Anda di halaman 1dari 4

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

Nama Kelompok:
 Dea Inayatu
 Gesit Ulung
 Imilda Diana
 Muhammad Rizki
 Nadtasya Alifa
 Vivi Armadani

DALAN URIP
(Mila lair saka keluarga sing orang duwe nanging deweke kepingin urep kaya kanca-
kancane.sing uripe kang luweh nduwe.)

Adegan 1
Ibuk : "Yoalah opo maneh to nduk? Ibuk bapak wes rekasa nyambut gawe kanggo nyukupi
Kabeh kebutuhanmu"
Mila : “Ora iso buk, aku pengen kaya kanca-kancaku "
Bapak : "nduk uripe adewe iku orang Podo Karo wong liya. Kang bisa tuku sembarang sing
dikarepake ."
Mila: “Bapak iku meneng wae, bapak iku orang tau nduwe duwit, ora iso nguwei opo seng
tak karepke "
Bapak : "Astagfirullah nduk"
Mila: "Wes lah pak, aku arep dolan".

Adegan 2
Nadtasya: "Teko ngendi wae to kok suwi eram?"
Mila : "Eh sepurane, mobilku macet terus aku ngongkon sopirku nang bengkel"
Vivi : "Oh mangkane awakmu numpak ojek"
Mila : " Yo oralah,edan ye aku numpak ojek i, soale mau Ki ora ono taxi, dadi aku kepekso
deh, ngojek."
Nadtasya : "Wis ayo saiki numpak mobilku wae adewe Nyang mall."
Vivi & Mila :" ayo, ayo "
Mila : "Eh, seminggu maneh wis ana pendaftaran menyang perguruan tinggi, Yo."
Vivi : " Iyo, aku arep dikuliahne Karo wong tuaku menyang Australia "
Nadtasya : "Lek aku wes didaftarne Ning UI "
Mila : "Loh kan jik seminggu maneh nad"
Nadtasya : “Nyapo kok susah, kan iso gawe duwit."

Adegan 3
(Mila mulih karo wajah sing ora penak, padahal ana pak kyai sing lagi namu Nang omahe)
Bapak : " Nduk kok wis mulih ?"
Pak kyai : "Woalah niku to yogane pajenengan nggih pak ?"
Ibu : (Karo ngowo teh)" Nggih pak kyai, nggeh ngeten niku Lo "
Pak kyai : " Pak Tarjo, Niki wonten sekedik rejeki, ndek winggi Kula nembe panen Pete!"
Bapak : "Alhamdullilah matur sembah nuwun sangget pak, Mugi muagi rejekine lancar, lan
diparinggi kesehatan.

Adegan 4
(Saiki wis wayahe pendaftaran Mila arep daftar nang perguruan tinggi sing dikarepke)
Mila :"Buk aku arep daftar sekolah, njaluk duwite!"
Ibuk : (karo ngetokne duwit 20.000 .) "Iki nduk"
Mila : (nyaut duwite ibuk) "Heleh kene kabeh buk"
Bapak :"Loh ojo digawa kabeh nduk, iki gawe mangan sesok"
Mila :"Lek mek 50.000 yo ora cukup pak buk, wes aku budal!"
(Mari fotokopi berkas dea langsung budal menyang Perguruan Tinggi sesok wis
pengumuman. Sesok e esuk dea langsung budal ndelok pengumuman)
Mila : (Karo goleki jenenge ing papan pengumuman.) "Loh jenengku ora ana? Aku ora
ketrima?"
(Mulih teko omah dea nesu nesu menyang wong tuwane.)
Ibuk:"Kepriye nduk hasile?"
Mila :"Aku ora ketrima! Iki kabeh goro goro ibuk karo bapak ora duwe duwit aku maleh ora
iso ketrima."
Ayah :"Nduk daftar sekolah iku kudu jujur ora oleh nyogok gawe duwit”
Mila: “Terus lek wes ngene, aku arep sekolah menyang ngendi neh pak?"
Ibuk :"yo sabar wae nduk"
(Wis seminggu daftar menyang okeh Perguruan Tinggi tapi Mila panggah ora ketrima)
Mila :"Piye iki pak buk aku panggah urung oleh sekolah."
Ayah :"Coba mengko tak takokne pak kyai"
(Teko masjid)
Ayah :"Pak ngapunten kula badhe tanglet, niki dea daftar sekolah kok mboten saget ketrima
pripun nggih?"
Pak kyai :"Cobi mengke kula omong omong an kalih dea"
Ayah :"Nggih pak, matur sembah suwun nggih"
Pak kyai :"Nggih pak sami-sami"
(Bengine dea ditimbali pak kyai menyang omahe)
Mila :"Assalamualaikum pak. Enten napa?"
Pak kyai :"Rene-rene lungguh, sampean wes ketrima kuliah ng ndi nduk?"
Mila :"Dereng pak".
Pak kyai:"Sire sampean arepe sekolah Nendi nduk ?
Mila : “Kula sampun daftar teng pundi pundi mboten ketrimo pak, dadi Yo sak intuke pak !”
Pak kyai: “Yowes saiki dipasrahne marang Gusti Allah, manut dalane Gusti karo ngibadah.”
Mila : “Lha piye lo pak wong tuaku ora duwe dhuwit, yo kalah karo kanca kancaku sing iso
bayar!”
Pak kyai: “ Saiki kuwi sing penting jaluk ridho marang wong tuane sampean, mengko nek
wong tua ne sampean ridho Gusti Allah yo saget ngeridhoi.”
Mila : “Yowes nek ngono pak, matursuwun”
(Bengine Mila kepikiran apa jarene pak kyai, banjur dheweke shalat lan ndungo marang
Gusti Allah, Ora suwe ibuk e ndodoki kamar e Mila)
Ibuk: (tok..tok..tok) “Laa....ayo gek maem nduk..wes mateng kae lo”
Mila : (Karo mbukak lawang) “Iyoo buk”
Ibuk : “Ayo wes dienteni bapakmu”
(Mila karo ibuke mlaku nang pawon, sakwise mangan Mila banjur nyampekake apa sing
diomongne pak kyai)
Mila : “Pak..Buk..aku iki mau sore ditimbali pak kyai, jarene ridho Allah tergantung ridhone
wong tua. Saiki aku nyuwun dongane sesok aku arep daftar sekolah.”
Bapak : “Iyo ndhuk..tak ridhoi wes ta sampean percoyo wae karo Gusti Allah”
Mila : “ Aku iki pancen akeh dosa marang bapak lan ibuk”
Ibuk : “Iyo ndhuk..wes ta Insyaallah bakal enek dalane kanggo sampean”
(Bar kui Mila terus sinau kanggo daftar mlebu kampus sing dikarepke. Bengine pas sinau
Mila ditelfon Vivi arepe dijak dolan)
Vivi : “ Laaaa....”
Mila : “Dalem..enek apa vi?”
Vivi: “Sesok kan awakdhewe prei..Ayo dolan ngejak Nadtasya pisan”
Mila : “Waduh..ora iso vi aku iseh sinau iki arepe melu SBMPTN”
Vivi : “Hoalah laa..sepisan wae lo”
Mila : “Sepurane ora iso tenan aku Vii...”
Vivi : “Yoweslah..saksire sampean la!”
(Sesuk e Mila daftar SBMPTN, 3 dino sakwise ana pengumuman SBMPTN lan Mila
ketampa. Dino iki Vivi ngajak Mila lan Nadtasya mangan bareng karo ngrayakne ketampane
Vivi kuliah ing Australia)
Vivi: “Alhamdulillah cahh...diluk ngkas aku budhal kuliah menyang Australia!”
Nadtasya : “Alhamdulillah Vi...”
Mila : “ Alhamdulillah..aku yo melu seneng Vi”
Vivi : “Terus saiki kabarmu pie Laa? Sidane ketampa neng ndi?”
Mila : “Alhamdulillah aku uwes ketampa SBMPTN ngene Jogja”
Nadtasya : “Wahh..perjuangan mu sinau terus sak sui iki kasil Laa..”
(Ora sui Ibuk e Vivi telfon lek Vivi ora sida kuliah menyang Australia amarga diapusi karo
uwong )
Vivi : “Enek opo buk?”
Vivi: (Karo kaget lan nangis) “Yaallah buk...Temenan iki aku ora sido kuliah menyang
Australia?”
Mila : “Sabar yo Vi....”
Nadtasya : “Seng sabar wae Vi ojo nyerah lan kudu semangat”
(Sakwise kui Mila bersyukur karo Dalan e Gusti Allah, sakbanjure kui Mila dadi bocah sing
luwih apik lan bekti marang wong tuane)

Anda mungkin juga menyukai