Anda di halaman 1dari 3

Untuk lebih jelasnya, dapat pembaca praktekkan teks berikut ini yang tentunyamasih

memungkinkan untuk ditambah dan atau


dikurangi.==============================================================
==================Assalaamu’alaikum warahmatullaahi
wabarakaatuhu,Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu,
wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala
mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa
syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.Para pinisepuh
saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;Para pangemban pangembating
praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes
sinudarsana;Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah
tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun
almukarrom……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah)
ingkang tansah kita antu-antu wedharingwursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;Para bapak
sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah.Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji,
ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika
taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumatengpanjenengan sedaya dalasan kula, saha
awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.Shalawat saha
salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa
saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-
mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat
rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji
nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan…………………, nyuwun lumunturing sih
samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan
sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga
kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi
wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :1.Adicara angka
sepisan Pambuka2.Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang
sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani deningsedherek
……….3.Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati,
ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak……………………… (ketua panitia atau yang
ditunjuk)4.Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
Bapa/Ibu/Kyai…………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang
ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).5.Wondene adicara ingkang angka gangsal,
minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah
ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom…………………… (sebut nama beserta gelar
dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)6.Minangka pungkasaning titi laksana
pengaosan nun inggih panutup.Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat
rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan …………..
ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti
rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng
ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan
dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita
ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau
dengan do’a lainnya).=====Matur nuwun.Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih
Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek……………………. Anamung
saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugikepareng hamidangetaken saha
hangraosaken ing sak lebeting manah jermenika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan
sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek……………
wekdal kasumanggaaken.=====Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkangsampun kaaturaken. Ing
pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayomayem
tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherekingkang sampun ngaturaken waosan
kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa
rabbal‘aalamiin.Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng
sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.=====Mekaten menggah atur pambagyaharja
sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan,
wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi
di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung
sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis
kinarya paring wekdaldhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja.
Dhumateng para rawuh ingkang sampunkaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken
ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken
sawetawis.Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa
panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang
Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumenekaaturaken
dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing
paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih.
Sumangga.=====Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal
sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.Adicara ingkang angka sekawan
wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng
bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.=====Kaaturaken agunging
panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring
pangandika.Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan
madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara
salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing
pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring
pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng
almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.======Ngaturaken sanget
agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal
luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika
ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.Para
bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika,
mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung
saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing
adicara, mbok bilih pinangih atur ingkangkirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang
nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.Muslimin
lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika,
sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT
karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.Wusana,
ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.Wassalaamu’alaikum
warahmatullaahi wabarakaatuhu.=====

Anda mungkin juga menyukai