Anda di halaman 1dari 3

Isuk iku, para warga khusus e ibu-ibu komplek jagongan lan nggosip seputar gosip seng lagek panas-

panase neng tv.

Salsa: "Yowes ngono kae lek nikah keenomen kuwi, pancen arek jaman saiki, kabeh-kabeh di upload
ndek ig ben kabeh iso ndelok masalah rumah tanggane"

Lea: "Lhoh, jelas-jelas Taqy seng salah. Salahe ninggal bojone dewean po meneh jek manten anyar"

Salsa: " Ya Allah, Jeng Leaaaa, sampeyan i lho gung tau postingane alma ndek IG. Tak duduhi ya, gaoleh
istri ngumbar aib e bojone ngonowi. Salma ne seng salah"

Dhina: "Heh heh, malah mbahas omah tanggane wong liyo, urusen bojomu kek ngono lho, wes didang
sego opo durung?"

Salsa: "Halah, paling iso ngedang dewe, chanyeol i wong seng tlaten lan gak ngrepotne bojone"

Ardhina: "percuma enek sego, gak dicepakne lawuh. Lawuhe opo cintamu kuwi?"

Pas, ibu komplek lagek ngrumpi, bocah enom rambut cepak lan gayane koyok arek metal marani ibu-ibu
kemau banjur arep takok.

Lea: "Eh, eh jeng, preman pasar ndi kuwi? Opo tonggone awaedewe enek seng kelilit utang kok sampek
enek preman dinggo nagih"

Ardhina: "hush! Omong opo sih we. Meneng sek"

(Nizar marani ibu-ibu)

Nizar: "alamat iki pundi nggih?" (ngekekne surat ndek salsa)

Salsa: "ee, sampeyan lurus ae mas, ngko enek pertelon, menggok kiwo, omah ijo"

(nizar langsung minggat tanpa matur suwun)

Lea:" Ya Allah pancen bocah jaman saiki kakean micin tenan gaenek unggah ungguhe mbek wong
tuwek"

Salsa:" Wong seng koyok ngonowi ya, mesti bakale dadi rusak. Delok ae pacakane. Gung sifate"

Ardhina:" wes jeng, mandek. Paling bocah kuwi mau lali utowo lagek enek urusan penting dadi kesusu.
Ndang dibarne milihi capar e. Selak udan"

Selang pirang menit, enek bocah neh ngampiri ibu-ibu. Klambine rapi, rambute klimis, lan kuetok lek cah
apik-apik.

Haidar:" Assalamualaikum, pangapunten, menawi badhe tangklet alamat. Alamat niki dateng pundi
nggih? Kalawau muter muter menawi mboten ketemu alamatipun"
Lea: "waalaikumsalam, cah bagus, subhanallah, jek enek ae bocah koyok awamu iki yo, lek aku gung
ndue bojo paling tak lamar awamu saiki."

(haidar gur ngguyu)

Lea:" luruso to le, menggok nganan pas nemu bangjo perempatan. Omahe pak RT to? Pager ireng enek
papan tulisane"

Haidar: "matur suwun sanget, nggih pun kula badhe nglanjutipun perjalanan. Wassalamualaikum"

Sals,lea,dhina: "waalaikumsalam"

Sals: " Ya Allah ngganteng e arek e, sholeh lan tata kramane apik pisan"

Lea:" Heeh, gak koyok seng pertama kemeng, bedo adoh"

Dhina : “ wes wes aku tak mapak anakku dhisek”

Lea : “hooh yowes aku tak mepe krupuk sek”

Salsa : “ hee ngko bakda maghrib ojo lali ana arisan ndek omahe pak rt

(Ibu ibu pada buyar nglaakokake kagiyatan e dewe dewe. Sakdurunge isa’, arisan e wes bubar. Katelu ibu
ibu iku muleh bebarengan lan petuk karo cah bagus sing ditemoni pas blonjo.)
Lea : “ beh kudune dino iki aku wae sing mothel, mosok bu Rt terus

Dhina: “ yo jenenge wong ora bejo”

Salsa: “heh heh deloken cah wi lo, sing ngguanteng maeng rene heh.”

Haidar: “Assalamualaikum ibu ibu”

Salsa: “wooo iki cah bagus maeng isuk, arep menyang ndi le?”

Haidar:” dhateng langgar bu, badhe sholat isya’”

( Pas cah bagus karo ibu ibu omong omongan cah preman iku lewat karo nuntun motore)

Haidar:” lho mas bronpitipun kengeng napa?”

Nizar:” iki bronpite mboten iso mekan.”

Haidar:”oalah mas tak ewangi kene.”(ngewangi ndandani motor e)

Nizar :” matur nuwun mas nggeh, monggo ibu-ibu.” (karo numpak bronpit e ngaleh)

Haidar : “ nuwun sewu nggeh bu.”

Sal,ar,le: “nggeh cah bagus.”


Jam 1 wengi pas kabeh wong wes turu , ana wong serba ireng mindik mindik mlebu nyang omahe bu salsa.

Salsa :” he maling maling…”


(Salsa nguber maling banjur petuk nizar . Nizar nguber making e. Para warga kumpul bar krungu suarane bu salsa.)

Warga:” ana apa ana apa..”

Salsa : “ maeng ana maling.. (ha…h) ning omahku (hah…) maeng dikejar (hah…) karo cah preman wi (hah…)
mending saiki (hah…) nggoleki dhewek e.”

Warga :”wes ayo ndang diparani ayo.”

Pas teko ing empang , warga ndelok cah preman lan maling tukaran.

Warga:”lhoh cah bagus wi….”

Nizar: “HEH BALEKNO BARANG MALINGANMU! GAK ISIN YA! JAMAN SAKMENE JEK MALING, IYUH”

Haidar: (meneng)

Nizar njajal nyuwek topeng seng dinggo maling e. Dan pas wes suwek. Wong-wong seng ndek kono tercengang.

Ibu-ibu: CAH BAGUS??!

Ardhina: OALAH DADI IKI MALINGE, YA ALLAH, PADAHAL PACAKANE WES APIK, SOPAN TATA KRAMANE, LHA KOK
TIBA E MALING

Salsa: Tega kowe le. Padahal wes tak banggakne neng ibu komplek liyane. Lha kok jebulane perilakumu…. Gak
pantes!!

Lea: Malahan seng tak elek-elek dadi seng nulung! Ya Allah, le, ibu njaluk ngapuro yo wes nuduh awamu seng
ogak-ogak

Nizar: Mboten napa-napa, Bu, kulo nggih sampun maklumi, lha wong pacakan kulo yp ngeten niki.

Dhina: wes wes, saiki, awaedewe kudu nggowo si maling iki nyang pak RT. Rasakno kowe.

-----------END--------

Anda mungkin juga menyukai