Anda di halaman 1dari 11

Lakon Damarwulan

Adegan I

Minakjingga lagi lungguh lan mkiri Dyah Ayu Kencana Wungu. Dumadakan Angkat Buta teka
marang Minakjingga.
Angkat Buta : Nun inggih, sampun Sang Prabu. Nawalanipun sampun kula aturaken dhumateng
Gusti Ratu Kencana Wungu.
Minakjingga : Banjur kepriye Ongkot Buta? Mesthi ditrima. Ha ha ha.
Angkat Buta : Kasinggihan Gusti, nawalanipun sampun ditampi dening Gusti Ratu Kencana
Wungu. Ananging saksampunipun nawala dipunwaos banjur diremet-remet lajeng dibuwang.
Saksampunipun nawala dibuwang menika Gusti Ratu Jengkar saking dhampar keprabhon.
Minakjingga : Lha banjur kepriye katrangan saka Kencana Wungu? Kok banjursliramu mulih
ana Blambangan.
Angkat Buta : Aturipun Patih Logender tigang dinten saking dinten menika Gusti Ratu badhe
paring wangsulanipun.
Minakjingga : Apa bener kuwi Ongkot Buta?
Ongkot Buta : Nun inggih Sang Prabu.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Angkat Buta Ongkot Buta, majua mrene.
Kowe iki buta pinter apa bodho. Krungu wangsulan ngono koklangsung bali. Becike saiki
dakantemi sisan.
Angkat Buta : Ampun gusti, ampun.
Dayun : Ampun Dewaji. Sareh Dewaji.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung kowe aja melu-melu yun.Daktempilingi
sisan kowe mengko. Angkat Buta Ongkot Buta, kowe minggatasaka probolinggo nganti pitung
dina suwene. Aku ora sudi ngingeti dapurmu.Aku ora sudi nduwe patih dhedhel pikirane.
Angkat Buta : Sendhika dawuh Gusti Prabu.
Minakjingga : Yung yung yung yung yung yung yung Dayun,atiku rasane lara. Aku amung
nagih janjine Brawijaya mbiyen yen aku bisa mateni kebo marcuet aku arep didhaupake karo
Kencana Wungu lan antuk Kraton Majapahit. Kebo Marcuet wis mati ing tanganku, nanging aku
durung diwenehi ganjarane. Kencana Wungu ora ndang didhaupake karo aku. Malah saiki
daklamar ora anawangsulan. Yung yung yung yung yung yung yung Dayun, atiku lara. Kanggo
nglelipur atiku, ayo dherekna aku ing Taman marani Dhiajeng Waita lan Puyengan.
Dayun : Mangga Dewaji, mangga kula dherekaken.

Adegan II

Ratu Kencana Wungu : Paman Patih Logender, kados pundi pamanggih paman ngengingi
kedadosan ingkang lumampah ing pendapi agung Majapahit gangsal dinten kepengker, Paman?
Patih Logender : Punten dalem sewu, lepat nyuwun pangapunten. Pamanggih kula, sampun trep
lan mesthinipun menawi utusan Blambangan menika katampik lan katundhung awit sampun
kumawani tumindak nungkak karma ing ngarsa gusti prabu putri.
Ratu Kencana Wungu : Miturut Paman Menak Koncar, kados pundi?
Menak Koncar : Nyuwun pangapunten gusti prabu, menawi atur kula mangke kumawantun.
Ratu Kencana Wungu : Inggih Paman, mangga enggal matur.
Menak Koncar : Majapahit badhe ketaman dahuru…
Patih Logender : Menak Koncar, aja gawe ada-ada kanthi munjuk atur kang kaya mangkono.
Majapahit iku negri kang santosa, prajurite kondhang trenggina,s ganep ing
gaman lan wasisi ing reh tata kaprajuritan. Saka ngendi pangucapmu kuwi
Menak Koncar.
Menak Koncar : Patih Logender, aku mangsuli pandangone Gusti Prabu Kencana Wungu.
Kenangapa kakang Patih kok nyaru-nyaru wuwus bali takon marang aku.
Patih Logender : Menak Koncar, anane aku kepeksa nyangkal panemumu awitrumangsa giris
kok ana sawijining punggawa Majapahit kang kaya kowe. Kowewani nganggep Majapahit
gampang katempuhing dahuru. Kudune kowe pitaya yenta sepira gedhene wong-wong kang
bakal ngrusak Majapahit mesthi bisakatumpes kanthi gampang bebasan suwe mijet wohing ranti.
Menak Koncar : Kabeh aturipun Patih Logender menika leres. Nanging Majapahit bakal
nyemplung ing juranging kasangsaran nalika para nayaka praja tumindak tanpa petung. Kaya
kang kok tindakake nyempalani utusan Blambangan. Panjenengan menika Patih menapa
brandhal pasar?
Patih Logender : Menak Koncar.
Kencana Wungu : Cukup! Patih Logender lan sira Adipati Menak Koncar. Ora mungguh yen ta
para sesepuhing praja Majapahit padha rebut bener saka panemune dhewe-dhewe. Iki parepatan
agung ing ngarsaku sang prabu putrid Kencana Wungu. Majapahit ora butuh pasulayane para
nayaka praja, ning mbutuhake pamrayoga kepriye anggone mrantasi perkara iki. Ingsun kang
arsa menggalih katentreman ing Majapahit iki.
Menak Koncar : Punten dalem sewu, kepareng nglajengken atur pamanggih kula.
Kencana Wungu : Dakkeparengake, Paman.
Menak Koncar : Kados pundi dukanipun sang Adipati Urubisma nyumurupi panglamaripun
dipuntampik lan malih menawi mangertos utusanipun dipuncempalani ing Majapahit, menika
ateges ngina marang panguwaosipun sang Urubisma. Menawi kakang Minakjingga boten trimah
lan nggecak perang Majapahit menapa boten dados sangsaranipun Majapahit awit Majapahit
sampun kecalan sawung.
Kencana Wungu : Panemune Paman Menak Koncar padha kaya kang sun penggalih. Mula
sajrone limang dina iki ingsun tansah nyenyuwun palimarmane Sang Hyang Widhi ing sanggar
pemelengan. Wusanane ingsun nyumpena.
Patih Logender : Gusti Prabu, menawi kepareng mangertos kados pundi wujudipun sumpena
menika?
Kencana Wungu : Ingsun nyumpena yen ta ana jago ing taman Kepatihan.
Patih Logender : Ing Kepatihan menika namung wonten kula, anak kula, Layang
Seta lan Layang Kumitir. Lajeng sinten sawung menika, Gusti Prabu?
Menak Koncar : Kakang Patih Logender, menawi kula boten lepat, kula nampi
kabar panjenengan kagungan putra mantu. Menika rak saged pun dadosaken
sawung?
Patih Logender : Mantu kula menika bocah ndesa, ingah-ingih tebih saking
wiragane satria. Dados boten pantes menawi kasawungaken.
Kencana Wungu : Paman Patih Logender, menawi kepareng sinten jejulukipun
putra mantu penjenengan menika?
Patih Logender : Inggih, Gusti Prabu. Putra mantu kula sesilih Damarwulan.
Kencana Wungu : Sinten, Paman?
Patih Logender : Damarwulan, Gusti Prabu.
Kencana Wungu : Layang Seta lan Layang Kumitir. Ingsun ngersakake sowane
Damarwulan ing pasewakan agung.
(Layang Seta dan Layang Kumitir memanggil Damarwulan)
Patih Logender : Gusti Prabu, menawi kepareng mangertos kenging menapa pun
Damarwulan dipuntimbali marak.
Kencana Wungu : Kawruhana kabeh, ingsun nyumpena yen ta kang bisa
nyirnakake Prabu Urubisma ora liya priya saka kepatihan kang asesilih
Damarsasangka ya Damarwulan.
(Sowane Damarwulan)
Damarwulan : Kula ingkang sowan, Gusti Prabu Putri Kencana Wungu.
Kencana Wungu : Iki sing jenenge Damarwulan?
Damarwulan : Leres pamawasipun, Gusti Prabu.
Kencana Wungu : Yen nitik gambaran sajroning impenku, sajak pancen kowe
kang bisa numpes kridhane sang Minakjingga. Lan ingsun wis prasetya, sapa
kang bisa numpes reretune Majapahit yaiku Adipati Minakjingga bakal
nglungguhi dhampar kencana Majapahit lan aku bakal nyuwitani wong priya
mau.

Adegan III
Emban 1 dan 2 improvisasi
(damarwulan dan Anjasmara masuk bersamaan)
Anjasmara : Kangmas, kok dangu anggenipun sowan dhateng kraton.
Melang-melang sanget rosing manah kula, sumelang menawi wonten
menapa-menapa.
Damarwulan : Ya, ya, garwaku sing ayu. Antuk pamujimu raharja lakuku ora
nampa alangan.
Anjasmara : Lha wonten menapa ta, Kangmas, panjenengan kok dipuntimbali
dening Sang Dyah Subasiti?
Damarwulan : Ngene, yayi. Aku mau katimbalan gusti Kencana Wungu jalaran
aku kautus numpes kridhane Adipati Minakjingga ing Kadipaten Blambangan.
Mula kuwi, aku arep pamit njaluk puji rahayu marang sliramu jalaran aku
kudu mangkat dina iki.
Anjasmara : Dhuh, Kangmas, pepundhen kula. Sakalangkung bombong manah kula,
ananging kula sakalangkung sumelang.
Adipati Blambangan menika lak kondhang sinekti mandraguna lan nggegirisi.
Menawi Kangmas mangke… (nangis)
Damarwulan : Wis, wis, cukup. Ora perlu nangis. Dipasrahake wae lelakon iki
marang Gusti Kang Yasa Jagad, muga-muga kalis saka rubeda sarta antuk
karya. Mula diajeng, melua dedonga, sarta aku jaluk pamit sangonana kleceme
lathimu wong manis.
Anjasmara : Kangmas iki lo, kok ya isih mbeda aku lo ya?
Kula ndherek inggih kangmas?
Damarwulan : Diajeng, lungaku ing Balmbangan iki dudu pariwisata, nanging
nyangkul jejibahane bangsa numpes reretuning Majapahit. Mesthi bakal akeh
bebaya…la kok si adhi kepengin melu ki kepriye ta?
Anjasmara : Kangmas, kula mboten kiyat menawi kedah pisah kaliyan
panjenengan kangmas.
Damarwulan : Diajeng, aku lunga ora suwe, iki mung sawetara wae.Sawise
kasil gegayuhanku, aku mesthi bakal nemoni sliramu lan bakal bali kumpul
maneh diajeng.
Anjasmara : Nanging kangmas, Minakjingga menika sekti mandraguna. Kula
ajrih kangmas..
Damarwulan : Ora usah wedi wong Ayu.
(mlaku bersama adegan roman)
Damarwulan : Yayi sawangen endahe mbulan kae yayi….Umpama aku wis
tinakdiran ora bisa nyawang sunare srengenge, cahyane rembulan, lan
kumebyare lintang, aku lila yayi…
Anjasmara : Ampun ngendika mekaten ta kangmas?
Damarwulan : Merga kabeh kuwi mau wis nyawiji ing sariramu wong Ayu….
Anjasmara : Ah, kakangmas iki lo?

ASMARADANA
Anjasmara arimami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Probolinggo
Prang tandhing Wurubisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra

Damarwulan : Diajeng, sajak katrem anggonmu turu. Aku mesthi bali diajeng.
Anggonmu nggondheli aku kuwi ndadekna aku ora wedi ngadhepi sang Urubisma.
Diajeng, muga-muga sliramu tansah setya ngenteni tekaku. Aku pamit diajeng.
(Damarwulan ninggalna Anjasmara.)
Anjasmara : Kakang, Kangmas Damarwulan. Aku tansah ndedonga muga-muga gusti
ingkang akarya jagad tansah maringi keslametan dhumateng panjenengan
kangmas.

Adegan IV
Waita : Yayi, Puyengan. Kepiye rasane atimu mapan aneng Kadipaten kene?
Puyengan : Dhuh, Kangmbok. Kula tansah prihatos ngraosaken lelampahan kula
piyambak. Yektinipun kula menika boten tresna dhateng Sang Urubisma.
Waita : Yayi, lha kok jumbuh tenan karo pangrasaku, padha karo sliramu.
Ngono kok arep duwe bojo neh, Gusti Kencana Wungu sisan.
Puyengan : Inggih, Kangmbok. Kula boten peduli menawi Kangmas Minakjingga
krama malih, nanging kok kedah Gusti Kencana Wungu? Eman-eman Kanjeng Gusti
ta nggih?
Waita : Lha ya. Njur nasibe dhewe piye iki, Yayi? Mula seksenana, aku bakal
prasetya sapa sing bisa ngentasake aku saka Blambangan kene, yen putri
bakal dak dadekake sedulur sinarawedi, yen kakung bakal dak suwitani.
Puyengan : Semanten ugi kula, Kangmbok. Kula ugi prasetya sami kaliyan
kakangmbok.
Waita : Ning apa ya ana sing bakal bisa yayi?

Damarwulan mlebu.
Damarwulan : Kula kang sagah mbiyantu mujudaken gusti putri.
Waita : Yayi Puyengan, kae ana priyayi bagus banget mlebu ana ing keputren.
Yen tak sawang kaya dudu wong Blambangan ya?
Puyengan : Inggih, Kangmbok. Prayogi dipun dangu sinten asmanipun, lajeng
saking pundi, saha wonten perlu menapa.
Waita : Jangkep tenan pitakonanmu, Yayi? (noleh marang Damarwulan)
Kisanak, panjenengan menika sinten? Lan asalipun saking pundi? Kadosipun
kok boten tiyang saking kadipaten ngriki.
Damarwulan : Kula Damarwulan, punggawa saking Majapahit. Lajeng panjenengan
menika sinten saha menika wonten ing pundi?
Waita : Kula Waita dene menika adhi kula Puyengan, garwa seliripun Adipati
Minakjingga. Menika wonten ing keputren Blambangan. Lha panjenengan menika
wonten perlu menapa kok tindak dhateng Blambangan ingkang tebih saking
Majapahit?
Damarwulan : Awrat raos kula awit kaduta dening narendra Majapahit supados
ngrangket Adipati Minakjingga awit sampun kumawani mbalela dhateng kraton
Majapahit.
Puyengan : Menawi mekaten kisanak, kula sakloron purun mbiyantu kisanak
ngantos kasiling sedya.
Waita : Inggih, Kisanak. Menawi panjenengan saged ngasoraken Adipati
Minakjingga, kula lan yayi kula purun ndherek panjenengan.
Damarwulan : Ananging kula sampun gadhah garwa, gusti.
Waita : Boten dados menapa. Awit menika sampun dados prasetya kula sineksen
jagad saisinipun kisanak?
Puyengan : Inggih, Raden. Pramila raden keparenga nampi pasuwitan kula
kekalih nggih?
Damarwulan : hmmm…….
Minakjingga mlebu ngonangi Damarwulan.
Minakjingga : We, lha dalah! Yung, yung, yung. Ana wong wani-wanine mlebu
ing taman keputren nggodha bojoku. Sapa kowe, bocah bagus?
Damarwulan : Jenengku Damarwulan, sentana saka Majapahit.
