Anda di halaman 1dari 28

TRAGEDI SUMINTEN EDAN

A.Penggagas Cerita Naskah

SENTHOT CAHYO NUGRAHA

B.Penulis Cerita

RISKA NURSANTI

C.Editor Cerita

ISFI LAILI N.H

JELITA NUR WASIM

D.Penyunting Musik

NORMA AYU .S.

E.Koreografi

Nungky lakmisita .D.


PARAGA

1.Raden Adipati Ali (Yanuar Ibnu Kholis)

2.Subroto (Ricky Hernandia Purnama)

3.Patih Reksapraja (Muhammad Abna Fawaiq )

4.Painah (Isfi Laili Nur Hikmah)

5.Painem (Meika Arista)

6.Sugimin (Pandu Restu)

7.Wr.Sudarmo (Alfafa Shodri)

8.Ny.Sudarmo (Nungky Lakmisita)

9.Suminten (Norma Ayu Setiabudi)

10.Sinur (Jelita Nur Wasim)

11. Cempluk Warsiah (Parsad Amalia Ulhusna)

12.Warok Sura Menggala (Senthot Cahyo Nugraha)

13.Nyai Sura Menggala (Nita Nurwijayati)

14.Cipluk Warsiah (Riska Nursanti)

15. Warok Sura Bangsat (Prastowo)

16.Warok Sura Bangsat (Lisa Nur Fatmawati)

17.Jaka Gentha (Randy Gumelar.W.)

18.Margono (Nur Febriyanto)

19.Dalino (Taufix Hidayat)

20.Darmi (Meidita Ersalinda)


ADEGAN 1

Paraga : 1) Painah

2) Painem

3) Adipati Ali Sutamijaya

4) Patih Raksapraja

5) Warok Sudarmo

Ing wayah sore, wonten ing Kadipaten Kahuripan para dayang-dayang nembe reresik
amargi Kadipaten menika badhepun diagem kangge rapat dening Adipati Ali Sutamijaya.

Painah lan Painem reresik ing Kadipaten menika (nembang Gethuk)

Painah : “Piye mbakyu, wis resik durung?’’ (sibuk nyapu latar)

Painem : “Halah mbakyu wis wae, asah resik-resik! Rak yo ra dibrakot karo den mas. Hahaha… ”

Painah : “Bener kowe nem, gene rada mlethik pikiranmu.”

Painem : “Woo… painah ki, lagi reti po piye nek aku ki pinter. Wis gek didokke wedhange dinggo
unjukan tamu mengko!”

Painah : “Wee… la arep ana apa nem?”

Painem : “Hhmm... kasih tau gak ya?”

Painah : “Woo semprul, wis kana gek didokke!!”

Painem banjur lunga menyang pawon. Sakwise kuwi tamune banjur rawuh wonten ing
Kadipaten Trenggalek.

Wr. Sudarmo : “Kula nuwun, Adipati Ali Sutamijaya wonten?”

Painah : “Oo.. njih..njih, mangga mlebet mawon. Kula timbali den mas rumiyin.”

Wr. Sudarmo : “Njih..njih maturnuwun.” (banjur mlebet lan lenggah)

Adipati Ali lan Patih Reksapraja teka.

Adipati Ali : “Kakang Reksapraja.... “(Nuwun paring dhawuh kanjeng)” kepiye Kadipaten
Trenggalek sakwise brandal-brandal wis kecekel?”

Patih Reksa : “Kadipaten Trenggalek sampun aman lan tentrem kanjeng.”

Adipati Ali : “Oh.. yo syukur nek ngana, la sing nyekel brandal-brandal ala kae sapa?”

Patih Reksa : “Ingkang nyekel menika, kakang Sudarmo (nunjuk Sudarmo). Kakang Sudarmo
dipuntimbali dipanggeh kanjeng!”

Wr. Sudarmo : “Inggih kula, Gusti Patih.”

Adipati Ali : “Apa bener kakang Sudarmo sing nyekel brandal-brandal kae??” (metenteng)
Wr. Sudarmo : “Inggih leres kanjeng, sedayanipun amargi saking pangestunipun kanjeng Adipati.”

Adipati Ali : “Yo..apik nek ngana, aku proud karo njenengan! Kakang reksa....(nuding) banjur
aku kudu kekucah apa?”

Patih Reksa : “Nyuwun pangapunten kanjeng, menawi babakan kekucah kula mboten trep menawi
matur.”

Adipati Ali : “Oww... iyo kakang! Lha kakang Sudarmo ki nduweni anak wedok ora, nak nduwe
ki bocahe kaya ngapa to kang?”

Wr. Sudarmo : “Nggeh sae kanjeng... larenipun injih ayu, pethak, langset, ugi trengginas lan
keibuan. Menapa njenegan badhe ngersaaken?”

Painah lan Painem teka nggawa wedang lan sak panunggalane.

Painah : “Nyuwun sewu, niki ndara unjuanipun..”

Adipati Ali : “Kene... kene cepet gelak ngelak (Painem menehi unjukan Adipati Ali, Painah
nyuguhi tamu liyane) Oo.. iyo, piye anakmu, nek gelem tak jodohke karo anakku,
Subroto kae.”

Wr. Sudarmo : “Lha nggih purun sanget to kanjeng, anak kula kalebet ayu piyambak ing ndesa
menawi dipun jodohaken dening Den mas Subroto lak nggih sae sanget to kanjeng.”

Adipati Ali : “Woo.. ya nek ngana panemumu, aku setuju wae.”

Wr. Sudarmo : “Nggih kula ugi setuju sanget, mangga kita sesarengan nemtoaken tanggalipun.”

Adipati Ali : “Woo iyo, kang Reksa tak pasrahke kabehe marang kowe!”

Patih Reksa : “Njih, sendika dhawuh kanjeng...!”

Wr. Sudarmo : “Gandeng sampun cekap, kula badhe nyuwun pamit.”

Sudarmo lunga, diterke Patih Reksa.

ADEGAN 2
Adipati Ali : “Nah…Painah, kana celuken Broto kan rene! Painem.. rene mijeti aku.. awakku
keju tenan..!!”

Painah lan Painem : “Sendika dawuh kanjeng.”

Painah lunga, sakbanjuripun Subroto teka.

Subrata : “Wonten menapa rama?”

Adipati Ali : “Kene..kene ngger anakku sek bagus, ngene yo le, kowe bakal tak rabekke karo
anakke kakang Sudarmo.”

Subrata : “Nyuwun pangapunten Rama, kula mboten tresna lan kenal dening wanita menika”.

Adipati Ali : “RA NGURUS!! Kowe nek ra gelem rabi karo Suminten, bakal tak coret seka
kadipaten iki.”

Subrata : “Nyuwun pangapunten Rama, kula mboten siap ugi mboten mangertosi calon
tetimbangan kula.”

Adipati Ali : “BROT!!! (ngadek, Painah lan Painem banjur lingguh wedi) MINGGAT,
MINGGAT, kowe seka kene!!!”

(MUSIK GENTING....)

ADEGAN 3

Paraga : 1) Jaka Gentha


2) Cempluk

3) Dalino

4) Margono

J. Gentha : “Wong kok kondhange rak kaya aku to... wes bagus, sugih, sakti mandraguna. Iyo
ra?” (mendelik, mecicil)

Dalino : “Lha inggih to ndara? Ra ana sik bisa nandingi Raden Jaka Gentha.”
Margono : “Lha iyo mesti kuwi.. ra ana sik isah nandingi, wes sakti, bagus, sugih, hemmm....
lengkap pokokmen...”
J.Gentha : “Woo la iyo.. bocah nom-noman lanang we kabeh ing kadipaten iki wedi karo aku!
Perawan-perawan kae do kesengsem karo aku.”
Dalino : “Setuju kula! Siip tenan pokoke ndara."
Margono : “Nyuwun sewu ndara, iki wis jam pira ta, kok kadingaren yu Cempluk durung liwat,
selak njamur iki.”
J.Gentha : “Woo.. iyo yo, yahmene kok durung liwat yo?”
Margono : “Ho’oh je, kok durung teka! Ndara taksih tresna sanget kalih yu Cempluk napa?”
J.Gentha : “Lha iyo jelas... lha wong jroning atiku aku tresna banget marang yu Cempluk, wes
wuayune kaya ngana, ra bakal pindah ati aku...”
Dalino lan : “Wah sippp... ndara...”
Margono
Cempluk teka
Cempluk : “Ealah..lha kok panase kaya ngene to, ning tengah ndalan, ning tengah mbulak dewe
ra ana kancane, eeh mbok tak leren dhisik, menawa ana barengane.”
Jaka Gentha lan balane teka seka Pandelikan.
J.Gentha : (tangane njepaplang ngalangi Cempluk) Yuu.. mbakyu Cempluk, pucuk di cinta
ulam pun tiba...hahaaa!” (nguyu metenteng)
Cempluk : Wee.. la gene kowe ta le, kowe mau metu seka ngendi? Kok reti-reti tekan kene,
karo sapa kowe ki, le?”
J.Gentha : “Biasa to yu.., karo brandal-brandal kuwi, la blanjamu endi yu?”
Cempluk : “Blanjaku yo mung iki gula, kor tuku mbako remenane bapak, rak yo wakmu barang
ta? Yo wis ndak mundak awan, minggir aku arep bali!” (mlaku dicegati Genta)
J.Gentha : “Eeee.. mengko ndisik yu, selak arep nandi to? Aku arep takon, sak temene yu
Cempluk ki rak yo tresna karo aku ta?”
Cempluk : “Woo.. yo mesti tresna to, la karo adine dewe kok ra tresna, la kowe ki rak anake
mak cilik Suro Bangsat, yo jelas aku tresna!”
J.Gentha : “Yen ngana kowe tak dadekke bojoku gelem to yu?”
Cempluk : “Wooo... edan po kowe ki, wegahh... wegah..!!”
J.Gentha nyanyi cinta kita tak terpisahkan
Cempluk : “Wes minggir..!! Meneng suaramu fales!!”
J.Gentha : “Ra urusan yuu, sik penting aku tresna karo kowe.”
Cempluk : “Lha yo wegah, kowe ki adiku le, piye-piye no aku ki haram nek rabi karo kowe.”
Margono : “Yo kudune yu Cempluk ki manut karo ndara Gentha.”
Dalino : “Pancen bener sing diomongke Margono. Ndara Gentha pancen cocok karo yu
Cempluk. Cocok tenan, kaya pasangan Pangeran William karo Lady Diana pokoke.”
Cempluk : “E.. ee... eeee..... ngopo kowe melu-melu urusanku!” (nuding lan nyengeni Margono
lan Dalino)
Margono : “Aduh.. aduh.. ampun yuu.”
Cempluk : “Wes sumingkir!!!! Aku ra urusan karo kowe kabeh!!!” (nyoba mlayu saka Jaka
Gentha)
J.Gentha : (mbengok lan nesu) “Woo awas kowe yu! Saklawase uripku rung ana sing nggawe
kagol aku!!! Yen saiki yu cempluk gawe kagol aku, aku bakal tega karo kowe yu!!”
(ndemok pundak Cempluk)

Ananging Cempluk bisa lolos saka J.Gentha lan mlayu sak bantere.

ADEGAN 4
Paraga : 1) Subroto
2) Painah
3) Painem
4) Sugimin

Painah : “Yu.. aku ki arep diajak nendi to?? Mlaku ngalor ngidul kok ra ngerti tujuane
(lungguh, leren ) Wes panase kaya ngene, ra ngerti tujuane jan apes tenan!”
Painem : “Wah kowe ki gur nyebut wae ket mau. Aku ki yo ra ngerti tujuane nah! Aku ki kur
ndherekke den mas Subroto.”
Sugimin : “Wee.. lha pait tenan, wong lunga kok ra ngerti tujuane nem!”
Painem : “Piye je iki ki malah dho nyalahke aku kabeh.”
Sugimin : “Lha arep nyalahke sapa meneh? Bapakmu po piye? Genah sing ngajak we kowe je
nem!! Aneh-aneh wae kowe ki.”
Painah : “Mulakna nek arep lunga ki di schedule sikik. Ben ra linglung ngalor ngidul kaya
ngene..”
Painem : “Salah meneh salah meneh .. ee tak meneng wae.”
Broto teka rupane lesu lan semrawut.

Subroto : “Dha ngapa iki, ngrasani aku po? Elok tenan.”

Painah : “Nggih mboten to den, la ajeng ngrasani napa to den?”

Painem : “Ngapusi kuwi den, ngapusi.. Painah karo Sugimin mau ngrrasani panjenengan.”

Subroto : “Ooo.. keberanian kowe Min. Ra reti wong lagi susah piye, rak tak gaji nek kowe
kaya ngene.”

Sugimin : “Ampun den mas .. ampun! (karo sujud ampun) Kula taksih gadhah utang kathah.
Menawi den mas mboten menehi gaji, rak nggih cilaka kula mangke to den mas.”

Subroto : “ORZ... Ora urusan min sugimin!!” (metenteng lan mbentak)

Painem : “Ngaten lho den, la mbok nggih den Subroto niku kersa dipun nikaahaken dening
putrinipun Raden Sudarmo.” (Subroto lingguh meneng wae)

Painah : “La kowe ngapa to nem, kok meksa-meksa den Mas. Yo ben sak karepe to. Masalah
buat lo?” (Mleroki Painem)

Painem : “Salah meneh… salah meneh, ngene salah, ngana salah. Ooaalah jan…”

Subroto : “Wis wis do rasah ribut... rasah kakeyan cungkimin. Ngene lo nah yem. Aku wegah
dipeksa rabi karo sik jenenge Suminten kuwi. Seka jenenge we aku wis isa nebak
kuwi mesthi wonge ra ayu.”

Sugimin : “Walah den, jarene Raden Adipati niku sae lo den. Pokoke tak jamin wis den, ra
bakal nyesel yen ketemu.”

Subroto : “Hhhmm.. sok tau kowe ki min, piye leh mu ngerti ketemu we durung. La nek ayu
we mesa, la nek rupane kaya wong kurang gizi. La ya ancur to reputasiku!”

Painah : “Setuju.. den Mas!”

Sugimin : “Lah jare, menawi den Mas mboten purun Raden Adipati badhe ngusir panjenengan
to den?”

Subroto : “La ya kuwi min, sik marakke aku galau. Rabi tanpa tresna apa bisa? Apa diusir
rama kelangan banda? JAN APES-APES tenan nasibku iki…!!”
Painah : “La nggih den, nek kula setuju njennengan kesah mawon. Tinimbang mengke
nyesel saklawase.”

Sugimin : “Wuuh.. sesat nek kuwi. Ampun dipun gugu den! Ahaa.. (sok mikir) ngeten mawon
den, menawi den mas ketemuan rumiyin dening sapa jenenge (mikir) Nah suminten!
Kersa to den?”

Subroto : “Woo.. yo bener kuwi panemumu.”

Banjur Sugimin lunga gawe janji karo Suminten. Ing sore kuwi sing dijanjekke karo
Subroto, Suminten ngributi dandan sak ayu-ayune. Nganti rupane katon putih kaya gaplek.

Suminten : “Ah asiik, pokoke aku arep tampil sik paling cetar membahana badai halilintar
wedhus gembel Merapi. Hmmh.. Syahrini wee.. lewat.”

Suminten nyanyi lagu lan menyang neng pinggir kali opak kanggo ketemuan dening
Subroto seng wis di idam-idamake. Ning pinggir kali opak, Subroto teka dikancani Sugimin.

Subroto : “Endi toh uwonge? Kok suwi tenan”.

Sugimin : “Sabar den. Wong sabar ditresnani Gusti Allah.”

Subroto : “Rasah waton mutusi to min menenga wae!”

Sak banjure kui, Suminten teka. Kadi kaadohan Suminten ngamati Subroto sing gagah
ning ndhuwur jarane.

Suminten : (karo ngucek-ngucek mata ra percaya) “Gusti Allah, kok le bagus temenanan den
mas Subroto. Jan Bapak ra salah milih tenan iki” (sumringah rupane)

Sugimin : “Den niku Suminten sampun dhateng.” (karo nunjuk-nunjuk Suminten)

Subroto : “ Iiiih.. Gusti Allah. Kok ya ana manungsa kaya ngana bentuke.”

Suminten : (marani Subroto) “Kang Mas Subroto................ i’m coming. (mlayu)


aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa.....!!”

Subroto : “Min.. min.. ayo mlayu wae! Ayo min ayo cepettt… !!”

Suminten : “E..e..ee.. tak cegah ra iso mlayu. ( ngguya-ngguyu karo tangane nggondeli Subroto)
kang mas.. arep ning ngendi? Aja lunga! Iki aku Suminten.”

Subroto : “Ajaa cerak-cerak aku STOP!! Rupamu kuwi lo ra nguati..!!”

(Musik Stop mencuri hatiku – Dewi sandra)

Suminten : “Ya ampun kang mas.. aku ki kurang apaa? Body, gitar Spanyol. Kulit, putih kaya
bidadari medhun saka kayangan. Idep.. Syahrini we lewat.. Kurang apa aku kiii?”
(ndepel-ndepel Subroto)

Subroto : “Gitar apaa.. Spanyol? Separo nyolong po piye? Mbok kowe ki ngaca. a (karo
nyodongke sikile ning raine Suminten) Rupamu ki blaass ra ketulungan. Lutung we ra
bakal kepincut karo kowe ten, Suminten.”

Suminten : “Kok kowe tega kaya ngene karo aku kang Mas. Aku salah apa karo kowe? Apa aku
kurang ayu?”

Subroto : “Kowe salahe mung siji, urip ing ndonya iki!! Wes minggir kana aku arep lunga!!”
(mlaku cepet, Suminten nggondeli)
Suminten : (ndeprok ngglosot nggondeli Subroto) “Ajaaa lungaa Kang Mas.. pleeaase! Aku
tresna karo kowe kang Mas..”

Subroto : “Asssshh.... (nyampluk tangan Suminten) lunga... lunga.. ora, mbangane (tangane
wis maju) 1..2...3....!!”

Suminten : “Yaa..aa.. aampuun Kang Mas.” (nangis, banjur Subroto lunga)

(Musik- Evi Tamala )

ADEGAN 5 DESA NGEMPAL

Paraga : 1. Warok Sudarmo

2. Ny. Sudarmo
3. Suminten

4. Sinur

Ing ndesa ngempal wr.sudarmo lagi pada ngumpul-ngumpul wonten ngarepan….

Ny. Sudarmo : “Pakne kok lagi baliki sik dirembug apa wae to? Sumelang nek njenengan mengko
nyangkut ning omahe GADIS. Wediku nek kowe mengko mbribike sik Gadis janda
kembang kae..”

Wr. Sudarmo : “Walah bune bune.. lagi tekan wae kok wis ribut. Aku ki seka ngadhep Raden
Adipati Ali.”

Ny. Sudarmo : “Walah nggih nyuwun ngapunten pak ne...”

Wr. Sudarmo : “Makane nek ngomong kuwi dipikir sikik, aja waton muni. Wes kene aku dipijiti
kesel tenan awakku iki. (Ny. Sudarmo nyekel pundakke lan mijeti)

Ny.Sudarmo : “ Hhhm..penake dipek dewe.”

Wr.Sudarmo : (merem-merem ngarasake pijetane) “Nah munggah sithik bune, meneeh meneeh..
Nah tonjo tenan nek iki.”

Ny. Sudarmo : “Yo wis gek dicritani hasil rapate mau apa?”

Wr.Sudarmo : “Ngene lo bune, Raden Adipati kuwi arep ngrabekke anake awakdewe Suminten
kae, karo den Mas Subroto.”

Ny.Sudarmo : “Weeelaah dalah.. anake awakdewe payu pakne. “(sumringah nglepas pijetane)

Sinur teka nggawa unjukan lan mireng kabar suka kala wau.

Sinur : “Mangga dipun unjuk den!” (timpuh ngenehke wedhang)

Wr.sudarmo : “Yaya.. gek nehke kana.”

Sinur : “Walah ndoro Suminten ajeng dipun rabekke napa? Wah jan melu seneng aku nek
payu ki. Nggih mugi-mugi calonipun purun nggih ndara..”(ngampet ngguyu)

Ny. Sudarmo : “Ya mesti gelem, wong ibune ayu kaya ngene !!”

Wr.sudarmo : “Haiyoo.....to bu!!”

Sinur : “Lah apa hubungane ndara? La soale ndara Suminten niku rupane mboten kalap
tenan je. Kula wedhi menawi calone ndara Suminten menika kaget lan mboten purun.
Mangke saget ngrusak keturunan ndara.....!”

Ny. Sudarmo : “E..ee, kok keberanian kowe Nur..., wani-wanine waton mutusi! Eleke kaya ngana
kae yo tetep anakku kae ki... mbiyen arep tak guwang ya ra tega je aku nurr...!!”

Sinur : “Woo.. dados nate pengen mbuwang ndara Suminten to ndara...wkwkwkwk” (nguyu
kemekelen)

Wr.sudarmo : “Welah bune ki malah mbukak aip ki piye... jan tobat tenan!”

Sinur : “Alah mboten napa-napa ndaara. Rahasia terjamin menawi wonten uang tutup
mulut!” (plirak plirik dolanan tangan)
Ny.sudarmo : “Wah kowe ki dasar mata duitan nur Sinur...! yo wis saiki kowe lungaa goleki ndara
Suminten yah mene kok ra ning omah ki neng ndi!!”

Sinur : “Ooo.. njih njih.... la uang tutup mulute pundi ndara??”

Ny.sudarmo : “Oalah....dasar...nyo..nyooo.(karo menehke duit) Wes gek enyah seka ngarepku!”

Sinur banjur lunga nggoleki Suminten.

ADEGAN 6
MBULAK/NDALAN

Cempluk mlayu mlayu lan nabrak dening Den mas Subroto

Cempluk : “Nyuwun ngapunten mass…! (menggos menggos kekeselen) Kula sampun nabrak
sampeyan.”

Subroto : “Mboten napa napa..... manungsa mboten luput saking salah! Lajeng wonten
menapa kok kadose wedi banget?”

Cempluk : “Kulaa ...kula, nembe dipunoyak-oyak dening lanangan ingkang badhe meksa kula
nikah! Ooo. njihhh.... nami kula Cempluk Warsiah saking dusun Ngampal.”

Subroto : “Oooo dek Cempluk (salaman). Kula Subroto.(atine lan jantunge Subroto deg deg
an ra karuan)

Musik lan dance Cherrybel-diam diam suka(ngedance leli nungki jelita parjo)

Subroto : “Ooo.. yo dek Cempluk, mau ngapa kok mlayu mlayu..... sapa sing wani ngoyak
ngoyak sampeyan dek?”

Cempluk : “Asmanipunn Jaka Gentha ... kula ajrih banget.. sampeyan purun to nulungi kula?”

Subroto : “Santai santai.... aku selalu ada untukmu dekkkk.....!”

Jaka Gentha teka bengak-bengok.

J.Gentha : “Akhire nemokke kowe, yu....ayo mulih yu! Wis ditunggu bapak mesti sampeyan
yu...!”

Cempluk : “Wegah ra sudi...!! kowe ki dikei ati njaluk rempela. Ora sudi aku dadi bojomu!!”
( nuding J.Gentha)

J.Gentha : (nyeraki Cempluk dihadang Subroto) Alahh ayo to yu..bali karo aku...!”

Subroto : Heh..! kowe ki dadi lanangan tulen apa kur lanang lanangan??!” (mendeliki
Gentha) Nek pancen kowe lanangan tulen. Ora pantas pokalmu meksa wong
wedhok...!!”

J.Gentha : “Wooo...dadi kowe nantang aku...?! Nek panjalukmu kaya ngana.. ayo saiki kowe
lawan aku!!”

Subroto : “Okeee..... tak tampa uga tantanganmu....! (marani Sugimin) Min, jaga dek Cempuk
nek aku ndilalah kalah jakken mlayu...!!”

Sugimin : “Sendika dawuh den Mas.”

PERANG SUBRATA VS JAKA GENTHA ( JAKA GENTHA MENANG) lan


sakbanjure perang, Sugimin mlayokke Cempluk warsiah

Subroto : “Min ...cepet malayu min... slametna dek Cempluk!!” (bonyok diantemi J.Gentha)

J.Gentha : “Eeeeee....aja lunga koweeee yu Cempluk!! (di gandhuli Subroto)

ADEGAN 7 DESA NGEMPAL


Paraga : 1.Wr.Sura Menggala

2. Ny.Sura Menggala

3. Cipluk

4. Cempluk

5. Subroto

6. Jaka Gentha

Wr.Sura : “Bunee.... reneo nyeraka aku!”

Ny.Sura : “Napa pakne, kok kadose penting sanget?” ( nada kemayu)

Wr.Sura : “Si cempluk kae lo bune ......wis prawan, bareng pecah pamore jian ketok ayu
tenan.”

Ny.Sura : “Woo.. lha injih pakne..., lha ibune we yo ayune koyo ngene kok pakne..mosok
anake ra ayu..”

Wr.Sura : (ngguyu) Ning ngene bune.. arepa rupane ayu ning polahe ala dadi yo bocah mesthi
kurang sethitik bune... ya wis tanganmu bune, gawa rene!”

Ny.sura : “Lha ngapa to pak.... leres pakne.. lha kabeh mau awit saking paringane kang Maha
Kuasa e..”.

Wr.Sura : “Woo la yo bener omonganmu bune. Aduuh aduuh.. pegel tenan rasane guluku iki.
Aku pengen pijetanmu bune, aku kangen.”

Ny.Sura : “Yo wis kene-kene!” (karo mijet pundak Wr.Sura)

Wr.sura : “Lha Cempluk mau nang ngendi bune?”

Ny.Sura : “Lha emboh aku yo ra ngerti, salahe ora tok kencang.”

Wr.Sura : “Aaah.. bune iso wae...” (nada genit)

Cipluk teka gawa unjukan.

Cipluk : “Mangga pak, niki unjukannipun. ( menehke wedhang) Ooo.. yu Cempluk menika
nembe ten pasar pak! Ajeng tumbas mbako, lha njenengan to pak wau kang
ngenken...?”

Ny.Sura : “Ooo.. iyo, wau njenengan to pakne sek dhawuh...wah jan bapak ki lalen ki pripun
to pakne??”

Wr.Sura : “Lha yo aku ki cen lali (nggoceki sirah).. nanging iki wes sore lho..!”

Cipluk : “Lha nggih pak, niki pun sore to? le mangkat ket kapan je pak?”

Wr.Sura : “Ket mau awan. Lho.. lha le ku akon ki wes ket esuk mau je..mosok ket saiki urung
bali-bali.. marai gawe mangkel atine wong tua wae...”

Cipluk : “lha injih pak.. ,paling-paling nggih ndadak mampir-mampir wonten pundi-pundi
pak..!”

Ny.Sura : “Wo.. lha mbakyumu ki.., kebiasaan nek lunga-lunga ndadak mampir-mampir!”
Cipluk : “Lha njih buk... ,yu Cempluk ki gawene kur mblayang wae! Mesti tethek nang
ngarep dalan kuwi buk... nek mboten nggih mesthi njih spa ten salon.”

CEMPLUK MULIH KARO TULUNG-TULUNG

Cipluk : “Woo lha niku pak! Yu Cempluk sampun mulih.. ning wonten napa kae kok mlayu-
mlayu...??

Ny.Sura : “Woo iyo kae ana apa? Karo sapa kae...?” (penasaran)

Wr.Sura : Heee.. Cempluk!! Kowe wedi karo bapak yo mergo mulih kawanen to..? Mampir
nengdi kowe?” (metenteng lan mendelengi Cempluk)

Ny.sura : “Hooh, kowe ki mampir nangdi to nok...??”

Cipluk : “Wuu.. yu Cempluk ki mblayang wae..! (nada mangkel)

Cempluk : “Haduhh.. mengke riyen pak,mbok, pluk... kula leren sekedap riyin..!”

Cipluk : “Lha ana apa je yu...kok kayake dioyak setan?”

Cempluk : “Ngene lho pak,buk.. kula nyuwun pangapunten.. kula niki meh kenging alangan...”

Wr.Sura : “Heeeh? (mripat mendelik) gek alangan opo to pluk? Rep ketabrak motor po piye?”

Cempluk : “Mboten pak.. kula niku dioyak-oyak kalih wong sing pengen ngejak rabi kula..”

Wr.Sura : “Lha sapa jenenge?”

Cipluk : “Whaaatt? Sapa kuwi yu...? Bagus po ora yu?”

Cempluk : “Ah kowe kiki jan, meneng sik to! mengke rak tekan mriki pak...”

Ny.Sura : Walah nok, gek kowe ra ngapa-ngapa to..? (karo ndemok awake Cempluk) Rak ra
ana sik lecet to?”

Cempluk : “Mboten buk, kula mboten napa-napa.”

Cipluk : “Sapa..je yu, sapa je...??” (karo meksa-meksa pengen ngertI)

Cempluk : “Sssssttt.. iso meneng po ora? Aku ki isih deg-degan, ngerti ora?”

SUBROTO,SUGIMIN ,PAINAH LAN PAINEM TEKA, SUBROTO AREP DIAJAR


WR.SURA NANGING DICEGATI CEMPLUUK

Wr.Sura : “Wahh... iki mesti bocah sing wani kurang ajar ngganggu anakku... mati kowe..ra
sakna!!” (karo nggoceki kerah klambine Subroto)

Cempluk : “Paaakkk.... ampun pak! Dede niku pak tiyangipun...!”

Wr.Sura : “Aku wis ra kuat nahan emosi ku.” (isih tetep nggoceki kerahe Subroto)

Cempluk : “Kang mas niki ingkang sampun nulungi kula...” (ngalangi bapakne)

Subroto : “Njih pak, leres pak..!!”

Sugimin : “Injih pak, niki malah sing nulungi mbak Cempluk...”

Painah : “Lha njih pak sabar sabar.. niki den mas Subroto ingkang nulungi mbak Cempluk.”
Wr.Sura : “Ooo... (nglepas klambine Subroto) Dadi iki to sik malah sing nulungi kowe to
pluk.. lha jenengmu sapa le..?”

Subroto : “Kula niki putra Trenggalek, nami kula Subroto pak... putranipun Raden Adipati Ali
Sutamijaya.”

Wr.sura : “Oooaalah... kowe den Mas Subroto?”

Cipluk : “Laahh iki to sik jenenge den mas Subroto kae. Alah-alah jan istimewaa!!” (gaya
chibi)

Painem : “Lha injih pak, ... njenengan mboten kenal pripun... bagus kaan? Iyaa kan?

Wr.Sura : “Oalahh... nyuwun ngapunten nggih den.. aku ra reti je.. nek kowe ki putrane
Adipati Ali Sutamijaya...”

Ny.Sura : “Oalah.. den mas Subroto to... aku pangling tenan je... kok saiki wes gedhe gek
mundhak bagus yo..”(ngguyu)

Cipluk : “Wah kok aku kayake kepincut yo.. hahaha”

Sugimin : “Wah jan gumunan ndeso.. !”

Cipluk : :Lha pancen aku wong ndeso je. Masalah buat lo?”

Painem : “Alah buk... mbok dikon mlebu.. panas tenan je ten mriki..” (karo kipas-kipas)

Ny.sura : “Oo yo.. mangga-mangga padha mlebet..!”.

Banjur mlebu padha lingguh..

Wr.Sura : “Wis saiki gek critakna nduk, lha sing ngoyak-ngoyak kowe sopo to pluk..?”

Cempluk : “Ingkang ngoyak-ngoyak kula menika Jaka Gentha pak...!!”

Wr.Sura : “Oalah Jaka Gentha to... bocah kuwi ki pancen kurang ajar... sedulure dewe kok
arep dipek bojo jan ra nggenah tenan...!”

Cipluk : “Wooo dadi Jaka Gentha to.. anake Lek Surabangsat ki pancen... gendheng tenan.”

Ny.Sura : “Woo.. njaluk disamblek tenan iki bocah.”

Subroto : “Nyuwun ngapunten, gandheng sampun sonten kula badhe nyuwun pamit.”

Ny.Sura : “Woo.. la kok kesusu arep wangsul ki piye to den mas?”

Cempluk : “Mbok nggih ngunjuk-ngunjuk riyin den mas.”

Subroto : “Nggih nggih sampun-sampun dek buk. Njih kula pamit nggih” (padha saliman)

SUBROTO Dkk KESAH, JAKA GENTHA TEKA

Jaka Gentha : “Kula nuwun pakdhe... kula nuwun.. kula nuwun..! walaaah (kaget malah mata
mendelik) Pakdhe ki malah turu. Lingguh nang kursi we kok yo isoh ngorok.
Horoooo... huualah ngeces barang le turu, iki nek tak glimpangke kursine pakdhe ra
bakalan tangi...” (Gentha ngglimpangke kursi)

Wr.Sura : (tiba) “Adohhhhh buneee..... wooo lha bocah ra nggenah.. teka ra kula nuwun
malah gawe sengsarane wong tuwa... kualat kowe mengko..!!” (nuding nuding)
J.Gentha : “Oalahhh pakdhe... lehku matur kula nuwun hambok ping satoss.. nanging pakdhe
malah saya angler le turu nganti ngeces...! hehehe”

Wr.Sura : “Lha po iyo?? (karo ngelap bekas ecesane) Ana apa le?”

J.Gentha : “Kula pingin gesang kaliyan yu Cempluk dhe.. ila yu Cempluk badhe kula suwun..!”

Wr.Sura : “Weeelha …dalahhh.. aku ora oleh, ora setuju, amarga yu Cempluk ki mbakyumu,
lan kowe yo wis wani kurang ajar ro Cempluk..”

J.Gentha : “Weeelha.. wong tuwa diajeni malah ra rumangsa.. klakon ilang nyawamu.. wis
wani ro aku...!!”

Wr.Sura : “Bocah iki kok le angkuh tenan.. ayo nek wani maju siji lawan siji...!!” (maju
tangane obah-obah gaya kungfu)

JAKA GENTHA AREP NGANTEM DISABET PECUT SIKILE LUMPUH-NGLUMPRUK

J.Gentha : “Adohhh... ampun dhe... pakdhe patamu tetep isih ampuh tenan...!!”

Wr.Sura : “Lha yo to gurumu mbiyen ki sapa? Kaya ilmumu ki wes dhuwur wae..!”

Ny.Sura : “E..ee..ee ana apa iki pakne? Ayook ayooo pakne... tonjok wae kuwi bocah
gendheng!” (sorak –sorak nyemangati Wr.Sura)

Wr.Sura ::Okee pijeti sikik bukne..!! (karo siap siap gaya kungfu)

Ny.Sura : “Siiiaaap..pak!!” (mijeti pundhak pakne)

Wr. Sura : “Iki ponak’anmu dadi bocah kok le sombong tenan..!” (Isih gaya kungfu)

J.Gentha : “Oooo... awasna yo dhe.. tak kandhakke bapakku mengko..!!!”

Wr.Sura : “Kandakna ra wedi aku!” (metenteng)

ADEGAN 8 DESA KANOMAN

Wr.Sura Bangsat lan Ny.Sura Bangsat


Wr.S.Bangsat : “Walah bunee… iki sore-sore kok panase kaya ngene.”

Ny.S.Bangsat : “Injih pakne, apa donya iki wis tuwa kok panase elok tenan. Jan bocor nerakane…
(karo kipas-kipas)

Wr.S.Bangsat : Wah jan, kowe ki.. ra pangerten mbokyo aku ya dikipasi to yo bune-bune. Jan payah
tenan..”

Ny.S.Bangsat : “Walah..walah ngonoe nesu…! (nyerak ngipasi Wr.Sura bangsat)

Wr.S.Bangsat : “Naahh.. rak ngene, ADEM..MakNyess.. ben tambah so sweet meneh bune! (genit)

Ny.S.Bangsat : “Ah pakne ki genit (karo nyiak ngajeng janggut Wr.Sura bangsat)

Wr.S.Bangsat : E..eee…ee.. bune ki kewanen!”

Ny.S.Bangsat : “Yo rapopo, karo bojone dhewe kok. Oh njiih pak, sik Jaka kok kethok irunge ki
endi?”

Wr.S.Bangsat : “Walah paling yo tethek ning mbulak kae karo brandal-brandale kae..”

Ny.S.Bangsat : “Walah pak….Jaka kiwis gerang lo pak, mbok ndhang dirabikke wae..”

Wr.S.Bangsat : “ Lhaa.. iyo karepku yo ngana kuwi. Tapi la piye meneh… bocahe isane muk
mbirik-mbirik thok.”

JAKA GENTHA MLAYU MULIH WADUL BAPAKNE

J.Gentha : “Pak.. pak.. pak’eee...” (nangis)

Wr.S.Bangsat : “Ana apa to le...? (wajah datar) bengak-bengok ben tanggane ra krungu po?”

Ny.S.Bangsat : “Hooh le, ana apa to? Brebek kupingku...!!”

J.Gentha : “Pak…, pokoke bapak lan simbok sesuk kudu mara ning ngomahe pakdhe Sura ..!!”

Ny.S.Bangsat : “Lha arep ngapa to le…., ndadak kon mara barang..??”

Wr.S.Bangsat : “Iyo..ana apa to kok kadingaren kon mara barang... bapak ki wong sibuk!!!”

Nyanyi Campursari njaluk dikawinke

J.Gentha : “Tembungke yu Cempluk supaya dadi bojoku pak....!!” (meksan bapakne)

Ny.S.Bangsat : “ (syok kaget) Wee..lha... dong po ra kowe ki, mbakyumu dewe kok arep dipek
bojo...??!”

Wr.S.Bangsat : “Hooh le.. mbok miker kowe ki..,mikerr.. iseh waras po ora kowe ki...!!?”

J.Gentha : “Wis ra urusan aku pak.. rep mbakyuku po udu pokokke aku tresna karo yu
Cempluk!!”

Ny.S.Bangsat : Wee... weee.. ra dong tenan nek kui leee....”

NYANYI D’BAGINDAS ~BERTAHAN SATU CINTA

Wr.S.Bangsat : “Oalahh... duwe anak siji tur wis gawe kesel kaya wong duwe anak sepuluh wae..
anakmu kui lho bune...”

Ny.S.Bangsat : “Anakmu barang to pak...?!!”


Margono : “Oalah ndara Gentha seka ngendi to tak goleki je...”

Dalino : “Lha yo ndara ki gawe bingung uwong wae.. seka ngendi to ndara..??”

Wr.S. Bangsat : “Malah do ngapa kowe ki wes do lungo kana...!!”

Margono : “Lha kula kaliyan Dalino pokoke kudu bareng-bareng terus kaliyan ndara Gentha
pokoke tak terpisahkan...”

Dalino : “Caradene niku sampun dadi soulmate ndoro..wes kanca kenthel pkoke.”

J.Gentha : “Walah... wegah aku soulmatean karo kowe-kowe!! (nuding Margono lan Dalino)
soulmate ku yo yu Cempluk!!”

Ny.S.Bangsat : “Wis-wis... gek ndang do lunga kana nyepet-nyepeti mripatku...!!”(ngusir)

Lunga lan padha grenengan

Margana :”Walah gara-gara yu cempluk awakdhewe di sia-sia den brot…”

Dalina :”Hooh ki..jan… padahal ak mati-matian mbelani den brata je..”

Margana :”Gek.gek awakdhewe arepa dipecat ki… bahaya tenan.”

Dalina :”Ahh orak wes, piyek piyekna den broto ki perlu aku, nek kowe ipecat we r a papa.”

Margana :”Wuh asemmiii…. Koe nek urip ra karo aku ki yo raiso we gaya.”

Dalina :”Ha..haaahaa guyon(karo ndemok sirahe) WEs yo bali wae gek an.”

ADEGAN 9ALAS TENGAH NDALAN

Paraga : 1. Wr.Surabangsat

2. Ny.Surabangsat
3.Wr.Sura Menggala

Wr.sura :”Eeeee... kowe to dhi... ana opo dingaren tekan kene...”

Wr.S.Bangsat : (ngguyu) “Tenane aku mau nang nggonamu jebul omahmu suwung gek saiki malah
petuk nang kene..”

Ny.S.Bangsat : “Injih iki... malah kepeneran kok pakne ketemu neng kene.”

Wr.sura : “Lha ana perlu apa e?”

Wr.S.Bangsat : “Ngene lho kang.. kowe reti dewe to anakku ki kepiye yen duwe karep.. anakku ki
pengen ngepek bojo anakmu si cempluk”

Ny.S.Bangsat : “Iyo kang si Jaka ki wis tresna tenan je karo si Cempluk tak kondan-kandani yen
Cempluk ki mbakyune nanging tetep ra di gugu....”

Wr.Sura :” Yo piye yo dhi... lha Cempluk ki wes arep di pek bojo karo wong liyo je..”

Wr.S.Bangsat : “Kosik-kosik , kok kakang bisa ngomong kaya nganakanthi dasar apa kang?”

Wr.sura : “Lha anakmu ki wes wani kurang ajar karo anakku je... gek karo aku yo wani...”

Ny.S.Bangsat : “Yen perkarane mung kui anakku sesok tak kandanane kang ... supaya dadi bocah
seng apik nanging... Cempluk tetep tak jaluk dadi mantuku...

Wr.sura : “Ora dhi... aku tetep ora oleh...!!”

Wr.S.Bangsat : “Oooo ngana to kang... kowe berarti ngajak pedhot paseduluran ro aku...”

Wr.sura : “Yen karepmu ngana yo tak ladeni....”

ADEGAN 10

Paraga : 1. Adipati Ali Sutamijaya

2. Painah
3. Painem

4. Patih Reksapraja

5. Sugimin

Ing ngarep Kadipaten Trenggalek.

Sugimin : “Nek menurutmu piye, den Mas cocoke ro sapa? Nek aku ki ndukung karo mbak
Cempluk, wis ayu, bahenol pokoke joss… !”

Patih Reksa : “Hhhhmm…. Nek aku yo ndukung den Mas Subroto karo Suminten. Wis cocok sak
level… bibite bobote bebete.”

Sugimin : “Hlaa po kowe ki wis wiruh rupane Suminten??”

Patih Reksa : “Yo durung… tapi didelok seka jenenge la nasal-usul keluargane we wis
meyakinkan.

Sugimin : “Tak kandani ya.. Patih Reksa Praja sik jenenge Suminten kuwi rupane ra kalap..
seka pucuk kapok ra ana iso di sawang!!”

Patih Reksa : “Lha kan kuwi… menurutmu, njak kowe ki seleramu ki pancen rendah.

Adipati Ali nggoleki Patih Reksa lan Sugimin, nanging ra ketemu.

Adipati Ali : “Nah.. kowe ngerti Patih Reksa ra? Dadi asisten malah mblayang-mblayang…?”

Painah : “Walah..walah, nyuwun ngapunten den, kula mboten ngertos cobi kula tangletke
Painem.”

AdipatiAli : “la kuwi glo… painem.. (painem teka)

Painah : Nem kowe ngerti patih reksa ra?

Painem : lha iyo ra ngerti aku wee.. seka pawon

Adipati : yow is ngene kana kowe golekaana nah. Painem ben mijeti aku.

Painah : nggih… sendika hawuh adipati

Painah lunga, painem mijeti adipati

Adipati : nem…, sing roso le mijeti ki!

Painem : niki sampun poll…ndra le mijeti.

Adipati : Menurutmu, Subroto ki tak rabikke ro sapa?

Painem : nggih mangga kersane panjenengan.

Adipati : Waah.. kowe ki mung manutan payaah…wis nem kowe gek gawe wedhang “

Patih Reksa lan Sugimin teka. Painem lunga.

Patih Reksa : Sembah atur Raden… wonten menapa?

Adipati : Ngene lo kakang patih, aku tetep arep ngrabikke Subroto karo Suminten.

Patih Reksa : Nggih kula setuju den..”


Adipati : lha nek kowe piye min… setuju ora? (nuding Sugimin)

Sugimin : Sakderengipun kula nyuwun sewu, kula mboten setuju..

Adipati : (nesu karo emosi) Lha.. apa alasanmu??”

Sugimin : Ngaten lho den… amargi kula sampun mirsani rupanipun Suminten jan.. nyuwun
sewu malih, mboten kalap den..”

Patih : Alaaah…kowe ki mung ngarang min!

Sugimin : Wee…. Maido, tenan ki yakinlah sumpah

Adipati : Wooh nak ngana, yo wis batalke wae…!! Patih saiki kowe mara ing nggone
Suminten omongo yen pernikahan iki BATAALL… !!

Patih : Nggih… den!”

Patih lunga

ADEGAN 11 PINGGIR KALI

Paraga : 1. Suminten

2. Sinur
Ing pinggir kali. Sinur bingung nggoleki Suminten. Seka adoh ndeprok sesenggukan nangis.

Sinur : “Ndaraa… wonten menapa kok ndeprok ten riku?”

Suminten : (nangis ndeprok) “Huuuu…uu..uu.. Subroto nur.. Subroto nakaall..!! Kowe kudu
nulungin aku nur, aku tresna tenaaaan karo den Mas Subroto.”

Sinur : “Hanggeh nek nulungin rupane sampeyan mboten saged kula…”

Suminten : “Huuu… jahaattt kowe, aku ki juraganmu,kudune mbelani aku”

Sinur :”Weee..cuup.cuppp aja nanges tambah elek mangkeh ndara!”(ngece)

Suminten : “Huuuhuhhu…(nangis)asemm koe nur.. awasna nek aku ayuu!’

Sinur : “Halah.. kapan ndara…lehmu arep ayu…!angel ..angel..wes permanen ndara ..pol
niku.”

Suminten : “Ya kapan-kapan, nek aku ngangsi ayu..huhh!!(sombong) Cah Piyungan, Kasihan,
Mbarongan, Kretek! Kabeh do kepincut ro aku.”

Sinur :”Hummm nggehhh ..nggeh manut nglegani.”

Suminte : “Hhhmm… tapi aku yakin den Mas Subroto gelem karo aku.” (karo ngibas-ngibas
rambut lan ngelapi uluhe)

Sinur : “GR….!! Nggih mangga, ndak suwe..”

Sminten : “Yo wis..yo gek bali selak sore!”

Suminten lan Sinur banjur bali mulih.

ADEGAN 12 DUSUN SEMAN

Paraga : 1.Wr.Sudarmo

2. Ny.Sudarmo
3. Suminten

4. Sinur

5. Patih Reksapraja

Wr.Sudarmo : “Bunee... Suminten... kene ndeneo.. aku arep takon...!”

Ny.Sudarmo : “Badhe mundhut pirsa napa to pakne...?”

Suminten : “Adohhh.. ajeng pirsa napa to pak? Yen mundhut pirsa dhawuhe bapak sedaya
sampun beres pak, pokoke aman terkendali..!!”(sumringah)

Sinur : “Injih ndara, rencang-rencang kakung lan putri sing dadi omong tamu sampun beres,
undangan sampun sumebar...pokoke beress!”

Wr.Sudarmo : (ngguyu) “Sokorr... yen beres, wes kana gek do lunga..!!”

Suminten : “Injih pak... !”

SUMINTEN MLEBET... PATIH REKSAPRAJA DHATENG...

Patih Reksa : “Kula nuwun kakang Sudarmo...!!”

Wr.Sudarmo : “Woaaa.. mangga-mangga...”

Patih Reksa : “Kang... sak durunge kula nyuwun pangapunten...

Wr.Sudarmo :”Yoo… ana apa kok katone openting.!”

PAtih Reksa :” Adipati dhawuh kula supaya nyampekke yen anggone bebesanan diwirungake...”

Wr.Sudarmo : (nesu-nesu,bengok-bengok) “Ora sido? ora sido? Lakok isa!Dadi kaya ngene to
cak-cakane wong sing duwe panguwasa?.... hmmmm... omongane esok tempe sore
dhele..!”(ngangkat kursi- Patih Reksa mlayu)

Ny.Sudarmo : “Ana apa to pakne?”(penasaran)

Wr.Sudarmo : (bengok-bengok) “Wis tarube do dibrubah, sing do rewang do dikon mulih... ra ana
gunane!!”

Suminten krungu kadi kamar, lan metu nggawa vas kang lagi dilapi.

Wr.Sudarmo : “Ngene yo rungakna aku..!! (meneng sakwetara) kowe.... ra sido dadi manten nok...
kowe ra sido rabi karo Subroto...!!”

Suminten : “Weeee... yo ra isoh to pak... (bingung) Aku emoh..eemooh pokoke emoooh pak
eeee…..!!” (nglosot banjur vas kembang langsung dibanting) (bengok sero)
opoooo??? Aku ra sido dadi manten karo den as subroto? Ra munggkiiiin....
impossibleee.......” (njempling sero terus tibo pingsan)

Sinur : “Oalah ndara... elingg ndara... nyebut ndara nyebut...!!”

SUMINTEN TANGI SEKO TURU: MESAM MESEM, NGGUYA NGGUYU,


NANGIS,CEKIKIKAN, NYEBUT JENENGE SUBROTO...

Suminten : “Hahaha.. den mas.... huhuhu...!!”(ngglosot ngguya-ngguyu karo kukur-kukur


rambut)

Sinur : “Oalahh ndara kok dadi koyo ngene to.... kok malah dadi edan kaya ngene...”
Ny.Sudarmo : “Alah-alah anakku sing ayu dewe... kok nasib mu dadi koyo ngene to nok...!!”

Suminten : (nyanyi -cidro)

ING MRIKI SUMINTEN EDAN

ADEGAN 13 PLATARAN MBURI DUSUN NGEMPAL

Paraga : 1.Cempluk

2. Darmi

3.Cipluk
Cipluk : “Lek Darmii….!!”

Darmi : “Oooo… kowe ta nak, kene kene mlebu!! Kok ndingaren kowe ngethok nok?”

Cipluk : “Hehee… kangen aku karo kowe lek.. kok ra tau dolan ning nggonku ta?”

Darmi : “Lha aku ki sibuk ee…”

Cipluk : “Sibuk ngapa…? Gur nggorengi peyek we nggaya…”

Darmi : “Alaaah …padune arep njaluk wee…”

Cipluk : “Walah….kur peyek we akeeh..”

Cempluk teka sumringah.

Darmi : “Gaaalooo… si Cempluk ya ndene.. kangen ya pluk??”

Cempluk : “Hooh je lik, Lek,lek darmi...tak kandani to lek. Nyedak o ndene..”

Cipluk : “Aku yo dikandani to yu...!”(sok kepo)

Darmi : “Eneng opo to pluk? Aku ki arep nyapu latar kae.. galo reget banget latar e...!!”

Cempluk : “Alah lek mung dilit kok...5menit wae!!”

Cipluk : “Lha eneng opo je yu...aku ki dikandani to…” (meksa)

Darmi : “Hooh ana opo e? Penting banget po piye?”

Cempluk : “Ngene lho lek.. pikirku bingung iki lho... ngapa yo nek aku kesenggol karo den
mas Subroto awakku mrinding kabeh...mergane opo yo lek?”

MUSIK ADA CINTA (smash)

Cipluk : “Oalah yu yu... kayane kowe ki wes gedhe..nanging kok yo ra dong..”

Darmi : “Ngene yo nok... kowe ki wes pantes due bojo dasare koe ki yo ayu WIS DUWE
INNER BEAUTY, lha kira-kira den mas Broto seneng ra ro kowe?”

Cempluk : “Wah ... aku yo ra reti je lek... wong nyatane wonge ki durung ngendika je...”

Cipluk : “Yo mengko di delok wae yu.. mengko wonge rak arep mara to..”

Darmi : “Yo mengko tak injene...!!”

Cempluk : “Yo aja ... isen aku..!!”

Darmi : “Yo rapopo... “

BROTO TEKA

Subroto : “Kula nuwun…”

Cempluk : “Oh den mas to.. mangga-mangga lenggah riyin..!!”

Subroto : (mlebu lingguh) “Diajeng cempluk...” (nyerak palungguhane cempluk)

Cempluk : “Inggih dalem..!” (isin-isin)


Subroto : “Ngene lo dek.. sakjane aku ki rep matur karo kowe.”

Cempluk : “Nggih mangga…!!”

Subroto : “Sakjane ket pisanan aku wiruh kowe, atiku ngrasa bungah… Apa gelem…
(mandheg ambil nafas) dadi….pasangan uripku?”

Cempluk : (isen-isen) “Pripun njeh... kula manut mawon kaleh den mas Subroto...”

Subroto nyanyi Yovie & Nuno – persunting

Ananging suasana kebahagiaan menika pecah, amargi Suminten teka nggebret-nggembret


nyeluk Subroto.

Suminten : (ngeret-ngeret klambi) Den Subroto… aku tresna karo kowe…. Hihihihi”

Subroto : (nyepak tangane Suminten) Hiiiiisssh …heeehh.. MINGGIR..!! Wis gendheng


kowe!! Aku ki wis dadi milike Cempluk!”

Suminten : “Oraaa..urusaan! kowe tetep kudu dadi bojoku! (karo ngguya-ngguyu) AKU KI
CINTA MATI KARO KOWE..!!”

Subroto : “Wiisssshh…. Aku yo ra urusan!! Nggir… nyepet-nyepeti mripat!! (lunga gandheng


Cempluk)

Suminten : “Huuuu….. aja ninggalke akuu den Mas!!” (nangis ndeprok ngosek-ngosek)

Lan akhire, Suminten edan lan nangis sak kejer-kejere. Ananing Subroto lan Cempluk dadi
pasangan urip saklawase.

(Semua pemain maju nyanyi – Kemesraan)

Anda mungkin juga menyukai