Anda di halaman 1dari 9

SARIP TAMBAK OSO

Jula juli : Aku biyen nduwe konco matane sipit anak e limo..

Teko adohan koyo sugito lhakok dicedak i untune maju limoo..

Mongko konco kito saksikan ludruk sarip tambak oso..

Junaidi mari teko sawah mlaku arep balek mulih ning dalan ketemu cah wadon desa sing
ayu. Dasare junaidi iku senengane gudone bocah wadon kang ayu.

Junaidi : Weleh weleh cah ayu ape ng endi??

Markonah : Ehh mas juned, aku arep ng pasar mas

Junaidi : Kok dewekan to dik, ayo tak antar ben enek sg jagain sampean

Markonah : ogak mas, engko aku diseneni bojone sampean aku budal dewe wae

Junaidi : Ora ora bojoku sibuk ng dapur lan bojoku kuwi gak masalah nk aku cedak karo
cah cah ayuu pokok e loossss...

Lagek ape melangkah bojone Junaidi teko

Sumini : Oo... ngono yo mass, aku kesel ngenteni ng omah nunggoni sampean gak mulih
mulih, lha kok sampean enak enak an ng kene godoni cah wedok

Junaidi : Ogak ogak sayang iki aku arep muleh kok, kimeng ng sawah macet ape muleh
dadi suwe perjalanane

Sumini : Macet opo, mosok enek ng sawah ape mulih macet sg enek sampean kecantol ng
kene goro goro enek cah wedok ayu.

Bakul capar sg mlaku teko arep dodolan capar. Ngerti enek sg tukaran bakol capar
ngampiri wonge

Bakul Capar : Hellooo Jengg... iki enek opo to kok tukaran, ojo tukaran panas panas
engko mataharine ceblok ng kene nk podo tukaran. Wes damai damai, mending dari pada
tukaran sampean tuku caparku waee. Sipp capare

Junaidi : Bakul kok bakul capar, nk ape dodol capar yo komplit karo blonjone, nk capar
tok dinggo opo..

Bakul Capar : Lhooo sampean ojo meremahkan caparku lo yaa, aku dodolan capar i enek
fungsine sg sangatt bermanfaat kaggo kesejahteraan keluarga

Sumini : Opo to manfaate kok sampek kanggo kesejahteraan keluarga bereng

Bakul Capar : Capar iki apik kanggo menyuburkan kandungan, dadi suami istri koyo
sampean iki kudu mengonsumsi capar ben kandungane sampean subur, ben anak e
sampean akeh koyo keluarga halilintar dadi sampean iso bahagia lan gak tukaran wae
Sumini : bahagia opo katok ngerumat anak, anak siji wae ws cukup

Junaidi : Kok siji to sayangg aku pingine 12 ben nk tuku mobil langsung sg gede ogak sg
cilik cili

Sumini : Tuku mobil opo wong aku jaluk nukokno skincare gak mbok tukokno

Junaidi : Lho sok nk anak e kene 12 iso tuku truck to elep ben ketok gede. Sampean i dek
gk usah skincare i ws ayuu koyo rembulan di siang siang

Sarip teko ngampiri Junaidi arep dijak ng oamhe belanda

Sarip : ned junaidi we ki lo ng ndi tak golek i teko pucuk etan sampek pucuk kulon gak
enek lha kok ng kene

Junaidi : Ono opo to rip we ki ngganggu quality timeku karo sayangkuhh

Sarip : kowe arep tak jak golek amal yaiku nyolong

Tiba tiba torik muncul teko ngguri lan dawuh

Torik : Astaughfirullah rip, iling “Laki-laki yang mencuri dan perempuan yang mencuri,
potonglah tangan keduanya (sebagai) pembalasan bagi apa yang mereka kerjakan dan
sebagai siksaan dari Allah. Dan Allah Maha Perkasa lagi Maha Bijaksana” (QS. Al
Maidah: 38).

Mari ngunu torik langsung sluntu sluntu mere’

Junaidi : Iyo rip kowe ws gak wedi doso to piye kok ngajak maling, mending ng sawah
wae nandur jagung

Sarip : Ki maling ora sembarang maling iki demi kesejahteraan bersama. Ayo maling ng
omahe londo, ng kono barange akeh lan nk di dol regane larang

Junaidi : Mohh kok podo karo bunuh diri, mending aku ng omah sayang sayangan karo
bojoku

Sarip : Lehh we kudu melok, ki demi kesejahteraan bersama. Engko hasil malinge kene
ayo dibagikno ng penduduk. Kowe gk ngesakno penduduk ben mingu dijaluk i pajak karo
londo. Dadi awak e dewe iso bermanfaat kanggo wong liyo

Junaidi : Oalah yo wes nu ayo lets go

Sarip : Lets goo

Omahe Londo

Sarip : Kowe nyolong opo ned??

Junaidi : Lha iki to

Junaidi ngedohno barang colongane yaiku panci, subluk, teflon sg diadahi sak. Ng jero
subluk enek isine sarung, sajadah, tasbihlan ketu
Sarip : Lha kowe ki nyolong ngeneki mbok nggo opo nyolong yo koyo aku delok to
barang barange laang kabeh, lha we subluk dandang ngonoki mbok nggo opo jal..

Junaidi : Lehh we ojo meremehkan barang colonganku iki berfaedah kabeh. Ki panci
kanggo nggodok banyu kanggo kopi pancine bojoku ws bocor. Terus subluk ki kanggo
adang sego soale subluk e bojoku nk dinggo tutupe mencelat, terus ki opo yo jenenge
wajan kok apik e ngene ki aku gung nduwe. Sg gak kalah penting iku.

Junaidi buka tutup subluk lan jupuk barang sg ng jerone

Junaidi : sg gak kalah penting iku iki.. kanggo sholat

Junaidi nganggo sarung, peci, lan tasbihe

Junaidi : piye ws ganteng to aku koyo torik

Sarip : karepem ned ned nduwe konco kok gak full, wes aku ape nggolek barang neh

Junaidi : wes karepem aku ws bar ape mulih ape ketemu sayangkuhh aku ng mah. Byee

Sarip : Bocah gendeng

Sarip terus golek i barang barang ng omahe londo wektu ape kabur sarip tabrakan karo
anak e londo sg jenenge laura. Laura lan sarip kaget lan laura arep tibo tapi ditulungi
sarip, cah loro wi banjur tatap tatapan sampek akhire sarip ngerti nk kuwi londo langsung
mlayu mere. Sarip mulih ng omah..

Sarip : Assalamualaikum buk

Ibu sarip : waalaikum salam rip, bar teko ndi le kok lagek mulih ??

Ibuk e sarip lungguh ng kursi omah

Sarip : Iki buk mari nyolong teko omahe londo

Ibuk e sarip : Ya allah le le, kowe kok nekat men engko nk awakmu konangan londo iso
dipateni awakmu

Sarip : Westo bu gpp, buk e gerah e buk?

Ibuk e sarip : gpp le sirahe ibuk cuma ngelu

Sarip : tak tumbasno obat ng pasar nggih buk, tak bull sekedap

Ibuk e sarip : gk usah le awakmu kesel lagek mulih

Sarip : ogak bu aku strong kok

Sarip ng pasar tuku obat kanggo ibuk e, wektu balek sarip ketemu karo laura sg
kebingungan

Ng pasar..

Bakul skincare : mas saripp sampean gak tumbas skincare iki skincare Licinn nk sampean
nganggo iki kulite sampean glowing koyo wajan sg anyar
Sarip : Gak dek wong aku sabane sawah kok dikon skincarean

Bakul ketan : Mass..saripp rene lo mas ngetan sek ben semangat koyok e kok lusuh
ngunu, rene lo makan ketan sek karo tak nyanyikno

Dina, Erina, Ferdinan tekokaro nyanyi lagu tuku ketan

Sarip : Ogak oggak, aku gak ape golek ketan aku ape tuku obat kanggo ibuk e

Bakul ketan : yo wes nu kapan kapan mampir rene ya..

Sarip langsung mlaku ng gone bakul obat

Sarip : Mbak tuku obat ngelu

Bakul Obat : Ngelu kenopo mas, ngelu perkoro makanan, penggawean to ngelu perkoro
aku..

Sarip : ee.. mboh ketmau bakul ng pasar kok gak enek sg nggenah. Aku tuku obat ngelu
kanggo ibukku

Bakul obat : Ealahh.. yowes enteni sek ya mas sarip.....Niki mas sarip obate diminum 3
kali sehari ya, minumnya sesudah makan

Sarip : Yowes nyoh duwek e matusuwun

Sarippun langsung mulih maringno obat g ibukke, pas teko dalan sarip ketemu cah wedok
sg kebingungan

Laura : dadi dadi dadi , where are you dedi ?


Sarip : kon sopo ? kon sg ng omahe londo dekmau to
Laura : what ? I tidak mengerti bahasa you .
Sarip : kamu siapa ? kenapa kebingungan ?
Laura : I laura , I cari dadi
Sarip : dadi sopo toh ?
Laura : dadi my father , my papa.
Sarip : kulo gak ero, yowes ayo tak anterno mole .

Ng perjalanan laura sambat nk panasen lan sikile kesel


Sarip : Kowe kenopo laura kok koyok e loro ngunu
Laura : I capek kena summer, i nggak tahan
Sarip : Oalah yo wes enteni sek
Sarip njupuk godong gedang kanggo mayungi laura sg kepanasan
Laura : Kamu romance sekali aku melting
Sarip : Iyo awakmu ben gak kepanasan
Laura : Tapi aku sangat tired, I nggak kuat
Sarip : Yo wes ayo lungguh sek ng kunu
Sarip lan laura lungguh ng kursi kayu. Laura lan sarip koyo nduweni roso tresno
Laura : Emm.. what your name, dari tadi you nolongin me, but I dont know your
name
Sarip : Jenengku sarip
Laura : oh sarip nice to meet yo rip
Sarip : opo iki
Sarip lan laura tatap tatapan
Dina lan erina teko nyanyi lagu india lan nari india. Terus ws bar balek maneh
Sakwuse dina balek

Laura : Sarip I mau tanya sama you


Sarip : Sampean arep tanya opo ra
Laura : Yerterday you di rumahnya dadi ngapain?
Sarip : Dek wingi aku mencuri ng omahe dadinem. Kenopo opo kamu ape lapor ng
dadinem?
Laura : No, sarip. I nggak akan bilang kepada dadi, I nggak mau you kenapa kenapa
Sarip : Laura aku i gak seneng karo dadimu soale dadimu iku nyengsarakne
penduduk iki, lakune dadimu iku olo ojo ditiru
Laura : Iya sarip
Sarip : Laura aku tresno karo kamu
Laura : What tresno.. tresno lurah sini
Sarip : Ogak laura, aku cinta karo kamu...
Laura : You love me??
Sarip : iyo laura, aku love awakmu wektu pertama kali ngerti awakmu
Laura : Sebenarnya I juga love with you
Sarip : Yo wes ayo tak terno mulih

ً ‫س ِّب‬
torik teko lan dalil ‫يل‬ َ ‫احشَةً َو‬
َ ‫سا َء‬ ِّ َ‫الزنَا ۖ إِّنَّهُ كَانَ ف‬
ِّ ‫َو ََل ت َ ْق َربُوا‬
“Dan janganlah kamu mendekati zina; sesungguhnya zina itu adalah suatu perbuatan yang keji.
Dan suatu jalan yang buruk.”
Mari ngunu torik balek neh

Gak ono sg ngerti nk ketmau enek prajurite londo sg ngawasi laura lan sarip, akhire
prajurite ngomong ng londo nk laura cedak karo saripnlan sg nyolong ng omahe
londone iku sarip. Londo akhire srengen karo Laura

Londo : Laura where are you, came here

Laura : dadi ada apasih teriak teriak laura pusing nihh

Londo : laura apakah kamu falling love with sarip

Laura :Emm... no dad

Londo : Jawab yang betul laura, you know that sarip mencuri barang barang kita.
Kamu dan sarip tidak boleh bertemu, dan sarip harus dibunuh supaya tidak
menghalangi kekuasaan dadi

Laura : No dadi Sarip tidak salah yang

Londo : Awas you dadi nak kerumah Sarip

Ibu Laura : What happend dadi, why laura nangis?

Londo : Anak kamu sudah berhubungan dengan sarip musuh kita

Ibu Laura : Tapi dadi tidak boleh begitu dengan my daughter , kasihan dia menangis.
Cup cup dont cry baby
Laura : Sarip mom, sarip akan dibunuh oleh dadi

Ibu Sarip : Kamu yang sabbar sayang

Londo budal ng mae pak lurah arep takon omahe sarip. Pak lurah sg gak ngerti
tujuane sarip ng omahe dikiro ape narik pajak, pak lurah ogak wani metu disek
amergo londo srengen. Pak lurah nyelok bojone

Pak Lurah : Dek dek rene dek

Bu Lurah : Ono opoto pak kok bengok bengok

Pak Lurah : Lha iku enek londo srengen ape narik pajak, ndi duwek e teko penduduk
?

Bu Lurah : duwek e yo entek pak tak nggo tuku gelang, kalung, anting anting. Lha iki
kanggo tuku kalunge yasmi(anake lurah) bereng

Yasmi : Aku gak njaluk kok pak, ibuk sg numbasno

Pak Lurah : Haduhh ki piye dek dek kok mbok nggo tuku ngunuki lhs terus awake
dewe ape bayar nganggo opo ?

Bu Lurah : Aku yo gak ngerti pak wong aku yo gak tau mbok tukokno perhiasan, aku
yo isin karo bu lurah sebelah kalunge uakehh. Aku gak nduwe opo opo

Pak Lurah : Lha iki teruss piye to dek ngeneki

Bu Lurah : Yo wes ngomong ng Londo wae nk kene durung diwenehi duwek


penduduk

Pak Lurah : Yowes nu

Di depan rumah lurah, pak lurah dan bu lurah menuju ke depan rumah

Londo : Pak Lurah sini you

Pak Lurah : Iya kapten ada apa?

Londo : kasih tau I di mana rumahnya si sarip itu

Pak Lurah : Lha ada apa kap?

Londo : Sudah you nggak usah banyak tanya, tunjukkan sekarang!

Pak Lurah, Bu Lurah, Londo budal ng omahe sarip, sakwuse teko...

Pak Lurah : Sarip.. saripp..saripp

Sg metu ternyata ibuk e sarip

Ibuk e sarip : Enten nopo pak lurah kok madosi Sarip mboten enten teng dalem

Pak Lurah : Sarep digolek i Londo


Londo : Dimana Sarip I mau ketemu dia, I mau habisi dia, kamu siapa??

Pak Lurah : Itu ibunya Sarip kap

Londo : Ohh.. jadi You ibunya sarip. I ng mau habisi you juga biar tidak ada keluarga
sarip yang ganggu, praurit habisi dia

Prajurit : Siapp kap

Ibuk e sarip dibunuh karo Londo akhire mati, sakwuse iku Londo, lurah, lan
pasukane langsung metu golek i sarip. Akhire sarip ketemu pinggir sawaah

Londo : Sarip, dari mana you I nak ber pelajaran kepada you

Sarip : Aku kenopo, aku gak nduwe masalah karo kowe

Londo :Gak usah sok nggak tau you, you yang mencuri barang barang di rumah I dan
you juga mendekati anak I “Laura”

Sarip : Nk iyo kenopo, kowe iki bajingan lurah e bereng bajingan. Gak nduwe roso
welas asih kowe jaluk i hartane penduduk semena mena

Pak Lurah : Jogo omoganmu Sarip, pajak iku wajib asal kowe ngerti nk ibukmu saiki
ws mati

Sarip terkejut

Sarip : Kok iso, kenopo mbok apakno ibukku

Pak Lurah : Makakno kowe ojo golek masalah karo Londo, dadine yo ngene gak usah
macak koyo pahlawan

Sarip : Kurang aja kowe lurah... awas we...

Sarip pun menghajar pak lurah sampek pak Lurah tewas, sakdurunge sarip dihalang
halangi pasukan Londo tapi pasukan Londo yo melok tewas

Londo : Sarip apa yang you lakukan berani beraninya kamu membunuh mereka,
terima ini

Londo ngarahno tembak e ng sarip, tapi idep idep Laura teko ngaling ngaling i Sarip
akhire sg mati Laura

Londo : Sarip kurang ajar kau.. Apa yang you lakukan kepada anakku sampai bisa
seperti ini

Sarip : Kabeh iki kowe penyebabe ket kowe teko rene penduduk soro, uripgak
tentram, saiki kowe ws mateni ibuku

Londo : You nggak berhak marahi I, you penyebab masalah semua ini dan you harus
mati
Pas Londo nembak Sarip, bebarengan karo Sarip ngencepno clurit ng wetenge
Londo

Akhire Sarip lan Londo mati....

Ferdinan, erina, dina metu nyanyi kasih sayang kepada orang tua

, ditambah lirik

Iku kisah sarip tambak oso

Perjuangane luar biaso

Kisah cintane dikenang bongso

Iku sarip tambak oso

Cekap semanten atur kawula

Enek salah nyuwun ngapura..

~Tamat~
Sutradara : Amel

Narator : Yeni

Jula-juli : Andre, Yudha

Remong : Siska

Sarip : Aziz

Ibuk e Sarip:Hidayah

Junaidi : Andre

Torik : Karis

Sumini : Sofita

Laura : Novi

Ibuk e laura : Winda

Londo : Riski

Prajurit : Putra, Ivan

Pak Lurah : Rizal

Bu Lurah : Emit

Anak e Lurah : Aini

Bakul Obat : Uswatun

Bakul Capar : Andin

Bakul Skincare : Iffa dan tyas

Bakul ketan : Bidin

Pangrawit : 1. Lala

2. AI

3. Arina

4. Rena

5. Yana Fotografer : Afifa

6. Rena Pengerek : Vivin

7. Vittri

8 Ririn

9. Dita

Anda mungkin juga menyukai