Anda di halaman 1dari 4

"Kalah Nyaleg"

Calon Caleg 1 = Pak Jamal

Calon Caleg 2 = Pak Karwo

Dukun = mbah Kendil

Panitia = Bu Retno

Masyarakat 1 = Bu Amin

Masyarakat 2 = Bu Anjar

Masyarakat 3 = Bu Nala

Masyarakat 4= Bu Rini

Masyarakat 2 : Bu, tanggal 18 ada pemilu ya?

Masyarakat 4 : inggeh bu, mangke njenengan milih sinten?

Masyarakat 2 : Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yoora tau nyombongke
diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong eraumum, saestu lo bu

Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, isoae mengko pak Jamal
nggao dukun kanggo menangne kampanye + pemilu

Calon Caleg 2 : Assalamualaikum ibu-ibu…. ( Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul )

Masyarakat : Waalikumsalam pak Jamal… (Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak Jamal)

Calon Caleg 2 : lhoh? Enek opo kok ngguyu? (Bingung karo sing diguyu )

Masyarakat 2 : Anu pak… (Karo ngguyu )

Masyarakat 3 : anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge (ngempet ngguyu )

Calon Caleg 2 : (Ngresiki bathuke ) Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isispidol nde omah,
mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malahmuncrat (Karo ngguyu )

Masyarakat 4 : Oalah… ngono to pak

Masyarakat 2 : Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh?

Calon Caleg 2 : enggeh bu, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang (karo mesem )

Masyarakat 3 : nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 18 (Ngguyu mringis )
Calon Caleg 2 : Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale..

Masyarakat : Nggeh pak…

Masyarakat 3 : Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat,

Calon Caleg 1 :lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh anget

Masyarakat 1 :tok! tok! tok! ( nutuk lawang )Pak bayan, lagi ngopo?

Calon caleg 1 : Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo.

Masyarakat 1 : Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng?

Calon Caleg 1 : pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing palingabot.

Masyarakat 1 : Sinten pak? Pak karwo nggeh?

Calon Caleg 1 : Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akehtimbang aku, wediku aku
iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe nduesolusi?

Masyarakt 1 : Nopo nggeh pak?(sek mikir mikir ) AHAA..!! kulo wonten kenalandukun, asmane Mbah
kendil, tapi ono syarate, Pak Jamal kudu gowo duek jutaankanggo persyaratan mbah dukum,pripun?
Gelem nopo mboten?

Calon Caleg 1 : pie yo? (mikir mikir ), iyo wes sesok aku tak merono tapi terno

Masyarakat 1 : iyo pak, kulo tak kundur riyen

Masyarakat 1 : Eh… pak Jamal….Calon Caleg 1 : Eh… Bu Leny maleh… wonten nopo bu?

Masyarakat 1 : Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopodereng persyaratane?

Calon Caleg 1 : Sampun siap bu… ayo bu langsung budal menyang mbah dukune!Mbah dukun : Enek opo
kowe menyang rene?

Calon Caleg 1 : Ndang omongno… wedi aku… (Bisik nyang kupinge Bu Leny )

Masyarakat 1 : Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lakkalah pas Pemilu
mangke mbah…Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapionok
syarateCalon

Caleg 1 : No.. No.. Nopo niku mbah? (rodok gugup)

Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge Karwo,lak
sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalahlangsung pas pemilu. Ke-2 : We nggowo
duwit piro?

Calon Caleg 1 : niki mbah… (Nyerahne duike)


Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! (karo ngelus dagu)

Calon Caleg 1 : Niki mbah… niki sampun kabeh mbah…Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe
ngomong kata kata sing nyangkut jenenge karwo!

Calon Caleg 1 : Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu (bisik nyang bu Leny)

Calon Caleg 1 : Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1!MERDEKA!

Calon Caleg 2 : Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA!

Calon Caleg 1 : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampekdukung Pak Karwo… wonge
rai so opo opo

Masyarakat 1 : lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pakkarwo?! Lak maleh gagal to
menang telak pas pemilu! (Bisik alon nyang pak Jamal)

Calon Caleg 1 : (Kaget) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang (Bisik genti nyang bu
Leny )

Calon Caleg 2 : Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju…

Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempatTPS yang telah
disediakanMasyarakat 2 : Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?Masyarakat 1 : Pilih Pak Jamal ae bu…

Masyarakat 4 : Pak Karwo ae bu…. Kan wonge apikan lan ra sombong

Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lakdijaluki tulong angel
eram, lak pak karwo kan penak…

Masyarakat 2 : waduh… bingung eg aku…

Masyarakat 4 : wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang

Masyarakat 1 : ayo

Panitia : Pengmuman hasil untuk pemilu tahun 2020/2023 dimenangkan oleh….

Calon caleg 1 : mugo mugo ae aku menang....

Masyarakat 1 : sopo yo?

Masyarakat 3 : Paling pak Jamal

Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangankepada pak karwo

Masyarakat 2 : Sing menang bakno pak Karwo bu…

Masyarakat 1 : Iyo bu
Masyarakat 3 : Alhamdulillah… pak Karwo menang…

Calon Caleg 1 : Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! (Pak Jamal emosi nde tangah tengah
masyarakat )

Masyarakat 3 : Oalah… tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah (Ngguyu)

Masyarakat 2 : oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menangiku sing jujur, ora onok
wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!

Calon caleg 1 : ( Mutung langsung ngaleh)

Anda mungkin juga menyukai