Minakjingga : (guyu) Dadi gustimu wis ana wangsulan kanggo
lamaranku? Lak ditampa ta?
Damarwulan : Iya, bener. Tekaku mrene diutus dening Juwita Ratu Kencana
Wungu supaya mangsuli lamaranmu kanthi ngendarat kowe. Mula manuta dak
sowanake ing Majapahit.
Minakjingga : Wo wo wo wo , bocah gemblung! Bosen urip kowe,Wani-wanine
nggugah macan turu. Tinimbang kowe mati eman-eman bagusmu, mula manuta kowe
wae sing tak rangket ya!
Damarwulan : Bisa nglangkahi kunarpaku mbok menawa lagi klakon. Hayo
tandhingana aku!
Minakjingga : Sak unimu! Dak ladeni kene. Yayi Sakloron, mlebua menyang
kamarmu. Tak tandhingane bocah gemblung kae!
Waita lan Puyengan metu. Minakjingga tandhing lumawan Damarwulan.
Damarwulan asor dening gada.
Minakjingga : (mbengok) Yung yung yung yung Dayun. Mrenea, Yun.
Dayun mlebu karo mlayu.
Minakjingga : Bocah iki wis klenger. Saiki entenana, sesuk pletheking
srengenge, tak kethok gulune banjur tak cangking menyang Majapahit.
Dayun : Siap, Mas Bro! Jingga, Jingga, Jingga, Hu!
Minakjingga metu. Dayun tunggu Damarwulan sinambi mbeda awake
Damarwulan. Rada suwe, Dayun keturon. Waita lan Puyengan Mlebu nggawa
pusakaning Minakjingga.
Waita : Jagad Dewa Bethara, teka Raden Damarwulan kok ora bisa menang
tandhing karo Kangmas Minakjingga. Yayi, Kepiye prayogane?
Puyengan : Kakangmbok, enggal dipunungkuli pusakanipun Kangmas Minakjingga
ingkang sampun kula cidra kemawon. Mbok bilih kenging dados usadaning Raden
Damarwulan.
Waita : Iya. Gawa rene, dak ungkulane Kyai Wesi Kuning, dimen waluya Raden
Damarwulan.
Damarwulan diungkuli pusaka lajeng tangi.
Damarwulan : Aku iki ngimpi apa piye, saka rumangsaku aku turu, lha kok
jebul tangi-tangi wis adhep-adhepan karo panjenengan maneh?
Puyengan : Raden, kala wau panjenengan asor tandhing lumawan Adipati
Minakjingga. Lajeng dipunusadani dening gada menika, ingkang aran Kyai Wesi Kuning.
Waita : Leres, Raden. Menika pusakanipun Adipati Blambangan. Tanpa pusaka
menika, sang Adipati boten saged menapa-menapa. Langkung prayogi gada
menika dipunasta dening panjenengan.
Damarwulan : Ya, banget panarimaku dene semana labuhmu marang aku. Mula aja
kesuwen ana kene, selak kadenangan sing padha jaga.
Dayun tangi.
Dayun : (bengak-bengok) Whe lha dalah. Bocah kuwi tangi maneh. Kok
isa? Ndara, Ndara! Raden Damarwulan bergas malih, Ndara. Ndara!
Minakjingga mlebu karo omong saka jero.
Minakjingga : Heh! Napa ta, Yun? Bengak bengok wae. Mbrebegi wong turu
ngerti apa ora kowe? Ana apa? ( Tekan jero, weruh Damarwulan banjur kaget) Whe, lhah? Isih
urip kowe, Damarwulan? Kepiye kowe Yun? Kok kowe isa ora ngerti.
Dayun : Nyuwun pangapunten, Ndara. Kula kala wau keturon.
Damarwulan : Awit pangayomane Jawata aku isih waras. Heh, Urubisma,
sawangen apa sing dak gawa!
Minakjingga : Lho, wani nyolong pusakaku kowe. Balekna mrene! Mengko dak
opahi apa panjalukmu.
Damarwulan : Mara mrene, tampanana!
Minakjingga dikepruk gada. Banjur mati. Damarwulan magas gulune Minakjingga. Dayun metu
keweden.
Damarwulan : Yayi, Waita lan Puyengan. Minakjingga wis tumeka pati. Iki
mustakane, arep dak sowanake Majapahit. Saiki melua aku dadia seksi ya?
Waita & Puyengan : Kasinggihan, Raden.
Layang Seta lan Layang Kumitir mlebu.
Damarwulan : Adhi. Kok wis tekan kene?
Layang Seta : Inggih, Kakang. Sami raharja, Kakang?
Damarwulan : Antuk pamujimu sakloron raharja ora ana pambengan, malah iki
aku wis antuk gawe bisa ngasorake Minakjingga, wis tumekane pati.
Layang Kumitir : Sokur, Kakang. Dene panjenengan sing bisa ngrampungi karya. Aku lan
Kangmas Seta melu bombong.
Layang Seta : Ananging, Kakang. Menapa kepareng kula nyuwun mustakanipun
Minakjingga menika?
Damarwulan : Lho, kanggo apa, Dhi?

Layang Kumitir : Damarwulan, piye-piye aku tetep ora trima yen panjenengan
sing bakal dadi ratu ing Majapahit.
Damarwulan : Lho, lha kok jebul kaya ngono penggalihmu, Dhi?
Layang Seta : Sabar, Dhi. Aja kesusu. Kados pundi, Kakang?
Damarwulan : Ya aja kaya ngono kuwi ta, Dhi. Wong kang kadhawuhan
nyirnakake Minakjingga dening Ratu Subasiti kuwi aku kok.
Layang Kumitir : Yen ora entuk, tampanana kerisku iki, heh!
Damarwulan tandhing lumawan Layang Seta lan Layang Kumitir. Damarwulan kalah. Layang
Seta lan Layang Kumitir jupuk mustakane Minakjingga banjur metu. Waita lan Puyengan
bengok-bengok weruh kahanane Damarwulan. Tunggul Manik mlebu.
Tunggul Manik : (marani badane Damarwulan) Hong Wilaheng
Astungkara Sidhem. Whe, lha kok kaya mangkono pakartine Layang Seta lan
Layang Kumitir. Jejere sentana ratu kok ora bisa kanggo tepa palupi.
Damarwulan, tangia, Ngger!
Damarwulan : Panjenengan sinten?
Tunggul Manik : Aku Bapamu ngger.
Damarwulan : Bapa Tunggul Manik, pangabekti kula katur bapa.
Tunggul Manik : Iya ngger, tak tampa, sumurupa sira mau wis tumekane pati dicidra dening
Layang Kumitir. Rahayune aku bisa maluyakake kowe, ngger. Mula aja kesuwen, enggal
tungkanen Layang Seta lan Layang Kumitir menyang Majapahit.
Damarwulan : Ngaturaken agunging panuwun, Bapa. Nyuwun pangestu.
Tunggul Manik metu.
Damarwulan : Ya wis, yayi. Ayo enggal mangkat menyang Majapahit.
Waita & Puyengan : Kasinggihan, Raden.
Damarwulan metu kasusul Waita lan Puyengan.

Adegan V
Kencana Wungu kaadhep Patih Logender, Layang Seta, lan Layang Kumitir.
Kencana Wungu : Wa Patih, kadiparan pawartosipun Damarwulan ingkang kula
utus dhateng Blambangan?
Patih Logender : Gusti Prabu, ngantos titi wanci menika, dereng wonten kabar saking para
teliksandi ingkang sampun kasebar Gusti
Kencana Wungu : Hmmm….
Layang Seta : Kula ingkag sowan Gusti Prabu?
Kencana Wungu : Seta lan Kumitir, sowan ora daktimbali ana wigati apa? Lan apa kang sira
gawa?
Layang Kumitir : Kasinggihan, gusti. Nyuwun sewu pangapunten awit sowan
boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga.
Patih Logender : Bagus…bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?
Layang Seta : Rama Patih, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Sang Urubisma,
katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun Minakjingga nanging kakang
Damarwulan ugi pejah.
Damarwulan : Dusta…. Kula ingkang sowan. Sembah sungkem kula, gusti. ( Layang Seta lan
Layang Kumitir kaget)
Kencana Wungu : Damarwulan? Dak tampa, kepenakna sowanmu. ( Damarwulan, Waita, lan
Puyengan lungguh)
Damarwulan : Kula namung badhe matur blaka bilih kula sampun sagedngasoraken sang
Urubisma
Kencana Wungu : Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing
wis ngasorake Minakjingga.
Patih Logender plirak-plirik, gregeten marang anak-anake. Layang Seta lan Layang Kumitir
mung dhingkluk keweden.
Waita : Nyuwun pangapunten, gusti. Sedaya atur Raden Layang Seta lan Layang
kumitir menika boten leres. Kula lan yayi kula menika seksinipun.
Puyengan : Kasinggihan, juwita prabu. Sejatosipun Raden Damarwulan menika ingkang saged
ngasoraken Minakjingga.
Kencana Wungu : Apa bener ngono? Seta Kumitir?
Patih Logender : Gusti Prabu, menika namung pikolehipun si Damarwulan kemawon Kok tega
temen sira mitnah anakku sakloron, Damarwulan.
Menak Koncar : Nuwun sewu Gusti Putri.
Kencana Wungu : Iya, kepriye pamrayogamu Paman Menak Koncar?
Menak Koncar : Kepareng kula pitaken dhumateng anak angger Layang Seta lan Layang umitir.
Kenca Wungu : Mangga Paman.
Menak Koncar : Minakjingg kuwi satriya ingkang sekti mandraguna. Aku areptakon marang
kowe sakloron Layang Seta Layang Kumitir. Kepriye anggonmu mateni Sang Urubisma?
Layang Seta : Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh sang Urubisma. Adhi kula, kula
dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking.
Menak Koncar : Banjur kepriye anggonmu magas Janggane Sang Urubisma Damarwulan?
Damarwulan : Mekaten paman, kula prang tandhing kaliyan Sang Urubisma. Ananging kula
dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih amargi Diajeng Waita
Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang
sokayana paman. Lajeng Minakjingg nyaketi kula, lajeng kula gebug ngangge pusakanipun
piyambak inggih menika Gada Wesi Kuning, Paman
Menak Koncar : Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?
Damarwulan : Awit pambiyantunipung Diajeng Waita lan Puyengan ingkang nyidra saking
gedhong pusaka Blambangan.
Menak Koncar : Bener Waita Puyengan?
Waita + Puyengan : Leres Gusti Adipati.
Menak Koncar : Gusti Prabu Kencana Wungu, kula saged netepaken menawi Damarwulan
ingkang leres Gusti.
Patih Logender : Menak Koncar, lancing ucapmu, saka ngendi sira bias netepake yen
Damarwulan sing bener lan Seta Kumitir sing luput?
Menak Koncar : awit palapurane Waita lan Puyengan, cetha yen kabeh ucape anakmu sakloron
iku goroh lan yen mung Seta Karo Kumitir kang tandhing mungsuh Minakjingg, dakkira anakmu
sakloron bali amung jeneng.
Patih Logender : Menak Koncar, sira……..
Kencana Wungu : Cukup!! Ingsun wis netepake yen ta Damarwulan tandhing karo Seta Kumitir.
Sapa kang unggul jurite iku kang jujur.
(perang Damarwulan melawan Layang Seta lan Layang Kumitir, Damarwulan menang)
Kencana Wungu : Ingsun netepake yen ta Damarwulan jumeneng nata ing Majapahit…

~~~~~~~sekian~~~~~~

Anda mungkin juga menyukai