Anda di halaman 1dari 6

Pranatacara Pengajian

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri


anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah,
asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu
warasuuluhu. Amma ba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;

Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula
ingkang pantes sinudarsana;

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para
ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom
……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita
antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur
dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha
kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun
ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad
SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing
yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula
minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan
…………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil
kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing
ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening
adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam
kirang langkung mekaten :

1. Adicara angka sepisan Pambuka


2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing
Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang
badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang
ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika,
nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening
almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya,
misalnya kyai haji atau apa…)
6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut
reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang
sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit
saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara
pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau
bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).
=====

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani
dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah
mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika
Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun.
Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.

=====

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan
kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-
laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran
saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal
kasumanggaaken.

=====

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi
laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia
untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning
adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe
angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng
tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara
kasumeneaken sawetawis.

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya
badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan
Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji
Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng
midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

=====

Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun
kinarya anglajengaken adicara candhakipun.

Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun


Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun


kepareng paring pangandika.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning
pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun
wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing
tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal
sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

======

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang


sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha
piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing
pengaosan.

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan
menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna.
Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing
adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang
nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika,
sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT
karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara Rapat RT/PKK/


Kumpulan Warga
Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap ndalu. Pramila
monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.

Namung sak derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem Allah SWT ,
Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo, sholawat sarto salam mugi2
tansah katetepno dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2 syafaatipun wonten ing yaumul
qiamah.

Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah susunan acara ingkang bade
kito lampai :

1. Pambuka
2. Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam….)
3. Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng bpk…
4. Pembukuan
5. Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban)
6. Panutup

Monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak kathi waosan basmalah…

Acara sak lajengipun sambutan saking tuan rumah (Ketua Kelompok Ronda Malam…)

Poro bpk Lan sederek sedoyo, Acara sak lajengipun amalan milo wekdal Kasumanggaaken
dumateng bpk….

Acara sak lajengipun Pembukuan wekdal kasumanggaaken dumateng ing kang tinanggenah.

Poro bpk lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur pamundutipun ingkang
kagungan dalem kito kacaosan unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking kersanipun
katuran dahar soho ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten badan kito sedoyo pramilo kito
langkung rumiyen doa sesarengan.

Acara sak lajengipun lain2 namung sakderengipun wekdal kito aturaken dateng ketua paguyupan.
Acara sak lajengipun penutup.

Milo monggo pepanggian ing dalu puniko kito syukuri kanthi waosan hamdalah.

Lan saking kulo ambok bilih anggen kulo nderek aken adicoro ing dalu punika katha klenta klentu kulo
nyuwun agunging pangapunten.

Kulo akhiri Wassalamuaalaikum wr, wb

Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin


Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten…….ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs
ipun Raden Bagus … bin …kalian Raden ajeng Roro … binti …

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah——–

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an
ingkang bade kaseliraaken dening …. wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang
maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten … ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah
panjengan ipun Bapak…. bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang
puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak…..kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan
inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun
lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi
kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti
tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko
Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar
kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit
awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih
samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho
doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara Pernikahan


Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha
kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat
kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan
mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji
hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara
dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing
ratri kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang
Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten
madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng
panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken
wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta
paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning
sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka
basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas
wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana
wiwaha

Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang
sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing
sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para
tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing
sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang
pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning
sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun,
keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah
kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai