Anda di halaman 1dari 2

Bapak bapak ibu ibu, adicara ing dalu punika tumuli badhe kawiwitan

(BERSAMA) Assalamuallaikum warahmatullahi wabarakatuh

(WITA) Bismillahirahmanirahim, Alkhamdulillahi rabbil ‘allamin, wabihi nasta’iinu ‘alaa umuuriddunya


waddin, wasahalatu wassalamu ‘alaa asyrafil anbiyai wal mursalin, wa ‘ala aalihi wa ash-habihi ajma’in,
amma ba’du.

(ADRIAN) Panjenenganipun almukarom bopo Drs. K.H Ibnu Mukti, M.Pd saking Pondok Pesantren AL-AMIN
Pabuaran, Purwokerto Ingkang kinurmatan lan ingkang tansah kito dereki menggah fatwanipun.

(WITA) Ingkang kinurmatan bopo forkompincam kecamatan jetis , Bopo lurah desa trimulyo lan
sakprakatipun,

(WITA) Hadrin hadirot kaum Muslimin wal Muslimat ingkang dipun rohmati Allah SWT.

(WITA ) Puji Syukur Alhmadulillah Monggo sareng sareng kito kunjuaken datEng ngarso Gusti Allah SWT,

(ADRIAN) ingkang tansah paring rahmad, kawilujengan, kasempatan, iman lan islam dhumateng kita
sedaya , sak temah kito saget kempal manunggal wonten ing pengajian santunan anak yatim lan yatim
piatu tahun 1441( sewu kawanatus sekawan doso setuggal ) Hijriyah kanti minantu ing kasugengan.

(WITA) Boten kesupen, sholawat saha salam tansah katetepno dhumateng junjungan kita nabi angung
Muhammad, SAW. Ingkang kita antu-antu menggah syafaatipun wonten ing Yaumil Qiamah sak mangke,
Allahuma Aamiin

(ADRIAN) kaum muslimin wal muslimat ingkang dhahat minulyo, keparengo kulo wonten mriki ngaturaken
runtutanipun adicara ing dalu puniko: adicara ingkang angka sepisan Pambuko

(WITA) adicara ingkang angka Kalih Sambutan-sambutan.

(ADRIAN) adicara ingkang angka tigo santunan anak yatim lan yatim piatu

(WITA) adicoro ingkang angka Sekawan Inti adicara inggih menika pengajian

(ADRIAN) adicara ingkang pungkasan Panutup.

(ADRIAN) Mekaten menggah runtutaning adicara ing dalu punika,Sakderingipun kito purwakani adicoro,
waosan ayat suci Alquran ingkang Badhe di pun slirani sederek………………, Pramilo wedal soho papan kulo
sumanggaaken

(WITA) mekanten lenggah waosan ayat Suci Alquran, mugi mugi dadosaken majelis meniko majelis ingkang
kebak barokah dipun ridhoning Gusti Allah Ta’ala

(WITA) Saklajengipun monggo adicoro pengajian santunan anak yatim lan yatim piatu kito purwakni kanti
waosal umul kitab alfatikhah
(ADRIYAN) Mugi-mugi waosan surah Al-fatikhah wau, mahanani adicara punika saged lancar wiwit awal
dumungi akhir. Aamiin

(ADRIAN) Para hadirin hadirot ingkang dhahat kinurmatan, tataran adicara ingkang salajengipun, inggih
menika sambutan sambutan. Ingkang sepisan sambutan saking ketua panitia pengajian santunan anak
yatim lan yatim piatu, (WITA) ingkang nomer kalih sambutan saking bopo Camat kecamatan jetis.
Dumateng panjenenganipun Bopo Mulyono minangka ketua panitia pengajian, wekdal kita
sumangga’aken.

(WITA) Matur nuwun dhumateng bopo Mulyono ingkang sampun kersa paring sambutan amakili panitia

(WITA) Salajengipun sambutan kita suwunaken gungan panjenenganipun bopo Saryadi, S.IP, M.Si
minangka Camat kecamatan Jetis, dhumateng bopo Saryadi wekdal saha sasono wara kula aturaken
sakcekapipun.

(ADRIAN) Kita aturaken gunging panuwun dhumateng bopo Sarydi, S.IP, M.Si ingkang sampun kersa paring
sambutan ing dalu punika.

(ADRIYAN) Adicoro salajengipun inggih meniko Santunan anak yatim lan yatim piatu, dumateng bopo
radtijo kepareng mandu adicoro santunan anak yatim lan yatim piatu meniko, pramilo wekdal soho papan
sumoggo katur.

(WITA) kulo aturaken matur suwun dumateng bopo Ratijo ingakng sampun mandu adicoro puniko

(WITA) WEKDAL Saklajengipun hadroh Annur Ponggok 1 ingkan dipun Pandegani BAapak Busro. Mbok Bilih
Sampun Samekto ing Gati , Kulo sumanggaaken bapak Busro lan sak konco, Sumonggo

(ADRIAN) Adicara salajengipun inggih menika inti acra pengaosan santunan anak yatim lan yatim piatu
tahun 1441 Hijriah, ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun wedharaken dening
panjenenganipun almukarom bapak Drs. K.H Ibnu Mukti, M.Pd saking Pondok Pesantren AL-AMIN
Pabuaran, Purwokerto. wonten akhiring pengaosan ing samangke dipun suwun barokah doa’ipun.
Dhumateng panjenenganipun bopo kyai Drs. K.H Ibnu Mukti, M.Pd, wekdal kawula sumanggaken.

(WITA) Mekaten menggah Mauidhah Hasanah saking panjenenganipun bopoi Drs. K.H Ibnu Mukti, M.Pd,
mugi-mugi saged nambahi pangertosan kawulo panjenengan sami wonten ing babagan agami,

(ADRIAN) sahengga nambahi lan ningkatanken iman lan taqwa kito sedoyo Allahuma amin. Dhumateng
panjenenganipun bopo kyai kyai Drs. K.H Ibnu Mukti, M.Pd, kawulo aturaken sanget agunging panuwun.

(WITA) Dungkap adicara ingkang pungkasan, inggih punika panutup. Ananging sakderengipun adicara kita
tutup, (ADRIAN) kawulo minangka pranoto adicara mbokbilih wonten klenta-klentunipun atur, (WITA) saha
kirang trapsilaning atur, purwo, madya, wasana kawulo nyuwun angunging sih samudra pangaksami.
(ADRIAN) Sumonggo adicara punika kita tutup sesarengan kanthi waosan hamdallah.

(WITA) Wabillahi taufiq walhidayah, (ADRIAN) wa ridha wal inayah. (BARENG) Wassalamuallaikum
warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai