Anda di halaman 1dari 9

Pambagyo 1

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min


syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill
fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna
muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten .


Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming
kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening
para ummat, ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken
Allah;
Soho Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Ugi para muda taruna ingkang satuhu bagya mulya ingkang tansah kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken
raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih
kepareng paring nugraha kawilujengan ,kasarasan dalah kasempatan dhumateng panjenengan
sedaya dalasan kula kacihno ing kasempatan puniko kito saget sesarengan makempal,
silaturahim wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga
benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni Dalah Para Rawuh kakung sumawana
putri ingkang kinurmatan;

Kula minangka talanging basa sulih sarira saking panjenenganipun Bapa ……….. dalasan Ibu,
wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Ingkang Sepisan, Bapa Ibu …………… ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng


ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan
sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang
sesulih Rara ……….

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten ………… watawis tabuh……….,
mapan wonten dalem ……….. Kelurahan ………., Kec. …………, Kab. ……… kanthi wilujeng nir ing
sambikalamboten wonten alangan setunggal punapa.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu …………… ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka
wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalihipun, Bapa Ibu ………….. sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken
sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun
kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten
kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa ………………. ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang
taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang
awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.

Bapa ibu ……………. mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi
sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih
kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya
robbal ‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu …………… sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya
kersaa paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda
ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya.
Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning
ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian,
mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis
ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.


Sinaosa Bapa Ibu …………… sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu,
namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken
palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra
pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning


manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos
purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet
kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.

Akhirul kalam, Billahittaufiq wal Hidayah.


Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.
Pambagyo 2
Bissmilahirrohmanirrohim
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Bismillahirohmanirrohim alhamdulillahi raabil 'alamin wa sholatu wassalamu 'ala asyofil anbiya'i


wal mursalin sayyidina wa maulana Muhammadin wa 'ala alihi wa shahbihi ajma'iin, amma ba'du.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajisepuh, saha sesepuh ingkang


tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Panjeneganipun para 'alim, para ulama, para Kyai, para Ustadz lan Ustadzah ingkang kita tengga
sedaya pitutur luhuripun.
Para pangemban pengembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pangayomaning para
kawula, mliginipun panjenenganipun Bapa …… minangka songsong agung ing tlatah ………
ingkang satuhu kinurmatan
Panjenenganipun kadang besan sutresna Bapa ………. miwah ibu ingkang satuhu pantes
hanampi pakurmatan.
Mboten kasupen dhumateng para rawuh , para pilenggah kakung sumawana putri, saha para
sanak kadang wredha muda tumaruna ingkang tansah winengku ing suka rahayu.

Purwakaning atur sumangga kita tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng gusti
ingkang Maha Welas lan Maha Asih nuwun inggih Allah SWT, awit saking sih wilasa miwah
barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan lan kula, sahengga wonten
ing kalodangan punika kita saged makempal manungal wonten ing dalemipun bapa ……… lan Ibu
kanthi pinaringan karaharjan, kasarasan , mboten manggih alangan satunggal menapa. Pramila
saking menika sumangga kita ikraraken kanthi kalimah tahmid Alhamdulillahirobil'alamin.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dumateng titah linangkung ingkang dados
panutan saha patuladhan kula panjenengan sami nuwun Sang Nabi Agung Muhammad SAW,
mugi mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang ing yaumil kiyamah. Allahuma amin

Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya. Nyadong agunging
samodra pangaksama sakderengipun dene kawula kumawantun jumeneng wonten ngarsa
penjenengan lan nggempil kamardhikan anggenipun sami mawan pangandikan. Nun ingih
Mundhi dhawuh saking panjeneganipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapa ......... miwah
ibu, kawula ingkang kapitedan sinaraya minangka sulih sarira kepareng ngaturaken menapa
ingkang dados wigatosing sedya menggah pahargyan dalu punika.

Ingkang angka sepisan Penjenganipun Bapa ......... miwah Ibu ngaturaken sugeng
siang/dalu, sugeng rawuh, saha sugeng lenggah kanthi mardu mardhikaning penggalih, sinartan
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene panjenengan sedaya sampun kepareng
rawuh minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun Bapa ......... Miwah Ibu. Nun inggih
wonten ing dalu punika Panjenenganipun kepareng ngawontenaken Tasyakuran Walimatul Ursy
anggenipun netepi dharmaing asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha putra mahargya
siwi putri kinasihipin ingkang asesilih Rara Ayu ………ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus ……….
Putra jalu saking panjenganipun Bapa ………. miwah Ibu ……..ingkang mijil saking tlatah Desa
……..Kecamatan ……….

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kepareng matur bilih
sri atmaja tementen sarimbit sampun kelaksanan anngenipun dhaup suci utawi akad nikah kala
enjing, nun inggih dinten Kamis, nyarengi surya kaping ………., kirang langkungipun wanci tabuh
………. wekdal nuswantara imbang ………, miturut tatananing agami lan nagari, kanthi sineksen
dening para kadang, saha sanak sedherek minggahipun para sesepuh lan pinisepuh mapan
wonten ing dalemipun Bapa ......... mriki kanthi manggih rahayu wilujeng tan manggih alangan
setunggal menapa. Lan ugi sampun kawisuda minangka panganten kanthi adicara panggih
miturut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing tlatah dusun ………… Desa
…………………. mriki.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang satuhu wicaksana. Jangkep kaping kalih,
Panjenenganipun Bapa ......... miwah Ibu lan gotrah kaluwarga ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami tumprap sedaya sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa
kemawon, langkung -langkung dhumateng para warga lingkungan mriki bapak ibu ugi kadang
muda- mudi ingkang sampun paring pambiyantu, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged
adamel rancag, lancar, lan gayeng pahargyan menika, ugi saged ngentheng-ngenthengi
sesanggemaipun ingkang hamengku gati. Ananging Panjenenganipun Bapa ......... mboten
kuwawi matur menapa-menapa, ugi mboten saged ngaturi menapa-menapa, namung puji donga
wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi - mugi sedaya amal kasaenan panjenegan sedaya dados
amal ibadah, lan pikantuk leliru saha piwales saking Allah SWT. Allahuma amin.

Dene sak lajengipun dumateng para rawuh sedaya, lugunipun sampun sawetawis dangu
anggenipun Bapa ......... ngrantam, ngronce, miwah ngantha- nggantha pahargyan menika,
ananging dhawahipun tkasih sarwi kirang pantes, saking menika panjenenganipun bapa .........
sakeluwarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksama. nanging sanget
panyuwunipun Bapa ........., katur sagung para rawuh keparenga pareng paring berkah pamuji,
mugi-mugi temanten sarimbit anggenipun sumedya lelumban wonten ing madyaning babrayan
agung saged jumbuh ingkang sami ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut
runtut rerentengan kados mimi lan mintuno ,sayuk rukun, samad sinamadan, wiwit kawitan
dumugining delahan tansah menggih bagya mulya, tansah pinayungan sih barukahing gusti Allah
sahingga dados kaluwarga ingkang samawa, sakinah mawadah wa rohmah, tundhonipun mugi
pikantuk turun ingkang sholeh lan sholekhah ingkang mituhu dhumateng tiyang sepuh
kekalihipun saha para sesepuhipun . Allahuma Amin.

Para rawuh saha para pilenggah kakung sumawana putri ingkan pantes sinudarsana,
ingkang kaping tiga Panjenengenipun Bapa ......... miwah ibu lumantar kawula tansah
hanglenggan budi dayaning manungsa kirang sampurna. Pramila mbok bilih anggenipun nampi
karawuhan penjenengan sedaya kirang tanggap, tangguh lan gupuh, kathah kekiranganipun,
mboten saged ngatutraken papan palenggahan ingkang sae, saha mboten saged ngaturaken
suguhan arupi dedhaharan lan unjukan ingkang sak kelangkung eca mugi panjenengan sedaya
kersa nglunturaken samodra pangaksami. Mboten kekilapan saking kadang muda taruna
anggenipun leladi wonten ngarsa penjenengan sedaya wonten kiranging suba sita, lumantar
kawula tansah nyuwun pangaksama dumateng panjenengan sami.

Minangka wasananing atur, dumateng para rawuh sedaya, mawantu-wantu


panyuwunanipun bapa ......... miwah kaluwarga, keparenga ndumugeaken anggenipun sami
lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan siang/dalu punika.

Mekaten atur kawula minangka sulih sarira saking hamengku gati Bapa ........., hambok
bilih kathah ingkang lepat atur kawula, kanthi andap asoring manah kawula nyadhong agunging
samodra pangaksami.

Akhirul kalam wa bilahittaufiq wal hidayah


wassalamu'alaikum waroh matullahi wa barokatuh
pasrah manten
Bismillahirrahmanirrahim.

Assalamu ‘alaikum Wr.Wb.


Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi rabbil ‘alamin wa sholatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i
wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’iin, amma ba’du.
Qolallohu Ta’ala fi kitabihil karim, a’udzubillahi minasyaithonir rojim

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh dalah ajisepuh,


ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi,
para alim, para ulama, para kyai, para haji ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci
wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah, ingkang ka antu antu berkah pitutur
luhuripun
Panjenenganipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapak ....... dalah Ibu ……., miwah gotrah
kaluwarga, ingkang satuhu pantes sinuba ing sagunging pakurmatan.
Sagung para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes
lamunta sinudarsana.
para kadang muda tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih.

Minangka purwakaning atur sumangga tansah kula dherekaken ngonjukaken raos syukur
wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas Lan Maha Asih, Nun Inggih Gusti Allah SWT,
awit saking pinten – pinten barokah, rahmat lan hidayahipun dumateng panjenengan sedaya lan
kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal
manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan.
Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula nun kula dherekaken ikraraken bikauli
'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados
panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing
kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Mugi kanthi waosan Shalawat Allahuma sayidina
Muhammad, panjenegan lan kula saged pikantuk syafaatipun .Allahumma amin

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak
wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda
Mradapa awit saking keparengipun Bp …….., miwah ibu kula kapitedhan minangka sulih salira,
kinen ngaturaken wosing gati, lekasing sedya ingkang luhur menggah sowanipun wonten mriki.
Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk
ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila,
menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning
penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
Sagung para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, Ewandene menggah lekasing gati Bapak
Sutiyo nun inggih :
Sepisan. Bapa ……. Miwah Ibu Ngaturaken salam taklimipun mugi konjuk dhumateng Bapak
....... sekalian Ibu Miwah Gotrah Kaluwarga sumarambah samudayanipun kanthi ikrar bi lisan
Assalamualaikum Warohmatullahi wabarokatuh. Sinartan agunging panuwun ingkan tanpa
pepindhan dene sowanipun, sampun katampi kanthi suka renaning penggalih Bapak lan Ibu
......., saha sampun pinaringan papan palenggahan ingkang saestu sae.

Kaping Kalih. Bapa Sutiyo sekalian hanglarapaken, nyowanaken putra temanten kekalih, nun
inggih Rara Ayu ……….. lan Bagus ………… jangkep sajodo, ingkang sampun kalampahan
nindakaken dhaup suci / Ijab-Qabul miturut satataning nagari miwah agami, lan ugi sampun
kawisuda dados penganten manut satataning adat widi widana panggih, krobongan lan
sungkeman muturut tata cara adat ingkang lumampah wonten ing dusun …….desa ……..
kec………… Kabupaten …….., rikala dinten ……… Nyarengi Surya kaping,…….. Warsa ……, mapan
wonten ing dalemipun Bapak ……, kanthi sineksen, sanak kadang, gotah kaluwarga saha
sesepuh lan pinisepuh.
Pramila, wonten ing titi wanci menika, sri atmaja tementen sarimbit kula pasrahaken dumateng
Bapak lan Ibu ......., borong panjenengan anggenipun badhe nggula wenthah keng putra kekalih,
Bapa ………. tansah hanjurung pamuji ing karsa sinartan agunging berkah pangestu, murih
widodo lestari anggenipun jejodhoan, mbangun bale wisma mapan wonten mriki.

Sak Lajengipun. Minangka jangkeping tata-krami, bapa …….. kepareng hangaturaken sawetawis
pisungsung uba rampe, Mbok menawi menika mboten pantes pun wastani uba rampe, sabab
hanamung jajan pasar wujudipun,
Lan ugi minangka tandha talining katresnan Bapa ……… dumateng Bapa ....... sekalian,
Panjenenganipun kepareng ngaturaken redana wonten ing blancang seta, Sanadyan mboten
sepintena etanganipun, mugi sageda hanambah raketing kekadangan ing antawisipun kulawarga
Bapa …….. saha keluarga Bapa ........ Anggenipun sami-sami ngentas pitulus putra kekalih
tansah manggih bagya mulya, atut runtut gendhan rukon, wiwit kawitan dumugining delahan
tansah pinayungan sih barokahing gusti sahingga dados kaluwarga ingkang sakinag ma wadah
wa rohmah tundonipun pikantuko momongan ingkang sholeh lan sholehah.
Ingkang wekasan, sampun sak wetawis anggenipun Bapa …….. miwah ibu dalah gotrah
kaluwarga sowan wonten mriki, Bapa ……. kepareng badhe madal pasilan, jengkar saking
pelenggahan saperlu nyuwun pamit, kondur wonten ing dalemipun sowang –sowang.
Panyuwunipun mugi Bapa ....... sekalian kepaeng paring tambahing berkah pangestu, sahinga
konduripun Bapa ……..tansah pinanggih rahayu wilujeng datan manggih pringga bayaning
marga.

Ing wasana. Mboh bilih anggen kula matur kathah kalepatan lan kekirangan, saha anggen kula
sowan sak-rombongan mboten rena ing panggalih panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun
agenging samodra pangaksami.

Nuwun. Billahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.


Atur panampi manten
Bismillahirohmanirohhimi
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh

Alhamdulillah wa syukrulillah wa sholatu wa sallamu ‘ala rasulillah sayyidina wamaulana


Muhammadin wa ‘ala alihi wa shahbihi wa mawwalah, amma ba’dah.

Konjuk dumateng Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajisepuh, saha para
sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen..
Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten
dalu tansah sumandhing kitab suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah
kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom
pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Mliginipin dumateng
bapak kepala Desa ................ dalah sedaya perangkatipun ingkang tansah kawula tuhoni
sedaya atur pangandkanipun.
Panjenenganipun bapa ...........( besan ) dalah .para kadang pengombyong temanten,
kakung/putri saking ..................................( sebutkan dari mana asal besan ) ingkang tuhu
pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Mboten kesupen Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha
para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang
Maha Suci, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun
kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal
kula panjenengan saged makempal wonten ing dalemipun bapak .........................( tuan rumah
) kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking
menika sumangga kita ikraraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados
panutan patuladhan kula panjenengan inggih Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang
kula panjenengan antu-antu syafa'atipun benjang wonten yaumil qiyamah.

Kanthi linambaran trapsila ing budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama,
inggih awit mradapa keparingipun Bapa................( tuan rumah ) Ibu, kawula piniji minangka
duta saraya talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur
saking panjenenganipun Bapa ......................( besan ) sekalihan lumantar panjenganipun Bapa
....................... ( nama perwakilan besan )

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging


panuwun ingkang tanpa papindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya
kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga Sanget ketampi kanthi
bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun kadang besan lumantar
panjenenganipun bapa ....... ( perwakilan besan ) kawula tampi, kanthi atur Waalaikumsalam wr
wb salajengipun dhumawaha sami-sami.
Panjenenganipun Bp ............................. (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika
panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi asto kalih, handadosaken
suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bp
................ ibu ................... ( tuan rumah ) lan sak lajengipun mbok bilih sampun samekto ing
gati samudayanipun, dumateng panjenenganipun ibu juru rias nuwun inggih ibu.................. (
nama juru rias ) saking sanggar rias ..................... ( nama sanggar rias ) kasuwun mratitisaken
lampahing adicara panggih, miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun lumampah
wonten ing dusun ......................... ( nama tempat ) mriki, mugi laksitaning upacara panggihing
putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban
sihing Gusti ingkang Maha Agung
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka
bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa
.............. ( tuan rumah )sekalihan garwa. Mboten kekilapan Bapa ................... ( tuan rumah )
sekalihan namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparinganipun kadang
besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa ................... ( tuan rumah
) sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh
anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Para Rawuh para pilenggah ingkang satuhu dahat kinurmatan....
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh
sadaya, bilih saking keparengipun Bapak……………….( tuan rumah ) sekaliyan, kula tinanggenah
nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya.

*Bapak saha Ibu.......................... ( tuan rumah ) .sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah,
ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh,
saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak
saderek sadaya.
Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….( tuan rumah ) ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha
para muda- mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan
panyumbang ingkang awujud punapa kemawon, Bapak saha Ibu ……………( tuan rumah )
sakulawarga mboten saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken
donga pamuji, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti
Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.

*Bapak saha Ibu ……………. ( tuan rumah ) sakulawarga nyuwun sih panarima panjenengan
sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan
sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.
Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen kados
mimi lan mintuno , rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala
momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama
ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

* mbok bilih Bapak saha Ibu ……………. ( tuan rumah )wonten kiranging trapsila anggenipun
ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang
mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman
nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan.
suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis
ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.
Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang kinaurmatan saha kadang besan
sutresna ingkang satuhu bagya mulya.

Menggah atur saking kadang besan lumantar Bapa....................( ingkang pasrah )


hambok bilih sampun pari purna pahargyan siang punika, panjenenganipun ngersakaken nyuwun
pamit, kondur wonten dalemipun sowang-sowang, Bapa .......................( tuan rumah ) mboten
saged ngantun punopo-punopo, namung saged ngaturaken sugeng kondur sinartan puji donga
mugi lampah kondur panjenengan sedaya milai pawiwahan punika dumugining dalemipun
sowang-sowang tansah pinarengan rahayu wilujeng tebih saking pringga bayaning margi.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula matur punika kathah cicip cewet
kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken
samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai