Anda di halaman 1dari 18

Naskah Ludruk

Lakon Sarip Tambak Oso


Ketidak adilan, Keserakahan, dan Kesemena menaan, menjadikan semua orang gelap
mata. Sifat sifat tersebut muncul dan membabi buta sejak jaman dahulu kala hingga di era
modernisasi saat ini. Banyak terjadi penindasan terhadap masyarakat kecil, banyak hukum
tumpul ke atas dan runcing kebawah, orang yang benar menjadi salah, dan yang salah selalu
terlindungi dan menjadi sebuah kebenaran hanya karena kepentingan serta kedudukan. Kisah
Sosok Sarip menjadi sebuah gambaran, dimana ia melawan peradaban yang mulai tidak
karuan, dengan berbekal keberanian dan kesungguhan serta tawaduk terhadap sang ibunda,
sarip hadir di tengah kekacauan yang terjadi dan melawan keangkara murkaan.
Bagaimana kisah selanjutnya, inilah persembahan pertunjukan dari kami dengan
lakon
“SARIP TAMBAK OSO “
Selamat menyaksikan “ !!!

Babak 1

Adegan Sukaria Dagelan lokasi di jalan tengah sawah suasana pedesaan pagi hari
yang cerah. Dua rakyat jelata perjalanan menuju pasar untuk berjualan. Ditengah perjalanan
berhenti dan istirahat sambil bersenda gurau.
“Jula juli “ trethek

Rakyat 1 : “ eh Lhaiyo. Lek tak was wasno seng nuontok yo tambah bek, awak iki ujian
opo tanggapan. Koyok model e ganok bedane, tapi biasah e seng mbiji iki
penonton, mek lek saiki onok dewan penilai ambek bapak ibu guru. Heran ku
I mek siji, biasah e lek tanggapan, kadang oleh bayaran, lek iki kuwalik an e.
wes tanggapan, gak oleh bayaran, tambah urunan gae mandani penilaian. Tapi
yo gak popo., kate yokpo maneh wong jenenge sekolah. Ngeras ngeros golek
ilmu, ambek blajar dadi wong seng mituhu nang bapak ibu guru.”
Rakyat 2 : “ tak rungok rungokno, koen iku luapo ae. Ndememeng karepmu dewe.
Seng mbahas eros barang, awakmu I te masak tah? “
Rakyat 1 : “ kok eros,??? Ngeras Ngeros kok !!! Lapo eros iku “
Rakyat 2 : “ ehh krunguku mek eros e tok, “
Rakyat 1 : “ Kopeng lek oleh e sisihan I yo ngunuiku, ngrungokno wong ngomong dadi
ne malah mblakrak.”
Rakyat 2 : “ Yo gak blakrak e ngunu, lha awakmu timbang nthememeng ora manfaat I
yo mbok golek hiburan, pumping onok Wiyogo der ngeneki, nembang jula
juli kunu masio sak jogedan. Lak luthung tah kenek gae hiburan. “
Rakyat 1 : “ ngunuku timbang ngongkon mbok tandang dewe, koen ngongkon
ngongkon iku iso a sitane ?? ”
Rakyat 2 : “ masio gak iso o iku lho, opo salah e she kene belajar, ambek sinambi
ngekek I hiburan gae liane. Lho sopo eruh awak dewe iso melok Indonesia
mencari berkat.”
Rakyat 1 : “ lha lapo Indonesia mencari berkat iku, koen kate melok festival kajatan a?”
kok mblakrak ngomongmu. “
Rakyat 2 : “ duh seng ndek tipi tipi iku lho, Opo jenenge ? “
Rakyat 1 : “ Indonesia mencari Bakat. “
Rakyat 2 : “ lha iku lho koyok cangkemu iku lho. “
Rakyat 1 : “ cangkem cangkem, ndek ngarep e bapak ibu guru kok nyangkep
nyangkemno kancane, seng alus ngunu gak iso tah? “
Rakyat 2 : “ iyo iyo. Tuthuk tuthuk, kurang alus neh? Lathi lathi !!! eruh eruh aku “
Rakyat 1 : ngunu lak penak a, di rungokno talingan. “
Rakyat 2 : “ ehm talingan!!! ( sambil tertawa mengejek )”
Rakyat 1 : “ uwes kunu jare te jula juli “
Rakyat 2 : “ ehh iyo, sampek lali I aku. Gara gara cangkem (tertawa malu)”

Rakyat 2 dan Rakyat 1 memulai untuk jula juli, mereka berdua saling dol tinuku atau
bergantian tembang jula juli.
Setelah mereka berdua selesai jula juli, tiba tiba datang ramai ramai warga lain,
berteriak dan mengejar sarip yang selesai menjarah dan mencuri barang belanda. Sarip
datang terlebih dahulu dan bersembunyi di balik pohon yang ada di sekitar tempat tersebut.
Sarip dating menghampiri kedua warga tersebut, dan mengancam agar tidak memberi
tahu dia bersembunyi.

Semua warga : “ maling. . . . maling. . . .maling,. sarip Maling !!!!”


Sarip : “ stttttt….koen wong loro ojok kakean cangkem. Lek sampek londo mbarek
wong wong seng nguber
Aku eruh lek aku singitan. Koen wong loro seng tak betheti, tak brodoli
ususmu. “ ( sambil membungkap kedua mulut warga tersebut, kemudian
bergegas untuk bersembunyi )
Rakyat 2 : “ cangkem maneh I ??? ”
Rakyat 1 : “ sarip maneh, sarip maneh. Gaonok tah bendino liane uber uber sarip iki.
Sitak koen iku lapo maneh se rip ?”
Warga 1 : “ tumon sarip a riko ?”
Rakyat 1 : “ sarip opo ?”
Rakyat 2 : “ Saaa….saaaa…rip?”
Warga 2 : “ iyo sarip!! Maeng mlayu mrene? Riko tumon a?”
Rakyat 2 : “ nganu !!! maeng iku !!!”
Rakyat 1 : “ hgUsus . . .!!! (Sambil dengan nada batuk)
Rakyat 2 : “ nganu maeng iku gak pethuk !!!”
Warga 1 : “ Temen a riko gak eruh ???”
Rakyat 1 : “ iyo. Kandani kok gak percoyo. Blasss ganok wong liwat. “
Warga 2 : “ maeng iku tak wasno mlayu mrene kok, yooo!!!! Yooo!!! mosok gak
tumon ??”
Semua warga : “ iyo . . . . iyo . . . . .
Rakyat 1 : “ iyo ganok wong liwat, sepi ket maeng iku.
Warga 1 : “yowes lek gak tumon, ayo bolo digolek I nang liane, selak mlayu adoh arek
iku ngkok.”
Semua warga : “ yo … yo …. Yo …. (sambil bergegas pergi)
Rakyat 2 : “ metttt….mettt….mettt 3x
Sarip : “ mat met mat met . . . .opo mat met ? ” (sambil membentak dan keluar dari
persembunyian)
Rakyat 2 : “ ora rip. Usus iki lho usus. “
Rakyat 1 : “ ndek ndi mangan sego usus ?”
Rakyat 2 : “ koen iku, badogkan e tok ae “
Rakyat 1 : “ lha yokpo wong durung sarapan. Make up molai subuh ngene hare “
Rakyat 2 : “ gak Kaop awak Ngejer ngene hare “ (sambil gemetar dan tidak terasa
ngompol)
Sarip : “ yowes nyoh, kenek gae mangan, Tapi koen menengo ae. Ojok kondo sopo
sopo lek aku mlayu mrene. Wes ndang golek mangan kono.” (sambil
mengeluarkan kantong yang di dalamnya ada kepingan emas kemudian di
kasihkan ke warga)
Rakyat 2 : “ Opo iki rip ?” (menerima pemberian sarip dengan kondisi tangan
gemetar)
Sarip : “ Gelem tah gak gelem “
Rakyat 1 : “ yoo gelem see!!!” (sambil mengambil kantongan dari rakyat 2)
Sarip : “ yowes kono ndang golek panganan “
Rakyat 1 : “ suwun yo rip “ (sambil bergegas pamit kepada sarip)

Kedua rakyat tersebut bergegas meninggalkan sarip dan berpamitan kepada sarip.
* Berlanjut ke adegan sarip sumbaran.

