Anda di halaman 1dari 7

Tugas Bahasa Jawa

Teks Drama Asile Konversi

Kelas : XII. IIS 2


Nama anggota
1. Yola orsellya Ardhini (25)
2. Viktor (
3. Camel(
4. Shafa(
5. Arjun (
“Kalah Nyaleg "
Ing salah sawijining Desa ana wargane sing kepingin macung dadi caleg yaiku Pak
Karwo lan Pak Jamal, Masyarakat sejane uwis weruh sopo sing bakal dipilih. Pak karwo iku
caleg nomer urut 2, Pak Karwo iku wis terkenal yen kepribadiane iku santun, grapyak marang
uwong utawa tanggane, loma, sederhana lan ora sombong najan sugih. Nanging bedo meneh
karo Pak Jamal, sing terkenal ora nate srawung marang tangga, sombong lan kurang perduli
yen ono kegiyatan ing lingkungane.
Ing salah sawijining dino Pak Jamal lagi nyantai ing ruang tamu omahe banjur ono
salah sawijining warga sing moro jenenge Bu leny. Pak Jarmal sing ngematne koran rodo
kaget amarga krungu suara ana wong moro, Pak Jarmal banjur mbukakne lawang lan nekoni
opo keperluane Bu Leny moro menyang omahe. Bu Leny takon neng Pak Jamal opo Pak
jamal wis siap maju bakal caleg, Pak Jamal rodo bimbang tibake Pak Jamal dewe yo rodo
ketar ketir amarga pendukunge Pak Karwo luwih okeh tinimbang deweke.
Pak Jamal bingung kepriye carane deweke menang dadi Caleg. Sui mikir ujug ujug
Bu Leny menehi ide yaiku Pak Jamal kudune menyang dukun wae supaya iso menang, Bu
Leny nawani dukun kenalane sing jare paling ampuh, Pak Jamal akhire setuju karo sarane Bu
Leny.
Pak Jamal akhire sido moro neng gone dukun kui karo diterke Bu leny, neng gone
dukun kui Pak Jamal Jaluk supaya deweke iso menang neng Caleg. Akhire mbah dukun
menehi jimat tapi ono syarate yaiku Pak Jamal ora oleh nyebutne Jeneng Karwo. Pak Jamal
setuju banjur ngewehi duit neng mbah dukun nanging mbah dukun njaluk duit tikel pindho
soko bayaran sadurunge, gelem ra gelem Pak Jamal kepekso nuruti kekarepane mbah dukun
penting deweke menang.
Dino sing diangen – angen akhire teko Pak Jamal mulai orasi neng ngarepe
Masyarakat kanggo njupuk simpatine masyarakat. Pak Jamal ugo ora lali karo pantangan
soko mbah dukune mau...... sakwise kabeh acara buyar akhire masyarakat iso nentokne
pilihane ing tanggal 18 lewat pemilu, Pak Jamal yakin banget yen deke iso menang ngalahake
Pak Karwo......
Naliko proses pemilihan lan penghitungan bubar kabeh masyarakat bisa moro
menyang TPS kanggo nggenahake sopo sing bakal menang dadi caleg..... Pak Jamal wis
macak sombong amarga deweke yakin iso menang nanging kenyataane ora podo Pak Jamal
Kalah telak Soko Pak Karwo.... Pak Jamal mutung banget tambah tambah maneh rahasiane
deweke moro menyang dukun kebongkar soko lambe lamise Bu Leny deweke nyesel lan rugi
okeh mbangettt..
PERAN
Calon Caleg 1               = Pak Jamal
Calon Caleg 2               = Pak Karwo
Dukun                            = mbah Kendil
Panitia                           = Bu Retno
Masyarakat 1                = Bu leny
Masyarakat 2                = Bu Anjar
Masyarakat 3                = Bu Jam
Masyarakat 4                = Bu Sulis

Segmen 1
Latar papan : ~ cakruk
Latar Wektu. : ~ Ing wayah isuk
Latar Swasana :~ santai
Narasi dialog :
Masyarakat 2 : Bu, tanggal 18 ada pemilu ya? (podo mlumpuk neng cakruk)
Masyarakat 4 : inggeh bu, mangke njenengan milih sinten?
Masyarakat 2 : Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo ora tau
nyombongke diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong e
raumum, saestu lo bu
Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, iso ae
mengko pak Jamal nggao dukun kanggo menangne kampanye + pemilu
Calon Caleg 2 : Assalamualaikum ibu-ibu…. ( Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul )
Masyarakat : Waalikumsalam pak Jamal… ( Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak
Jamal)
Calon Caleg 2 : lhoh? Enek opo kok ngguyu? ( Bingung karo sing diguyu )
Masyarakat 2 : Anu pak…  ( Karo ngguyu )
Masyarakat 3 : anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge ( ngempet ngguyu )
Calon Caleg 2 : ( Ngresiki bathuke )Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isi spidol nde
omah, mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malah
muncrat ( Karo ngguyu )
Masyarakat 4 : Oalah… ngono to pak
Masyarakat 2 : Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh?
Calon Caleg 2 : enggeh bu, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang ( karo mesem )
Masyarakat 3 : nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 18 ( Ngguyu mringis )
Calon Caleg 2 : Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale..
Masyarakat : Nggeh pak…
Masyarakat 3 : Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat,

Segmen 2
Latar papan : ~ ruang tamu
Latar Wektu. : ~ sore
Latar Swasana :~ Bimbang
Narasi dialog :
Calon Caleg 1 : lagi lungguh nyantai sore sore nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh
anget
Masyarakat 1 : tok! tok! tok! ( nutuk lawang ) Pak bayan, lagi ngopo?
 Calon caleg 1 : Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo.
Masyarakat 1 : Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng?
Calon Caleg 1 : pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling abot.
Masyarakat 1 : Sinten pak? Pak karwo nggeh?
Calon Caleg 1 : Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akeh timbang
aku, wediku aku iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue
solusi?
Masyarakt 1 : Nopo nggeh pak?(sek mikir mikir ) AHAA..!! kulo wonten kenalan dukun,
asmane Mbah kendil, tapi ono syarate, Pak Jamal kudu gowo duek jutaan
kanggo persyaratan mbah dukum,pripun? Gelem nopo mboten?
Calon Caleg 1 : pie yo? ( mikir mikir ) , iyo wes sesok aku tak merono tapi terno
Masyarakat 1 : iyo pak, kulo tak kundur riyen
Calon Caleg 1 : iyo, ati at
Segmen 3
Latar papan : ~ nggone mbah dukun
Latar Wektu. : ~ -
Latar Swasana :~ bimbang, wedi
Narasi dialog :
Masyarakat 1 : Eh… pak Jamal….
Calon Caleg 1 : Eh… Bu Leny maleh… wonten nopo bu?
Masyarakat 1 : Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopo dereng
persyaratane?
Calon Caleg 1 : Sampun siap bu… ayo bu langsung budal menyang mbah dukune!
Mbah dukun : Enek opo kowe menyang rene?
Calon Caleg 1 : Ndang omongno… wedi aku… ( Bisik nyang kupinge Bu Leny )
Masyarakat 1 : Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lak kalah
pas Pemilu mangke mbah…
Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapi onok
syarate
Calon Caleg 1 : No.. No.. Nopo niku mbah? ( rodok gugup )
Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge
Karwo,lak sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalah
langsung pas pemilu. Ke-2 : We nggowo duwit piro?
Calon Caleg 1 : niki mbah… (Nyerahne duike )
Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! ( karo ngelus dagu )
Calon Caleg 1 : Niki mbah… niki sampun kabeh mbah…
Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut jenenge
karwo!
Calon Caleg 1 : Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu ( bisik nyang bu Leny )
Segmen 4
Latar papan : ~ panggon kampanye
Latar Wektu. : ~ -
Latar Swasana :~ tegang
Narasi dialog :
Calon Caleg 1 : Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1! MERDEKA!
Calon Caleg 2 : Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA!
Calon Caleg 1 : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampek dukung Pak
Karwo… wonge rai so opo opo
Masyarakat 1 : lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pak karwo?! Lak
maleh gagal to menang telak pas pemilu! ( Bisik alon nyang pak Jamal )
Calon Caleg 1 : ( Kaget ) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang ( Bisik
genti nyang bu Leny )
Calon Caleg 2 : Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju…

Segmen 5
Latar papan : ~ TPS,
Latar Wektu. : ~ -
Latar Swasana :~ tegang, kecewa, sedih
Narasi dialog :
Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempat TPS yang
telah disediakan
Masyarakat 2 : Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?
Masyarakat 1 : Pilih Pak Jamal ae bu…
Masyarakat 4 : Pak Karwo ae bu…. Kan wonge apikan lan ra sombong
Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak dijaluki
tulong angel eram, lak pak karwo kan penak…
Masyarakat 2 : waduh… bingung eg aku…
Masyarakat 4 : wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang
Masyarakat 1 : ayo
Panitia : Pengmuman hasil untuk pemilu tahun 2015/2016 dimenangkan oleh…..
Calon caleg 1 : mugo mugo ae aku menang....
Masyarakat 1 : sopo yo?
Masyarakat 3 : Paling pak Jamal
Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangan
kepada pak karwo
Masyarakat 2 : Sing menang bakno pak Karwo bu…
Masyarakat 1 : Iyo bu
Masyarakat 3 : Alhamdulillah… pak Karwo menang…
Calon Caleg 1 : Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! ( Pak Jamal emosi nde tangah
tengah masyarakat)
Masyarakat 3 : Oalah… tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah ( Ngguyu )
Masyarakat 2 : oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menang iku sing
jujur, ora onok wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!
Calon caleg 1 : ( Mutung langsung ngaleh)

Anda mungkin juga menyukai