Anda di halaman 1dari 4

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

“KALAHNYALEG”

PERAN

CALON CALEG 1 = PAK JAMAL

CALOG CALEG 2 = PAK KARWO

DUKUN = MBAH KENDIL

PANITIA = BU RETΝΟ

MASYARAKAT 1 = BU LENY

MASYARAKAT 2 = BU ANJAR

MASYARAKAT 3 = BU JAM

MASYARAKAT 4 = BU SULIS

MASYARAKAT 5 = BU LILIS

Segmen 1

Masyarakat 2: Bu, tanggal 18 ada pemilu ya?

Masyarakat 4: inggeh bu, mangke njenengan milih sinten?

Masyarakat 2: Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo ora tau
nyombongke diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong e ra umum, saestu lo bu

Masyarakat 4: iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, iso ae mengko pak
Jamal nggae dukun kanggo menangne kampanye + pemilu

Calon Caleg 2: Assalamualaikum ibu-ibu.... (Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul)

Masyarakat 2: Waalikumsalam pak Jamal... (Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak Jamal)

Calon Caleg 2: lhoh? Enek opo kok ngguyu? (Bingung karo sing diguyu)

Masyarakat 2: Anu pak... (Karo ngguyu)

Masyarakat 4: anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge (ngempet ngguyu)

Calon Caleg 2: (Ngresiki bathuke) Oalah...iki to? Iki mau bar kenek uncratan isi spidol nde omah,
mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malahmuncrat (Karo ngguyu)

Masyarakat 4: Oalah... ngono to pak

Masyarakat 2: Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh?

Calon Caleg 2: enggeh bu, dongakne nggeh... mugi mugi kulo menang (karo mesem)

Masyarakat 3: nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 18 (Ngguyu mringis)
Calon Caleg 2: Suwun bu... kulo tak disik riyen nggeh... wonten acara soale.. Masyarakat: Nggeh pak.

Masyarakat 3: Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat

Segmen 2

Calon Caleg 1: lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh anget

Masyarakat 5: tok! Tok! Tok! (nutuk lawang) Pak Jamal lagi ngopo?

Calon caleg 1: Iki lo, lagi nyantai, ono opo? Lungguh kene lo bu lilis karo bu leny

Masyarakat 5: Pripun pak kabar nyaleg e? Pun siap nopo dereng?

Calon Caleg 1: pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling abot.

Masyarakat 1: Sinten pak? Pak karwo nggeh?

Calon Caleg 1: Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akeh timbang aku, wediku
aku iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue solusi?

Masyarakt 1: Nopo nggeh pak? (sek mikir mikir) AHAA..!! kulo wonten kenalan dukun, asmane Mbah
kendil, tapi ono syarate lo pak,

Calon caleg 1: Nopo bu syarate?

Masyarakat 1: syarate niku pak Jamal kudu gowo duek jutaan kanggo persyaratan mbah dukum,
pripun? Gelem nopo mboten?

Calon Caleg 1: pie yo? (mikir mikir), iyo wes sesok aku tak merono tapi terno

Masyarakat 1: iyo pak, kulo kaleh bu lilis tak kundur riyen

Calon Caleg 1: iyo, ati ati

Segmen 3

Masyarakat 1: Eh... pak Jamal.....

Calon Caleg 1: Eh... Bu Leny maleh... wonten nopo bu?

Masyarakat 1: Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopo dereng
persyaratane?

Calon Caleg 1: Sampun siap bu... ayo bu langsung budal menyang mbah dukune!

Mbah dukun: Enek opo kowe menyang rene?

Calon Caleg 1: Ndang omongno... wedi aku... (Bisik nyang kupinge Bu Leny )

Masyarakat 1: Ngenten mbah... niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lakkalah pas Pemilu
mangke mbah...

Mbah dukun: Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang... iki tak keki jimat tapi onok syarate
Calon Caleg 1: No.. No.. Nopo niku mbah? (rodok gugup)
Mbah Dukun: sing ke-1: Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge Karwo,lak
sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalahlangsung pas pemilu. Ke-2: We
nggowo duwit piro?

Calon Caleg 1: niki mbah... (Nyerahne duike)

Mbah dukun: Piro wi? Sek kurang! ( karo ngelus dagu)

Calon Caleg 1: Niki mbah... niki sampun kabeh mbah....

Mbah dukun: Lha ngono lo... Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut jenenge karwo!

Calon Caleg 1: Inggeh mbah.... Ayo ndang metu bu (bisik nyang bu Leny)

Segmen 4

Calon Caleg 1: Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo.... Urip Nomor 1!MERDEKA!

Calon Caleg 2: Ayo masyarakat... dukung nomor 2 kabeh... MERDEKA!

Calon Caleg 1: Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo... ojo sampek dukung Pak Karwo...
wonge ra iso opo opo

Masyarakat 1: Ihoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pak karwo?! Lak maleh gagal
to Menang telak pas pemilu! (Bisik alon nyang pak Jamal )

Calon Caleg 1: (Kaget) waduh... pie iki...? Wes dongakno ae mugo mugo menang (Bisik genti nyang bu
Leny)

Calon Caleg 2: Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju.

Segmen 5

Panitia: Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempatTPS yang telah
disediakan

Masyarakat 2: Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?

Masyarakat 1: Pilih Pak Jamal ae bu...

Masyarakat 5: aku yo pilih pak jamal

Masyarakat 4: Pak Karwo ae bu.... Kan wonge apikan lan ra sombong.

Masyarakat 3: Iyo bu... pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak dijaluki tulong angel
eram, lak pak karwo kan penak....

Masyarakat 2: waduh... bingung eg aku...

Masyarakat 4: wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang

Masyarakat 1: ayo

Panitia : Pengumuman hasil untuk pemilu tahun 2015/2016 dimenangkan oleh......


Calon caleg 1: mugo mugo ae aku menang....

Masyarakat 1: sopo yo?

Masyarakat 5: mugo mugo pak jamal yo bu

Masyarakat 3: Paling pak Jamal

Panitia : Dimenangkan oleh.... Bapak Karwo.... Mari kita berikan tepuk tangan kepada pak karwo

Masyarakat 2: Sing menang tibak no pak Karwo bu...

Masyarakat 1: Iyo bu

Masyarakat 3: Alhamdulillah... pak Karwo menang...

Calon Caleg 1: Walah... rugi lak ku moro menyang dukun iki! (Pak Jamal emosi nde tangah tengah
masyarakat )

Masyarakat 3: Oalah... tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah (Ngguyu)

Masyarakat 2: oalah... pantes ae... mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menangiku sing jujur, ora
onok wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!

Calon caleg 1: (Mutung langsung ngaleh)

Anda mungkin juga menyukai