Kacarita ing nagara Ayodya, Sang Prabu Dasarata kang jumeneng nata ngersaaken
lengser keprabon amarga rumangsa yuswane wis sansaya sepuh. Sang Prabu
Dasarata nggegadahang putrane Raden Ramawijaya kang jumeneng nata.
Lakune raden Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana nganti tekan alas Dandaka ketemu
Sarpakenaka adine Rahwana. Sarpakenaka kapincut kabagusane Rama. Nanging
Rama ora nglanggati. Sarpakenaka nemoni Lasmana
Sarpakenaka : Bocah bagus, rewangana aku supaya kangmasmu Rama bisa
seneng karo aku.
Lesmana : Ora bakal Rama arep kepincut karo kowe
Sarpakenaka : nanging aku kadung seneng karo Rama. Arep tak singkirake
sing nagalangi kakarepanku.
Lesmana : yen kowe seneng karo rama rene adepana aku dhisik
Sarpakenaka : tulung..tulung…. dene kowe tegel temen karo aku
Lesmana : mula kowe aja wani wani seneng karo masku
Sarpakenaka : entenana piwalesku
Raden rama ngoyak playune kidang nganti tengah alas. Suwening suwe playune
adoh saka pakuwon. Raden Rama ora sabar nglepasake jemparinge. Kidang
dipanah, mbekik suwarane diemper-emperake suwarane. Raden Rama, sambat-
sambat njaluk tulung nganti keprungu Sinta. Kidang malih rupa dadi Kala Marica
Dewi sinta : geneya lamat-lamat aku krungu suarane kangmas Rama njaluk
tulung
Lesmana : Punika sanes swantenipun kangmas Rama
Dewi Sinta : Nanging atiku krasa ora kepenak, coba tilikana apa bener
Lesmana : Kula mboten badhe ninggalaken kakang mbok wonten mriki
piyambakan.
Dewi sinta : Aku wani nang kene dhewe, rewangana kangmasmu
Lesmana : menawi mekaten kula namung saged ngestokaken dhawuh,
nanging mbakyu ampun medal saking papan punika.
Rahwana malih rupa dadi resi nyaketi Dewi Sinta sng mung dewekan. Golek cara
supaya Dewi Sinta bisa metu saka garis rajah Cakrapratala.
Rahwana/resi : Putri Tulungna aku, wis suwe aku ora oleh pangan.
Dewi sinta : monggo resi pinarak kula aturi dahar.
Rahwana/resi : mreneya wetengku wis luwe banget
Dewi Sinta kelalen karo pesene Lesmana. Dewi Sinta metu saka garis sing uwis di
wenehi mantra.
Rahwana : Ha…ha…ha… saiki aku bisa dusta kowe dewi sinta kowe
arep dak boyong ing Alengka
Dewi Sinta : tulung…tulung… sapa sing bisa ngrewangi aku. Rahwana
arep ndusta aku
Rahwana : aja wedi karo aku, Sinta. Kowe arep tak boyong ing krajaanku
Sinta : tulung…tulung… nanging aku emoh Rahwana
Tangise Sinta keprungu dening manuk jatayu. Manuk jatayu ngadang lakune
Rahwana. Manuk Jatayu arep aweh pitulungan marang Dewi Sinta. Sejatine manuk
Jatayu kuwi resi kanca rakete Prabu Dasarata.
Manuk jatayu : wani temen kowe, rahwana, arep ndusta Sinta. Aku sing bakal
nulungi Sinta.
Rahwana : aja kewanen kowe ngadepi aku, sumingkira ojo melu- melu
urusanku
Manuk jatayu : aku ora wedi ngadepi kowe, jiwa ragaku kanggo mbelani Sinta
Rahwana lan manuk Jatayu perang tanding. Nanging manuk Jatayu kalah sekti
karo Rahwana
Laksmana gegancangan ninggalake sinta tanpa rowang. Ing tengah dalan ketemu
karo Raden Rama.
Laksmana : Kangmas Rama sinten wau ingkang mbekik sora sambat
nyuwun pitulungan?
Rama : Kuwi mau suarane Kidang kencana dak jempaning malih rupa
Kala Marica.
Laksmana : Menawi mekaten sanes kang mas ingkang sambat nyuwun
pitulungan.
Rama : Udu aku, geneya mbakyumu Sinta kok tinggal?
Laksmana : Kakang mbok ingkang dawuh kula supados nyusul kangmas.
Rama : Aja-aja iki pralambang ora becik, ayo age-age mulih.
Rama lan Laksmana gegancangan bali menyang pakuwon. Ing pakuwon ora
tinemu Sinta. Nanging Rama lan Laksmana mrangguli sawijining manuk kang
pisambat amarga merga sakehing tatu.
Manuk Jatayu : Dhuh Gusti….. badan kula sampun kebak tatu nanging kula
mboten kasil maringi pitulungan.
Rama : Lho kowe manuk ….sapa jenengmu?
Manuk Jatayu : Kula Jatayu, rencang caket Prabu Dasarata.
Laksmana : Geneya kowe kebak tatu?
Manuk Jatayu : Kula Sumerep Dewi Sinta dipun Dhusta dening Rahwana.
Kula saderma paring pitulungan ananging kula mboten saged
mrantasi.
Rama : Yen mangkono wis genah manawa Sinta dipun dusta dening
Rahwana.
Pungkasaning carita Dewi Sinta pisah karo garwane, Raden Rama. Dewi Sinta
kadusta Prabu Rahwana menyang kerajaan Alengka. Raden Rama ngudi cara
supaya bisa nemokake Dewi Sinta. Carita sateruse ana ing lakon Anoman Obong,
nuwun.