Anda di halaman 1dari 1

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni

-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula
derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking
peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika
kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.

Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa ………… dalasan Ibu ……….. wonten kalenggahan punika
kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu ………. ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah
Ridhanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra
putrinipun ingkang sesulih Rara …………. dhaup kaliyan Bagus ………. putra kakungipun Bapa ………... – Ibu …………..

Saking ……….

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten ………., watawis tabuh ……., mapan wonten dalem
……….. kanthi wilujeng nir ing sambikala.

Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu ………. ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng
ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu …………. sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging
panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu
wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu ………… ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para sederek, kadang
kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah
paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.

Bapa ibu ……….. mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan
kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking
Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu ……….. sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu
pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun
dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, WAROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan
ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken
ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Sinaosa Bapa Ibu ……….. sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan maksih
nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana,
kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi
daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula
mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai