Anda di halaman 1dari 1

SAMBUTAN SHOHIBUL BAIT

‫السّالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


َّ ‫ اَل‬,‫صلَ ِة ااْل َرْ َح ِام‬
‫صالَةُ وال َّسالَ ُم‬ َ ‫= اَ ْل َح ْم ُد هلِل ِ الَّ ِذى اَ ْن َع َمنَا بِنِ ْع َم ِة اإْل ِ ْي َما ِن واإْل ِ ْسالَ ِم‬,‫َّحي ِْم‬
ِ ‫واَ َم َرنَا بِاإْل ِ تِّ َحا ِد َو‬, ِ ‫بِس ِْم هَللا ِ الرَّحْ َم ِن الر‬
‫اَ َّمابَ ْع ُد‬.‫صحْ بِ ِه ْال ِك َر ِام‬ َ ‫َعلَى َسيِّ ِدنَا َو َموْ اَل نَا ُم َح َّم ِد َخي ِْر ااْل َن َِام‬
َ ‫و َعلَى اَلِ ِه َو‬,
‫َحضْ َرة َْال ُمحْ تَ َر ِمي ْْن‬
 Poro Alim Ulama' poro Kyai soho Ibu nyai ingkang tansah kito ta'dzimi soho ingkang kito ajeng - ajeng
barokahipun
 Wabilkhusus almukarrom romo ky.Muhamad Aminudin waahli baitihi, ingkang tansah kito ta'dzimi, ingkang
tansah kawulo mulyaaken, soho ingkang tansah kito ajeng - ajeng barokah tetes nur ilmunipun
 dumateng poro dewan asatidz Asatidzah Pondok Pesantren Mamba'ul Huda, soho dewan pengurusipun ingkang
kito ta'dzimi ugi ingkang kawulo mulyaaken
 mboten kasupen, dumateng rencang - rencang santri Pondok Pesantren Mamba'ul Huda ingkang tansah kawulo
tresnani soho kawulo banggaaken

Ingkang awal ingkang utami, monggo kito sedoyo sesarengan nginggahaken puji syukur dumateng Alloh SWT
ingkang sampun paring pinten - pinten kanikmatan, karohmatan, hidayah dumateng kito sedoyo, katitik wonten ing
wekdal meniko kito sedoyo waget makempal wonten ing majlis meniko kanti pinaringan wilujeng mboten manggihi
alangan satunggaling punopo, pramilo sumonggo sesarengan raos syukur meniko kito lahiraken kanti waosan tahmid
bil qoul.......
َ ‫ْال َح ْم ُد هَّلِل ِ َربِّ ْال َعالَم‬
‫ِين‬
Solawat soho salamipun Allah mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito soho panutan kito Nabi Agung
Muhammad Saw. Ingkang mugio kito sedoyo kagolongno umat ingkang pikantuk syafa’atipun langkung – langkung
syafa’atul udzma mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin YRA
Hadirin wal hadirat rohimakumullah.
Kawulo ing mriki minongko perwakilanipun shohibul bait inggih puniko bapak……………………………
ngaturaken agunging panuwun atas rawuhipun panjenengan, saking shohibul bait ngaturaken SUGENG RAWUH
AHLAN WASAHLAN BIKHUDHURIKUM, mugi – mugi rawuhipun panjenengan sedoyo kacatetno dados amal
kesaenan wonten ngarso Allah SWT.
Kaping kalihipun, saking shohibul bait ngaturaken agunging panuwun, dumateng sedoyo pihak hususipun, ingkang
sampun mbantu adicoro meniko,saking segi punopo kemawon sehinggo adicoro meniko saged kelaksanan kanti
lancar, mugi amal sae panjenengan sedoyo dipun bales ingkang langkung sae, saking shohibul bait ngaturaken
JAZAKUMULLOHU AHSANAL JAZA' JAZA'AN KASIRO.

Soho, shohibul bait mawi lisan kawulo ngaturaken agunging pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo, anggenipun
nampi rawuh penjenengan kirang mahanani awit saking segi papan pilenggahan igkang sekeco lan pelaksanaan ugi
tesih kathah kekirangan, mboten sanes ngaturaken agunging pangapunten.

sesampunipun sakmangke adicoro sampun paripurno, shohibul bait namung saged ngaturaken SUGENG KONDUR,
mugi saged pinanggih malih wonten sanesipun wekdal ingkang sae

poro rawuh ingkang tansah kawulo hormati


mekaten ingkang saged kawulo aturaken, katah kelepatanipun nyuwung agunging pangapunten

kawulo ahiri..
ْ ‫َكفَى هُنَا قَوْ لِى= لَ ُك ْم‬
‫وال َع ْف ُو ِم ْن ُك ْم‬
‫والسّالم= عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

Anda mungkin juga menyukai