Anda di halaman 1dari 8

Panata Cara Pahargyan

Atur Pambuka Panata Cara


Pasrah Panampining Lamaran
Bismillah hirrohman nirrohim
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para
pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning
kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking
kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para
lenggah kakung putrid, kadang wredha mudha ingkang winantu
suka basuki..
Mradapa keparengipun Bp. …………………… sekalihan
sumrambah para kulawangsa ing kelenggahan punika, kula
piniji pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah
panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping
tata cara salaki rabi.
Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi
cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk
kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging
Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji
syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana
ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken
dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara
pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping
pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan,


keparenga panata cara murwani lekasing sedya ingkang punika
enggal badhe binuka lampahing adi cara ingkang rinamtam para
kulawangsa.
Nun inggih :
Tinarbuka atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati
dening tetuwangga ingkang sampun paniji.
Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih
saliranipun Bp. ……………… ingkang mengku gati.
Kaleksananing adi cara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap
wacana sawatawis saking pinisepuh pinangka tumuju
dhumateng kasaenan (menawi wonten).
Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten
pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Mekaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adi
cara pasarah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga,
kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah
hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.
Nuwun, nwun, matur nuwun.

adicara lamaran temanten, yaitu mulai dari atur pasarah


lamaran, panampi lamaran, liru kalpika (tukar cincin), dan atur
paripurnaning gati.
• Atur Panata Cara Sesampunipun Adicara Pambagyaharjo
• Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana aturipun Bp.
………………….. pinangka sulih salira
ingkang kawengku gati. Para lenggah kakung putri ingkang
satuhu kinurmatan, salajengipun
dumugi laksitaning tata adi cara atur pasrahipun saking duta
saraya badhe/calon kadang besan.
Wondene ingkang pinangka sulih salira nun ninggih
panjenenganipun Bp. ……………………
• wekdal kasumanggakaken.
• Atur Pasrah Lamaran Saking Duta Saraya

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun para pepundhen, para sese[uh, para pinisepuh
ingkang pantes pinundhi,
pajenenganipun purna karya labet praja, para sentana warga
saking Bp. ………………………
sekalian garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes
kinurmatan, para kadang wredha muda
ingkang bagya mulya.
Amit pasang paliman tabik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni
tinebihna tulak sarik
dhumawahing tawang-towang, mugi linepata saking siku
dhendhaning Gusti Allah ingkang
Maha Kuwasa, kalilanana kula matur kanthi ngadeg wonten
ngarsa penjenengan sadaya
saperlu nggempil kamardikan penjenengan ingkang katemben
wawan pangandikan, karana ing
kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta
saraya miwah cundhaka sulih
saliranipun Bp. ………………………….. sekalihan.
Tinarbuka keparenga langkung rumiyin kula ngaturaken puji
syukur wonten ngarsa
dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit saking barokah
saha rohmatipun ingkang tansah
kaparingaken dhumateng penjenengan sadaya dalasan kula,
saengga maksih pinarengaken
kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala.
Sinawung raos suka ing ngajen,
keparenga kula ngaturaken wosing gati menggah pisowan kula
sakadang.
Nun inggih maligi katur wonten ngarsanipun Bp.
…………………… ekalihan garwa
(ingkang mengku gati) kula pinangka sulih saliranipun Bp.
……………………. Seklihan
ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa
panjenengan sumarambah para kulawarga
samudayanipun. Wondene wigatosing gati pisowan kula
sakadang saperlu ngaturaken
wudharing gantha babaring sedya. Nun inggih ing nguni Bp.
………………….. sekalihan
hangggadhahi putra jalu kekasih pun Bgs. …………………………..
wondene Bp. ………………..
sekalihan garwa (mengku gati) hanggadhahi Kenya taruni sesilih
Rr. …………………………..
gumolonging pirembagan nedaya hangraketaken balung apisah
daging arenggang bebasan
ngebun-ebun enjang anjejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog
lawang sumedya nginang
jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh
anggenipun pepetangan, saha
sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, agenging manah
ingkang tanpa pepindhan Bp.
………………… sekalihan anggennya sampun katampi
pangalamaripun pramila ing
kalenggahan punika Bp. ………………………… seklihan
ngaturaken sarana miwah upakarti
pinangka jangkeping tata cara salaki rabi.
Nun inggih perlu kula aturaken mriki ingkang badhe kaaturaken
wonten ngarsanipun Bp.
……………………….. sekalihan garwa.
Senggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun
kanthi pangajabing sedya dadosa
sarana sahipun sesanggeman miwah racketing kekadangan
satemah mboten saget pisah
salami-laminipun.
Kasoking katresnanipun Bp. …………….. sekalihan dhumateng
Bp. ………………….. sekalihan
garwa ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang
awujud …………………………… ing
• pangajab, pinangka agemanipun abdhe/calon penganten putri.
• Atur Panatacara Sesampunipun Pasarh Lamaran Ngancik
Panampi
Mekaten para lenggah kakung saha putrid, atur pasarhipun Bp.
……………. Pinangka duta
saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa cetha wijang
wijiling pangandikan, ingkang salajengipun pasarah sarana
badhe katampi panjenenganipun Bp. …………………….
Minangka sulih salira Bp. ……………….. sekalihan (mengku gati)
Wekdal kasumanggaken,

• sumangga nun.

• Atur Panampi Pasrah Lamaran

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Dhumateng ……………………… (sesebutanipun kajumbuhaken
kawontenan miturut
andhap inggiling pangkat kalenggahan ingkang sami rawuh).
Ngembani wuwus karsanipun Bp. …………………………
sekalihan, ing hari kalenggahan
punika kula piniji pinangka sulih salira nampi pasrahipun
saking Bp. …………………….
Minangka cundhaka badhe/calon kadang besan sutresna,
minangka purwakaning atur kula ugi
ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalam
Gusti ingkang Maha Agung, awit sih
wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang penjenengan
sadaya dalasan kula.
Nun inggih panjenenganipun Bp. ……………………………….
ingkang pantes
sinudarsana (ingkang pasrah) sadaya atur pasrah panjenengan
hambok bilih sampun mboten
wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa
pepindhan Bp. …………..…………
sekalihan lumantar kula
Nun inggih atur salam taklim saking badhe/calon kadang besan
lumantar panjenengan kula
tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki
rabi, kula tampi kanthi suka
renaming manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten
ngarsanipun Bp. ……………………
sekalihan (mengku gati).
Atur panyuwunipun saking badhe/calon kadng besan menggah
ijab panggihipun nadhe/calon
temanten mangke badhe kaleksanakaken, ijab wanci tabuh
……… panggih wanci tabuh ……….
Mboten kekilapan panjenenganipun Bp. ………………… sekalihan
among ngaturaken panuwun
menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan
sutresna, pratandha yekti kasoking
katresnan dhumateng Bp. …………….. sekalihan (mengku gati)
mugi dadossa sarana racketing
kekadangan sami-sami netepi darmaning sepuh anggenya
ngentas pitulus putra pinaringan
raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. …………………… sekalihan
lumantar kula,
ngaturi uninga bilih wahyaning mangsa kala tumapaking ijab
utawi panggih kasuwun
panjenenganipun Bp. ………………. Sekalihan garwa wontena
suka lilalaning penggalih
hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Pepuntoning atur kula hambok bilih kirang hamuju prana
anggen kula nampi labet kula
hanglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng
wewatoning para winasis ing
reh basa tuwin sastra, ingkang punika panjenenganipun Bp.
……………………. (ingkang
pasrah) sumarambah para lenggah sadaya mugi keparenga
hangandhapna agunging
• pangaksama, ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu’ alaikum Wr. Wb. Nuwun
• Atur Panatacara Sasampunipun Panampi Pasrah Lamaran
Kanthi terwaca cetha atur panampi saking Bp.
………………………. minangka sulih saliranipun
ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni
paniti priksa sarana ingkang
kapasrahaken saha kaleksanakaken paragon saking duta saraya
(ingkang pasrah) dhumateng
panampi pasrah, ujuding arta miwah jene selajengipun
kaaturaken dhumateng ingkang mengku
• gati, kaleksananing sedya kasumanggakaken.
Atur Panatacara Badhe Liru Kalpika Para lenggah kakung putrid
ingkang sinuba ing pakurmatan jumbuh kalian pamitanipun
saking
calon kadang besan, ing mriki kepartengipun Bp. …………………
ingkang mengku gati
kaleksanakaken wontenipun liru kalpika dening para kulawarga
ingkang pinji mratitisaken.
Wondene para kulawarga ingkang piniji nun inggih
panjenenganipun Ibu.
………………… ingkang hanganthi calon temanten putri
panjenenganipun Ibu.
………………………dalasan Ibu……………………………., calon
temanten kakung ugi kakanthi
panjenenganipun Bp. …………………. dalasan Bp.
………………………
Kados samudayanipun sampun samekta dhumateng para
kulawarga ingkang piniji
wekdal kasumanggakaken. Wahyaning mangsa kala tumapaking
liru kalpika katindakaken
dening calon penganten, sinubagya ungeling Ketawang
Wigaringtyas/Langgam Ali-Ali laras
• selendro pathet menyura

• Atur Panatacara Salebetipun Liru Kalpika


Para lenggah kakung putri, kaleksanan liru kalpika,
pangandikanipun para pinisepuh, liru
kalpika saget katindakaken saderengipun calon penganten
kaijabaken utawi kapanggihaken,
wondene menawi sampun kaijabaken saget winastan imbal
kalpika, tali asih minangka
• pratandha miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang
nggadahi

• Atur Panatacara Badhe Tanggap Wacana (menawi wonten)


Kanthi lulus raharja liru kalpika ingkang katindakaken calon
penganten kakung miwah
penganten putrid, inggih awit saking keparengipun Bp.
……………………… sekalihan (mengku
gati) mrih calon penganten tansah manteb anggenya badhe
netebi pala karma mboten nalisir
saking prajanji ingkang sampun wonten paugeran ingkang
antawisipun calon penganten kakung
miwah calon penganen putrid, saha tansah asah, asih, asuh,
mboten kengguh dhateng
panggodha, ingkang punika badhe wonten tanggap wacana
saking pinisepuh ngiras pantes
paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tumuju
kasaenan. Wondene ingkang
kepareng atur tanggap wacana nun inggih Bp. ……………………
Wekdal kasumanggaken,
• sumangga nun.
• Atur Panatacara Wonten ing Swasana Mirunggan
Para lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana,
laksitaning tata adi cara ingkang
sampun rinakit dening para kulawarga kados sampun
kaleksanakaken kanthi pinayungan
karaharjan tebih ing sambe kala.
Namung panyuwunipun Bp. ……………………….. ingkang
mengku gati) panjenenganipun para
lenggah kakung putrid kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan
dumugi paripurnaning gati, kula
aturaken ing mriki mbok bilih pratandha pari purnaning gati ing
kalenggahan punika menawi
calon penganten kekalih miwah rama Ibu (ingkang mengku gati)
sampun kawistara jumeneng
wonten sanggajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah
nyebar godhong kawis, sabar
• ingkang sawatawis, nuwun, matur nuwun.
• Atur Panatacara ndungkap Paripurnaning Gati

• Handungkap titi mangsa kala pari purnaning sedya, karana
urut reroncening tata adicara
• sampun kaleksanakaken dening para kulawarga.
• Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya,
saderengipun purnaning gati
• panjenenganipun Bp. ………………………….. sekalihan (mengku
gati) raos syukur wonten
• ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung kaleksananining sedya
kanthi pinaringan wilujen nir ing
• sambekala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun
dhumateng para duta saraya sumarambah
• para tamu samudayanipun, ingkang punika Bp.
……………………. Sekalihan (mengku gati)
• tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang
sampurna, hambok bilih anggenipun
• nampi kerawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh,
guguh miwah suguh saha
• anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang
hanuju prana kalihan andhap
• inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging
boja miwah karma, mugi
• diagung pangaksama panjenengan. Kula minangka pambiwara,
ugi hanglenggana karama
• kiranging seserapan hanjalari kuthunging pamanggih miwah
kirang pana dhumateng wewarah
• wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang
punika hambok bilih wonten
• kalepatan kula, mugi para tamu sadaya ngluberaken
pangaksama ingkang ageng, calon
• penganten kekalih badhe kajengkaraken panjenenganipun Ibu.
………………………… miwah
• Ibu. ……………………………… tumuju wiwara ngajeng
pratandha yekti purnaning gati.
• Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang
kaleksanakaken para kulawarga,
• sesantining Bp. …………………….. sekalihan (mengku gati) mugi
tansaha rahayu, rahayu
• ingkang sarwi tinemu, kunduripun ndherekaken sugeng.
• Wabillahi taufiq wal hidayah. Wassalamu alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai