Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono.
Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora
gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri
Jono.
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe
kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon,
Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang
ngendi parane Sardi lan Jono.
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-
sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni.
Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan
bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi
ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu
daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire
kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman : Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Sardi : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Sardi : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan
kalihan bapak.
Jono : Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng
oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa
ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.