Anda di halaman 1dari 11

Scane 1

Bu Kades : “Eee ... tak ngitung duek ae lah mari oleh arisan. Satus, rongatus, limangatus

Bu Kades : “Alhamdulillah lumayan akeh arisane! Ngerti ae duekku entek mari digawe q
utang. Mariki bakal tak gawe tuku mas-masan, gelang, kalung, ali-ali. Sisae tak gae tuku
sekin ker seng larang ben bojoku tambah sayaaaaaang karo aku.” (kibas-kibas duek ing rai)

Pak Kades : “Deeek! Kok ambu gosong? Sampean masak opo?”

Bu Kades : (Meneng diluk) “Ya Allah, janganku!”

Bu Kades langsung mlayu gupuh kabeh kelingan jangane sing gosong. Ora suwe, ndadak
ana tuyul 2 sing melbu kamar e Bu Kades.

Narto: Alhamdulillah wes totok, rek! Iki ng ndi yo Sip? Kok uenek ngene? Hawane adem,
kasure empuk pisan! (Guling-guling ng kasur)

Sipto : “He, Blok! Ayo ndang nyolong duek, ojk turu ae koyok arek cilik!”

Narto : “Loh, ancen kene kan jek cilik. Eh, Kok sepi, yo ndek kene?”

Sipto : “Yo nek prapatan akeh bancine! Koyok awakmu contohne.”

Narto : “Astaghfirullah. Cocote loh.”

Sipto : “Yo cocotmu iku. Setan kok istigfar, pengen pensiun ta awakmu dadi toyol?”

Narto : “Loh, gak popo ta?”

Sipto : “Meneng o, Nar. Emosi aku. Iki loh duek, ndang dijupuk selak wong e mbalik.”

Narto : (nurut, njupuk duek 5k)

Sipto : “Loh, kok mek 5 ewu?”

Narto : “Teros piro?”

Sipto : (Njupuk duek 100 uwu akeh) “Iki piro”

Narto : “100 ewu.”

Sipto : “Yo iki level kene!”

Narto : “Level opo, se? Wes koyok dulinan kodok zuma ae.”

Wito : “Yo level kene dadi toyol lah! Nek jarene arek jaman now wes level suhu.”

Narto : “Asyiap sing paling suhu.”


Wito : “Koen iku dadio tuyul terhormat sing moleh-moleh langsung isok kanggo tuku dunyo
lan sak isine!”

Narto : “Gawe opo dunyo lan sak isine nek gak tau sembayang.”

Wito : (Ngadep penonton) “Sek talah. Sing goblok iki sebenere sopo se, Rek? Aku ta arek
iki?”

Narto : “Yo aku karo awakmulah! Kan kene bestie!”

Wito : “Moooh! Males aku koncoan karo toyol gak berbakat koyok awakmu! Stroberi
mangga apel, sori nggak level. Ewh.”

Narto : “Halah, nyolong bedo kecamatan ae bangga.”

Wito gak ngurusi omongan e Narto, dewene langsung njupuk duek atusan koyok wong
gragas. Tuyul siji iki moro-moro ngguyu, nggarai Narto merinding padahal podo-podo demid
e.

Narto : “To, Wito,”

Wito : “Hm?”(Ambek sek njupuki duit)

Narto : “Kon iku ga kakean ta?”

Wito : “Sak jane malah kurang akeh.”

Narto : ”(nyebut)”

Wito : Awakmu ojok apik-apik ta dadi tuyul! Menungso ae nek korupsi g eleng rakyate
nagalah2i kene sing setan original, kok! Ojok gelem kalah!”

Narto : “Sesat wes! Astagfirullah.”

Sipto : “Yo kon iku sing sesat, Blok!”

Sak marine iku, 2 tuyul mau langsung minggat teko kamar Bu Kades ambek nggowo duek
akeh sing warnae abang kabeh. Gak suwe, Bu Kades mbalik. Wong e langsung kaget lan
gemeter pas ndelok duek ing mejo ilang kabeh.

Bu Kades : “Duekku endi?! Ya Allah ilanggg! Duekkuuuuuuu! Mas! Mas, rinio, Mas! Gawat
darurat!”

Pak Kades : (Gupuh kabeh) “Lapo?! Onok opo, Dek?! Sampean gapopo ta? Onok sing loro?
Aduh, aduh, bojokuuu sing ayu dewe, wes ojok nangis.” (Goyang-goyangno awake Bu Kades)

Bu Kades : “Opo ae se, Mas! Iki loh duekku ilang, gak ngerti ng ndi! Iki pisan tangan e halah!”
Pak Kades : “Lah nyapo se? Ilang piro? Sepuluh ewu? Rong puluh? Wes, wes, ojok nangis.
Kene-kene, Mas ganti ae yo?”

Bu Kades : “Gonta-ganti! Telong juta, Mas! Aku ngenteni awan-isuk-bengi ra turu, sak iki
ilang ning ndi parak e! Duit e iki ape tak nggo tuku sekin sker karo mas-masan! “

Pak Kades : “Halah, masio sampean ra nggawe sekin sker karo mas-masan loh Mas tetep
sayang sampean!”

Bu Kades : “Lah lapo, se?! Arep tak pamerno ning tonggo-tonggo, kok! Wes, rono o, Mas!

Pak Kdes: Lo Lo....nyapo to iki aku kok di surung2

Bu Kades: Gak usah cidek-cidek! Turu njobo kono loh! Ngelu aku sak iki!”

Pak Kades : Walah....poso sek wes bengi iki....“Yaws, Mas ndek ngarep bekne sampean
kangen.”

Bu Kades : “Ojok lali warahno wong-wong bekne onok maling!”

Pak Kades : “Nggeh, sampean bubuk ae, ra usah dipikir. Good night, Bojoku.”

Bu kades : “Astaghfirullah, duikku sing ilang kok bojoku sing stress!”

******

Scane 2

Sak marine duek e bu Kades ilang. Akhire Pak Kades metu omah nganti panik. Ono ing njobo
omah, pak Kades ora sengojo ketemu Opek lan Paijo(warga deso).

Opek : ‘’Lho ono opo pak Kades?’’Kok ket maeng riwa-riwi koyo stliko ae.’’

Paijo : ‘’Laiyo, mosok wes dadi kades rek, raine sek melas ae.’’

Pak Kades : ‘’Anu….anu……..anune bojokuuu looooo…anu.’’(raine panik ra karuan)

Opek : ‘’Opo-opo pak……kelon karo joko ta..? loh kok gak ngajak2?’’

Pak Kades : ‘’Gondolmua….ikulo anu e bojoku ilang.’’

Opek : ‘’Walahhhh……yo nggolek eneh to pakkkk. Nggolek seng luwih hot ngunulo.
Koyok

bojoku contone.

Pak Kades : ‘’Ngawur ae..duduk anu ikuu…


Opek : “La trus apane bojone sampean seng ilang pak?

Pak Kades: “iku lo anu….

Paijo : Anu maneh…opo to seng jelas!

Pak Kades: Iku lo…anu…duek e bojoku ilang .’’

Paijo : ‘’Lho koiso ? mbek an tah pak, bojoo sampean iku kakean model. Gak koyok
bojoku

Opik: La emang nek bojomu pie?

Paijo : ”Wes ayu, kalem, gak kakean cocot, ga tau ngerepoti, iso golek duwek dewe
pisan….’’

Pak Kades : “La nek ngunu ayo wes tukar tambah pie? Barang antik iki…wingi akeh seng
nowo g tak culno…

Paojo: Yo moh lah…bojone smpean kilometer e wes dukur ngunu? Mosok ape di ijolno karo
bojoku seng sek kinyis2 ngene…

Pak Kdes: ‘’Wes-wes gak mari-mari iki engkok! nek ngunu, engkok bengi ayok Ngerondo

bareng aku!’’

Opek : ‘’Opo??nggolek rondo?’’

Paijo : ‘’Lhooo, nek ngunu se gelem aku! Ketepak an aku ono info rondo anyaran’’

Pak Kades : ‘’Astaghfirullah….ngeronda maksudku. Iso-iso di pecel aku nek nggolek maneh.’’

Sakwis e pak Kades ngeworo-woro Opek lan Paijo. Akhire pas bengine wong loro ikumau
budhal nang pos rondo.

Paijo b : (Nggowo kloso lan selimut).

Opek a : ‘’ Lhoooo……kon ikulo. Wong wes ero ngeronda atek nggowo kloso mbek
selimut

barang, kon iku kate ngeronda ta kate kemah?’’

Paijo : ‘’ Yo balah se karep-karepku.

Opek : ‘’ Yowes nek ngunu, ayok dibeber.’’

Paijo : ‘’ Halah wong kon yo gelem ae lo.(ngomong karo mbeber kloso)

Nalika wis dibeber, Paijo lan Opek kenakan leyeh-leyeh sampe’ turu ana ing pos ronda
Opek :’’Ya Allah enak eee se rek turu nang kene.’’

Paijo :’’Laiyo yahh, bek-bek ne se engkok onok duek rotoh teko langit.’’

Opek : ‘’Nek diwas-wasno….gaknok opo-opo ngene. Langite cerah koyok eseme dee.

Paijo :’’Dek e sopo se?bojomu ta?opo koen ndue simpenan neh.’’

Opek :’’ Yo bojoku talah cak…cak…..uwong eeee…..kudu tak cium ae.’’

Paijo : ‘’Yo bek ne se kon ndue kenalan akeh. Spill pok o, bekne onok seng

bodyne.....wuhhhhh"

Opek. : " Wes"tak turu.bye..

Ora sue, Opek lan Paijo langsung turu.....Sak wis e iku, tuyul loro langsung gegas njpuk duek
e Opek lan Paijo.

Wito. :" To Narto,diloen Iki!"

Narto. : " Yekkkk.....turune ngiler"

Wito. :" Ndasmu aa....arek kok gak ndue bakat nyolong blass."

Narto. :" La teros?lak bener se wonge turu Karo ngiler. Akeh pisan."

Wito. : "Kon kok kudu tak....huuuuuh."( Ekspresi e greget)

Narto. : "Wes lah,kon lo gak pegel ta nyolong teros? aku sakjane Iki.....pengen pensiun."

Wito :" Tak kandani yo, Kon Lo Nek pensiun Kate kerjo opo?pengacara a? Penggangguran
banyak acara."

Narto. :"Yo....Yo ngunu aku salahno ae teros."

Wito : “Wes cepet jupuken duek e, aku tak njogo ndek kene.”

Narto : “Loh … kene kan ga ketok. Lapo atek dijogo?”

Wito: “Belajar teko pengalaman. Sing dijogo nggawe perasaan ae tau ninggal, opo maneh
sing dijarno?”

Narto : Ajor ajooor

Mumpung Opek lan Paijo turune lengger,Sipto lan Narto mlaku ndunuk ndunuk digae
nyolong duek e.Ora sue......Opek nyadar Nek onok bocah mlaku ing sangarepe mripate.

Opek :" Lololo....Opo rek.Jo Paijo Tangi Jo...."(Karo nepuk-nepuk Paijo)


Paijo : " Ndi-ndi rondone....ndiii???"(Raine sumringah)

Opek :" Kon iku Lo......rondooooo ae seng dipekerno.Duek ku Iki Lo ilang.Gara- gara Kon

paleh aku keturon."

Paijo. :"Halah....ngarah se ilang Piro?hem tak ijoli."(Karo njpuk Duek Ono ing sak e)

Opek : " Yo gak ngunu....jatahe bojoku ilang palihan."

Paijo : " Heh Pek-Pek,Duekku nang ndi yo??(Raine panik)

Opek : " Lho kan...kannn.....ngeneki yaopo palihan??wes kere Tamba kere."

Paijo: " G beres Iki desone kene wes g aman maneh. Pokok Nek gak malingl Yo tuyul Iki!"

Duhh melase nasibe Opek lan Paijo, niate ngeronda paleh kecolongan.

****

Scane 3

Isuk e sak wis e kejadian e bu kades seng kelangan duit, berita nek ono tuyul ing desa
Mundur Teros langsung viral ndek kalangan ibuk-ibuk.

Sutri : “He, Mbak, sampean ngerti a, wingi loh onok kabar jarene Cak Paijo kelangan duit pas
jogo mang bengi.”

Bu Kades : “Loh iyo ta? Aku yo kelangan. Mosok ancen onok maling rek ndek deso iki?”

Sutri : “Nah iku, Mbak! Tak pikir yo ngunu, tapi ternyata duduk. Sampean ngerti a opo?”

Bu Kades : “Opo?”

Sutri : ”Toyol! Loro pisan! Mboook, nek setoran wes piro iku?”

Retno : “Loh, sing temen mbak? Kiro-kiro sopo yo sing ndue?”

Bu Kades : “Gak roh, sing pasti wong seng moro2 sogeh tapi gak ketok nek kerjo!”

Sutri : “Heeee, aku eleng!

Retno.: ono opo. Ono opo?

SUTRI: Abah Jarot.

BU kasdes : lapo o abah jarot?

Sutri: Wonge akhir-akhir iki tuku montor kan, terus bangun omah. Tingkat telu pisan.
Retno:la trus aneh e opo?

Sutri: lo..g aneh ta? Tau ketok wonge mergae ta? Wong prasaku! Kerjone mung ngopi,
turuuu, ngutang gak disaur. Seneng e karo arek perawan pisan. Hiii. Amit-amit aku.”

Bu Kades : (Ketawa) “Nah iyo, Mbak Sut. Wingi pas aku ning mall tuku klambi karo kalung
anyar, aku ketemu Abah Jarot gandeng arek wedok metu teko toko mas-masan!”

Sutri : “Wes ambu lemah mbok yo ga usah kakean polah, akeh-akeh dzikir ngunu loh. Bekne
sak wayah-wayah diceluk wes ndue sangu.”

Retno : “Waduh, aku gak elok-elok wis. Tapi ancen Abah Jarot gak kerjo ta, Mbak? Terus
oleh duek sampe isok jajani arek wedok teko endi, loh? Mosok ta ....”

Bu Kades : “Wesss! Pasti wonge iki sing ndue toyol! Arek wedok iku gendaan e sing kanggo
ngeramut tuyul e iku mau! Astaghfirullah, untung bojoku wong sing rajin ng masjid, dadi
alhamdulillah rejekine lancar teros.”

Sutri : “Tapi aku ngerti bojo sampean wingi gandengan karo anak e Cak Supardi loh, Mbak.”

Bu Kades : “Hus! Mbok pikir bojoku pedofil? Anak e Cak Pardi kan jek SD kelas 6!”

Retno : “Hahaha, sing dimaksud Mbak Sutri iku mau bekne sing digandeng anak teko bojo
sirine Pak Kades, Mbak.”

Bu Kades : “Lambemu lamis. Bojoku paling setia sak kampung! Aku ngidam dawet tengah
wengi ae didolekno.”

Sutri : “Iyo wes, sak karep sampean. Eh-eh, wonge lewat, rek!”

(Noleh kabeh)

Sutri : “Bah! Kate ng ndi, Bah? Kok ngguanteng ngunu? Kate ngelamar perawan ta?”

Abah Jarot : “Kate tuku omah kanggo mas kawin.”

Bu Kades : “Loalah, kate rabi ta, Bah? Iyo, ndang rabi sampean sek onok sing ngeramut. Sek
ben bengi gak ngopiii ae.”

Sutri : “Ndayo, kerjo sisan. Gak nuyul ae. Bojone mene diblanjani sing halal, sek gak cepet
tuek kakean mangan haram-haram.”

Retno : “Huss, mbak!”

Sutri : “Wingi oleh piro, Bah? Akeh a?”

Bu Kades : “Sakjane se akeh. Wong loroan.”


Abah Jarot : “smpean kabeh iki ngomong opo, se? Ketimbang ngrasani wong ae, mending
moleh ngancani bojone sek gak kecantol rondo.” (mangkel lan langsung budal)

Sutri : “Deloken ta gaya e, koyok toko mas mlaku. Sok-sokan ngelengno. Mendang-mending,
njajani gendaan ae nggawe toyol. Alaaah, tambah yakin aku sing ndue toyol wong iku. Wes
ta, mene lak kenek azab!”

Bu Kades : “Aamiin! Gak ikhlas duekku digae bangun omah e Abah Jarot.”

Retno : (gugup) “Iyo, Mbak. Amin.”

**

Scane 4

****

Scane 5

Kejadian warga duek e ilang wes akeh sing ngalami, wes sak ulan kejadian iki terus keulang.
Kabeh podo nebak-nebak lan ngarani Abah Jarot wong sing ndue toyol e.

Abah Jarot : “Ealah, asem asem! Teko endi lak ngunu aku ndue toyol iku? Dipikir gak repot ta
ngurusi arek cilik? Mending ngepet ta pesugihan.”

Abah Jarot : “Wesss, turu ae. Dadi wong sogeh ancen akeh sing ngiri. Tak tapok duek lak
mingkem cocote, gak ngurusi lambene Sutri sing lamis..”

Abah Jarot turu ing kamar. Gak suwe Wito lan Narto teko ning kamar e Abah Jarot kate
nyolong duek koyok biasane.

Narto : “Kamar e enak yo? Cumane ambu wedos.” (Ngendus-ngendus) “Gak ndue iman
wong iku. Kamar kok mirip kandang pitek.”

Wito : “Gak ngomong! Ndang ayo ndeleki duek e wong iki. Ayoq dijupuk sing akeh terus
moleh. Aku wes ngantuk pol.”

Narto : “Coba wudhu o disek. Sek setan e ilang.”

Wito : “Ndasmu iki mari kebentuk opo, se? Ta awakmu gadekno terus keliru njupuk?”

Narto : “Em ... wingi mari digepuk Papi soale pengen elok sholat Jumatan.”

Wito : “Cobak bentukno ndasmu ning tembok ping 3. Onok konsleting ning otakmu soale.”

Narto : “Sek, nek moleh engkok tak cobak e.”


Wito : (Pasrah) “Sak karep wes. Ndang ayo kerjo. Awakmu ndeleki ning lemari, rak, nisor
kasur, karo ning walik e klambi bekne disengetno ndek kaus kutang e.”

Narto : “Lah, awakmu lapo?”

Wito : “Aku ngawasi awakmu lah. Aku kan senior.”

Narto : “Oooo. Yo wes. Siap, Senior!” (Gaya hormat)

Narto langsung jalano tugase ndeleki duek. Mulai teko lemari sing dadi tambah rusuh
sampe nggrabaki awak e Abah Jarot. Gara-gara iku mau Abah Jarot poleh tangi lan nggarai
karo-karone kaget.

Abah Jarot : “Engghhh ... keri! Aduh tangan e sopo se iki?! Aku lak dorong rabi, seh.”

Abah Jarot : (Buka mata)

Narto : (Kaget)

Abah Jarot + Narto: “HUAAAAAAA!!!”

Abah Jarot : “T-toyol ta?”

Narto : “Pengen e se igak, tapi wes takdir.”

Wito : “Goblok! Awakmu keruan!”

Abah Jarot : (tambah kaget lan bingung) “Loh? Kok onok maneh?!”

Narto : “Yo ancen onok loro, Bah. Eh? Loh, wong iki ketok aku To! Kene keruan!”

Wito : “Adoooh! Kok lemoot se awakmu? Ayo cepet ndang mlayu, Bloook!”

Sayang e pas Narto wes sadar keadaan lan katene mlayu, Abah Jarot luwih gesit nyekeli
tangane Narto.

Abah Jarot : “Ooo iki ta toyol gak ngerti adab sing wes nyolong teros ngefitnah wong
gerang? Heh! Kon iku jek cilik, mbok dulinan neker ae loh, gak usah kakean polah kakean
gaya.”

Narto : “Nggeh, Bah. Ngapunten.”

Abah Jarot : “Wesss, gak ngapuntan ngapunten. Sopo tuanmu? Heeeh! Iki pisan, kate mlayu
ng ndi awakmu?! (Nyekel tangan e Wito pisa

Wito : “Ampun, Bah!”

Abah Jarot: “Jawab! Sopo sing ndue awakmu iki?”

Narto: “A-anu ... Pa--"


Wito : “Kepo! Pengen daftar dadi toyol pisan ta? Wes jelas gak lolos!”

Narto : “Betul. Wong tuek ga isok dadi toyol.”

Abah Jarot : “Kurang ajaaar! Sopo, kok? Ngaku cepet..opo tak wacakno ayat kursi?”

Wito : “Emang isok?”

Abah Jarot : “Loooh, aku iki bien arek MTS.”

Narto : “Menengah Tengah Sawah ta?”

Abah Jarot : “Enak e! Hm, rungokno aku ngaji. Kapok awakmu mariki kobong!”

Abah Jarot : “Bismillahirrahmanirrahim ... (baca Al ikhlas)

Narto : “Keliru, Bah! Isok ta gak se, Bah? Kene tak ajari. (Baca ayat kursi)

Abah Jarot : “Loh, kok awakmu luwih isok teko aku? Poleh ngeroso aku sing setan.”

Narto : “Alhamdulillah, sadar emang perlu waktu, Bah.”

Abah Jarot : “Maksudmu opo? Eh—ga usah ngalihno perhatian! Cepet ngaku sopo sing ndue
awakmu iki? Ta awakmu bakal ....”

Wito : “Opo?”

Abah Jarot : “Bakal tak celok warga sak kampung sak iki!”

Sayang e, Narto lan Wito tetep kekeh karo pendiriane. Toyol 2 iku mau jek gak gelem ngaku
lan milih meneng ae nggarai kesabarane abah Jarot entek. Wonge langsung nali tangan e
toyol lan langsung metu.

Abah Jarot: “WOEEE, AKU NEMU TOYOL! IKI LOH TOYOL E! RINIO KABEH, REK!

Opek : “Lapo? Onok opo?”

Paijo : “Opo ae se, Bah? Mabok ta sampean? Bengak-bengok koyok sapi. Jek bengi iki.”

Abah Jarot : “Celuken Pak kades! Onok toyol ng omahku! Wes tak taleni!”

Gak suwe pak Kades, bojone, sampe Retno lan Wito langsung kumpul kabeh ng omah e
abah Jarot.

Pak kades: “Astaghfirullah ... kok isok onok toyol ning desoku. Ya Allah.”

Sutri : “Loh, wes ya. Kandani kok! Iki emang kerjaan e toyol! Ngaku, sopo sing ndue
awakmu?”

Bu Kades : “Oooo, iki ta sing nyolong duekku?! Kurang ajar! Gak ndue adab!”
Sutri : “Wes ... diajar ae! Digepuki sek kapok!”

Abah Jarot : “SIKAAAT GAK SE?!”

Kebetulan Kito lan Retno pas mlaku terus ngerti onok rame-rame lan gak suwe sadar nek
toyole wes ketangkep.

Retno : “Loh, Pi?! Iku lak Wito karo Narto?”

Kito : “Iyo, Mi! Waduuuh! Wes keruan!”

Retno : “Yo opo iki, Pi? My boys wes kate digepuki iku!”

Kito : “Wes, ketimbang kene sing digepuki, ayo cepet!”

Narto & Wito : (Ndelok Retno lan Kito) “MAMIII PAPIIII!!!”

Lain-laine (langsung marani)

Abah Jarot : “OALAH, DADI IKI TA SING NGINGU TOYOL E?!”

Bu Kades : “Ya Allah, wong anyar kok cik wani-wanine.”

Sutri : “Lah yo, padahal wingi sok-sokan gak ngerti, sok alim! Ancen munafik!”

Pak Kades : “Wes, wes. Ayo dimarino secara kekeluargaan ....”

Bu Kades : “Kekeluargaan yo opo se, Mas, maksud sampean? Ga atek! Langsung diadili ae
ndek kene! Sek kejadian iki gak keulang maneh.”

Retno : “Sepurane, Mbak. Ojok dilaporno ng polisi yo, tuolong, gak maneh aku.”

Sutri : “Halah! Wingi-wingi ae lali nek tau nguntal duek e wong.”

Pak Kades: “Wes halah! Polisine wes tak hubungi, mariki lak rene.”

Retno & Kito “

Anda mungkin juga menyukai