Anda di halaman 1dari 6

PIDATO BAHASA ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH

PANGANTEN
Nuwun:

Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh

Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati

Assallamu Alaikum wrwb.

Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta,
pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.

Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji

syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun peparing

barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.

Menggah atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;

Sepisan:

Ibu Hartanta ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan


ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni
panyuwunipun Ibu Hartanta.

Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti
ingkang maha kuwaos.

Ongka kalih ;

Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,

Putra miwaha siwi ngunduh penganten sarimbit Bg. Roni……………..pikantuk putra

Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing Purwantara.

Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus 2004
wonten Purwantoro Wonogiri.

Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandongga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha
sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan nir ing sambi kala.
Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng
paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang
bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang
ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing godha rencana ,
cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..

Ongka tiga

Ibu Hartanta ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman
panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning
panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing siang punika.

Ewa semanten Ibu Hartantoanta boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun
dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa
kemawon,kanthi iklasing panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken
kuncaraning asma panjengan.

Atur sak lajengipun. Ibu Hartanta anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun
krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun.
Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang
trasilal saha kirang subosita.

Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung gungan dumateng sanghyaning tamu
sinedahan kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.

Ibu Hartanta ugi nyuwung gungan dumateng sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan,
kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.

Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan kirang
suba sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra
pangaksami.

Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,

akhirul kalam wbst.


Pidato Bahasa Jawa : Atur Pambagyo Wilujeng Ing Temantenan

Assalamu’alaikura Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu
bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya.

Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan
pangandika.

Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih
saking keparengipun Bapak………………. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken

raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah
wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin Ibu …………….. anggenipun gadhah
damel ndaupaken putra putri ingkang nami ………………… sampun kalampahan daup
kaliyan ………………………… rikala dinten ………………. tanggai kaping………………..wanci
jam……………….wonten ing……………..kanthiwilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha
Ibu…………………..sakulawarga

kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu
paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.

Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….ngaturaken

gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha
para muda-

mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang
awujud punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu …………… sakulawarga mboten

saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan
sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang
matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.

Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu ……………. sakulawarga

nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri
panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.

Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing
sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT.,
bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet
dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak
sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi
kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken
samodra pangaksami.
Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka
murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning
pawiwahan punika.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika kathah
cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken
samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun !
ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN
Nuwun:

Ingkang  kinabekten sagung sepuh, pinisepuh

Ingkang  kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati

Assallamu  Alaikum wrwb.

Keparenga   paring palilah  kula semela atur  sawatawis,  nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta, pinangka sulih
sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.

Pinangka  purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji

syukur  wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun  peparing

barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.

Menggah  atur saking panjenganipun Bp/Ibu .............................;

Sepisan:

Bp/Ibu .............................  ngaturaken  kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang
kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal   wedal  nuhoni panyuwunipun Ibu
Hartanta.

Mugi karawuhan  panjenengan  tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha
kuwaos.

Ongka kalih ;

Bp/Ibu ............................. ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,

Putra  miwaha siwi  ngunduh penganten sarimbit  Bg. ........……………..pikantuk putra

Siwinipun Bp/Ibu .............................ingakang pidalem ing .................................

Menggah ijab kobul saha pawiwahan  sampun kalampahan dinten ....................................  wonten 
.....................................

Inggih awit  saking pujo- puji  , pangestu, saha pandongga ,saking  sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu
sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan  nir ing sambi kala.

Bp/Ibu .............................nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp
pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah
pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun
jongka tansah  sumadya. Tinebihno ing  godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..

Ongka tiga
Bp/Ibu .............................ngaturaken,  agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman 
panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha 
dadosaken  lancer,  rancak, sumaraking  pahargyan ing siang  punika.

Ewa semanten  Bp/Ibu .............................boten saget atur pinwales  punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng
ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih
pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan.

Atur sak lajengipun. Bp/Ibu .............................anggenipun kagungan kersa  ngunduh penganten,  sampun
krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten  tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung
angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.

Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung  gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan  kepareng
paring agunging pangak sami ingkang linangkung.

Bp/Ibu .............................ugi nyuwung gungan   dumateng  sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan,
kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.

Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur  wonten ngarsa panjengan kirang suba sito,
kiranging trapsila,  wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.

Ing wasana mugi rahayu inga  pinanggih,

akhirul kalam wbst.

Anda mungkin juga menyukai