Anda di halaman 1dari 3

Aji Saka

Ing wanci wengi keraton Medangkamulan Patih Ceme tembe ngadhep wonten ngarsanipun
Prabu Dewatacengkar.

Prabu Dewatacengkar : "wahahahhaa, ingsun Raja Dewatacengkar, Raja sekti tur sugih. Whahahaha.
Hee…Patih Ceme mreneo kowe!

Patih Ceme : " kula sang Prabu”

Prabu Dewatacengkar : " Ora usah takon meneh! Opo koe lali karo kewajibanmu? Aku ngelih, golekno
tumbal saiki!"

Patih Ceme: "Sendiko dhawuh Prabu..."

Patih Ceme banjur mubeng kerajaan Medangkamulan nggolek mangsa. lampahing sang Patih
Ceme banjur ketemu kalian Wagiman lan Purwati ingkang lagi rasan-rasan babagan Prabu
Dewatacengkar. Banjur Patih Ceme ngoyak Wagiman kalian Purwati ingkang badhe dipakakke marang
Prabu Dewatacengkar. Nanging wagiman iso mlayu lan sing kecekel namung Purwati.

Wagiman : " Rajane awakdewe ki ganas banget yo? Rakyate dewe wae do di pangan...”

Purwati : " Hoo bener kuwi, ning awake dewe ra oleh ngrasani ngono kui Man, engko ndak awak
e dewe dicekel banjur dadi tumbal..”

Patih Ceme :" Sasaranku...! Do ngopo neng kono rene melu aku!

Wagiman : " waaaah tuluuuung..., ayo mlayu mundak awak e dewe didadekke tumbal...!

Purwati : " Teni aku muaaaaas, aduh biyuuung sikilku...

Purwati ditinggal karo Wagiman mergo wes keweden. Pas Purwati mlayu, banjur deweke
kesandung tibo njut kecekel marang Patih Ceme banjur di tumbalke marang Prabu Dewatacengkar.

Patih Ceme :" Whahahaha..., kecekel ra kowe! Mulane aja coba-coba mlayu!

Purwati :" Ampun Patih Ceme"...(nangis)

Ing sak jroning wana. Aji Saka weruh Simbah-Simbah sing lebar dirampok dening durjana. Jebulno
simbah-simbah mau rakyat Medangkamulan seng lungo mergo wedi marang Prabu Dewatacengkar
merga seneng mangan uwong.

Mbah Gina :" (watuk-watuk) uguukkrrkk ugrkk.. Tulung-tulung....!!"

Aji Saka :" Enten nunopo mbah?"

Mbah Gina :" Aku Lebar dirampok le..."

Aji Saka :“sajatosipun simbah niku saking pundi kok saget dugi tengah alas ?"

Mbah Gina :" Ngene le, aku iki sakjane rakyat Medangkamulan.., aku lungo mergo aku wedi marang
ratu sing jenenge Prabu Dewata Cengkar. Deweke seneng mangan manungso le....”

Aji Saka :" Owalah, ngeten to... (ngelus dhadane), niki wonten rejeki sekedhik kagem simbah,
kulo tak mlampah melih..”

Mbah Gina :”matur nuwun yo le..”


Krungu ceritone simbah-simbah mau, Aji Saka banjur bali nemoni Asistene sek jenege sembodo lan dora.
Sembodo diajak Aji Saka menyang neng Medangkamulan, lan Dora dikon njogo omah lan dititipi keris
marang Aji Saka. Keris mau ra oleh dinehke sopo wae kejobo Aji Saka dewe.

Aji Saka :" dora, sembada.. , ingsun arep matur...

Dora :” kula raden”

Sembodo :" wonten punapa raden?”

Aji Saka :" Aku mau ketemu karo simbah-simbah sing lebar dirampok.., banjur cerita yen deweke
kuwi kawula Medangkamulan sing lungo, mergo wedi karo ratu gustine yaiku Prabu Dewatacengkar."

Dora :" wolah, lajeng kados pundi?"

Aji Saka :" Ngene, aku nduwe niatan arep lunga mrana, mesakke rakyat medang kamulan yen
ratune kebacut yen kaya ngene..."

Sembodo :" menawi kulo nggih manut mawon raden"

Aji Saka :" Ya wis, yen ngono, Sembodo kowe ngancani aku mrana ya...

Sembodo :" Sendika dawuh raden"

Aji Saka :" Dora..., kowe tak titipi keris iki, nanging elingo pesenku iki..., keris iki aja nganti mbok
wenehke sapa-sapa kejaba aku dewe..!

Dora :"inggih raden..”

Sakwise rampung anggenipun rembugan, Aji Saka kalian Sembodo banjur menyang neng Kerajaan
Kamulan. Sakwise tekan kono Aji Saka banjur nemoni Prabu Dewatacengkar

Aji Saka :" Sembah bekti kulo sang Prabu...”

Prabu Dewatacengkar :"Kowe sapa hmm?”

Sembodo :" owalah iki ta, raja sing jarene sok ngorbanke kawulane ta? Iki rupane sing
mangan masyarakat Medhangkamulan. Rene lawan aku nek wani!

Prabu Dewatacengkar :" PIYEEEEE???”

Aji Saka :" uwes-uwes, ngeten Prabu, kula ing mriki ajeng masrahaken jiwa raga kula
kagem prabu... nanging wonten syaratipun

Prabu Dewatacengkar : "whahahaha, wani tenan kowe rene arep ngewenehke ragamu kanggo aku,
apa wis bosen urip hmm..banjur opo syarate..?

Aji Saka:" kulo nyuwun lemahe panjenenga. Mboten katah namung sak dawane sorban kula niki

Prabu Dewatacengkar: "opo koe guyon? Hhh, yaaaah aku setuju”

Aji Saka:" nggih Prabu...”

Nalika sang AJI SAKA ngukur lemah sakdawane sorban, sorbane sang saya dawa nganti sak
jembare keraton Medangkamulan. Rumangsa diapusi banjur Prabu Dewatacengkar nesu, Prabu
Dewatacengkar ora iso opo-opo merga lebar kui sorbane sang Aji Saka, nggubet awake Prabu
Dewatacengkar banjur dikipatke sang Prabu Dewatacengkar satemah ing segoro kidul. Lan Prabu
Dewatacengkar malih dadi boyo.

Prabu Dewatacengkar :" Asem tenan, jebul koe ngapusi aku. Aku ra trimo!

Aji Saka :" hayo saiki kowe wis ora bisa oncat, saiki sawangen iki.

Prabu Dewatacengkar :" aaaaaa, tulung! (Diuncalke neng segoro kidul).


Sang Prabu Dewatacengkar kalah kalah perang nglawan sang Aji Saka. wusana Aji Saka diangkat
dadi raja neng keraton Medangkamulan. Mangkana sang Aji Saka banjur ngutus Sembodo dikon njipuk
keris sing dititipke marang Dora.

Aji Saka :" Sembodo kowe saiki tak utus, jipukke keris sing tak titipke marang Dora..."

Sembodo :" Sendiko dhawuh Kang mas.."

Sakwise Sembodo tekan nggone Dora, banjur Sembodo nyeritakke opo seng dadi welinge Aji Saka

Sembodo :" Dora, piye kabarmu saiki?

Dora :" Apik-apik wae Sembodo, piye kabare Raden Aji Saka?

Sembodo :" Apik yoan, deweke saiki wes diangkat dadi raja ing medangkamulan merga bisa
ngalahke Prabu Dewatacengkar."

Dora :" owalah,. Aq melu seneng nek ngono..., terus apa tujuanmu mrene?

Sembodo :"aku diutus sang prabu Aji Saka dimen njupuk keris sing dititipke karo kowe.."

Dora :" ora bakal tek nehke, gek-gek koe mik ngapusi!

Sembodo :" ora , aku tenanan diutus kalian Kang Mas Aji Saka!

Dora :" ora , aku wis diwelingi ora oleh ngenehke keris iki karo sopo wae kejobo Kang mas Aji
Saka dewe....”

Sembodo :”tak jaluk ya dhi..”

Dora :”ora bisa”

Sembodo :”wah klakon mati kowe…”

Perang pupuh nenggih sang Dora lan Sembada, pada adu atos sing balung wuleting kulit,
rebutan kerise sang Aji Saka. Wauta, perange ora ngerti wanci, rina wengi anggone perang pupuh,
mangkana Dora lan Sembada mati sampyuh tegese mati bebarengan merga kabeset Kerise sang Aji
Saka.

Aji Saka : “ jagad dewa bathara. Dora lan sembada mati sampyuh. Dora ngrungkepi dhawuh,
banjur Sembadha ngestoke dhawuh. Yah. Dina iki ingsun bakal nulis ing prasasti HANACARAKA tegese
ana cerita, DATASAWALA tegese duta kang suwala, PADHAJAYANYA tegese padha jayane pada sektine,
MAGABATHANGA tegese kabeh dad bathang. Tulisan iki tak wenehi jeneng AKSARA CARAKAN.”

Tokoh :

1. Prabu Dewatacengkar

2. Patih Ceme

3. Mbah Gina

4. Aji Saka

5. Sembodo

6. Dora

7. Wagiman

8. Purwati

Anda mungkin juga menyukai