Anda di halaman 1dari 4

TUGAS DRAMA BAHASA JAWA

KELOMPOK 4

Calon caleg 1 / Pak Jamal : Alif Usmaidin

Calon caleg 2 / Pak karwo : Agus Wahyudi

Dukun / Mbah Kendil : Andika Kurnianshas

Panitia / Mas Agus : Ardid Raza Danuarta

Masyarakat 1 / Bu Leny : Aulia Rahmadani

Masyarakat 2 / Bu Anjar : Ari Prasetyani

Masyarakat 3 / Pak Bandi : Ale Istanda Wijaya

Masyarakat 4 / Bu Sulis : Alifia Habibah Zahrok

KALAH NYALEG

SEGMEN 1

Masyarakat 2 : Bu, tanggal 18 enek pemilu ya?

Masyarakat 4 : inggeh bu, mangke njenengan milih sinten?

Masyarakat 2 : Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo ora tau nyombongke
diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong ora umum, saestu lo bu.

Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, isoae mengko pak Jamal
nggae dukun kanggo menangne kampanye + pemilu

Calon Caleg 2 : Assalamualaikum ibu-ibu…. ( Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul )

Masyarakat : Waalikumsalam pak Jamal… (Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak Jamal)

Calon Caleg 2 : lhoh? Enek opo kok ngguyu? ( Bingung karo sing diguyu )

Masyarakat 2 : Anu pak… (Karo ngguyu )

Masyarakat 3 : anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge (ngempet ngguyu )

Calon Caleg 2 : ( Ngresiki bathuke ) Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isispidol nde omah,
mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malah muncrat (Karo ngguyu )

Masyarakat 4 : Oalah… ngono to pak , Pak kamanyene terakhir mbenjing nggeh?


Calon Caleg 2 : enggeh bu, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang ( karo mesem )

Masyarakat 3 : nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan (Ngguyu mringis )

Calon Caleg 2 : Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale..

Masyarakat : Nggeh pak...

SEGMEN 2

Calon Caleg 1 :( lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh anget )

Masyarakat 1 :tok! tok! tok! ( nutuk lawang )Pak bayan, lagi ngopo?

Calon caleg 1 : Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo.

Masyarakat 1 : Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng?

Calon Caleg 1 : pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling abot.

Masyarakat 1 : Sinten pak? Pak karwo nggeh?

Calon Caleg 1 : Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akeh timbang aku, wediku aku
iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue solusi?

Masyarakt 1 : Nopo nggeh pak?(sek mikir mikir )....AHAA..!! kulo wonten kenalan dukun, asmane Mbah
kendil, tapi ono syarate, Pak Jamal kudu gowo duek jutaan kanggo persyaratan mbah dukum,pripun?
Gelem nopo mboten?

Calon Caleg 1 : pie yo? (mikir mikir ),iyo wes sesok aku tak merono tapi terno

Masyarakat 1 : iyo pak, kulo tak kundur riyen

Calon Caleg 1 : iyo, ati ati

SEGMEN 3

Masyarakat 1 : Eh… pak Jamal…. Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopodereng
persyaratane?

Calon Caleg 1 : Sampun siap bu… ayo bu langsung budal menyang mbah dukune!

Mbah dukun : Enek opo kowe menyang rene?

Calon Caleg 1 : Ndang omongno… wedi aku… (Bisik nyang kupinge Bu Leny )

Masyarakat 1 : Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lakkalah pas Pemilu
mangke mbah…
Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapionok syarate

Calon Caleg 1 : No.. No.. Nopo niku mbah? ( rodok gugup)

Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge Karwo,lak
sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalahlangsung pas pemilu. Ke-2 : We nggowo
duwit piro?

Calon Caleg 1 : niki mbah… (Nyerahne duike)

Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! (karo ngelus dagu)

Calon Caleg 1 : Niki mbah… niki sampun kabeh mbah…

Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut jenenge karwo!

Calon Caleg 1 : Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu (bisik nyang bu Leny )

SEGMEN 4

Calon Caleg 1 : Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1!MERDEKA!

Calon Caleg 2 : Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA!

Calon Caleg 1 : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampekdukung Pak Karwo… wonge
rai so opo opo

Masyarakat 1 : lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pakkarwo?! Lak maleh gagal to
menang telak pas pemilu! (Bisik alon nyang pak Jamal )

Calon Caleg 1 : (Kaget) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang (Bisik genti nyang bu
Leny )

SEGMEN 5

Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempat TPS yang telah
disediakan

Masyarakat 2 : Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?

Masyarakat 1 : Pilih Pak Jamal ae bu…

Masyarakat 4 : Pak Karwo ae bu…. Kan wonge apikan lan ra sombong

Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lakdijaluki tulong angel
eram, lak pak karwo kan penak…

Masyarakat 4 : wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang
Panitia : Pengmuman hasil untuk pemilu tahun 2024 / 2025 dimenangkan oleh…..

Calon caleg 1 : mugo mugo ae aku menang....

Masyarakat 1 : sopo yo?

Masyarakat 3 : Paling pak Jamal

Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangankepada pak karwo

Masyarakat 3 : Alhamdulillah… pak Karwo menang…

Calon Caleg 1 : Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! (Pak Jamal emosi nde tangah tengah
masyarakat)

Masyarakat 3 : Oalah… tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah (Ngguyu)

Masyarakat 2 : oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menangiku sing jujur, ora onok
wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!

Calon caleg 1 : ( Mutung langsung ngaleh)

Anda mungkin juga menyukai