Anda di halaman 1dari 3

SUSUNAN ACARA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirabbil ‘alamin

Asholatuwassalamu’ala asrofil amyai walmursalin sayidina wamaulana muhammadin wa’ala alihi


waashkabihi ajmangin.... amaba’du.

Sagung pini sepuh sesepuh ingkang dahat kinabekten, panjenenganipun Bpk dukuh pedukuhan
Gondangan ingkang kula hormati, bapak/ibu lan para lenggah sedaya ingkang kula hormati... kanca-
kanca lan adik-adik ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin monggo ngaturaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang
sampun paring rahmat, hidayah, inayah lan kesarasan dumateng kula lan panjenengan sedaya, saenggo
wonten dalu punika kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing griyanipun bapak dukuh
gondangan ngriki saperlu mengeti dinten kamardikan republik indonesia kaping 77

Mboten kesupen sholawat saha salam kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW, sak garwo putro, lan para sahabat ingkang kita tengga-tengga safa’atipun wonten ing
yaumul akhir. Amin.

Bapak /ibu lan para lenggah sedaya, kula marak sowan panjenengan sami saperlu ngaturaken
rantamaning acara pengetan dinten kamardikan republik indonesia kaping 77

Pra acara (gejok lesung)

1. Pambuko
2. Menyanyikan lagu Indonesia Raya
3. Tari tunggal
4. Atur pangandikan
 Ketua panitia (gejok lesung)
 Kepala dusun (gejok lesung)
5. Tahlil saha Do’a
6. potong tumpeng (gejok lesung)
7. paduan suara (syukur, 17 agustus, bangun pemudi pemuda & sorak sorak)
8. pentas seni (istirahat+drama, gejok lesung, tari kelompok)
9. Pembagian hadiah
10. Panutup (gejok lesung)

Mekaten menggah rantamaning adicara wonten ing dalu punika.


1. Bapak/ibu lan para lenggah sedaya, ngengeti wekdal soyo dalu monggo pepanggihan punika
enggal kita wiwiti kanthi adicara ingkang kaping setunggal inggih punika pambuko.
 Kagem adicara pambuka punika monggo sesarengan dedonga kanthi waosan basmalah.
 Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmalah wau adicara wonten dalu punika
lancar mboten wonten alangan setunggal menapa.

2. Menggah adicara ingkang kaping kalih inggih menika menyanyikan lagu Indonesia Raya
ingkang badhe dipun pimpin sederek Tia
 Dumateng para lenggah sedaya kasuwun jumeneng
 Matur nuwun dumateng sederek Tia, dumateng ngarsanipun para bapak/ibu sedaya
kasuwun lenggah malih.

3. Bapak/ibu lan para lenggah sedaya, adicara ingkang kaping tigo inggih punika tari tunggal .
 Dumateng Nina ingkang badhe tampil, kula sumanggaaken
 Menika wau tari Abyor Saking dek Nina, kula ngaturaken matur nuwun

4. Bapak/ibu lan para lenggah sedaya, adicara ingkang kaping sekawan inggih punika atur
pangandikan.
 Atur pangandikan ingkang ongko setunggal saking ketua panitia, dumateng sederek Faiq
kula sumanggaaken.
Matur nuwun dumateng sederek Faiq ingkang sampun paring pangandikan.
 Atur pangandikan ingkang ongko kalih saking kepala dusun pedukuhan Gondangan,
dumateng panjenenganipun Bapak Solikhin kula sumangaaken.
 Matur nuwun dumateng bapak Solikhin inkang sampun paring pangandikan.

5. Bapak/ibu lan para lenggah ingkang kula hormati, adicara ingkang kaping gangsal inggih
menika tahlil saha do’a
 Tahlil bahdhe dipun pimpin mbah kaum
Dumateng panjenenganipun pak Ngatiman kula sumanggaaken.
 Matur nuwun dumateng pak Ngatiman mugi-mugi-mugi waosan tahlil saha do’a kolo
wau andadosno amal sholeh kula lan panjenengan sedaya. Amin.

6. Adicara kaping enem inggih meniko potong tumpeng.


Ingkang badhe potong tumbeng inggih meniko ( ) lan badhe dipun tampi kalian (
) potong tumpeng puniko kagem simbol supados poro wiranem nglajengaken perjuanganipun
tiang sepuh.
 Dumateng ...........lan sederek......... kula suwun majeng
 Matur nuwun dumateng ..............lan sederek.........
7. Adicara kaping pitu inggih punika paduan suara saking pemuda gondangan. Ingkang badhe
dipun pimpin sederek Tia.
 Dumateng sderek Tia kulo sumanggaaken
 Matur nuwun dumateng Tia ingkang sampun mimpin paduan suara
8. Adicara kaping wolu inggih punika pentas seni. Dumateng konco konco pentas seni kulo
sumanggakaken.
 Dumateng kanca kanca wiranem kulo sumanggaga paring unjukan kalian daharan
 Matur nuwun dumateng konco konco pentas seni
9. Adicara kaping songo inggih punika pembagian hadiah Dumateng konco konco panitia kulo
sumanggakaken.
 Dumateng kanca kanca wiranem kulo sumanggaga paring unjukan kalian daharan
 Matur nuwun dumateng konco konco pentas seni
 Dumateng sederek..................
10. Bapak/ibu lan para lenggah ingkang kula hormati, adicara ingkang kaping sedoso inggih punika
panutup, nanging sakderengipun acara dipun tutup estu anggen kula nderekaken adicara wonten
dalu punika kathah kekirangan sarta kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.

Monggo kita tutup pepanggihan wonten dalu punika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

Wabilahi taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai