Anda di halaman 1dari 4

ATUR PAMBAGIYO

Pada rangkaian acara resepsi pernikahan, keluarga yang mempunyai hajat (punya
kerja), berkewajiban menyampaikan sambutan (tanggap wacana) selamat datang
kepada seluruh hadirin. Dalam tatacara resepsi adat Jawa disebut Atur Pambagya
Harja, atau atur pambagya wilujeng.
Dalam sambutan ini, orang yang punya kerja akan mewakilkan kepada orang tertentu
yang ditunjuk, biasanya ketua RT/RW, atau orang yang dituakan di lingkungannya.
Nah, ketika menjadi ketua RT, saya pernah mendapat tugas untuk menyampaikan
pidato (tanggap wacana) tersebut.
Berikut contoh / tuladha atur pambagya harja yang pernah saya sampaikan….

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.


-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni
-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan
Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika,
sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng
ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat
saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten
papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya .
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE
dalasan Ibu Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :
Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng
ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu
panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra
putrinipun ingkang sesulih Rara …………. dhaup kaliyan Bagus ………… …… putra
kakungipun Bapa ……….. – Ibu ………... Saking ……………..
Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten …….., tgl……, watawis
tabuh …….. dalu, mapan wonten dalem …….. Kelurahan …….. Kec. ……….., Kab.
……….kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu ‘……….. ngawontenaken Pahargyan prasaja
minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.
Kaping Kalih, Bapa Ibu ……… sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken
sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang
sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng
Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.
Angka Tiga, Bapa Ibu ……… ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para
kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring
pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah
hajatipun.
Bapa ibu ……… mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi
sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk
piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang
Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.
Kaping Sekawan, Bapa Ibu ……… sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya
kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih
sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga
ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal
pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian,
mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu
widodo kalis ing sambikala. Amin.
Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan .
Sinaosa Bapa Ibu ……. sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu,
namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun
mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu
paring samodra pangaksami.
Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika
mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun
kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.
Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet
kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pagaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.
Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.
Suparto 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillahi robbil 'alamin assholatu wassalamu 'ala asyrofil ambiya'i wal mursalin,
wa'ala alihi wasohbihi ajma'in 'amma ba'du.

Yang saya hormati Bapak Ustad ..............


Yang saya hormati Bapak Ketua RT......, RW .......
Bapak-bapak, ibu-ibu hadirin hadirot yang berbahagia.

Puji dan syukur marilah sama-sama kita panjatkan kehadrat Allah SWT atas limpahan
nikmat, rahmat  serta karunia-Nya yang diberikan kepada kita sekalian, terutama
nikmat iman dan nikmat Islam, nikmat sehat wal'afiat serta nikmat panjang umur,
sehingga alhamdulillah kita bisa berkumpul di tempat kediaman kami sesuai dengan
undangan kami bahwa pada malam/siang hari ini kami ingin melaksanakan tasyakuran
atas kelahiran putera pertama kami yang lahir pada hari ....... tanggal ..... dan
alhamdulillah dalam keadaan sehat wal'afiat. Semoga acara yang akan dilaksanakan
pada malam/siang ini diberikan kelancaran dan senantiasa dalam naungan ridho Allah
SWT. Aamiin.

Sholawat dan salam tidak lupa kita mohonkan kehadirat Allah SWT semoga tercurah
keharibaan junjungan kita Nabi Muhammad SAW beserta keluarganya, sahabatnya dan
para pengikutnya, semoga kita yang hadir di tempat ini khususnya akan mendapatkan
Syafaat Baginda Rosululloh di yaumil qiyamah nanti. Amiin Ya Robbal A'lamin.

Bapak/Ibu hadirin/hadirot yang dimuliakan Allah SWT.


Atas nama shohibul bait atau tuan rumah yang pertama saya ingin mengucapkan
terima kasih kepada Bapak/Ibu yang telah menyempatkan diri untuk hadir memenuhi
undangan kami, semoga langkah kaki Bapak/Ibu sekalian dicatat oleh Allah sebagai
amal ibadah yang akan menjadi bekal kita apabila kita telah berpulang ke
Rahmatullah nanti. Amiin.

Yang kedua saya mohon maaf yang seluas-luasnya sekiranya sambutan, tempat
maupun jamuan yang kami hidangkan kurang berkenan di hati Bapak/Ibu sekalian.

Tujuan kami mengundang Bapak/Ibu untuk hadir ke kediaman kami sebagaimana telah
kami kemukakan di atas adalah sebagai wujud rasa syukur kepada Allah SWT atas
kelahiran putera pertama kami yang lahir pada hari ....... tanggal ..... dan Insya Allah
akan diberi nama ............

Kami mohon do'a para hadirin wal hadirot sekalian agar putera kami tersebut Allah
jadikan anak yang sholeh, anak yang berbakti kepada kedua orang tua, berguna bagi
agama, nusa dan bangsanya.   

Dan pada kesempatan ini kemi mohon kepada Bapak Ustad .................. untuk
memberikan tausiyah dan ceramah agamanya untuk kita sekalian.

Demikian kata sambutan yang dapat kami sampaikan, semoga segala hajat kita
dikabul dan dimakbul oleh Allah SWT. Aamiin Ya Robbal 'Alamiin
Wabilahit taufiq wal hidayah, Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai