Anda di halaman 1dari 12

AMBRUK

(Aji Soko: Dumadine Aksoro Jowo)

Tokoh :

Aji Saka : Aditya Putra

Prabu Dewata Cengkar : Sefandi Aprisa

Sembodo : Ramadhan Pradipta

Duro : Riski Firmansyah

Tumiyem : Dhea Almeyra

Para Warga

Paijo : Rio Boger

Ngatemi : Rachel Tahta

Darmi : Debriena Ones

Saripah : Deajeng Ramadin

Sarmi : Yusnia Aprilia

Ngatemu : Nia Anggraini

Pambuko
Tari Gambyong

Jejeran

Di dalam kerajaan Medhang Kamulan terdapat Prabu Dewata Cengkar sedang enunggu hidangan yang
hendak ia santap. Sembari menunggu hidangannya, Dewata Cengkar berteriak memanggil bawahannya
yang bernama Tumiyem agar segera mengirimkan makanan untuk Sang Prabu. Tak lama kemudian,
Tumiyem pun datang membawa hidangannya.

Dewata Cengkar : Hmmm… Kirakne pangananku uwes cemepak nang mejo ku. Nanging nyatane
jek kosong oblong-oblong koyok mengkene. Opo abdi ku masak karo rempon? Wes titik wancine
anggonku mangan. Yem… Hmmm… Pangananku ndi, Yem….

Tumiyem : Enggeh Ndoro… (berteriak sambil membawa hidangan) Monggo Sekecakaken


Ndoro.

Dewata Cengkar : (sambil makan) Hmmm kok suwe olehmu ngeteri awakku panganan? Laopo ae
awakmu?

Tumiyem : Kulo nyuwon pangapunten dateng Ndoro, niki wau kulo ngge nembe maosaken,
Ndoro.

Dewata Cengkar : Koe kene ae, ojo ngaleh. Adab sabene olehku mangan, koe mesti nunggoki.
Dadi yen aku perlu opo-opo kui ora kudu aku obyak-obyak koe gawe nyepakno.

Tumiyem : Enggeh Ndoro, ngestokaken dawuh!

Tumiyem : Pon diseselne Ndoro mangke keselek.

Dewata Cengkar : Hrrrggg… Banyu!!! Ngombe (sambil membanting barang disekitarnya)

Tumiyem : (gelagaban) Nggeh Ndoro!

Dewata Cengkar : (meraung)

Tumiyem : Monggo tuyo pethak`e Ndoro.

Dewata Cengkar : (minum) Hmm. Yem, anggonmu masak kok yo enak to? Iki maeng kiro-kiro
mbok bumboni opo?

Tumiyem : Lah nggeh nopo Ndoro? Anggen kulo mbumboni ngge kados biasane to Ndoro.
Ngge kaleh uyah, kaleh Lombok, kaleh brambang, lan sejenise kui.

Dewata Cengkar : Ora! Iki bedho rasane. Duduh`e kroso luwih seger, luwih sedep. Soyo tak delok
yo soyo enek abang-abang`e kui, kui seng nggarai enak.

Tumiyem : (kaget dan ketakutan) Sakderenge sepunten`e ingkang katah nggeh Ndoro.
dados ngenten Ndoro. Kulo lak ngerajang sayuran kangge panjenengan, pas ngiris sayuran niki driji kulo
keiris loh Ndoro. Dados getih kulo mboten sengojo katut kemasak. Sepunten`e Ndoro!
Dewata Cengkar : Dadi pas awakmu bumbon driji mu keiris terus getihmu nyampur nang
panganan iki mau?

Tumiyem : Enggeh. Nyuwon pangapunten nggeh Ndoro, kulo mboten sengojo.

Dewata Cengkar : Hmmm… Yoh saiki aku isok ngerasakne. Ancen getih`e menungso kui enak.
Saben aku mangan mau awakku keroso seger, janganmu keroso enak. Mulo saiki aku ra kepengen
mangan sego, orang kepengen ngombe banyu poteh.

Tumiyem : Dados seng njenengan kersoaken nopo Ndoro?

Dewata Cengkar : Aku pengen getih`e menungso!

Adegan 1

Di pagi hari terdapat beberapa warga berkumpul seperti biasa dipinggiran sungai, ada yang menggosip
sambil mencuci pakaian, ngopi sambil merokok, apapun yang dilakukan oleh warga merupakan sikap
yang tidak sesuai dengan norma kemasyarakatan pada umumnya dikarenakan belum ada sosok pemimpin
di tempat warga itu tinggal. Tak lama kemudian, datanglah Prabu Dewata Cengkar bersama anak buahnya
yang memporak-porandakan tempat para warga tinggal dan memangsa beberapa warga walau sebagian
ada yang lolos dari cengkraman Prabu Dewata Cengkar.

Darmi : He ladalah umbahanku kok cik akehmen to kiiih?

Ngatemi : Lah wong sempak`e bojoku loh pateng klumbruk koyok ngene loh!

Darmi : (melihat cuciannya Ngatemi) Wealah, Mi. Kui umbahan opo larak`an?

Ngatemi : Koe ki tak sawat sempak loh yo, wes ngerti umbahan kok jek dikiro larak`an to!

Saripah : (datang membawa cuciannya dan bingung)

Darmi : Lah dalah! Koe ki goleki opo to, Pah Saripah?

Ngatemi : Lah yo, kok ketok bingung nemen ngunu to yo.

Saripah : Ssssstt. Sek to, aku lali ndekek sempakku nang ndi kui mau.

Ngatemi & Darmi : (sontak kaget) Lah mok dekek ndi?

Saripah : Bajigur (sambil melempar jeroannya) Coro aku ngerti gak mungkin aku goleki
njlimet koyok ngene. Hmmm.. mosok yo katut`an banyu kali pas aku ngeseng mau? (cemas)

Kemudian terdapat Paijo lewat sambil membawa berapa kayu dan menyapa para ibu-ibu yang rempon.

Paijo : Monggo mbak yu!!!

Semua : O nggeh monggo Wak Jo!!

Darmi : He. Wak Jo kok tambah ketok suweger ngunu yo awake?


Saripah : Ngunu kui berarti susu`ne cocok. Pie to kih!!!!

Ngatemi : Lah yo podo karo ponakanmu kui to, Mi. laky o seger ngunu to prawakan`e?

Saripah : Iyo, Mi. Ponakanmu nang ndi ae to kok ora tau ketok?

Darmi : Alhamdulillah saiki ponakanku nang polsek.

Saripah & Ngatemi : (kagum) Alhamdulillah wes dadi Polisi tibakne.

Darmi : Ora kok. Kecekel kui.

Saripah & Ngatemi : Loh pie to kih?

Darmi : Lah ancen polsek polisi polisi kui.

Ngatemi : Kirakno dadi polisi kerjo nang polsek. Kok isok kecekel`I pie to?

Darmi : Nyolong kotang`e mbakyu Sarimin.

Saripah : Loh lah yo konangan`e pie kui?

Darmi : Dadi ngene lo ceritane. Kui pas nyopet to, lah kok ngadep kamera cctv.

Saripah & Ngatemi : (kaget) Lah kok isok nyolong ngadep cctv kui?

Darmi : Ancen saben enek kamera dek`e seneng selpi.

Saripah & Ngatemi : Koclok!

Di sela obrolan mereka, anaknya Darmi yang bernama Darsi terlihat lebih asyik bermain dengan anaknya
Ngatemi yang bernama Ngatemu.

Darmi : Hao… Dolanan mempeng ngunu kui ora oleh nangis lo. Katek nangis tak sawat
kotang karo koe kih!

Belum lama mereka rempon, kemudian Darsi menangis.

Darsi : (menangis) Huuuu…. Maaaakkkkk…..

Darmi : (datang memeluk Darsi) He lapo cah?

Darsi : Iki untu ku disumpeli grenjeng…. (menangis)

Ngatemi : (mencubit Ngatemu) Hiii ancen cah iki ndugal`e ra nggelani!

Ngatemu : (kesakitan dan nangis) Aduh mak, mak!!!

Saripah : Wealah ancen cah cilik`I pie to kihhh!!!

Akhirnya Dewata Cengkar datang hendak memakan mereka dan untungnya mereka berhasil kabur.
Tumiyem datang menemui Paijo ingin meminta tolong bahwa Dewoto Cengkar semakin menjadi-jadi,
dan akhirnya Paijo pun menemui Aji Soko.

Tumiyem : Kisanak!

Paijo : Enggeh wonten nopo nimas glagaban koyok mengkene?

Tumiyem : Kulo nedi tulong marang sampean, panjenengan dipun semerap menowo kaleh
Prabu Dewoto Cengkar?

Paijo : Enggeh nimas semerap.

Tumiyem : Prabu Dewoto Cengkar dados mboten karu-karuan kisanak, amergi wanci kulo
nyepakaken raos damel Prabu Dewoto Cengkar, mboten sengojo driji kulo keiris lan tumut kemasak ten
jangan seng bade kulo suguhaken marang Prabu, ndugi mriku pon dimaem kaleh Gust Prabu kok terose
eco lan sakniki Gusti Prabu nyuwun saben raosipun ndamel daging kaleh getih`e menungso. Sakniki
Gusti Prabu pados manungsan damel raos. Tolong kisanak, sampean tumut selametne tiang-tiang`e
sampean.

Paijo : Prabu Dewoto Cengkar kudu dimandegne niki. Sampean balik mawon, kulo
bade mados pertolongan dateng warga jales-jaler liane. Kulo nyuwon pandungane sampean, ben kulo
saget nulung.

Tumiyem : Atos-atos kisanak!

Adegan 2

Terdapat Aji Saka sedang bertapa didalam goa, tak lama kemudian Paijo datang menemui Aji Saka dan
menceritakan apa yang sedang terjadi. Kemudian Aji Saka memanggil pengikut setia nya yaitu Sembodo
dan Duro untuk memberi amanat bahwa Aji Saka akan berangkat ke salah satu kerajaan yang ada di Jawa
yaitu Medang Kamulan. Aji Saka berpesan bahwa saat ia pergi, Sembodo dan Duro harus menjaga pusaka
milik Aji Saka. Tidak ada seorangpun yang boleh mengambil pusaka itu selain Aji Saka sendiri.

Sembodo : (ngidung) Menyang Solo kok tuku godho…. Onok godho koyok mahkuto
rojo… Aku seneng diutus dadi sembodo…. Sembodo kui abdi`ne Aji Soko…. (ngidung lagi) Menyang
solo, golek kacang koro…. Golek kacang, sambi nyukur brengos… Aku seneng koncoan karo Duro,
Dasare ganteng untu`ne mrongos….

Duro : (ngidung) Menyang solo….

Sembodo : Ndahne yo nang solo, koe nyang lidah wetan ae sek utang aku!

Duro : Bajigur, koe kok mesti ngelek-ngelekne aku to?

Sembodo : Lah timbangane tak etrek-etrek.


Duro : Halah wes pegel aku ngadepi koe. Saiki lak koe ancen jantan dadi cah lanang,
sumonggo tanding musuh aku.

Sembodo : Loh nantang aku, koe? Sumonggo!

Mereka, Sembodo dan Duro berkelahi. Disela perkelahian mereka, Paijo datang dan membuat Aji Saka
terbangun dari pertapaannya, kemudian Aji Saka memisahkan mereka.

Paijo : Ngestoaken dawuh sinuwun!

Aji Soko : Cukup ,pun sampon anggonmu gegeran, ngger!

Sembodo & Duro : Enggeh! Sandiko dawuh!

Aji Soko : Olehku tangi teko panggonku topo ora mergo koe gegeran, nanging aku ketangi
mergo onok kawulo seng koyo to jaluk pitulangan. Kiro-kiro onok opo anggonmu mrene ngger?

Paijo : Sakderenge sepunten`e ingkang katah menawi kulo wonten lepat tindak dateng
panjenengan sedoyo. Sejatine kulo mriki among bade nyuwung tulung dateng romo mandhegne watek
olo`ne Prabu Dewoto Cengkar seng sakniki lagi arep raosipun daging lan getih`e menungso ten Medhang
Kamulan. Kulo nedi tulung sanget dateng romo.

Aji Soko : Aku banjur pamit dening medhang kamuulan ing tanah jawi cedek e segoro
sisih kidul ,Sembodo lan Duro, tolong jogonen pusoko ku, ojo sampek onok seng ndemok opo maenh
njabut pusoko ku teko panggon`e. Olehku pamit mangkat menyang Medhang Kamulan, iling-iling
pesenku ngger.

Adegan 3

Setibanya Aji Saka dengan Paijo, Paijo disuruh pergi meninggalkan mereka di Medang Kamulan,
bertepatan dengan Prabu Dewata Cengkar sedang mencari korban yang hendak ia makan. Akhirnya Aji
Saka pun menantang Prabu Dewata Cengkar. Setelah pertarungan sengit, Aji Saka akhirnya berhasil
mendorong Prabu Dewata Cengkar ke laut Selatan. Maka Aji Saka naik takhta sebagai raja Medang
Kamulan.

Aji Soko : Prabu Dewoto Cengkar, mandheg`o anggonmu gragas mangan rakyat-
rakyatmu!

Dewata Cengkar : Hmmmm… Sopo koe kok wani-wani`ne ngongkon awakku mandheg?

Aji Soko : Aku Aji Soko, teko Bumi Majeti seng diutus marang rakyat-rakyatmu seng
warah marang aku ngongkon mandhegne watek olo mu.

Dewata Cengkar : Hhmmm…. Mumpung aku luweh, koyok`e awakmu seng bakal tak pangan
(menyerang Aji Soko dan berkelahi)

Adegan 4
Setelah Aji Saka naik tahta menjadi raja di Medang Kamulan, para warga yang selamat dari ancaman
Prabu Dewata Cengkar pun menyambut dengan riang gembira, para warga disitu layaknya menyambut
Aji Saka bak seorang pahlawan. Kemudian, Aji Saka mengutus salah satu warga nya untuk pulang ke
rumah Aji Saka di Bumi Majeti untuk mengabarkan kepada abdinya yang setia Sembodo dan Duro, untuk
mengantarkan pusakanya ke Jawa.

Aji Soko : Poro sederek sedoyo, panjenangan sedoyoipun sampun aman. Pon mboten
wonten seng namine tiang nduweni watek olo, gragas, lan sakbongsone. Sederekipun sae-sae dateng
sekitar Medhan Kamulan mriki. Sumonggo ditutukne marang penggaweane sederek piyambak-piyambak.

Paijo : ngestoaken dawuh romo! Tiang pemimpin dateng mriki pon mboten wonten,
menowo panjenengan sanggup, lan purun ngayomi rakyat-rakyat wonten mriki romo.

Aji Soko : Bakal tak rewanginipun semampune kulo. Nanging sakniki kulo nyuwon tulung
ten panjenengan saget nopo mboten?

Paijo : Enggeh romo, sandiko dawuh. Nyuwun tulung pripun romo?

Aji Soko : Sampean mangkat`o marang Bumi Majeti, ten anggonku topo wonten Sembodo
lan Duro. Jenengan sanjangipun kengken ngeterne pusoko kulo dateng mriki.

Paijo : Sandiko Dawuh romo! (berangkat ke Bumi Majeti)

Adegan 5

Sesampainya di Bumi Majeti, warga utusan Aji Saka itu bertemu dengan Dora dan mengabarkan pesan
Aji Saka, maka Dora pun mendatangi Sembodo untuk memberitahukan perintah Aji Saka. Sembodo
menolak memberikan pusaka itu karena ia ingat pesan Aji Saka: tidak ada seorangpun kecuali Aji Saka
sendiri yang boleh mengambil pusaka itu. Dora dan Sembodo saling mencurigai bahwa masing-masing
pihak ingin mencuri pusaka tersebut. Akhirnya mereka bertarung, dan karena kedigdayaan keduanya
sama kuat, maka Sembodo dan Duro sama-sama mati.

Paijo : (menyapa dari jauh) Kisanak!

Duro : Enggeh, pripun kisanak?

Paijo : Alhamdulillah keadaanipun sampun sae.

Duro : Raden Aji Soko tasek ten Medhang Kamulan?

Paijo : Enggeh, kulo diutus kaleh romo dikengken sanjang dateng panjenengan diutus
ngeteraken pusoko`ne romo.

Duro : Sandiko dawuh, matur sembah nuwun dateng sanjanganipun kisanak.

Duro datang menemui Sembodo yang sedang menjaga pusaka nya Aji Saka di tempat pertapaannya.
Duro : Sembodo, tanggung jawabmu ancen becik banget. Seneng aku ndue`ni dulur
koyo awakmu.

Sembodo : Koe teko endi ae to ora teko-teko?

Duro : Koe ngerti to? Lungane raden kui perang ngadepi Dewoto Cengkar.

Semodo : Lah cene to.

Duro : Lah iyo koe ki tak warah`i, Dewoto Cengkar kui satrio seng peng-peng`an
adidoyo. Iki maeng ora sengojo aku ketemu marang Paijo. Paijo kui diutus karo raden lak aku diutus
ngeterne pusoko ne marang raden menyang Medhang Kamulan. Mulo, tak suwun yo pusoko kui

Sembodo : Heh, koe ojo neko-neko lo yo. Ora oleh yo. Banjur abot ngendem pandiko`ne
raden kanggo ngeculne pusoko iki. Sopo ae parewangan seng nyuwon pusoko iki lak ora raden kiyambak
yo ora oleh, ora oleh diparingake. Duro :

Duro : Loh pie to, aku`I mari ketemu karo Paijo, Paijo dewe seng dipeseni marang
raden. Koe eroh to aku sopo? Aku`i dulurmu, kok ora percoyo marang dulur`e dewe.

Sembodo : Ngemban tanggung jawab`i abot, Duro. Aku ora bakal percoyo marang
omonganmu. Wes gek bali`o! Ojo golek goro-goro koe.

Duro : Sembodo, watek`e raden koe to ngerti dewe. Sopo seng diutus nanging ora iso
kui bakal diketok gulu`ne.

Sembodo : Iyo ngerti!

Duro : La mangkane aku`i utusane raden. Aku diutus nyuwon pusoko iki.

Sembodo : (mulai habis kesabarannya) Masio koe ngomong sampek lambemu dobol, lak
ancen ora raden Aji Soko dewe seng nyuwon pusoko iki ora bakal tak we`no. Ojo-ojo koe seng arep
jukok pusoko`ne raden ben koe iso luwih sakti teko aku, iyo to?

Duro : Kok cik penak olehmu ngomong koyok ngono?

Sembodo : Yo penak. Ancen kui seng koe arep to?

Duro : Sembodo, aku ora trimo dining koe mbetik koyok ngene marang aku, yoh tak
tantang koe lak emang jaluk nantang keadidoyoan.

Sembodo : Loh yo tak layani koe, Duro!

Mereka bertengkar dan akhirnya sama-sama mati.

Adegan 6
Utusan Aji Saka pun tiba di Medang Kamulan dan melaporkan bahwasanya warga tersebut sudah
melaksanakan tugasknya dengan baik. Namun selang beberapa hari, Sembodo dan Duro tak kunjung
datang sehingga membuat Aji Saka terheran-heran, dan akhirnya Aji Saka memutuskan untuk pulang di
Bumi Majeti.

Paijo : Ngestoaken dawuh romo, pesenipun romo sampun kulo sanjanganipun marang
abdi`ne romo.

Aji Soko : Matur sembah nuwun, ngger.

Paijo : Kulo ngestoaken bade lanjutipun nyambut damel kulo romo!

Aji Soko : Sumonggo ngger!

Selang beberapa hari Aji Saka menunggu dan tak kunjung datang, akhirnya Aji Saka pergi ke Bumi
Majeti untuk menengok mereka.

Adegan 7

Sesampainya di Bumi Majeti, Aji saka terkejut menemukan mayat kedua abdi setianya dan akhirnya
menyadari kesalahpahaman antara keduanya berujung kepada tragedi seperti ini. Untuk mengenang
kesetiaan kedua abdinya, maka Aji Saka menciptakan sebuah karya sastra yang jika dibaca menjadi
Aksara Jawa hanacaraka. Susunan alfabet aksara Jawa menjadi puisi sekaligus pangram sempurna, yang
diterjemahkan sebagai berikut ;

Hana caraka : Ada dua utusan[Ono Rong Utusan]

Data sawala : Yang saling berselisih[Sing Podo Congkrahan]

Padha jayanya : (Mereka) sama jayanya (dalam perkelahian)[podo joyone]

Maga bathanga : Inilah mayat (mereka).[Negil/Yoiki Mayit’e]

Aji Soko : (kaget) Sembodo, Duro! Gusti! Sembodo ora luput, Duro yo ora luput. Ning
sing luput banjur aku dewe. Tumekaning pati Sembodo lan Duro, iki bakal dumadine aksoro jowo. Loro-
loro`ne utusan kang becik, ha na ca ra ka. Loro-loro`ne karebut pener lan ora ono salah siji kang luput, da
ta sa wa la. Reng`e kang podo sekti`ne, podo digdaya`ne, lungguh ning aksoro jowo; pa da ja ya nya. Lan
podo dadi batang`e, lungguh ning aksoro jowo; mo go bo to ngo. Ooohh, sinuwun, kelawan koe wes pati,
sepisan maneh Aji Soko ngapuranipun kaluputan kelawan koe cah keloron. Mugo pangurbanan iki, biso
dadi kamulyan menyang tanah jowo. Layungmu mugi ditampani marang gusti kalayang jagat, ing
pangapuro ing sakabehenipun dusamu, dilungguhne panggonan kang pener.

Adegan 8
Pamungkas

Di tempat warga biasanya rempon, terdapat Ngatemi, Ngatemu, Darmi dan Sarmi sedang ketakutan.
Disela ketakutan mereka, datanglah Aji Soko guna menenangkan hati mereka.

Ngatemi : (resah) haduh gusti, ati ku banjur koyo udan angin seng marai kuatir saben
dina`ne. Ngene iki coro Dewoto Cengkar urip maneh, poro warga marang kene bakal dimongso salah
siji`ne aku iki. Wes entek kabeh, aku bakal dipangan sak anakku sisan.

Darmi : (datang dengan Ngatemu dan Sarmi) lah dalah uwong kok sitik-sitik nangis
wae to yo? Opo cukup masalh kui mok tangisi? Seng jelas yo marai nglambrak.

Ngatemi : (kaget melihat Sarmi) Loh masa alah kui anak ku kok pateng cemrontol kabeh
rupane?

Darmi : lah meneng-meneng anakmu karo anakku dolanan delep-delep`an nyang


sapiteng`e Saripah kui lo. Anakku, Sarmi kui ati`ne dongkol jek`an goro-goro anakmu mari njejelne
grenjeng nang untune anakku.

Ngatemi : Masa alah jan kok mbetik`e cah iki!

Darmi : He, awakmu lapo kok nangis ae to?

Ngatemi : Ati ku was-was, kuatir dining mengko Dewoto Cengkar bakal urip maneh lan
mongso awakdewe kabeh termasok aku lan anakku kui.

Darmi : He ngono kui enek tolak`e. Enek tolak`e kui.

Ngatemi : Loh iyo to?

Darmi : Yo enek, coro koe ki dipangan karo Ratu Buto kui? Ojo gelem seng dipangan
sirahmu sek.

Ngatemi : Lah pie?

Darmi : Iyo. Jaluk`o seng dipangan kui sikilmu ndisek, dining pas arep mangan
bokongmu kui entut`ono.

Ngatemi : Lo yo koclok lak ngene. Dining aku tumekaning pati ora popo seng ngerasakne
asin pait`e urip, la menowo anakku iki lo seng jek bayi koyok ngene, seng masa depan`e seng isih dowo.

Darmi : Wes tala, urip pati ning menungso kui wes enek seng ngatur, pasrahne marang
seng ngecet lombok, ora usah awang-wang`en koe iki.

Kemudian Aji Soko datang.

Aji Soko : Kulo nuwun!

Darmi : Monggo! Monggo!


Ngatemi : Loh ono tamu, monggo pinarak!

Aji Soko : Pon usah adi kaleh kulo. Kulo pireng saking jawi kok senajan udan tetangisan
koyoto segoro ingkang amber, naliko wonten nopo?

Darmi : Nyuwon sewu, panjenengan niki Raden Aji Soko nggeh?

Aji Soko : Leres!

Ngatemi : Lah Raden Aji Soko, ngaturaken dawuh raden!

Aji Soko : (menunjuk Ngatemi) Banjur paring asmo sinten sampean?

Ngatemi : Kulo Ngatemi!

Aji Soko : (menunjuk Darmi) Lah kae sinten?

Darmi : Kulo Darmi, (memeluk Sarmi) niki yugo kulo seng mbarep paring asmo Sarmi.
(menyuruh Sarmi) Salim karo Raden!

Aji Soko : Barakallah! Lah kae yugo sampean? (menunjuk Ngatemi)

Ngatemi : Enggeh niki yugo kulo paring asmo Ngatemu. (menyuruh Ngatemu) salim
nduk!

Aji Soko : Loh la nggeh, yugo`ne mening masio mak`ne koyo pencit.

Darmi : Mboten kados pencit niki raden, kados blonceng.

Aji Soko : Menowo biso ngertos, sampean udan tetangis koyoto segoro amber iki menowo
kepie?

Ngatemi : Ngeten loh raden, kulo niki kuatir menowo ratu buto kui urip tekaning pati,
bakal mongso kulo lan anak kulo, Raden.

Aji Soko : Pon usah kuatiripun sederek kulo. Ratu Buto pon njegur marang segporo
kidulipun mboten saget urip tekaning pati maleh.

Ngatemi : Subhanallah, matur sembah nuwun raden!

Darmi : Lah mangke kulo kaleh yugo kulo kepie raden menowo di mongso kaleh Ratu
Buto, mboten jenengan belani lo Raden.

Ngatemi : Dining koe kersane di mongso, wes kados blonceng yo`an.

Sarmi : Looo blonceng-blonceng ngene ngge makku niki! (sambil meluk Darmi)

Aji Soko : Sederek! Pon percados marang kulo, menowo Ratu Buto ingkang asmonipun
Dewoto Cengkar, saben laku`ne ben kulo seng mandheg`ne. Pon tenang ngge, Ratu Butoipun njegur
marang segoro kidul derek!
Ngatemi & Sarmi : Pangestunipun, Raden!

Aji Soko : Pangestumu kulo tompo. Pon sampean sedoyoipun paring dungo marang gusti
pinaring jagat ingkang nyuwun selamet anak putu, ora usah metu ngomah, kancingi lawange! (pergi)

Sarmi : Loh iyo to? Dining wong bener, wong pener kui ora kurang-kurang seng
nulungi. Mulane ojo ngersulo ae sampean kui, mulo kudu usaha, lan paring dungo marang gusti pinaring
jagat!

Sarmi : (mencolek Darmi) Mak, Mak! Kui Raden Aji Soko kok ganteng tenan to Mak!

Kemudian sontak Ngatemu langsung menyerang Sarmi dengan tepung yang dibawanya.

Ngatemu : (sambil meneplok tepung ke muka Sarmi) Halah ngomong blek!

Selesai

Anda mungkin juga menyukai