati Koncar : Majapahit badhe ketaman dahuru…


Patih Logender : Heh Minak Koncar...!, aja gawe gara-gara lo kowe. Majapahit iki negri kang
santosa, prajurite kondhang trengginas, ganep ing gaman lan wasis ing reh
tata kaprajuritan. Aja sukur ngucap lo kowe Minak Koncar.

Adipati Koncar : Kakang Patih Logender, kula mangsuli pandangune Gusti prabu Kencana
Wungu, kenging menapa kakang Patih kok nyaru wuwus wangsul taken
dateng kula.

Patih Logender : Adipati Koncar, anane aku kepeksa nyangkal panemumu awit rumangsa giris
kok ana sawijining punggawa Majapahit kang kaya kowe. Kowe wani
nganggep Majapahit gampang ketaman dahuru. Kudune kowe pitaya yen ta
sepira gedhene wong-wong kang bakal ngrusak Majapahit mesthi bisa
katumpes kanthi gampang bebasan suwe mijet wohing ranti.

Adipati Koncar : Sedaya aturipun Kakang Patih Logender menika leres. Nanging Majapahit
tertamtu badhe nyemplung ing juranging kasangsaran menawi para nayaka
praja tumindak tanpa petung, kados ingkang penjenengan tindakaken
sawetawis dinten kepengker kanthi nyempalani utusan Blambangan.
Panjenengan menika Patih menapa preman pasar?

Patih Logender : Adipati Koncar. (Path Logender kesinggung mbrabak arep nesu)

Kencana Wungu : Cukup! Paman Patih Logender saha Paman Adipati Menak Koncar. Mboten
mungguh yen ta para sesepuhing praja Majapahit sami rebut bener ngugemi
pamanggihipun piyambak-piyambak. Menika parepatan agung lo. Majapahit
mboten mbetahaken pasulayanipun para nayaka praja, nanging mbetahaken
pamrayogi murih sagetipun mrantasi prekawis menika.

Adipati Koncar : Punten dalem sewu, kepareng nglajengken atur pamanggih kula.

Kencana Wungu : Kula keparengaken mangga dipun lajengaken Paman.

Adipati Koncar : Kados pundi dukanipun sang Adipati Urubisma nyumurupi panglamaripun
dipun tampik lan malih menawi mangertos utusanipun dipun cempalani ing
Majapahit, menika ateges ngina marang panguwaosipun sang Urubisma.
Menawi kakang Minakjingga mboten trimah lan nggecak perang, menapa
mboten dados sangsaranipun Majapahit awit Majapahit sampun kecalan
sawung.

Kencana Wungu : Pamanggihipun Paman Adipati Koncar menika sami kados ingkang kula
batos. Mila ing salebetipun gangsal dinten menika kula tansah nyenyuwun
palimarmane Sang Hyang Widhi ing sanggar pemelengan. Wusana kula
nyumpena.

Patih Logender : Gusti prabu, menawi kepareng mangertos kados pundi wujudipun sumpena
menika?

Kencana Wungu : Kula nyumpena bilih wonten sawung ing taman Kepatihan.

Patih Logender : Ing Kepatihan menika namung wonten kula, anak kula Anjasmoro, Layang
Seta lan Layang Kumitir. Lajeng sinten sawung menika, Gusti ?

Adipati Koncar : Nyuwun sewu Kakang Patih Logender, menawi mboten lepat saha manut
kabar ingkang kula tampi bilih panjenengan kagungan putra mantu. Menika
rak saged pun dadosaken sawung?
Patih Logender : Iya bener Koncar, nanging mantuku kuwi bocah ndesa, ingah-ingih adoh
saka wiragane satria, dadi ora pantes yen dijagokake.

Kencana Wungu : Paman Patih Logender, menawi kepareng sinten jejulukipun putra mantu
penjenengan menika?

Patih Logender : Inggih, Gusti prabu. Anak mantu kula sesilih Damarwulan.

Kencana Wungu : Sinten, Paman?

Patih Logender : Damarwulan, Gusti.

Kencana Wungu : Layang Seta lan Layang Kumitir, ingsun ngersakake sowane Damarwulan ing
pasewakan agung saiki uga.

Seto + Kumitir : Mangestokaken dhawuh Gusti Ratu

Patih Logender : Gusti prabu, menawi kepareng mangertos kenging menapa pun
Damarwulan dipun timbali marak?.

Kencana Wungu : Kawuningana paman Patih Logender, manut panyumpena kula bilih ingkang
saget nyirnakaken Prabu Urubisma mboten sanes priya saking kepatihan
ingkang asesilih Damarsasangka nggih Damarwulan.

Damarwulan : Kula ingkang sowan, Gusti prabu Putri Kencana Wungu.

Kencana Wungu : Iki ta sing sesilih Damarwulan ?

Damarwulan : Dhawuh leres , Gusti prabu.

Kencana Wungu : Yen nitik gambaran sajroning impenku, sajak pancen sira kang bisa numpes
kridhane sang Minakjingga kang mbalela saka Majapahit. Lan ingsun wis
prasetya, sapa priya kang bisa ngethok janggane Adipati Minakjingga bakal
sun suwitani lan bakal nglungguhi dhampar kencana ing Majapahit. Kepriye
Damarwulan ?

Damarwulan : Dhuh gusti prabu, selak mbokmenawi sanes jiwane satria, sagah nanging
dereng kantenan asilipun. Awrata kados menapa kula nyendikani dhawuh
paduka Gusti prabu, mboten langkung pangestunipun ingkang kula suwun.

Kencana Wungu : Ya Damarwulan sun pengestoni salaku jantramu. Paman patih Logender
sajak cukup wigatining pasewakan, mula pasewakan dina iki kena dibubarake

Adegan 5 : ( Taman Kepatihan)

(Para Emban padha geguyonan lan tetembangan karo Anjasmoro, ngenteni Damarwulan)

Damarwulan : Diajeng Anjasmoro !

Anjasmoro : Kangmas Damarwulan...

Damarwulan : Kok sajak gayeng temen anggone padha gegojegan biyung emban?

Emban 1 : Ngapunten ndara kangge nglelipur gusti putri Anjasmoro, awit


penjenengan mboten enggal kundur sih…

Emban 2 : Enggih ndara wit kalawau gusti putri Anjasmoro ketawis dospundi ngaten lo
sajak gelizaaaaaah....... mawon lo ndara, benten kalih sakniki
Emban 3 : E..ee..ee…kula tak mlebet rumiyin ndara…

Anjasmara : Iya yung, kana ngapa ta ngapa ana njero kana lo?

Emban 4 : Nggih ndara, sugeng ehem..ehem…lo ndara…

Anjasmara : E, kok isih mbeda ki lo…

Damarwulan : Uwis ta yayi, mung dibeda wae kok ya…

Anjasmara : La menika lo kangmas…

Damarwulan : Iya…kene-kene diajeng…

Anjasmara : Kangmas, kok dangu anggenipun sowan dhateng kraton. Melang-melang


sanget raosing manah kula, sumelang menawi wonten menapa-menapa.

Damarwulan : Ya, ya, garwaku sing ayu. Antuk pamujimu raharja lakuku ora ana alangan
sawiji apa. Ya wis dikancani karo mbok mban ngono kok.

Anjasmara : Lha wonten menapa ta, Kangmas, panjenengan kok dipun timbali dening
Sang Dyah Subasiti?

Damarwulan : Ngene, yayi. Aku mau katimbalan gusti Kencana Wungu jalaran aku kautus
numpes kridhane Adipati Minakjingga ing Kadipaten Blambangan. Mula
kuwi, aku arep pamit njaluk puji rahayu marang sliramu jalaran aku kudu
budhal dina iki.

Anjasmara : Dhuh, Kangmas, pepundhen kula. Sakalangkung bombong manah kula,


ananging kula sakalangkung sumelang. Adipati Blambangan menika lak
kondhang sekti mandraguna lan nggegirisi. Kula kuwatos yen Kangmas
mangke… (nangis)

Damarwulan : Wis, wis, cukup. Ora perlu nangis. Dipasrahake wae lelakon iki marang Gusti
Kang Yasa Jagad, muga-muga kalis saka rubeda sarta antuk karya. Mula
diajeng, melua dedonga, sarta aku jaluk pamit sangonana kleceme lathimu
wong manis.

Anjasmara : Kangmas iki lo, kok ya isih mbeda aku lo ya? Kula ndherek inggih kangmas?

Damarwulan : Diajeng, lungaku ing Blambangan iki dudu pariwisata, nanging ngemban
jejibahan luhur perang numpes reretuning Majapahit. Mesthi bakal akeh
bebaya…la kok si adhi kepengin melu ki kepriye ta?

Anjasmara : Kangmas, kula mboten kiyat menawi kedah pisah kaliyan panjenengan
kangmas.

Damarwulan : Diajeng, aku lunga ora suwe, iki mung sawetara wae. Sawise kasil
gegayuhanku, aku mesthi bakal nemoni sliramu lan bakal bali kumpul maneh
diajeng.

Anjasmara : Nanging kangmas, Minakjingga menika sekti mandraguna. Kula ajrih


kangmas..

Damarwulan : Ora usah wedi wong Ayu.

(mlaku bersama adegan roman)


Damarwulan : Yayi sawangen endahe mbulan kae yayi….Umpama aku wis tinakdiran ora
bisa nyawang sunare srengenge, cahyane rembulan, lan kumebyare lintang,
aku lila yayi…

Anjasmara : Ampun ngendika mekaten ta kangmas?

Damarwulan : Merga kabeh kuwi mau wis nyawiji ing sariramu wong Ayu….

Anjasmara : Ah, kakangmas iki lo?

( Damarwulan nembang asmoradana)

Anjasmara arimami

Masmirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Probolinggo

Prang tandhing Wurubisma

Kariya mukti wong ayu

Pun kakang pamit palastra

Damarwulan : Diajeng, wis lilakna aku budhal ya wong ayu. Aku mesthi bali diajeng.
Anggonmu nggondheli aku kuwi ndadekna aku ora wedi ngadhepi sang
Urubisma. Diajeng, muga-muga sliramu tansah setya ngenteni tekaku. Aku
pamit diajeng.

Anjasmara : Kangmas Damarwulan. Aku tansah ndedonga muga-muga gusti ingkang


akarya jagad tansah maringi keslametan dhumateng panjenengan kangmas.

Adegan 6 : ( Jalan )

( Dagelan intne arep nderekne Damarwulan menyang Blambangan trus dicegat prajurit
Blambangan trus perang, Damarwulan menang)

Adegan 6 : (Taman Blambangan)

Waita : Yayi, Puyengan... Kepiye rasane atimu mapan aneng Kadipaten Blambangan
kene?

Puyengan : Dhuh, Kangmbok. Kula tansah prihatos ngraosaken lelampahan kula


piyambak. Yektinipun kula menika mboten tresna dhateng Sang Urubisma.

Waita : Yayi, lha kok jumbuh tenan karo pangrasaku, padha karo sliramu. Ngono
sang Uribisma kok arep duwe bojo neh, Gusti Kencana Wungu sisan.
Puyengan : Inggih, Kangmbok. Kula boten peduli menawi Kangmas Minakjingga krama
malih, nanging kok kedah Gusti Kencana Wungu? Eman-eman Kanjeng Gusti
ta nggih?

Waita : Lha ya. Njur nasibe dhewe piye iki, Yayi? Mula seksenana, aku bakal sumpah
prasetya sapa sing bisa ngentasake aku saka Blambangan kene, yen putri
bakal dak dadekake sedulur sinarawedi, yen kakung bakal dak suwitani.

Puyengan : Semanten ugi kula, Kangmbok. Kula ugi prasetya sami kaliyan kakangmbok.

Waita : Ning apa ya ana sing bakal bisa yayi?

(Damarwulan teka.)

Damarwulan : Aku kang saguh mbiyantu mujudake kisanak.

Waita : Yayi Puyengan, kae ana priyayi bagus banget mlebu ana ing keputren. Yen
tak sawang kaya dudu wong Blambangan ya?

Puyengan : Inggih, Kangmbok. Prayogi dipun dangu sinten asmanipun, lajeng saking
pundi, saha wonten perlu menapa.

Waita : Jangkep tenan pitakonanmu, Yayi? (noleh marang Damarwulan) Kisanak,


panjenengan menika sinten? Lan asalipun saking pundi? Kadosipun kok sanes
tiyang saking kadipaten ngriki.

Damarwulan : Ditepungake wae aku Damarwulan, punggawa saka praja Majapahit. Banjur
sliramu sakloron kuwi sapa lan iki ana ngendi?

Waita : Kula Waita dene menika adhi kula Puyengan, garwa seliripun Adipati
Minakjingga. Menika wonten ing keputren Blambangan. Lha panjenengan
menika wonten perlu menapa kok tindak dhateng Blambangan ingkang tebih
saking Majapahit?

Damarwulan : Bot-bote aku kautus dening narendra Majapahit supaya ngrangket Adipati
Minakjingga jalaran dheweke wis wani mbalela marang kraton Majapahit.

Puyengan : Menawi mekaten kisanak, kula kekalih purun mbiyantu kisanak ngantos
kasiling sedya.

Waita : Inggih kisanak, menawi panjenengan mangke sampun saged ngasoraken


Adipati Minakjingga, kula lan yayi Puyengan badhe suwita dateng
panjenengan, dipun tampi nggih?

Damarwulan : Ananging aku iki wis duwe garwa yaiku diajeng Anjasmoro. Dene yen
mangko aku bisa nigas gulune Minakjinggo, aku bakal duwe garwa maneh
yaiku Dyah Ayu Kenconowungu. Umpama bisa kelakon tak pundut garwa,
apa sliramu mengko saguh yen tak dadekake bojo sing angka telu?

Waita : Sampun malih kok angka tiga.., ongko wolu kula nggih purun raden.

Puyengan : Boten dados menapa. Awit menika sampun dados sumpah prasetya kula
sineksen jagad saisinipun, pramila raden keparenga nampi pasuwitan kula
kekalih nggih?

Damarwulan : hmmm…….

(Minakjingga mlebu ngonangi Damarwulan.)


Minakjingga : We, lha dalah! Yung, yung, yung. Ana wong wani-wanin mlebu ing taman
keputren nggodha bojoku. Sapa kowe, bocah bagus?

Damarwulan : Jenengku Damarwulan, sentana saka Majapahit.

Minakjingga : (guyu) Dadi gustimu wis ana wangsulan kanggo lamaranku? Lak ditampa
ta?

Damarwulan : Iya, bener. Tekaku mrene diutus dening Ratu Kencana Wungu supaya
mangsuli lamaranmu kanthi ngrangket kowe. Mula manuta kowe tak bondo
dak sowanake ing Majapahit.

Minakjingga : Wo wo wo wo , bocah gemblung! Bosen urip kowe,Wani-wanine nggugah


macan turu. Yen kowe mati eman-eman bagusmu, mula manuta kowe wae
sing tak rangket ya!

Damarwulan : Bisa nglangkahi kunarpaku mbok menawa lagi klakon. Hayo tandhingana
aku!

Minakjingga : Sak unimu! Dak ladeni kene. Yayi Sakloron, mlebua menyang kamarmu. Tak
tandhingane bocah gemblung iki!

(Waita lan Puyengan nisih. Minakjingga tandhing lumawan Damarwulan. Damarwulan asor
dening gada.)

Minakjingga : (mbengok) Yung yung yung yung Dayun. Mrenea, Yun.

Dayun : Wonten dhawuh lurahe

Minakjingga : Bocah iki wis klenger Yun. Saiki tunggonana, sesuk pletheking srengenge
bakal tak kethok gulune banjur tak cangking menyang Majapahit.

Dayun : Siap, Mas Bro! Jingga, Jingga, Jingga, Hu!

(Minakjingga ngalih. Dayun nunggu Damarwulan sinambi dolanan awake Damarwulan. Saya
suwe, Dayun keturon. Waita lan Puyengan teka nggawa pusakaning Minakjingga).

Waita : Jagad Dewa Bethara, teka Raden Damarwulan kok ora bisa menang tandhing
karo Kangmas Minakjingga. Yayi, kepiye prayogane?

Puyengan : Kakangmbok, enggal dipun ungkuli pusakanipun Kangmas Minakjingga


ingkang sampun kula cidra kemawon. Mbok bilih kenging dados usadaning
Raden Damarwulan.

Waita : Iya bener yayi. Coba gawanen mrene, dak ungkulane pusaka Kyai Wesi
Kuning, dimen waluya Raden Damarwulan.

(Damarwulan diungkuli pusaka lajeng tangi.)

Damarwulan : Aku iki ngimpi apa piye ya, saka rumangsaku aku turu, lha kok jebul tangi-
tangi wis adhep-adhepan karo pawongan sing ayu-ayu maneh?

Puyengan : Raden, kala wau panjenengan asor tandhing lumawan Adipati Minakjingga.
Lajeng dipun usadani mawi gada menika, ingkang aran Kyai Wesi Kuning.

Waita : Leres, Raden. Menika pusakanipun Adipati Blambangan. Tanpa pusaka


menika, sang Adipati Minak Jinggo boten saged menapa-menapa. Mila
mangga raden pusaka gada menika panjenengan asta.
Damarwulan : Ya, banget panarimaku dene semono labuhmu marang aku. Mula aja
kesuwen ana kene, selak kadenangan sing padha jaga.

(Dayun tangi.)

Dayun : (bengak-bengok) Whe lha dalah. Bocah kuwi tangi maneh. Kok isa? Ndara,
Ndara! Raden Damarwulan bergas malih, Ndara. Ndara!

(Minakjingga mlebu karo omong saka jero).

Minakjingga : Iyung iyung iyung ...Ana apa kowe kok bengak bengok wae Yun?. Mbrebegi
anggonku turu, lagi penak-penak ngimpi aku kok gugah. Ana apa ta Dayun ? (
weruh Damarwulan banjur kaget) Whe, lhahdalah? Isih urip kowe
Damarwulan? Kepiye kowe kok ora ngerti Yun?

Dayun : Nyuwun pangapunten, Ndara. Kula kala wau keturon.

Minakjingga : Wadhuh wadhuh wadhuh kok jebule kowe isa urip meneh bocah bagus.
Apa kowe isih wani karo aku?

Damarwulan : Merga antuk pangayomane Gusti kang akarya jagat aku bisa waras. Heh,
Urubisma, sawangen apa sing dak gawa!

Minakjingga : Welo..welo...welo , wani nyolong pusakaku kowe. Balekna mrene bocah


bagus ! Mengko dak opahi apa panjalukmu.

Damarwulan : Yen ngono mara gage mrenea, tampanana pusaka gada wesi kuning iki ya!

(Minakjingga dikepruk gada banjur mat. Damarwulan ngethok gulune Minakjingga. Dayun
mlayu ngalih keweden.)

Damarwulan : Yayi, Waita lan Puyengan. Minakjingga wis tumeka pati. Iki mustakane, arep
dak sowanake Majapahit. Saiki melua aku dadia seksi ya?

Waita & Puyengan : Kasinggihan, Raden.

(Layang Seta lan Layang Kumitr teka.)

Layang Seta : Kakang Damarwulan

Damarwulan : Adhi Layang Seta lan Layang Kumitir. Kok sliramu wis tekan kene he?

Layang Seta : Iya Kakang. Kepriye padha rahayu ta Kakang?

Damarwulan : Antuk pamujimu sakloron raharja ora ana pambengan, malah iki aku wis
antuk gawe bisa ngasorake Minakjingga, wis tumekane pati.

Layang Kumitir : Sukur, Kakang. Dene panjenengan sing bisa ngrampungi karya. Aku lan
Kangmas Seta melu bombong.

Layang Seta : Ananging, Kakang. Entuk ra entuk mustakane Minakjingga tak jaluk

Damarwulan : Lho, kanggo apa, Dhi?

Layang Kumitir : Kakang Damarwulan, piye-piye aku tetep ora trima yen panjenengan sing
bakal dadi ratu ing Majapahit.

Damarwulan : Lho, lha kok jebul kaya ngono penggalihmu, Dhi?

Layang Seta : Piye kakang ? kok ulungake apa ora ?


Damarwulan : Ya aja kaya ngono kuwi ta, Dhi. Wong kang kadhawuhan nyirnakake
Minakjingga dening Ratu Subasiti kuwi aku lo.

Layang Kumitir : Yen ora entuk, tampanana kerisku iki, heh!

(Damarwulan tandhing lumawan Layang Seta lan Layang Kumitr. Damarwulan kalah. Layang
Seta lan Layang Kumitr Jupuk mustakane Minakjingga banjur mlayu. Waita lan Puyengan
bengok-bengok weruh kahanane Damarwulan. Tunggul Manik teka.)

Tunggul Manik : Hong Wilaheng Astungkara Sidhem. Whe, lha kok kaya mangkono pakartine
Layang Seta lan Layang Kumitir. Jejere sentana ratu kok ora bisa kanggo tepa
palupi. Damarwulan, tangia, Ngger!

Damarwulan : Panjenengan menika sinten?

Tunggul Manik : Aku Bapamu ngger.

Damarwulan : Bapa Tunggul Manik, pangabekti kula katur bapa.

Tunggul Manik : Iya ngger, tak tampa, sumurupa sira mau wis tumekane pati dicidra dening
Layang Kumitir. Rahayune aku bisa maluyakake kowe, ngger. Mula aja
kesuwen, enggal tungkanen Layang Seta lan Layang Kumitir menyang
Majapahit.

Damarwulan : Ngaturaken agunging panuwun, Bapa. Nyuwun pangestu.

(Tunggul Manik ngalih.)

Damarwulan : Ya wis, yayi. Ayo enggal budhal menyang Majapahit.

Waita & Puyengan : Sumangga kula dherekaken, Raden.

Adegan 7 : (Kraton Mojopahit)

Kencana Wungu : Wa Patih, kadiparan pawartosipun Damarwulan ingkang kula utus dhateng
Blambangan?

Patih Logender : Gusti prabu, ngantos titi wanci menika, dereng wonten kabar saking para
telik sandi ingkang sampun kasebar.

Kencana Wungu : Hmmm….

Seta + Kumitir : Kula ingkang sowan Gusti prabu

Kencana Wungu : Seta lan Kumitir, sowan ora dak timbali ana wigati apa? Lan apa kang sira
gawa?

Layang Kumitir : Kasinggihan, gusti. Nyuwun sewu pangapunten awit sowan boten
tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga.

Patih Logender : Bagus…bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?

Layang Seta : Rama Patih, kakang Damarwulan sampun seda rikala tetandhingan
lumawan Sang Urubisma, lajeng kula kaliyan adhi Kumitir menika ingkang
nglajengaken mengsah Minakjingga ing wusana sang Minakjingga pejah.
Dados sampun jelas bilih ingkang saget nigas jangganipun Minakjingga
menika kula kabantu adhi kula Layang Kimitir. Menika mustakanipun
Minakjingga.
Damarwulan : Kula ingkang sowan. Sembah sungkem kula, gusti. ( Layang Seta lan Layang
Kumitr kaget)

Kencana Wungu : Damarwulan? Dak tampa, kepenakna sowanmu.

Waito + Puyengan : Sungkem kula kunjuk Gusti Ratu

Kencana Wungu : Ya..ya tak tampa bektimu, banjur sliramu sakloron ki sapa ya?

Waito : Nami kula Waito Gusti Ratu

Puyengan : Kula pun Puyengan,, Kula kekalih menika garwa seliripun Adipati
Minakjingga ing Blambangan

Kencana Wungu : Ya wis kepenakna anggonmu lenggah.

Damarwulan : Nyuwun sewu Gusti Ratu, Kula namung badhe matur blaka bilih kula
sampun saged ngasoraken sang Urubisma

Kencana Wungu : Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing wis
ngasorake Minakjingga.

(Path Logender plirak-plirik, gregeten marang anak-anake. Layang Seta lan Layang Kumitr
mung dhingkluk keweden.)

Waita : Nyuwun pangapunten, gusti. Sedaya aturipun Raden Layang Seta lan
Layang kumitir menika boten leres. Kula kekalih menika seksinipun.

Puyengan : Kasinggihan, Juwita prabu. Sejatosipun Raden Damarwulan menika ingkang


saged ngasoraken Minakjingga.

Kencana Wungu : Apa bener ngono? Seta Kumitir?

Patih Logender : Gusti prabu, menika namung pikolehipun si Damarwulan kemawon Kok tega
temen sira mitnah anakku sakloron, Damarwulan.

Adipati Koncar : Nuwun sewu Gusti Putri.

Kencana Wungu : Inggih kados pundi Paman Adipati Koncar?

Adipati Koncar : Kepareng kula pitaken dhumateng anak angger Layang Seta lan Layang
Kumitir.

Kenca Wungu : Mangga Paman.

Adipati Koncar : Minakjingga kuwi satriya kang sekti mandraguna. Aku tak takon marang
kowe sakloron Layang Seta lan Layang Kumitir. Kepriye anggonmu mateni
Sang Urubisma?

Layang Seta : Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh sang Urubisma. Adhi kula, kula
dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking.

Adipati Koncar : Banjur kepriye anggonmu magas Janggane Sang Urubisma Damarwulan?

Damarwulan : Mekaten paman, kula prang tandhing kaliyan Sang Urubisma. Ananging kula
dipun pejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih
amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun
Minakjingga. Lajeng Minakjinggo nyaketi kula, lajeng kula gebug ngangge
pusakanipun piyambak inggih menika Gada Wesi Kuning, Paman
Adipati Koncar : Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?

Damarwulan : Awit pambiyantunipun Diajeng Waita lan Puyengan ingkang nyidra saking
gedhong pusaka Blambangan.

Adipati Koncar : Apa bener kaya ngono Waita Puyengan?

Waita + Puyengan : Inggih leres Gusti Adipati.

Adipati Koncar : Gusti prabu Kencana Wungu, kula sampun saged netepaken menawi
Damarwulan ingkang leres Gusti.

Patih Logender : Adipati Koncar, lancang ucapmu, saka ngendi sira bisa netepake yen
Damarwulan sing bener lan Seta Kumitir sing luput?

Adipati Koncar : awit saking palapuranipun Waita lan Puyengan, cetha yen sedaya
palaporanipun putra paduka kekalih menika goroh. Napa malih namung Seta
lan Kumitir ingkang tandhing mengsah Minakjinggo, kula kinten putra
paduka kekalih menika wangsul kantun jeneng.

Patih Logender : Adipati Koncar, sira……..

Kencana Wungu : Cukup!! Ingsun wis netepake yen ta Damarwulan kudu tandhing karo Seta
Kumitir. Sapa kang unggul jurite iku kang jujur.

(perang Damarwulan lawan Layang Seta lan Layang Kumitr, Damarwulan menang))

Kencana Wungu : marang kabeh para sentono, nayaka lan kawula ing Majapahit, seksenana
ing kalenggahan iki ingsun hamisudha Damarwulan jumeneng nata ing praja
Majapahit…!

----------------TAMAT------------------
BUDI KABUL , April 2018

PARA PELAKU :

1 Ratu K. Wungu. : Estu

2 Anjasmoro : Vivi

3 Wahito : Helma

4 Puyengan: Wening

5 Patih Logender : Puji Harsono

6 Layangseto : Rangga

7 Layangkumitir : Wanda

8 Damarwulan : Septa

9 Menak Jinggo : Herna

10 Ongkot Buta : Bambang

11 Angkat Buto : Sigit

12 Dayun : Unun
13 Kebo Marcuwet: Henry

14 Menak Koncar : Edy Prasetya

15 Dagelan : Bagas

16 Dagelan : Herla

17 Dagelan : Candra

18 Emban : Yayuk

19 Emban : Ning

20 Emban : Dasih

21 Emban : Vigna

22 Tunggul Manik : ....................

23 Prajurit : Ahyo

24 Prajurit : Manggala

25 Prajurit : Ninis

26 Prajurit : Firda Aris

27 Prajurit : Caka

28 Prajurit : Fadil

29 Prajurit : Udin

30 Prajurit : Asti

31 Prajurit : Dio

32 Prajurit : Dinda Bakti

33 Prajurit : Elsa

34 Prajurit : Cahya

35 Prajurit : Wiwit

36 Prajurit : Firda Yun

37 Prajurit : Langgeng

38 Prajurit : Rido

39 Prajurit : Ardi

Catatan : 1. Mohon maaf bila nama-nama kurang lengkap atau salah


2. Jika ada yang kliwatan belum terdapuk mohon diusulkan kepada kami.

Anda mungkin juga menyukai