Anda di halaman 1dari 4

SUSUNAN ACARA HALAL BI HALAL

Assalamu’alaikum wr wb

Bismillahirrahmaanirrahiim…

Alhamdulillahirobbil’alamiin….

Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddun yaa waddiin…

Asshadu alla illaaha illallaah… wa asshadu anna Muhammadan’abduhu wa rosuluh…

Robbis rohli sod ri.. wa yassirli.. ammri.. wahlul ‘uqdatammillisaani..yafqohu..qouli..

Hadrotul ‘ulama almuhtaromin, ngarsanipun para ‘alim, para bapak kyai ingkang kula
ta’dhimi minangka damaring agesang ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Wabil Akhos wal afaadhil Bapak Kyai ……………………………………………… saking


………………………………………. Ingkang sanget dipun tengga mau’idhoh khasanahipun lan
barokah doanipun, ingkang kita ta’dhimi.

Ngarsanipun Bapak Camat kecamatan Kokap, Bapak PJ Kepala Desa dalasan perangkatipun,
lan sedaya ingkang kinurmatan.

Ngarsanipun Bapak Ibu tamu undangan, ingkang mboten saget kula sebat setunggal lan
setunggalipun, ingkang satuhu bagya mulya, kanca-kanca werdho mudha Pedukuhan
Penggung lan adik-adik ingkang tansah kita tresnani.

Nuwun kepareng wonten ing titi laksana enjang siang punika kula sowan wonten ngarsa
panjenengan sedaya, kanthi mboten nilar paugeraning tata krami, awit kula nampi jejibahan
saking kanca-kanca panitia, supados nderekaken lampahing adicara Halal Bi Halal wonten ing
titi wanci punika.

Namung sakderengipun adicara tumapak, langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya


kanthi kula derekaken Muji Syukur Alhamdulillahirabbil’alamiin konjuk wonten ngarsa dalem
Allah SWT, ingkang saestu sampun maringaken Taufik, Hidayah lan Inayahipun, langkung-
langkung kasehatan…katitik kula lan panjenengan saget bermuwajahah bil wujuh kanthi
mboten wonten alangan setunggal menapa.
Sholawat dalah salamipun Allah, mugi tansah lumintu dhateng panutan kita Nabi Agung
Muhammad SAW, sumrambah dhateng para sahabat, garwa lan putra para pendherekipun
inking setyo tuhu nindakaken sunah-sunahipun ingkang sanget kita antu-antu safa’atipun
mbenjang wonten ing dinten yaumul Kiyamah… amiin ya rabbal ‘alamin.

Bapak/Ibu sagung lenggah ingkang kacaosan pakurmatan….

Wondene urut-urutaning adicara halal bi halal ingkang sampun karantam badhe lumampah
mekaten:

Adicara ingkang kaping sepisan nuninggih pambuka

Adicara ingkang urut kalih pamaosing kitab suci wahyuning Illahi

Adicara ingkang urut tiga ikrar Halal Bi Halal

Adicara ingkang urut sekawan sapala pambagyaharja saking kanca panitia

Adicara ingkang urut gangsal nuniggih sambutan-sambutan

Adicara ingkang urut enem tausiyah/pengaosan

Adicara ingkang urut pitu lain-lain utawi mancawarna

Adicara ingkang urut wolu panutup

Bapak/Ibu sagung lenggah ……rakhimakumullah…

Mekaten rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wonten ing wanci enjang siang
punika.

Lumebet wonten ing adicara ingkang kaping sepisan nuninggih pambuka

Amrih sedaya pikanthuk ridhaning Allah SWT, sumangga kita purwakani kanthi maos
Basmalah sesarengan…

Bismillahirrohmaanirrakhiim…….

Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmalah kasebat, lampahing pepanggihan punika
pinanggih wilujeng wiwit purwa, madya lan wusana. Aamiin…

Kita lajengaken adicara ingkang urut kalih nuninggih pamaosing kitab suci Al Qur’an,
dhumateng kanca ingkang sampun kapiji, sasana wicara kula caosaken.

Saklajengipun ndungkap adicara ingkang urut tiga nuninggih Ikrak Halal Bi Halal. Dhumateng
kanca ingkang sampun kapiji, wekdal kula aturaken.
Matur nuwun…

Adicara ingkang urut sekawan nuninggih atur sapala pambagya harja saking kanca panitia,
ingkang badhe dipunsalirani panjenenganipun…………………………

Pramila sasana wicara kula caosaken sak cekapipun, sumangga..

Matur nuwun saking kanca panitia.

Sakderengipun kula dherekaken adicara candhakipun, acara kula sigeg sumene sawetawis
saperlu atur kalodhangan dhumateng kanca-kanca kepareng badhe nawung kridho alelados.

Dhumateng kanca-kanca mudha kula sumanggaaken.

Kangge ngregengaken swasana wekdal, kula sumanggaaken dhumateng Hadroh Nurul


Mustofa, Nurul Hasan Penggung.

……………………………………………………………………………………………

Sagung rawuh rakhimakumullaah….

Nuwun kepareng swasana sumene kula suwun malih saperlu lajengaken adicara
candhakipun, nuninggih sambutan-sambutan.

Sambutan ingkang sepisan kula suwunaken dhumateng ngarsanipun


Bapak……………………………………………

Dhumateng panjenenganipun Bapak …………………………………………… sasana wicara kula


sumanggaaken.

Dhumateng Bapak ………………………………………………… kita aturaken agunging panuwun.

Kalajengaken sambutan ingkang angka kalih.. kula suwunaken dhumateng nagrsanipun


Bapak Camat Kecamatan Kokap.. dhumateng panjenenganipun Bapak Camat utawi ingkang
nyalirani sasana wicara kula sumanggaaken.

Dhumateng panjenenganipun Bapak……………………………………………….. kita aturaken agunging


panuwun.

Nuwun kepareng adicara kula sigeg sumene kaping kalih ing saperlu para kanca badhe
hangaturaken pasugatan ingkang hamungsarwi prasaja. Ingkang menika hambokbilih
sampun katampi mugiya sagung rawuh kersa hangedapi kanthi merdika ing penggalih.

Kangge ngregengaken swasana wekdal kula sumanggaaken dhumateng Hadroh Nurul


Mustofa Nurul Hasan Penggung.
Nuwun kepareng swasana sumene kula suwun malih saperlu lajengaken adicara
candhakipun.

Adicara lajengipun inggih punika adicara ingkang kita tengga-tengga, nuninggih tausiyah
utawi pengaosan.

Dhumateng ngersanipun …………………………………………………………………… sasana wicara kula


sumanggaaken sak cekapipun, samangke kasuwun katutup kanthi doanipun.

Matur nuwun dhumateng ……………………………………………………………….. ingkang sampun paring


mau’idhoh khasanahipun.

Kalajengaken adicara ingkang urut pitu inggih punika lain-lain utawi mancawarna.
Dhumateng Bapak/Ibu ingkang badhe ngisi adicara menika sasana wicara kula
sumanggaaken.

Sagung rawuh rakhimakumullaah….. lumebet adicara ingkang urut wolu nuninggih panutup.
Sumangga adicara wonten ing wanci punika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan.

Alhamdulillaahirabbil’alamiin……………..

Bapak/Ibu ingkang minulyo, mekaten lampahing adicara sampun kita lampahi wiwit purwa,
madya, lan wusana kanthi manggih wilujeng, sak lajengipun kula ingkang ndherekaken
lampahing adicara pinanggih lepat, kula nyuwun pangapunten.

Samangke konduripun bapak/ibu kasuwun jawat asta…wondene tataning lampah… kakung


kaliyan kakung, setri kaliyan setri.

Dhumateng panitia kasuwun mratitisaken.. kula pungkasi…

Wallahumuwafiq illa aquwamittariq

Wassalamu’alaikum wr wb………………..

Anda mungkin juga menyukai