Anda di halaman 1dari 9

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

- Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni


- Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya
kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking
peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika
kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.


Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu Eny Miarsih wonten
kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking
Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken
putra putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST dhaup kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO,
ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO – Ibu Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis tabuh 20.00 dalu,
mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir
ing sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur
dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta
matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga
pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para
sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila
legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah
hajatipun.

Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya
pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang
sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a paring donga
pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya.
Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal
pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut
reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.


Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan
maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang
nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi
daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsila,
kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.
Assalamu’alaikura Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya
mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya.

Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan pangandika.

Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking
kepare-

ngipun Bapak………………. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken

raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten
ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin Ibu …………….. anggenipun gadhah damel ndaupaken
putra putri ingkang nami ………………… sampun kalampahan daup kaliyan ………………………… rikala dinten
………………. tanggai kaping………………..wanci jam……………….wonten ing……………..kanthiwilujeng nir
ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha Ibu…………………..sakulawarga

kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah
wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.

Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….ngaturaken

gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para
muda-

mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud
punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu …………… sakulawarga mboten

saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya
angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel
saha mawantu-wan-tu.

Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu ……………. sakulawarga

nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten
sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.

Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing
sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti
dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha
bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek
ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila
anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka
murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan
punika.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika kathah cicip
cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra
pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun !
Dalam pidato bahasa jawa diatas mengangkat tema tentang temantenan dengan judul yaitu Atur Pambagyo Wilujeng
Ing Temantenan. Semoga naskah diatas dapat membantu bagi orang-orang yang sedang butuh cepat atas contoh
pidato.

Assalamu'alaikumwr.wb.
(ayat)

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti
dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ...........................
ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang rinten
dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu
barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating
praja, nuwun inggih Bp Lurah dalah para perangkat desa, minangka pandam pandom pengayomaning para
kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung
sumawana putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan; para sanak kadang wredha mudha
lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu; menapadene, panjenenganipun para kadang
pengombyong temanten kakung/putri saking ..................................... ingkang tansah winantu ing bagya
mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugenglelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah
SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya
lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal, kula panjenengan saged makempal wonten menika papan,
kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula
ikroraken kalimah syukur kanthi maos kalimah tahmid alhamdulillahirobbil'alamin. Shalawat lan salam mugi
tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan
inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil
qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Ing ngriki kula
minangkani kulawarga, keparengna nggempil wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu
ngaturaken menggah wigatosing gati pawiwahan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya,
sugeng rawuh, marhaban ahlan wasahlan bihudluurikum, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami,
dene panjenengan sedaya sampun kepareng ndhanganaken penggalih saha haminaaken wanci, kesdu
hangrawuhi pawiwahan menika. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna ngamal soleh ingkang
pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, panjenengan sedaya sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pawiwahan ing titi
kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha suta mahargya
siwi, nuwun inggih anak / adhi kula ingkang nami: ........................, ingkang ka-akid-nikahaken kaliyan
........................., putra panjenenganipun Bp/ibu ..................... ingkang pidalem ing ..................................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih temanten sampun kaakid-
nikahaken dhuk kalawau enjing , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping
........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi
satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang kulawarga, saha sanak sedherek,
minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih
wilujeng mboten manggih alangan setunggal menapa. alhamdulillahirobbil'alamin.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana; minangkani kulawarga, kula ngaturaken panuwun
ingkang tanpa winates tumrap sedaya pambiyantu, paring sumbangsih lan kadarman panjenengan ingkang
awujud menapa kemawon, bandha beya, bau suku, menapadene iguh pratikel, langkung-langkung
pambiyantunipun para warga masyarakat RT ................ menika, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged
adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati ing titi kalenggahan menika, langkung-langkung
saged angentheng-enthengi sesanggeman kulawarga. Ananging andadosaken kuciwaning manah dene kula
sakulawarga mboten saget atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk
dhumateng ngarsaning Gusti, mugi Allah SWT tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman
panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang tuhu dhahat kinurmatan, lugunipun kemawon
sampun sawetawis dangu, kulawarga anggenipun angrerantam, ngreronce, miwah anggantha-gantha
prastawa gati menika, ananging dhawahipun namung kados mekaten menika, sarwa kirang pantes katur
panjenengan sedaya. Ingkang menika, atas nami kulawarga, kula namung saged nyuwun agunging samodra
pangaksami. Ewa semanten, tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh, mugi keparenga
paring puja sesanti mulya tuwin puji pendonga tumrap temanten kekalih, anggenipun sumedya lelumban ing
madyaning bebrayan agung: mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya,
tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah
manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah,
pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang tuhu pantes sinudarsana, kula sakulawarga tansah
nglenggana bilih budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun kula sakulawarga
nampi rawuh panjenengan sedaya menika: kirang ing tanggap, kirang ing tangguh, menapadene kirang
gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna
anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging
suba sita, mugi keparenga panjenengan hangluberakenagungingpangaksami.
Para rawuh, para pilenggah kakung putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya; mawantu-wantu para
kadang kulawarga, keparenga panjenengan andumugekaken anggenipun samya lelenggahan, ngantos
dumugi titiwanci purnaning adicara wiwahan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, mbok bilih anggen kula matur menika wonten kalepatan saha kekirangan, wonten kiranging
subasita, menapadene cicir, cewet, lan cupeting atur, mugi keparenga diagung ing pangaksami.
PengantenKakung
Berikut ini adalah contoh teks pidato pasrah penganten kakung dalam sebuah acara pernikahan.
Assalamualaikum Wr.Wb

 Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
 Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes
nampi pakurmatan
 Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
 Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun
wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
 Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati
ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah
ingkang satuhu luhuing budi.
 Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.

Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos suko sukur
dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo
punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini,
lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso
panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking
temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken
salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit
sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.

Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg…..(nama temanten
kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama
temanten putri), atmojo panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….(
tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten
wonten alangan satunggal punapa.

Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged
katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten
ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso,
sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga,
tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.

Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten kakung,
kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing
rubedo nir ing sambikolo dumugi dalemipun soang -soang.
Contoh Pasrah Temanten
Dalam suatu acara pernikahan umumnya dilakukan acara pasrah calon temanten,bagi yang sudah
berpengalaman untuk hal semacam ini tentu bukanlah hal yang sulit, tapi bagi yang baru belajar tentunya
membutuhkan panduan untuk bisa memahaminya. Artikel ini merupakan lanjutan dari artikel saya
sebelumnya yaitu Contoh Teks Pranatacara Terbaru yang bisa diklik untuk mengetahui apa saja urutan
susunan di acara pernikahan Jawa khususnya adat Solo.
Sedangkan acara pasrah sendiri hendaknya jangan terlalu panjang dan sesuai dengan apa yang ditugaskan
jadi usahakan supaya singkat dan padat serta jelas.Pasrah terdiri dari:
Salam Pembuka
Puji Syukur
Isi
Harapan
Meminta Maaf
Penutup
Langsungsajaberikut
contohnya;

PASRAHTEMANTEN

AssalamuallaikumWr,Wb
Kasugengan,katentreman,kabagaswarasan saha kamulyan mugi tansah tumedhak wonten jiwanggo
panjenengan sedayadalasankulawaradinsagungdumadi.

Nuwun dhumateng Bapa...(wakil Tuan rumah) ingkang wedhal menika minangka sulih sarira saking
panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) sekalian. kula ing ngriki minangka talanging atur saking
panjenenganipun Bapa (..Yang di wakili) sarimbit keparengna matur bileh panjenenganipun Bapa.(yang
diwakili) sarimbit sepisan ngaturaken puji syukur wonten pepadhaning Gusti Ingkang Maha Wicaksana awit
sowanipun sapangombyong saking laladan.. (desa asal yang diwakili) dumugi ngriki sampun pinaringan
wilujeng nir ing sambekala tinebeh saking sedaya rubeda.

Kaping Kalih panjenenganipun Bapa ..(yang diwakili) ngaturaken salam taklim katur dhumateng Bapa..(Tuan
rumah) kanthi pandhunga mugi-mugi sedaya kesainan agesang tansah tumedhak tumandhuk dhumateng
panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) dalasan gotrah.

Ingkang saklajengipun, panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) hanganthi temanten kakung nun inggih
Dimas Bagus..(nama pengantin putra) minangka netepi rantamaning adicara ingkang sampun karantam
nedya hanjatu krami Nimas Ayu ..(nama pengantin putri) kenya siwinipun Bapa..(Tuan rumah). hambok
bileh samudayanipun sampun samapta keparenga kapanggehaken lan kadaupaken miturut adat widi
widana ingkang taksih lumampah wonten ing ngriki.

Panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sekulawarga boten katalumpen ugi ndherek ndedunga dhumateng
Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi rahayuning sedya saget lumaksana boten manggih rubeda nir ing
sakara-kara.

Kejawi saking menika,panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sapangombyong nyuwun gunging samudra


pangaksama hambuk bileh karawuhanipun wonten samukawis ingkang boten saget ndadosaken suka
gumbiraning manah.

Puput pepuntaning atur,kula ing ngriki minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(yang
diwakili)sekalian nglenggana kathah kekiranganipun,pramila saking menika keparenga panjenengan sedaya
kesdu atur pangaksama dhumateng kula. wasana, Wasalamualaikum Wr,Wb.
nuwun.

Demikian contoh teks pasrah temanten yang merupakan rangkaian dari acara pernikahan adat Jawa.agar
mahir jadi pranatacara belajar juga untuk menyadra temanten yang contoh teks.nya bisa diklik
disini.https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.co.id/2016/08/contoh-teks-panyandra-temanten-
jawa.html
untuk contoh panampi bisa diklik disini

Bila dirasa bermanfaat jangan lupa dishare ya. Salam budaya.


Contoh Atur Panampi Temanten

Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung
mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun
Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama,
para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para
pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu
pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para
sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung
panjenenganipun Bp ......(duta pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri
dalah para kadang pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging
pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah
barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten
menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan
tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi
maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning
ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu
syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri.
Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah
panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten
kakung/putri.
Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh
lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten
kakung/putri saking ..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun
tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng
desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula tampi , lan sak kosok-
wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng Bp/Ibu
..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam
wr.wb.”
Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri , Bp/Ibu
.......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah,
sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan
ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah
pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah,
migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti.
Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan,
menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten
...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu
panyuwunipun Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken
anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika
kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bp/Ibu
.........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken
samodraning pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula
namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-
baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan
kula.
Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur,
anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih
samodra pangaksami.

Anda mungkin juga menyukai