Anda di halaman 1dari 4

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

‘’KALAH NYALEG’’

PERAN
CALON CALEG 1 = PAK JAMAL
CALOG CALEG 2 = PAK KARWO
DUKUN = MBAH KENDIL
PANITIA = BU RETNO
MASYARAKAT 1 = BU LENY
MASYARAKAT 2 = BU ANJAR
MASYARAKAT 3 = BU JAM
MASYARAKAT 4 = BU SULIS
MASYARAKAT 5 = BU LILIS
MASYARAKAT 6 =BU SRI

Segmen 1
Masyarakat 2 : Bu, tanggal 18 ada pemilu ya?
Masyarakat 4 : inggeh bu, mangke njenengan milih sinten?
Masyarakat 2 : Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo ora tau nyombongke
diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong e raumum, saestu lo bu
Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, isoae mengko pak Jamal
nggao dukun kanggo menangne kampanye + pemilu
Calon Caleg 2 : Assalamualaikum ibu-ibu…. ( Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul )
Masyarakat 2 : Waalikumsalam pak Jamal… (Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak Jamal)
Calon Caleg 2 : lhoh? Enek opo kok ngguyu? ( Bingung karo sing diguyu )
Masyarakat 6 : Anu pak… (Karo ngguyu )
Masyarakat 4: anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge (ngempet ngguyu )
Calon Caleg 2 : ( Ngresiki bathuke ) Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isi spidol nde omah,
mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malahmuncrat (Karo ngguyu )
Masyarakat 4 : Oalah… ngono to pak
Masyarakat 2 : Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh?
Calon Caleg 2 : enggeh bu, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang ( karo mesem )
Masyarakat 3 : nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 18 (Ngguyu mringis )
Calon Caleg 2 : Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale..Masyarakat : Nggeh pak.
Masyarakat 3 : Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat,

Segmen 2
Calon Caleg 1 : lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh anget
Masyarakat 5 : tok! tok! tok! ( nutuk lawang ) Pak bayan, lagi ngopo?
Calon caleg 1 : Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo bu lilis karo bu leny
.Masyarakat 5: Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng?
Calon Caleg 1 : pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling abot.
Masyarakat 1 : Sinten pak? Pak karwo nggeh?
Calon Caleg 1 : Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akehtimbang aku, wediku aku
iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue solusi?
Masyarakt 1 : Nopo nggeh pak? (sek mikir mikir ) AHAA..!! kulo wonten kenalan dukun, asmane
Mbah kendil, tapi ono syarate lo pak ,
Calon caleg 1: Nopo bu syarate?
Masyarakat 1 : syarate niku pak Jamal kudu gowo duek jutaankanggo persyaratan mbah dukum, pripun?
Gelem nopo mboten?
Calon Caleg 1 : pie yo? (mikir mikir ), iyo wes sesok aku tak merono tapi terno
Masyarakat 1 : iyo pak, kulo kaleh bu lilis tak kundur riyen
Calon Caleg 1 : iyo, ati ati

Segmen 3
Masyarakat 1 : Eh… pak Jamal….
Calon Caleg 1 : Eh… Bu Leny maleh… wonten nopo bu?
Masyarakat 1 : Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopo dereng persyaratane?
Calon Caleg 1 : Sampun siap bu… ayo bu langsung budal menyang mbah dukune!
Mbah dukun : Enek opo kowe menyang rene?
Calon Caleg 1 : Ndang omongno… wedi aku… (Bisik nyang kupinge Bu Leny )
Masyarakat 1 : Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lakkalah pas Pemilu
mangke mbah…
Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapi onok syarate Calon
Caleg 1 : No.. No.. Nopo niku mbah? ( rodok gugup)
Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge Karwo,lak
sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalahlangsung pas pemilu. Ke-2 : We nggowo
duwit piro?
Calon Caleg 1 : niki mbah… (Nyerahne duike)
Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! (
karo ngelus dagu)
Calon Caleg 1 : Niki mbah… niki sampun kabeh mbah…
Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut jenenge karwo!
Calon Caleg 1 : Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu (bisik nyang bu Leny )

Segmen 4
Calon Caleg 1 : Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1!MERDEKA!
Calon Caleg 2 : Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA!
Calon Caleg 1 : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampekdukung Pak Karwo…
wonge rai so opo opo
Masyarakat 1 : lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pakkarwo?! Lak maleh gagal to
menang telak pas pemilu! (Bisik alon nyang pak Jamal )
Calon Caleg 1 : (Kaget) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang (Bisik genti nyang bu
Leny )
Calon Caleg 2 : Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju.

Segmen 5
Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempatTPS yang telah disediakan
Masyarakat 2 : Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?
Masyarakat 1 : Pilih Pak Jamal ae bu…
Masyarakat 5 : aku yo pilih pak jamal
Masyarakat 4 : Pak Karwo ae bu…. Kan wonge apikan lan ra sombong.
Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak dijaluki tulong angel
eram, lak pak karwo kan penak…
Masyarakat 6 : waduh… bingung eg aku…
Masyarakat 4 : wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang
Masyarakat 1 : ayo
Panitia : Pengumuman hasil untuk pemilu tahun 2015/2016 dimenangkan oleh…..
Calon caleg 1 : mugo mugo ae aku menang....
Masyarakat 1 : sopo yo?
Masyarakat 5 : mugo mugo pak jamal yo bu
Masyarakat 3 : Paling pak Jamal
Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangan kepada pak karwo
Masyarakat 2 : Sing menang bakno pak Karwo bu…
Masyarakat 1 : Iyo bu
Masyarakat 3 : Alhamdulillah… pak Karwo menang…
Calon Caleg 1 : Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! (Pak Jamal emosi nde tangah tengah
masyarakat )
Masyarakat 3 : Oalah… tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah (Ngguyu)
Masyarakat 2 : oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menangiku sing jujur, ora onok
wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!
Calon caleg 1 : ( Mutung langsung ngaleh

Anda mungkin juga menyukai