Anda di halaman 1dari 1

ATUR PAMBAGYO MANTU PUTRI

Assalamu’alaikumu Wr. Wb.


Poro sesepuh, pini sepuh ingkang dhahat kinabekten
Pora Alim Ulama ingkang pituah – pituahhipun ingkang tansah kula dereki,
minggahhipun dumateng poro purna karya labet praja ingkang hamastuti jejeking adil.
Poro tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakormatan.
Keparengo kula sumela atur sawetawis, hanggempil kamardikan panjenengan sedaya
ingkang sami sekeco wawan pangandikan, awit nuhoni dhawuhipun / pamundutipun /
panyuwunipun ingkang hamengku gati Bapak ............ sekalian, bade ngaturaken
wigatosing perlu wiwahan ing wanci siang / dalu punika, minangka purwakaning atur
ingkang langkung rumiyen sumonggo panjenengan sedoyo kulo derekaken wajib
ngaturaken puji syukur kunjuk ngarso dalem gusti Allah SWT, ingkang sampun paring
kanugrahan, kanikmatan soho rohmatipun satemah saget kempal manunggal kanti
pinayungan karahayon tebih ing sambi kala.
Atur salajengipun lumantar kula ingkang hamengku gati Bapak......... sekalian
ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken ingkang tanpo pepindan karono panjenengan
sedaya sampun kersa ngelonggaraken panggalih hangrawuhi wiwahan ing siang / ndalu
punika. Menggah woseng gati bilih Bapak ......... sekalian kepareng netepi darmaning
sepuh ngentas pitulus putra pawestrinipun ingkang sesilih Rara .......... ingkang
kajatukrami Bagus .............. putra kakungipun Bapak .................... sekalian ( Besan )
ingkang pidalem wonten ............. wondene ijab qobul Alhamdulillah sampun
kalampahan kanthi wilujeng rikala dinten ................. surya kaping ...............
warso ............. mapan wonten ing .................. nyuwun tambahing donga pangestu
panjenengan sedaya, mugi bebrayanipun penganten sekalian sageto lestari, widodo,
mulya pinaringan putra ingkang sholeh lan sholikhah soho dadoso keluarga ingkang
sakinah mawadah warohmah Amin.
Ingkang salajengipun Bapak ................. sekalian nglenggono bilih budi dayaning
manungsa kirang sampurna sinaoso wiwahan ing ndalu / siang menika sampun
karancang karakit saha katoto tebih sakderengipun, dumugi tumapaking gati tasih katah
kekirangan lan kekilafan langkung – langkung anggenipun ngaturaken pakormatan
mboten jumboh kalian kalenggahan panjenengan ingkang adamel kuciwaning panggalih
mawantu wantu nyuwun agenging pangapunten.
Kula ugi nderek nglenggana karono cubluking kaweruh kiranging seserepan ingkang
hanjalari kuthunging pamanggih langkung – langkung pangrumpakaning basa ingkang
mboten saget jumbuh kalian suwasono ing wekdal punika, kula ngaturaken tebah siti
sekol binunteling ron kalopo, apuranto menawi wonten lepat kawula.
Nuwun Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai