Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Sinartan sinukertaning budirahayu dalasan sarwi hangluhuraken asmaning


Gusti ingkang murbeng dumadi, humiring sowan kula marak wonten
ngrasanipun sagung tamu sinedahan kakung sumawana putri ingkang
luhuring budi, saksana bangkit hanyandang myang hayandong rumentahing
berkah dalasan sih wilasanipun, tansaha tumendak tumanduk konjuk para
tamu sedaya linuberna dateng kawula sumrambah sagung gesang.

Nderek mangayubagya bilih sampun kalaksanan pawiwahan antawispun Mas


Argya Danur Widagdo kaliyan Mbk Duanna Sindy Prastika, mugi anggenipun
mangun bale wisma, nyatangi baitaning kluarga tansah manggih wilujeng
tanpa pambeng, lan dadosa keluarga ingkang Sakinah, mawadah waromah,
langgeng ngantos kaken kaken lan ninen ninen atut runtut kadya mimi lan
mintuna, enggala pinaringan kekancinge tresna awujud golek kencana
ingkang bangkit tata jalma,

Para rawuh ingkang minulya, saklajengipun kula badhe handerekaken


panjengan sedaya dedongan wonten ngarsaning gusti mawi tata cara agami
islam, dene ingkang ngrasuk agami sanes kasumanggaken dedongan jumbuh
kaliyan kapitadosan sowang – sowang.

Ummul Khitab, AL – FATIHAH

“Duh Gusti Kula Ya Allah, ing wekdal menika kita sadaya ngempal manunggal
wonten ing papan menika, mugi paduka kersa paring sih kawelasan saha
tumuruning berkah, kapatedaken dateng kita sadaya langkung – langkung
dateng temanten sarimbit Mas ARGYA saha Mbk Sindy ingkang nembe
kemawon mangun bale wisma, nyatangi baitaning kluarga nyecep sarining
madu katresnan.

Duh Gusti Ya Allah Ya Rahman Ya Rahhim, mugi paduka kersa nuntun


lampahipun dateng temanten sarimbit supados temanten sarimbit dados
kluarga ingkang sakinah mawadah waromah, mugi paring katentreman lan
kabagyan dateng kluarga enggal menika.

Ya Allah, mugi paduka kersa paring sih Rahmat dateng temanten sarimbit
awujud kekancinge tresna ingkang bangkit tata jalma, paduka enggal paring
keturunan putra ingkang soleh menapa dene putri ingkang solehah dateng
temanten sarimbit.

Duh Gusti Kula Ya Allah, mugi paduka kersa paring pangapura dateng sedaya
kalepatan kula, kalepatan tiyang sepuh kula, kalepatan para leluhur kula,
namung dateng paduka kula nyuwun Ya Allah lan namung paduka ingkang
saged ngijabahi menapa ingkang dados panyuwunan kula.

Anda mungkin juga menyukai