Anda di halaman 1dari 7

Judul : Bocah Mbeling

Tokoh : 1. Ridan (Wildan/9G/15)

2. Tia (Shintya/9G/35)

3. Rani (Joselin/9G/22)

4. Bu Ina (Khansa/9G/23)

5. Pak Pram (Irvan/9G/20)

6. Bu Ad (Adilla/9G/01)

7. Khansa (Khansa/9G/23)

8. Dilla (Adilla/9G/01)

9. Irvan (Irvan/9G/20)

Bocah Mbeling

Babak I

Musik/gendhing :

Sawise balik, Tia mbek Rani pingin nyontek tugas garapane Ridan sing arep balik ning
omah.

Tia & Rani : "Eh dan ridan"

Ridan : "Opo tho?"

Tia : “Ning kali numpak sampan, silehi tugas mu mboan.”

Ridan : “Ora teri ora mangan, halah kebiasaan.”

Tia : “Wis bar tho kowe?”

Rani : “Ati ayam mangan koya, yomesti wes bar to ya.”

Ridan : “Oo yowes to ya, nyoh ki ta silehi.”

Rani : “Mosok siji tok, sing akeh to.”


Ridan : “Yo piye meneh onone kuwi tok.”

Babak II

Sawise ning omah Ridan ndelok wong tuwane isih ribut, Ridan sind pingin salim
ngurungke niat lan langsung mlebu kamar.

Ridan : “Assala....”

Bu Ina : “Mlaku mlaku karo sendy, ojo lali tuku tape, kebiasaan hp dikei sandi emang ono opone
to neng hp.”

Pak Pram: Ya Allah bu bu, hp di sandi wae dipemasalahke, nuduh teros.”

Bu Ina : “Tuku gulo karo keke, bapak ki lo opo opo disembunyikke”

Pak Pram : “Sembunyikke apane tho bu, bapak ki mulih kerjo bukane disuguhi kopi malah diajak
ribut

Bu Ina : rak sudi

Ridan : “Pak kula badhe ngerjakaken tugas kelompong ning Tia nggih.”

Pak Pram : “Ati ati nang.”

Babak III

Ridan sing critane meh kerja kelompok malah balapan liar.

Ridan : “Heh balapan yo wani rak kowe!”

Irvan : “Halah paleng kowe sing kalah.”

Ridan : “Halah ayo balapan.”

Irvan : “Sopo wedi bakal mati.”

Ridan : “Yo....”

1 2 3

Brrmmmmm... (suara motor)

Tia sing bar tuku ning Indomaret kaget ndelok Ridan balapan.

Tia : “Loh loh kui ndak Ridan!?”


Tia : /ngefoto/ "Nah iki bakal dadi barang bukti."

Babak IV

Dina esuke nind sekolah.

Rani : “Ya Allah aku ngeleh banget, eh Tia nggowo jajan kae.”

Khansa : “Tia, kuwi es? Aku njalok.”

Tia : “Jek sitik o.”

Rani : “Halah rasah pelit pelit mbek konco.”

Tia : “Tapian ojo dientekke lho.”

Khansa : “Iyo.”

Rani : “Yowes aku njalok jajane wae.”

Tia : “Njalukan o.”

Rani : “Ya Allah mbek kanca Ya allah.”

Khansa : “Tia ki ojo ngono.”

Dilla : “Hee Tia ki jahat o.”

Tia : “Kan aku kan guyon.”

Rani : “Iyo iyo.”

Tia : “Eh eh kowe reti rak aku pek cerita.”

Rani : “Sopo toh sopo?”

Tia : “Si Ridan kuwi lo si Ridan”

Rani : “Hee nopo?

Tia : “Wingi mbengi to aku ndelok si Ridan balapan ndeng.”

Rani : “Mosok? Neng ndi ndeng?”

Dilla : “Hee balapan mbek kancane.”


Tia : “Terus Ridan ki nganu, nongkrong mbek ngerokok.”

Rani : “Halah aku ra percoyo, Ridan rajin ngono o.”

Tia :”Tapian ki aku ndelok dewe o, ki nyoh tak foto, aku reti kowe pasti ra percoyo.”

Khansa : “Mosok ridan iso ngono?”

Tia : “Ki lo ta foto.”

Rani : “Hih tenanan i Ya Allah Ridan.”

Khansa : “Mbe sopo kuwi.”

Rani : “Aku isih ra percoyo ridan koyo ngono.”

Tia : “Lungo lungo menyang coyo, emng e aku yo percoyo.”

Babak V

Suwi suwi Rani karo Tia ngadohi Ridan nduwe maksud tertentu.

Rani : “Foto sek yok!” Cekrek

Rani : “Sek sek baleni, elek.” Cekrek

Ridan : “Heh tugas agama mu wes bar opo durung?”

Rani, Tia, Khansa : “Opo sih.”

Rani : “Lungo yok!”

Ridan sing ngroso doadohi takon karo kanca kancane apa sing sabenere terjadi.

Ridan : “Heh heh, kowe podo ngopo to kok ngadohi aku.”

Rani : “Lha kowe ki sopo.”

Ridan : “Kowe kan koncoku.”

Rani : “Wes orak o saiki.”

Tia : “Kowe ki, ngopo to cedhak cedhak teros.”

Ridan : “Halah ojo ngono to.”


Rani : “Jujur wae, pas kui kowe balapan to. Jujur wae aku ndelok.”

Tia : “Aku yo ndelok dewe o, kowe balapan tho.”

Khansa : “He.e ono buktine.”

Ridan : “Oo kui ki aku ki mumet neng omah, wong tuwa ku ribut teros.”

Tia : “Yo ojo ngono nek ono masalah, kowe ki kudune cerito neng ndewe. Dewe kan
koncomu, orak cerito orak konco huu.”

Khansa : “Huuuu .”

Rani : “Yowes ngene ngene, mending sesok dewe neng BK nggo nyelesaike iki.. Piye gelem
rak?”

Tia : “Gelem gelem.”

Ridan : “Yowes nek ngono.”

Rani : “Yowes yo sesok.”

Tia, Khansa, Ridan : “Yoo.”

Babak VI

Sesuke bocah kui, tia karo ridan langsung menyang ruang BK lan nyeritakake kedadean
sabenere ingkeang Guru BK.

Ridan : “Kowe wae sek kono seng mlebu.”

Tia : “Lha kok aku.”

Ridan : “Kowe wae sek rapopo.”

Tia : “Tapi kowe tunggoni ning kene lho.”

Ridan : “Yo.”

Tia : “Yo sek.”

Tia : “Permisi Bu.”

Bu Ad : “Ana apa nduk.”

Tia : “Kula badhe ngaturaken bu, dinten wingi kula mirsani Ridan balapan.”
Bu Ad : “Hah?! Ridan cah bagus lan sing sregep kui?”

Tia : “Nggih bu.”

Bu Ad : “Ra percoyo nduk, kowe ndue buktine?”

Tia : “Enten bu, kula ngefoto pas Ridan balapan.”

Bu Ad : “Astagfirullahaladzim, rak nyangka aku nduk, cah bagus lan sregep kok iso kaya ngene.
Ya wis, saiki kowe undangake Ridan merene.”

Tia : “Nggih bu.”

Ridan mlebu ruang BK

Tia : “Kae lo dan koe wes diundang karo Bu Ad.”

Ridan : “Yo yo wes aku mrono.”

Bu Ad : “He e nang, koe sing balapan kui?”

Ridan : “Nggih bu, kula mekanten amargi tiyang sepuh kula salajeng maben lan iku damel kula
stres bu, kula namung madosi kegiatan kang damel kula lali ingkang masalah.”

Bu Ad : “Ibu tani tuku klobot, ojo lali tuku roti,wong urip iku emang abot, makane kudu ati ati,
kowe reti urip iku abot nek ono masalah ki di ceritoke ning koncone ning wongtuamu ojo mbok
pendem dewe marakke stres nang.”

Ridan : “Iwak teri mangan koi,nggeh bu mboten kula baleni.”

Bu Ad : “Yowes kono balek kelas.”

Ridan : “Nggih bu, kula balik kelas rumiyen.”

Babak VII

Sawise kuwi, Guru BK ne ugi njupuk inisiatif kanggo nelpon wong tuwane Ridan supaya
dating menyang sekolah.

Tok tok tok

Bu Ad : “Linggih linggih mangan lepet, nggih manga mlebet.”

Bu Ina : “Saderengipun enten masalah menapa nggih Bu? Ngantos kami selaku tiyang sepuh
Ridan ditimbali mriki.”
Bu Ad : “Mekaten Pak Bu, kula naming kersa nyriosi menawi sabtu wingi Ridan balapan ing
njawi sekolah.”

Pak Pram : “Ridan dipunpundi nggih Bu? Kula kersa crios.”

Ridan sing ketmau ana ing mburi lawang akhire mlebu.

Ridan : “Kula dipun mriki Pak?”

Pak Pram : “He e nang.”

Bu Ad : "Ridan jajal jelaske kang sabenere menyang wong tuwamu.”

Bu Ina : “Panjat pinang golek tempe, ana apa tho nang? Piye?”

Ridan : “Bu, saleresipun kula kesel dipungriya ninggal bapak lan ibu ribut terus.”

Bu ina : “Apura ya nak, bapak ibu ora pangerten karo kowe.”

Ridan : “Apunten ugi bu, Ridan sampun dados bocah mbeling.”

Pak Pram : “Tuku tales ing sewangi, yowes tapi aja diulangi.”

Bu Ad : “Prilaku anak miturut tontonane. Yen ora arep anake mbeling kubura alane awake
dhewe.”

Anda mungkin juga menyukai