Sarip : “ Londo Kurang toto, Pejabat pejabat podo bejat,


Seng durung kenal, kenalno yo iki seng jenenge sarip
Sarip iku soko tembung SAR lan RIP
Lek e wong inggris kondo
Sar iku artine Search And Rescue
Lha lek e Rip iku Rest In Peace
Yo aku iki seng iso di arani wong seneng tulung gae mati.
Mati apane yo mati welas asihe, mati roso lan pangrosone.
Uwong seng mati rosone wong seng mati welas asih e, bakal di tulungi
mbarek sarip
Lek e wong jowo Sarip yo iso ugo di arani saringan e urip
Nyaring opo ae seng bener lan opo ae seng ora bener

Akeh uwong seng gak oleh keadilan,


Akeh uwong seng nggae sak karepe dewe mek di gae kepentingan e dewe
Pemerintah Narik pajek ora aturan, senengane mbebani wong cilik
Utang piutang nagih mbarek nggowo rentenir, depkolektor njabel sepedah sak
penak udel e
Wong sugih wes lali sugih e, sampek wong mlarat dadi gedibal e
masalah cilik di dadekno gede, masalah gede mboh lali ilang parane, wes
akeh contone sampek sambo ilang CCTV ne
Bebasan, “ akeh wong pinter nanging podo keblinger “
“ Akeh wong bejat nanging podho njabat “
“ Wong olo tambah akeh bolo “
“ wong becik akeh sing di tampek “
Tapi kanggo Sarip, tetep njejeri wulang wuruk e wong tuo.
“ SING SOPO SALAH BAKALE SELEH “
“ WONG BECIK TETEP KETITIK “
“ WONG OLO TETEP BAKAL KETORO “
Gae sopo ae, seng ora pas ambek lakune sarip,
Majuo . . .!!! ojok mek wong siji loro, wong 10.000 legane ati
Geger geden, iki lho mungsuh SARIP !!!! ”
Sarip berlalu dan kembali pulang kerumah,

Babak 2
Adegan warung disalah satu pojok pasar. Terlihat hiruk pikuk aktifitas pasar yang
sangat ramai, pedagang dan pembeli saling berbaur dengan aktifitas seperti biasa. Karno
salah satu pemilik warung mulai menyiapkan dagangan di warungnya. Warung karno sering
menjadi tempat obrolan hangat para pedagang dan warga yang beraktifitas di pasar.

Karno : “ woalah, bendino liane ngene tok ae. Lha yokpo maneh wong ancen yowes
kewajiban e, nyukupi keluargo. Nyukupi sandang pangan anak bojo. Seng
ndek omah yowes g eruh popo. Eruh e pokok, moleh kaet mlebu omah wes “
pak ne tiktok shop wayah e mbayar “ durung anak e, “ pak Paketan entek “
gak eruh kene seng ndek pasar jungkir walik ra karuan. Tapi yowes yokpo
maneh. Dadi wong tuek yo kudu seng bertanggung jawab, ngkok durung seng
mbak yune, “ urunan pak gae ujian sekolah, Rp. 250.000 “, ujian kok urunan
Rp. 250.000 iki lho di gae opo lak ngunu a?, lha wong arek wes gede, aku
ndememeng takok ngunu yo langsung dijawab “ urunan gae ujian drama,
samean eruh opo, lha kepingin lulus tah ora anak e iki?“ byung jenenge
wong tuek moro mak tratap, anak kok iso moro omong ngunuiku, lha sitakne
lek babakan drama ae, mbok angur ngongkono bapakne kene timbang mbayar
Rp. 250.000, wong bapakne yo titik akeh mantan artis, gak eruh lek bapakne
sekelas al-de baran. Mek nasib ancen seng menentukan. Lha yokpo wong
dodol pecel ae rego Rp. 6000 kate Mbayar urunan Rp. 250.000 ewu, seng tak
dol iki pirangane bungkus. Sekolahan iki sitakne mikir tah ora, tapi yo yokpo
maneh wong di gae anak, wong tuek iki mek iso usaha, gae nyekolahno anak,
gae minterno anak, kekarepane I anak cek gak sampek koyok bapakne mek
dodol pecel ngene tok. Durung seng mikir pajek e warung, ben ulan e mbayar
mesti tapi seng tuku leh e mbayar kadang sek utang, durung engkok bang titil
e, utang utangan Rp. 300.000 nuagih meh bendino nritil. Ngene awak kate
bendino gak nggreges.(sambil menata gorengan dan dagangan yang dijual)
Paidi : “ Gorengan kok anyep ngeneki yokpo karepe, riko iki niat dodol gorengan
opo dodol sifat e dek e kok anyep ngene ”
Karno : “ ehmm…penyakite beras teko, koen teko mrene liane gak nyacat
daganganku ngunu gaonok a di?”
Paidi : “ Pembeli iki adalah raja kang No. sak karepe seng tuku se, wong aku tuku
yo mbayar, mbayar yo nggae duek duek ku dewe, ora nggae duik e rakyat. “
(sambil mengambil gorengan di meja)
Karno : “ yo iyo di ancen “
Paidi : “ lha iyo, ngunu riko kok seng nggunem ae, lek aku mangan ndek kene, lak
gau tau utang se?, lak langsung mbayar kenceng? Gak koyok sarip,. Ben teko
njaok mangan tapi gak tau mbayar.”
Karno : “ yoo. Iyo she di, tapi lek due duek sarip I ora lali, utange bnang aku iki
mesti di disekno gak tau telat, nang panganan yo ora tau gelem nyacat koyok
awakmu.”
Paidi : “ lha riko butuh di bayar tah ora, lek g gelem duek yo karuane.” (sambil
mengeluarkan uang dari kantongnya)
Karno : “ yo ora ngunu di, gelem gelem,” (sambil mengambil uang yang dikeluarkan
paidi dari kantong nya)
Paidi : “ Matane lek eruh duek, tangan e langsubng sat set “
Karno : “ lha kebutuhan di !!! ”
Paidi : “ saropah wes ketok mrene tah durung kang no? “
Karno : “ wong aku ae sek tas bukak di, awakmu iki ae dadi pelarisku “
Paidi : “ dungareni, yahene gurung teko ndek pasar, ganok popo a arek iki ? “
Karno : “ lha koen yokpo, selaku belahan jiwa. “
saropah :"lapo kok ngrasani wong manis koyok aku"
Paidi :"oraaa,ikilo kang karno iki lo tak takok i awmu wes teko tah gurung kok
mblakrak njok belahan jiwa"
Karno :"lak ancene iyo se di,yo wong koen yo abot ambek iku se di"
Paidi :"yo iyo se,yokpo yokpo o dek saropah iki calon istri yang solehah"
Saropah :"em alah lek cak paidi iso ae lah"
Paidi :"sitak ne awmu iki tekok endi se dek ambek kate nandi"
Saropah :sopo cak aku tah?
Paidi :"yoiyo dek kate sopo maneh"
Saropah :"aku iku tekok omah,ambek bapak iku dikongkon ngolek i cak sarep biasae
iku cak sarip iku mrene mangkane aku yo mrene…. Pakno pakno opo cak sarip iku mang
mrene"
Karno :"sitak ne ojo kulino ngolek i seng gaono sek rek rek.mang paidi mrene
ngolek i awmu pas dorong teko saiki awmu wes teko tambah ngolek i sarep seng gak ono
ndek kene,nget mu iki aku pusat informasi tah opo aku iki ndek kene dodol panganan mbok
tuku panganan ku opo o…. Sarip iku gak mrene."
Saropah :"lha riko cak paidi opo gak pethuk cak sarip"
Paidi :"koen kok tambah takon aku wes ngerti aku mbek cacak mu koyok lengo
mbek banyu wes genah aku mbek cacakmu koyok koceng mbek tekos kok sek takon aku yo
tambah gapetok."
Saropah :"ooohh…. wong loro nglompok ganok gunane kabeh"
Paidi :"sitakne awmu lapo se ngolek i sarep kok gak ngolek i aku ae"
Saropah :"cak sarip iki digolek i bapak polah e bapak mari oleh teguran tekok
petinggi polah e duromg mbayar pajek lha aku diutus bapak dikongkon ngolek cak sarep lek
apan petok kongkon nyampekno pesen iku maeng."
Paidi :"trahe ncen dulormu siji iku ngalor ngidul lagak e koyok jagoan tapi
kewajiban ora tau gelem ngelaksanakno."
Saropah :"alah yowes cak lek ngunu aku tak balik,tak golek ane cak sarip aku pesen
nang riko wong loro yo lek petuk cak sarip lek tak golek i yowes sek yo tak tinggak disek."
Paidi :"iyo ati ati."
Rakyat1 :"loh layo kok dungareni sarip beneh isuk isuk wes mangan enak pak no
rendang daging 2"
Karno :"rendang daging rendang daging ora ketok a geneh dodol ngene kok kiro
rumah makan padang.'
Rakyat1&2 :"laiyo opo iki gak padang,mosok iki gak padang"
Karno :"haduhhh…. Wes genah e sido mangan opo lek gak genah tak tutup loh."
Rakyat1&2 :"wes tahu lontong 2"
Karno :"wes enten ono"
Rakyat1 :"lha iyo kok dungareni sarip ikumang meneng meneng ngekej i awakdewe
duwek."
Rakyat2 :"kiro kiro awak dewe iki melok duso a yo."
Rakyat1 :"oalah ojo mikir duso. sing penteng iku weteng warek disek lha lek perkoro
duso luweh duso awak dewe iku lue moro matek."
Rakyat2 :"oh…. ngonoa"
Rakyat1 :"kok suemen se pak no riko iki ngae opo sitak e riko iki niat dodol tah ora."
Karno :"yo sek sabar…"
Rakyat1 :"rikoi lapo se sitak e kok sue men."
Karno :"iki lo sek tak gaekno."
Rakyat1 :"ngawe opo riko iku."
Karno :"lha iki."
Rakyat1 :"lha ngulek opo wong ganok layah e ngunu kok lha nguku kok jare ngae
opo."
Karno :"ngae gerakan anyar gae karnaval."
Rakyat1 :"lha riko iki dodol thu lontong opo dodol karnaval,tak totop lho iki ngkok."
Paidi :"sitak ne warung geger karep e dewe,engko lek wes paidi moreng jare kok
moreng ngene coroku mangan maleh gak kelek lah ngene iki."
Rakyat1 :"alah yowes sepurane cak di ngono kok yo dadi ati."
Paidi :"tak rungok rungokno awakmi ket maeng iku ngomongno sarip pethuk nde
ndi awmu iki mbek sarip."
Rakyat2 :"ngomongo-ngomongo."
Rakyat1 :"koen ae koen ae,koen seneng a lek awaku pipis"
Rakyar2 :"ngaa….nganu cak di sarip sopo e?."
Paidi :"lha koen ngomong sarip sopo."
Warga2 :"lha sarip tukang tambal ban ni."
Paidi :"seng genah lek koen ngomong,sarip sopo?."
Rakyat2 :"ngeh oo….ngnuu….sarip…."
Paidi :"sarip sopo?."
Rakyat2 :"sarip seng due tambak iku pak di."
Paidi :"sarip seng ndue tambak.hmmm….. dikek o opo koen mbek sarep iku
maeng."
Rakyat2 :"aku mbek rak iki maeng lak lue a moro dikek i duek mbek sarip."
Paidi :"duekk?....wes sogeh a arek iku.?"
Rakyat2 :"nganuu… kiranggan wau mbeto buntelan niku."
Paidi :"ooo….. oleh tekok ndi bajingan iku wah timbang saripah seng ngolek i,wes
aku ae seng ngolek i.wes kang no tak balek takbayar engkok ae."
Karno :"oalah gak mbayar maneh,opo lek ngene terus ae warung ku iki,wes tak
tutup e ae warung iki."
Rakyat2 :"lho aku lak gamangan malahan."
Karno :"timbang gak mbayar pisan,wes ewangono notop warung.

Babak3

Adegan dirumah sarip terlihat sang ibunda sarip mengeluh karena sarip jarang pulang dan
bahkan terkadang cuma mampir mandi dan makan dirumah.tetapi kali ini sarip pulang
membawa barang curian dari rumah goverment dan pak petinggi di desa itu yaitu lurah
datang memenui ibunda sarip untuk menagihnya,ibu sarip tidak membayarnya dikarenakan
ibu nya tidak mempunyai uang sedikitpun jangankan untuk membayar pajak untuk makan
seharihari pun tidak cukup.

Mbokne sarip :"oalah kok cik men pak pak mati ora ninggalno dunyo,ditinggal i anak tok
katek anak iki bendino ora tau sobo omah….oalah pak pak tak dungakno padang kuburmu
jembar dalanmu. sarip iki lek awan lek awan turu tok lek bengi budal mbambong mulih e yo
parah isuk mosok yo melok pak budi jogo sekolahan.nyambut gae opo arek iki oalah le le
cilik digedek no,barang wes gede gak karuan alang mujur e eleng eleng jaman sekolah lek
isuk ados tak adusi,salen tak salin i mangan njok didulang prosoku yo gak jompo arek
iki.ee…. gede gedene kok tambah ndendeng gak karuan tapi lek beneh iku ora nyacat
sembarang kalir sek ngenak-ngenak ne nang wong tuwek.ngunu-ngunuku ulang wuruk ku
bien,kok cobak manut pak yoyok gak ngono dadimu nak…hoalah…
Pak lurah ::kulo nuwon,rep…sarip…. nandi arek iki?.'"
Mbokne sarip :"sinten niku?"
Pak lurah :"kulo."
Mbokne sarip :"kulo sinten?"
Pak lurah :"kulonuwun."
Mbok ne sarip :"nuwun nopo i wong mbonten ngadah nopo-nopo"
Pak lurah ::angel wes lek musuh e wong tuwek iki….ngunuku lo lek pkk kakehan
ngubul bununuk…...kulo pak lurah ono wong ora kormat karo pak lurah."
Mbokne sarip ":ooowalah.… pak lurah mbok pinarak pak."
Pak lurah :"nganu… nandi sarip iki."
Mbokne sarip :"loh njenengan mados i sinten."
Pak lurah :"haduhh… sarip."(ekspresi gemas)
Mbokne sarip :"owalah… sarip kirangan mboten enten."
Pak lurah :"koen iki yokpo se ambek anak e dewe gak eroh."
Mbokne sarip :"loh mboten…. maksud kulo niki dereng wangsul,ono wonten nopo kok
madosi sarip."
Pak lurah :"aku iki ngolek i sarip,pesen e ndoro guberment perlune dikongkon
narik pajek ambek ndoro guberment.lha sarep iki ono siji….loro…"(sambil membuka buku
dan memakai kacamata)
Mbokne sarip :"lha kok katah men sarip,sarip namung setungal."
Pak lurah :"haduhh..tanggungane,sarip iki nunggak 6 ulan gorong mbayar
pajek…yoopo iki tanggungane sarip iki yok opo?"
Mbokne sarip :":hoalah…..lek niku mboten semerap kulo, niku tanggungane sarip."
Pak lurah :"lha sarip iki sopo,sarip iku lak anak riko see lalek wes eroh nginiki seng
tanggung jawap sopo?"
Mbokne sarip :"lak ngeten se pak yo,bender sarip iku yugo kulo,lah tanah niku tinggalan
e bapak ne sarep."
Pak lurah :"yo wes eroh lek tinggalan e bapak ne sarip."
Mbok:lha niku surat e bender Atas nama ne sarip tapi sing ngrumat tanah niku ridwan .lha
ngeh pak lek e sarip
P lurah:lha iyo aku yo aku yoeroh,lah iku lak tanggung jawab e sarip se mbok terus
sopo,sopo seng te mbayar polah e aku iki wes di tagih mbek ndoro guberment,lek sarip gak
mbayar lak aku seng di pisui mbek ndoro guberment.,
Terus siji maneh aku winggi iki oleh laporan tekok wargo lalek nde kampung iki kesroh
perkorone ono maling lha seng kemalingan iku golongan e guberment lha wargo geger wedi
lek maling iku maeng sampek nang omah e wargo lha riko ngerti sopo malinge
Mbok:kok tambah sue tambah gak aman kampumg iki gus lurah sinten niku maling e
P lurah:lha maling e iku anak mu sarep
Mbok:hoalah njeneng an mboten salah mireng tah nopo salah ndeleng tah petinggi
P lurah:mosok iyo aku seng keliru wong yo seng laporan yo wargo iku
Mbok:kok iso se sarip nglakoni kadhos ngoten niku kulo niku mboten semerap lek
pengaweane sarip iku maling,lawong bendinten lare niku mboten nate wangsul,lhawong lek
wangsul sak nyuk balek malih sak nyuk ados wanton niku budal maleh lek kulo rasak rasak
aken mboten krasan ten ngriyo ngih kulo ngapunten lek ne sarip salah
P lurah:lo lek aku ngunu ku gak popo mek teros pekoro pajek iki lo aku kudu yokpo nang
ndoro gubernemt lek per koro sarip iku maleng aku sek iso ngatasi nang wargo lek nang
guberment ikulo aku kudu yok nopo
Mbok:lha ngeh niku kiranggan,kanjengengan niku lahnopo nangis
P lurah:aku iki nagih pajek ngalor ngidul ora di bayar terus laporan ku nang ndoro
guberment kudu yokopo maro meneh aku medayoh aku iki gak kok gaek no wedang…..aku
iki yoo ngelakk….
Mbok:oalah pak lurah pak lurah lha sampean rene kate njalok wedang tok tah ngono katek
nanges barang isin isini
P lurah:lha yok opo timbangan e aku nagih pajek ora dibayar njok kopi ora dikek i tambah
kok ilok no isin isini wes ngene ae lek sarip mulih kandanono lek maeng tak golek
i,kandanono lek aku rene nagih pajek e tambak.yowes lek ngono aku tak moleh
Mbok:ngih gus petinggi,yok opo arek iki kok iso ono kedadenan koyok ngene arek kok
sennegane ngarai pikiran e wong tuek
Sarip:mbok…aku moleh mbok…

Sarip:ono opo mbok riko nangis,sopo seng ngarai riko nagis ngomong o mbok,riko ojo
meneng ae
Mbok:ora rep
Sarip:lha riko nagis,nagis i opo
Mbok:ngene lho rep gus oetinggi iki maeng marani nang omah wong e rene nagih pajek
Sarip:terus riko njawab opo mbok
Mbok:yo aku opo rep seng tak gae mbayar wong beras beras yo entek,yo tak semayani tok
(Sarip mbuka buntelan
Sarip:yowes iki mbok kenek kok gae jagan tuku beras mbek lek onk gus lurah iki kek no
Mbok:aku emoh,aku emoh rip
Sarip:lha riko lapo emoh mbok timbang riko digae tangis koyok ngene
Mbok:sakdurunge,aku kate takon nang awkmu rep oleh tekok endi awakmu iki
Sarip:aku mari oleh rejeki mbok
Mbok:rejeki oleh tekok endi iku rep,opo koen maling
Sarip:ngene mbok,aku maling ora tak gae dewe,seng tak maling yo guduk wong cilik aku
njukuk,aku maling barang e guberment.oleh e maling tak dum ne nang wong cilik,wes riko
ojo mikir akeh akeh lek ancene koyok ngungu yo wes mbok riko ndek omah ae lek ono seng
ngolek i aku ngomong o gak eroh
Sarip:yowes mbok pangestune yo mbok
Mbok:oalah yowes rip seng ati ati yo le

Babak4

H ridwan: nandi arek iki maeng lahh kok durung mulih tekok pasar,, tak kongkon ngolek i
sarip iki petuk tah ora?katek iki maeng diundang pak petinggi kongkon nng omah ee, jam
piro iki ws an (melihat jam tangan) loh lawong aku gk nggae jam tangan kok iso ndelok ii
tangan ii lalapo see.
(Saropah datang)
Saropah: pak…..3×
H ridwan: ehh dowo umur ee arek iki
Saropah: aku nggolek i cak sarip ora petok, wes mubeng-mubeng teko pangkalan cikar gk
petok, petok cak paidi karo pak karno iki maeng jare ora petok blass, malah ketemu pak
lurah. Pesen e pak lurah iki maeng sampean dikongkon cepet-cepet nang omah e, wes
dienteni ndek omah ee iki maeng.
H ridwan: yo wes lek ngono bapak tak budal, iki maeng ora budal- budal mek ngenteni
awakmu tok, bapak maeng nggodok banyu lo ndok, ojo lali patenono
Saropah: enggeh pak. (sambil masuk kedalam)

Babak5

Karno : (jula-juli dodol dan persiapan dagang)


Karno: laa iki seng digolek ii teko, kon iku teko ndi ae se rip digolek ii wong sak kota
madiya kok ora ketok blass.
Sarip: ora teko ndi-ndi, wong aku teko omah, sopo ae pak no sing nggolek ii aku?
Karno: saropah iki maeng rene nggolek ii awakmu, petinggi liwat pesen lek petok awakmu
kongkon ngandani.
Sarip: elaiyo, dungaren kok sepi warung ee riko iki?
Karno: haaah bendino yo wes ngeneki rip, di syukuri ae.
(Paidi teko)
Paidi: tibak e ndek kene.
Karno: ohh koen di, oleh penumpang akeh aa?
Paidi: ohh yo lotong, seng penting lak halal aa, lak ngono aa kang no.
Karno: oo yoyo di, penting awak dewe obah karno wong obah mesti oleh upah, maringono
maneh di yo iki seng di arani berkah.
Sarip: ehemmm, lek proso riko kang no, lek ws ngarani berkah, nganthek nang juragan i
barokah ta ora?
Karno: yo ora rip lek prosoku.
Sarip: emmmm……..
Paidi: kok nyandak nganthek nang juragan, coro ngalamono manut karo juragan lak yowes
kewajiban ee anak buah aa kang no, mosok ngonoku di arani nganthek, timbangan e ngepek
barang ee uwong lueh apik endi kang no?
Karno: yoyo see di.
Paidi: loh koen ta rip, sek urip ta koen iki?
Sarip: la matamu aa di, lawong sek ambekan ngene kok, lakon yokpo sek urip aa
Paidi: yo sek urip see rip, kon sek pancet maling aa?
Sarip: kon ojo mbiji teko maling ee di, tapi bijien teko uwong seng paling beneh ndek kene,
la kon yokpo sek pancet nganthek a?
Paidi: kon ojo mbiji teko nganthekku rip, wong sing paling mituhu nang juragan yo mek aku
tok iki, tak rungok-rungokno omonganmu tambah sue kok tambah manasno kuping
Sarip: lalek wes panas mbok to tuku baby-baby fever kono di
Paidi: tak rasak-rasakno tambah tuek sue-sue tambah goblok, omonganmu mbok seng
menakno silit (sambil ngebrak meja)
Paidi: krungu-krungu koen jagoane kulon kali, lek jeneng ee jagoan ora menang ndek
cangkem tok rip
Sarip: lalek koen ae opo se di, njaok tak apakno, njaok tak remek ngeneki a(sambil ngremet
kerupuk dalam black)
Paidi: hahaha lek atasan ee koen ae yo tak lalap ta (sambil makan gorengan)
Karno: rek arek-arek, aduhhhh daganganku ajor-ajor, rodok nyisih oo rek lek geger, rodok
nyisihhhh konolooo (ekspresi sedih)
Paidi:lek ancene koen jagoan ayo dimarekno ndek njobo
(adegan gelutan paidi dan sarip,sarip kalah)
Karno:di….di….di…..kok iso kok pateni iku lo
Paidi:riko wes gausa kakean cangkem,riko gelem duek tah ora
Karno:sopo seng gak gelem duek di,yo gelem se
Paidi:wes lek ancen riko gelem duek,nyo iki tampanono(mengasihkan uang)
Karno:biyohh…kok awmu dungaren benehmen
Paidi:pompong aku nari oleh rejeki,wes duek wes kok cekel saiki tugas e riko aku gak eroh
yokpo carane,buaken mayit e sarip buaken karep e riko
Karno:di emoh di aku di.. wes tak balekno duekmu
Paidi:oraiso duek wes kadong kok cekel,riko kudu tanggung jawab
Karmo:duhh emoh aku…..
Paidi:wes tak ginggal aku tak laporan nang ngone juragan.
Karno:duh kokpo se arek iki rekk…

Rakyat1&2:kang no mangaan…
Karno:koen wong loro teter mangannn tok ae wes ngene koen ngkok tak kek i mangan gratis
tpi ewangono aku.
Rakyat1&2:wah cocok.kok kongkon ngewangi korah korah….rejek rejek….tah kok
kongkon lapo
Karno:godong gedahang iko tulong guak en nang kali iku lek gak gotongan ora iso
Rakyat1:duh pengawean ngene ae,godong gedhang dijunjung bareng
Karno:wes a wes ojo kakean kesuen
(Rakyat 12 mengangkat mayit sarip)
Rakyat2:kok abot,opo e pak no iki
Karno:ngriwis,koen mangan tah ora
(Godong gendhang mlorot)
Rakyat2:jabang bayi…. Opo iku pak no…
Rakyat1:opo e sopo iki
Karno:e…m….ma..y….i…yi paten t dibaca
Rakyat12:mayit
Karno:pintar besok masuk pagi
Rakyat12:terimakasi pak no
Karno:d…i..di b…u….bu…w….a….wa paten ng dibaca
Rakyat12:dibuang
Karno:pinter,ayok cepat
Rakyat1:emoh ora melok mateni,riko seneng lk aku melok dadi tersangaka
Karno:sudah mau makan tidak
Rakyat2:heeh..pak no makan
Karno:sudah sana cepat
Rakyat12:duh….sarip i
Rakyat1:wes ojo kesuen tutup ono ndang dibuak,yqng penting makan(sambil berlalu
mengangkat mayat sarip)
Karno:pompong gorong kadong,awak tinggal resiko tutup ae warung iki
Babak6

P.Lurah :Buk…aku moleh buk…nandi arek iki.Uhuk.uhuk..hem!! Tak rasak-rasakno


urip tambah suwe tambah soro. Umur tambah tuwo gak tambah enak!! Opo maneh dadi
Lurah koyok aku iki.!! Sak ben ndino disambate penduduk wae isine.!! Sing njaluk beras.,
njaluk lengo gas.. sampek tekan njaluk bawang- brambang.!! Ngono yoo mentolo njaluk
mrene.!! Dipikir Pak Lurah iki bakulan nang pasar tach.!!
B. Lurah : Iki lho Cak wedhang kopine..!! Ndang diombe.!! Ora usah kathek dideleh.!!
Ngekok koyok wingi..!!
P. Lurah : Koyok wingi opoko..?!
B. Lurah : Wedhang sampeyan ombe oleh separo..Terus mbok dekek ndukure mejo gak
mbok tutupi. Yoo.. disruput karo cecek separone.!! Ngono yoo isik wae sampeyan ombe
sisane.!!
P. Lurah : Mangkane kroso gurih!! Lha wong katutan tak elek sak cecek-ceceke sing
kecemplung njero kopi !!
B. Lurah : Pancene sampeyan ngragas Cak.!!nganu cak iku maneng ono wong ngeterno
surat mrene
Pak lurah :surat opo?tekok endi?
Bu lurah :tekok ndroro kompeni,jre riko dikongkon rapat
P lurah :oalah iyo wes deleh en kono,jampiro rapat e ikulo
B lurah:jare dino iki cak,tapi emboh maneh
P lurah:laiyo iki maeng kaji ridwan wes rene dorong buk?
B lurah:durung ono wong rene i cak la riko iki maeng tekok endi se
P lurah:laiyo ndro kompeni iki lo ngongkon aku narik pajek nang deso tambak so wes salah
e mokong mokong angel atur aturan e
Blurah:lha ngunuku riko kok gelem ae wes eroh wilayah e dewe gak mari mari ngono
ketambahan deso ne wong liyo,kate goelek opo riko?golek loro a?
P lurah:lha dikongkon mosok ora gelem ngunuku minongko tugas
B lurah:wes ngunuku riko ora kenek di eman
P lurah:lha yoiku ngene maeng nagih omah e sarip mek petuk mbok ne tok,kate nagih gak
mentolo terus aku kate njalok nang sopo iki
K.ridwan:kulo nuwun
P lurah:terus nginiki njalok sopo
P ridwan:kulonuwun
P lurah:laleh koen njalok koen njalok sopo,wong aku iki maeng njalok sopo
Ridwan:kulo iki medayoh lo iki
P lurah:medayoh kok ora duwe atuan.ono wong medayaoh kok pas wong mumet.
Ridwan:trose kulo kengken mriki
P lurah:ohiyo se… aku lali..
P lurah:buk..bukk.. jopokjopok no cepak cepak no ndek muri iko buk..
Bulurah:jokok no opo pak? Wong ndek mburi gak ono opo opo kok iso cepak cepakno
ndemburi ikulo
P lurah:haduhhhh…. Ojo ngisin ngisini cepak cepakno opo tah opo konolo mosok petinggi
gak due opo opo lak hilang wibowo ku hahahaha
Bu lurah:lha opo pak opo wong ndek mburi ora ono opo opo ikulo
P lurah:lha buding buding lak ono se
Ridwan:punn.. mboten usah repot repot,timbang mgane sampean beleeh wong sampean
cepak i celurit pun mboten usah repot repot.pun perlune sampean kenhken mriki sampean
kengken lah nopo
P lurah:oh iyo.. lali aku aku mariki kate nang ndoro kompeni.aku oleh laporan jare tambak
seng kono sebelah e kali surat e dobel.awmu kongkon ngadep nang ndoro kompeni,tambak
seng kok rumat ikulo
Ridwan:loh..kapan iku?
P lurah:aku iki mariki kate budal mrono.opo koen bareng aku?
Ridwan:ngih mboten nopo lek kajeng e budal mariki
P lurah:yowes lek ngono ayo budal..
P. Lurah :Wis yo bun e aku tak budal sak iki koen nang omah wae.!! Aku apene budhal
maneh.!!
B. Lurah : Apene ocol nang endi maneh sampeyan iku.??
P. Lurah : aku ambek kaji ridwa tak ngadep nang ndoro kom0eni disek
B. Lurah : Oaallaaah.., sing ati-ati Cak..!!
P. Lurah : Yoo wis., aku tak budhal sak iki.. Engkok selak kebengen.!!
B. Lurah : Ati-ati yoo Cak.!! Dungo slamet wae. Oalaah saknone bojoku.
Abot-abote nyambut gawe dadi
gedibale Kompeni.... Wis timbangane pikiranku ora karuan....
Tak terusno penggaweanku sing nang mburi. Olehku umba-umba mau isik durung mari

Babak7

Mbokne sarip:oalah…nginiki mbumbah dewe.lapo lapo dewe sarip iki yo ora tau sobo
omah.sobo omah liyane teko budal maneh teko budal maneh opo oamh iki diangkep
homestay.ngene mbombah gak mari mari iki banyu sue yambah sue kok tambah abang
mosok klambiku seng luntur.sek se tak dilok e se tak turut e ono opo iki
(Mbokne nurut kali)loh kok koyok getih ngene(mengambil air dan mencium air)amis i,lah
ilah… opo iki…aduh…mosok kerek?kerek e sopo iki kedelep iki?loh uwong tibak e,aduh…
mayit e sopo iki diguak ndek kene iki?loh…koyok klambine
sarip.lohh….sarippppp…..saripppppp oalah anak ku saripp…. Tangio cungg…
Sarip:lapo mbok riko nyelok aku
Mbok:koen kenek opo nak
Sarip:aduh mbok kenek opo iki aku?
Mbok:aku iki maeng kok koyok nguwasno awmu kambng kemampul gubrah getih kenek
opo? Ceritane iku yok opo?kepreset?tibo?opo kenek opo?
Sarip:bangsat lek paidi,aku iki maeng geger karo paidi.
Mbok:lah koen iku geger opo?
Sarip:meneng meneng aku diarani maling ora eroh jelundru ne sopo seng gak loro ati lek
diarani maling
Mbok:lha koem iki maeng diapakno?
Sarip:aku iki maeng geger….gelut….terus ndas ku dianteng kari jagang baceman
Mbok:awmu geger ndek endi?
Sarip:ndek warung e kang no kate mangan gak enak mang perkoro kenek omongane paidi
Mbok:dadi iki maeng durung kober mangan tah nak?
Sarip:aku wes wareg kenek omongan e paidi dadi aku durung kober mangan mbok.lha riko
lapo mbok ning kene?
Mbok:oalahh.. iki maneng aku mbumbah tak kiro klambiku iki lontor tibak e tak wasi kok
ono awmu ono kono
Sarip:lha riko iki wes mari op gurung riko mbok?
Mbok:yowes mari rep..
Sarip:yowes mbok riko ndak cekat ceket o moleh dungakno aku tekok omah yo mbok.tak
golek ane paidi
Mbok:koen kate lapo repp
Sarep:wes mbok dungakno aku slamet,wes pangestonon aku yo mbok
Mbok:oalah..yowes lek ngunu seng ati ati yo rep
(Mbokne sarip muleh)
Sarip:bangsat lek paidi kok kiro aku wes kalah ojo celuk jeneng e sarip lek diantem jagang
baceman sarep iso mati ikilo entenono saripp seng teko di….

Babak 8

Paidi:loh koen rep


Sarip:hehehe…..kaget koen di
Paidi: kok sek urip koen
Sarip: lalek kadare jagang baceman ae yo ora iso mateni seng jeneng ee sarip lek
perlu…koen due jurus opo kesekten opo tok no kabeh lek musuh sarip
Paidi: sitak ee koen kok koyok kucing rip, dobel nyowomu
Sarip: wess ora kakean cangkem, lek ancen koen temenan sakti,ayo kene gelut maneh karo
aku.
(Sarip dan paidi bertengkar paidi kalah)
Sarip : lek kadare ngene ojo diceluk sarip, mbok masio paidi 1 2 3 sampek sewu legane ati…
kene majuo musuh sarip. Lek ambek sarip utang bondo bayar bondo lek utang loro bayar
loro lalek jenenge utang pati yo kudu dibayar pati…
(Sarip berpapasan dengan rak dan yat)
Rakyat 1&2: lohh sa….sa….sa…..sarip. (kaget)
Sarip: opo?? (Sambil out frem)

Rakyat 1: loh la iki maeng sarip, laa seng awak ee buak iki maeng sopo?
Rakyat 2: halah babah ws paling oo medine, ayo wes ditutukno keliling
Rakyat 1: yowes ayo (lalu tersandung mayit paidi)

Rakyat 1: atohhh hiyongg… ( tersandung mayat paidi)


Rakyat 2: sopo yamene turu ndek kene iki, jan koyok ora ono kasur ae ndek omah e
Rakyat 1: ngaworr….wong turu kok ono getih e, delok en taa (agak ketakutan)
Rakyat 2: se tak delok ee (sambil memegang darah paidi lalu di cium) lakok amisss ( lalu
mayat paidi di balik) wehhhh…. Paidi… maeng sarip saiki paidi, yokpo iki rakk.
Rakyat 1: haduhhh yokpo yoo, wess ngene ae yat, timbang kene wong 2 dadi tersangka
karena mayat iki maeng wes ono barang bukti sidik jarimu…ndang-ndang ngaleh aee, moro
ayo kondo nang pak lurahh, pak lurah iki mumpung rapat mbek ndoro gubermen menisan
laporan nng ndoro gubermen
Rakyat 2: la mayat ee paidi iki yokpo, mosok di tinggal ndek kene
Rakyat 1: ayo diengger no ae gowo mrono (berbicara sambil bergerak memindah mayat
paidi), ws ayo cepetan yat
Rakyat 1: sek-sek rakk… wee (habis menaruh mayat paidi in frame lagi ambil kebingungan)
Rakyat 2: lapo manehhh kon ikuu.
Rakyat 1: kentongankuu nandii yooo?
Rakyat 2: la matamu aa, ikulooo
Rakyat 1: ohhh iyooo, wess ayo
BABAK 9

(Mener masuk bersama prajurit dan lurah noto gedangan baris berbaris)
Mener : and kamu berdua vagaimana dengan vekerjaan you ? and bagaimana pekerjaan
kamu kapten?
Kapten : begini mener pekarjaan semua sudah beres ,pleton pleton sudah siap, ketika mener
menginstruksikan berangkat, kita sudah siap
Mener : ehh bagus bagus , kamu memang kapten kepercayaan saya, saya tidak mungkin
salah memilih orang , and kamu kopral bagaimana dengan pekerjaan mu ?
Kopral : and pekerjaan and saya and sudan and entek
Kapten : kon lapo e tiru tiru kapten, ngomong kakean and iku lah taek a
Kopral : and saya kepingin jadi mener
Kapten : lah raimu rai jowo ngomong koyok mener, jowo meniren a kon
Mener : eii sudah jangan bertengkar kalian berdua, daripada kalian saya bedil, and kamu
lurah noto gedangan bagaimana pajak yang kamu tarik?
Lurah noto gedangan : sampun ndoro , sampun rampung babagan narik pajak sampun beres,
mboten sampun enten seng brendel , setoran pun jangkep
Mener : and kamu lurah orang yang bisa saya percaya, and ini semua laporan sudah masuk,
tinggal desa tambak oso saja yang belum laporan dan belum setor pajak ke saya,gimana
lurah tambak oso ini hahh?
(Lurah rabi lowo datang)
Lurah rabilowo: Tok…tok…tok..tok.. nyuwun sewu, kulo seng rawuh ndoro
Mener: and siapa kamu orang hehh?
Lurah rabilowo: seng gorong kenal kenalno aku, yo aku iki, lurah rabi lowo hahahahaha
Pak haji : kok iso lurah rabi lowo, jenenge riko iku sopo?
Lurah rabilowo: lurah bintoro
Pak haji: riko iku mang gak ngomong ngono. Lurah rabi lowo
Lurah birowo:loh kliru ,lurah abi rowo
Pak haji :Riko mang gak ngomong ngono
Lurah birowo :loh kliru, lurah abi rowo
Pak haji : Age ngomong o kliru
Lurah birowo : hehehehe kuko seng rawuh ndoro
Mener : and kamu lurah yang narik pajak di desa tambak oso ehh, gimana laporanmu ehhh?
Lurah birowo : nganu ngalunten ndoro kulo sampun dugi desa tambak oso sedaya sampun
kulo tarik
Mener : bagus bagus bagus
Lurah birowo:tapi kangtun setunggal seng tarik tarikan e angel
Mener : and siapa orang itu , kenapa dia tidak bisa bayar pajk ehh
Lurah birowo : nganuu sarip
Mener : kenapa sarip ehh, tidak mau ditarik ehh?
Lurah birowo : sarip niku mboten griya, benkulo narik niku sarip mboten enten
Mener : tidak kamu coba tarik lagi ehh
Lurah birowo : sampun ndoro sampun
Mener : and kamu tidak becus ehh, kamu saya kasih tugas kok gak beees, jadi lurah kok
goblok ehh
Lurah birowo : enhh sak goblokan a ws, biyen prosoku dadi petinggi iki sekolah, tapi kok
sek di goblok goblokan, padahal bien sekolah ipku akeh o, ono seng pujon,ono seng ndesel,
ono seng pandan, ono seng temas,ono seng jurangkuali
Pak haji: ip opo iku?
Lurah birowo : yo dulur ip iku
Pak haji : duduk dulur iku, ip ku biji .goblok riko iku
Mener : and kalian berdua datang kesini malah rame, dikasih tugas tidak becus semua ehh
goblokk , and kamu satu orang lagi sama lurah birowo siapa kamu hehh?
Pak haji ; kulo kaji ridwan
Pak lurah birowo : nggeh niki lurah e sarip
Mener : ohh kamu pamannya sarip ehh, kamu tidak mau membayar pajak and kamu kondo
kalo tidak mau bayar pajak sarip kamu saya bedil
Pak haji : lah seng dereng bayar niku sarip, nyapo samean bedil kulo

Rak dan yat datang


Rakyat 2:pak petinggi pak petinggi… ndoro mener …ndoro menerrr kawatt kawattt
Rakyat 1:gawattt kok iso ne kawatt
Mener : and siapa dua orang ini datang bengak bengok?
Kopral: hayo hayoo sopo kon sopo kon.
Rakyat 2: anuuu kawat niki kawattt
Pak lurah gedangan: opo kon iku kawat-kawat, laporan ssng genahh
Rakyat 2: anuu darurat niku loo
Rakyat 1: kon iku ngomong yoo kliru, gawat kok dadi kawatt
Mener: and apa yang gawat hee, and kamu laporan ora jelas takk dorr kamu
Pak lurah abi lowo: sitakne londo siji iki kakean darr dorr darrr dorr ae
Lurah Noto gedangan: lahyooo
Rakyat 1: anuu…. Niki wau kulo pas patrol mubeng kampung anuu…
Mener:And kamu kalo ngomong ona anu tak dorr anumu..
Lurah abi lowo: dorr manehh…
Rakyat 2: Dados ngeten ndoro niki wau kulo semerap tiang pejah ten embong tapi kulo
mboten semerap seng mateni sintenn
Lurah abi lowo: Lah seng mati iku maeng sopo?
Rakyat 1&2 :PAIDI…..
Lurah abi lowo: Lah seng dipateni?
Rakyat 1&2:Nggeh paidii
Lurah abi lowo: oh brati onok loro paidi
Rakyat 1: lohh mboten ngoten seng mati niku nggeh paidi
Lurah abi lowo: loh laiyoo sek ta tak takoni seng mati sopo
Rakyat 2: loh lah nggeh seng mati niku paidi
Lurah abi lowo: seng dipateni?
Rakyat 2: nggeh paidi
Lurah abi lowo: lah iyo paidi dadi onok loro
Mener: and kamu berdua kalau bengkerengan takk dorr kamu
Lurah abi lowo: Hmmm dor manehh,teter dorr ae se rek
Mener:kamu kalau mau buat laporan yang jelas hee gimana itu sampe ada orang ditengah
jalan siapa tadi namanya hee
Rakyat 1: lah nggeh niku paidi lare etan kali nikulo seng biasane narik dokar
H ridwan : lohh.. paidi kusirku?
Rakyat 1: nggeh bah, niki ngeten kulo ceritani rien sak derenge paidi mati lah wingi sorene
kulo dikandani pak karno lek paidi geger karo sarip,tapi kulo ningali semerap sarip niku mati
terus niki wau sak derenge kulo nemu batange paidi kulo niku petuk sarip mosok ghost
Rakyat 2: ghost opoo
Rakyat 1: gosokkk
Lurah abi lowo: koen iku lek laporan seng genah tala rek kok iso njok gosok ikulo
Rakyat 1: lah nikulo ghost hantu nikulo
Lurah noto gedangan: yo ngono lek laporan seng genah
H ridwan: lah niki loh ndoro mener ,pak petinggi,sak jane niku sanes hantu sanes mendine
sarip niki genah kesaktian e sarip kulo saget nyimpulaken seng mateni paidi niki sarip
Rakyat 1: sarip niku waktu niku kulo semerap kiambek sarip niku mati,nikilo geteh tok
H ridwan: sek tah tak jelasno,sarip iku mati peng piro ae sek iso orep maneh
Mener; and sebentar ridwan kok bisa sarep ,bisa hidup lagi gimana itu ceritanya?
H ridwan: lah sarep niki lak pun mati terus mireng suarane mbokne niku saget orep male
ndoro
( kabeh selain mener: ohhhh)
Mener:and terus gimana kalau sarep mau kita tagih pajeknya kalo sarip orangnya sakti hee
Lurah abi lowo: waduh ndoro lalek kulo seng nagih kulo mboten wantun niki
Mener: and gimana ini ridwan apa ada solusi buat narik pajek mboknya sarep kamu yang tau
dan kamu keluarganya hee
H ridwan: ngeten ngetenn sak sakti saktine sarip sak hebat hebat e sarip,sarip niku wonte
pengapesane
Mener: and apa itu pengapesane sarip?
H ridwan: lah pengapesane sarip niku lek mbokne mboten saget nyeluk jenenge sarip
Mener : and terus gimana untuk solusinya hee
Lurah noto gedangan: dadi mbokne seng kudu dipateni niki..
Mener: and kalo begitu kamu lurah noto gedangan saya tugaskan untuk mengganti lurah abi
lowo untuk menagih ke rumah sarip,kalo nanti enggak dibayar pajeknya bunuh mboknya
sarip
Lurah noto gedangan: sendiko dawuh ndoro lek ngoten mboten usa kesuwen kulo nyuwun
pamit kulo tak berangkat sak niki
Mener: yahh kalo begitu kamu yang hati hati he cepat berangkat dan bereskan permasalahan
ini
Lurah noto gedangan: nggeh kulo nyuwun pamit( out frame)
Mener: and kamu lurah abi lowo selesaikan tugasmu yang belom selesai,selesaikan tugasmu
dan segera kembali kesini
Lurah abi lowo: nggeh ndoro kulo nyuwun pamit( out frame)
H ridwan: kulo nggeh nyuwun pamit
Mener: heehh hati hati dijalan,ridwan nanti kalo sarip mati kamu dapet hadiah dari saya hee
H ridwan: dohh mati sembah nuwun ndoro
Lurah abi lowo: ayo wess…loh lakon lapo rek ndek kene yo ayo tut no aku
Mener: and kamu berdua saya tugaskan untuk mengawal lurah noto gedangan kerumah
mboknya sarip
Kapten and kopral: siyappp 86( sambil hormat dan menghentakkan kaki)
Mener: sudah cepat berangkat,saya akan mengurusi batalion lain untuk latihan hari ini,
jangan lupa tutup gerbangnya

(Out frame semua)


BABAK 10

Mbokne sarip: mugo mugo genok popo ambek sarip,ngalor ngidul kok digolek i uwong
ngeneki aku wes ndek omah dewe kok kepikiran aku mbek arek iki
Lurah noto gedang: ripp… saripp… ,nandi sarip mbok aku mrene dikongkon ndoro
gubermen gawe narik duwek e pajek
Mbokne sarip: loh… narik pajek.
Lurah noto gedangan: yo… narik pajek,nandi sarip ikii….
Mbokne sarip: pirang pirangane ndino sarip iki ora mulehh
Lurah noto gedangan: lah riko yokopo dadi makne, kok ora entos lek gak iso dadi mak mbok
leren dadi mak..
Mbokne sarip: lah terus yoknopo kulo niki mboten semerap..
Lurah noto gedangan: ngene ae wes lek pancen sarip genok ndek omah,pajek bayar oo
Mbokne sarip:adohh gus lurah dereng nggadah
Lurah noto gedangan: dereng nggadah..dereng nggadah yokopo maksut riko
Mbokne sarip: dereng wonten seng ajenge kulo bayar
Lurah noto gedangan: riko ojo nggetoki teter ditagih dereng nggadah dereng nggadahh (
mbokne sarip dilempar ditanah dan jatuh tersungkur)
Mbokne sarip: oalahh nggeh gus lurah,nggeh ngapunten dereng nggadah
Lurah noto gedangan: dereng nggadah dereng nggadah ( sambil menendang mbokne sarip)
Iki a seng kok.jalok due anak goblok ora entos nuturi ,ora entos ngandani
Sarip: mbokk mbok… aku seng teko mbokk( datang sambil melerai lurah noto gedangan dan
menendang lurah noto gedangan menjauhi mbokne sarip),riko lek wani ojo mbarek wong
tuek,riko rene butuh e nggoleki sopo
Lurah noto gedangan; nggolek i awakmu,lalek awakmu gak onok terus yokopo..
Sarip: lek riko ncene butuhe karo aku,yo golekono aku lapo.riko nandangi mbokku,riko rene
butuh e lapo?
Lurah noto gedangan: aku mrene nagih pajek dikongkon mbarek ndoro gubermen,awkmu
ditageh pirang pirangane wulan ora onok ndek omah
Jare awkmu mari mateni paidi,koen dadi warga mbok seng genah wes gak gelem mbayar
pajek nggawe kesroh ndek kampung wes bener a koen iku
Sarip: angur ndi,ora mbayar pajek opo mbarek kompeni terus babagan paidi iku lek urusanku
lapo riko melok campur lek ancen riko gak trimo kene mungsuh sari riko wes ngelarani
mbokku utang loro dinayar loro ( langsung nyuduk lurah noto gedangan)
Lurah noto gedangan: aduhh lek koen ancene bangsat rip,titenono koem bakal dipateni
mbarek londo
Sarip: mbok riko gak popo mbok?
Mbokne sarip: gakpopo lee
Kapten : he sarip kamu sudah membunuh lurah noto gedangan,kamu harus saya bawa ke
tuan mener untuk diadili
Sarip: cacak cekelen sarip lek iso
Kapten: kalau kamu tidak mau dibawa akan saya bunuh ditempat( sambil menembak sarip)
Sarip:mbok riko ngadek o mbok…gaonok ceritane sarip ora mbelani wong tuwek opo maneh
mungsuh mbarek guberment lek ancene mbok ne sarip diarani sarip bakalan gak terimo
polah e riko seng ngedekno aku mbok.tekok cilik sampek gede coro bondo iso tak ijoli ning
siji seng gak iso tak ijoli banyu susu riko aku gak iso ngregani lan sampek mati aku ora iso
ngijoli mbok.

Anda mungkin juga menyukai