Anda di halaman 1dari 3

PAMBAGYA HARJA

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Nugraha miwah sih wilasaning dalem Gusti Allah SWT ingkang awujud kabagyan, karaharjan,
katentreman, minggahing kayuwanan sarta ingkang sakalangkung awis ajinipun nun inggih ingkang
awujud kabagaskwarasan mugi-mugi tansah kajiwa kasalira dhumateng Panjenengan saha kula waradin
sagung dumadi nirbaya nirwikara.

Nuwun.

Para sepuh, pinisepuh, sesepuh dalah aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda
ing pitutur ingkang dhahat kinabekten saha pinundhi-pundhi.

Para Alim ulama ingkang ing sarinten dalunipun dhahat sumandhing kalayan kitab suci wahyuning Illahi
sarta kinarya pandam dalah pandoming panembah ingkang satuhu luhuring budi, para baraya wira
wiyata, ingkang marsudi ing reh kridhaning budaya myang karya, para purnakarya labet praja, ingkang
mahambeg luhuring darma, miwah para kadang sutresna mudha wredha ingkang pantes tinulad
sinudarsana ing budi.

Para sarjana sujaneng budi para priyagung pangemban pangembating praja para satriyaning nagari,
ingkang tansah sinuyudan dening para kawula dasih, mirungganipun dhumateng Bpk/Ibu…………………
saha Bpk/Ibu……………………... ingkang ing mangke badhe mangun bebesanan, Sumrambah dhumateng
sagung para ingkang sami rawuh,para kadang mudha wredha ingkang satuhu kula tresnani.

Langkung rumiyin mangga Panjenengan sedaya saha kula tansah manungku puja brata sumujud
wonten ing sahandhap pepadaning Gusti kang murbeng dumadi, Gusti kang tan kena kinaya ngapa
nenggih Gusti Allah SWT, awit hinggih hamung karana kepareng saha peparingipun ingkang awujud
taufiq, hidayah, sarta inayah miwah agenging rakhmad saha berkah ingkang sampun rumentah wonten
ing jiwangga Panjenengan lan kula, satemah para bapak/ibu saha para kadang dalasan kula, saged
kempal manunggal wonten ing ngriki kanthi kawontenan ingkang sae, manggih wilujeng tanpa pambeng
saperlu hanjenengi saha hangestreni dalah paring pangestu dhumateng Bpk/Ibu…………………… ingkang
wonten ing kalenggahan menika nedya netepi darmaning asepuh, ngentas pitulus putra, ngrakit sekar
cepaka Mulya, hambojakrama, miwaha suta, mahargya siwi yoga kinasih, ingkang hawewangi dyah ayu
rara…………………………………… ingkang sampun kajatukrama dening bagus……………………………………… atmaja
kakung bpk/ibu………………. saking…………………………

Wondene adicara aqdun nikah, sampun kaleksanan duk rikaka dinten : …………………………………..………
surya kaping………….. warsa……………… kanthi tatanan agami…………………, mugi-mugi dadosa aqdun nikah
ingkang tansah binerkahan dening gusti Allah SWT. Sarta saged ndhapuk kulawaga ingkang Sakinah
mawadah warakhmah, sarta dadosa kulawarga kang piguna, migunani dhateng nusa bangsa, negari sarta
agami. Aa….miin…. YRA.

Ibu/Bpk sagung Para Tamu kakung miwah putri ingkang satuhu sadu budi, wonten ing
kalenggahan menika Bpk/Ibu………………………… saha Bpk/ibu…………………….………… boten saged ngendika,
matrur dhumateng sagung para tamu, hamung karana kadayan saking bombonging penggalih
sasampunipun kasembadan ngentasi karya netepi darmane tiyang sepuh ndhaupaken putra kinasihipun,
Pramila kula kapiji matur minangka talanging basa saperlu mahyakaken menapa ingkang dados
prentuling penggalih ingkang sepisan ngaturaken pambagya harja wilujeng, sugeng rawuh, sugeng
pepanggihan, miwah sugeng lelenggahan kanthi mardikaning penggalih.

Ibu/Bapak para Tamu kakung miwah putri ingkang pinuji Basuki, Ingkang sami bebesanan dalah
kulawarga ngaturakaen pambagya wilujeng sinartan panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene
Panjenengan sadaya sampun kersa hangestreni pahargyan menika, saperlu paring berkah pangestu
wilujeng dhumateng Penganten sarimbit. Ingkang mengku karsa miwah gotrah ugi ngaturaken panuwun
ingkang tanpa pepindhan dene panjenengan ugi kepareng paring tandha tresna sumbang sih tali asih
ingkang awujud punapa kemawon, kadidene wujuding iguh pratikel, pamanggih, bahu suku minggahing
bandha donya ingkang sampun kasok linambaran tulusing penggalih, ingkang sedaya kalawau, damel
mongkog sarta bombonging penggalih. Inggih awit saking menika, panjenenganipun kekalih boten saged
hamahyakaen menapa-menapa, kejawi hamung sumangga ing purba wasesanipun Gusti Allah SWT.
Mugi-mugi sedaya kesaenan Bapak ibu sagung para Tamu, pikantuk liru saking Gusti Allah SWT ingkang
satraju kalihan bobot kesaenan Panjenengan, Syukur pikantuk piwales ingkang matikel-tikel.

Aamiin, Allahumma aa….miin….

Bpk/Ibu para Tamu kakung miwah putri ingkang satuhu berbudi bawalaksana.
Salajengipun, ingkang sami mangun bebesanan ugi nyuwun samodra pangaksama awit hanggenipun
netepi tri trapsilaning tiyang nampi tamu, hanenggih wujuding : gupuh, lungguh kang sarta suguh boten
damel renaning penggalih Ibu saha Bapak, gupuh ingkang ateges kirang grapyak, semanak, kirang gita-
gita hanggenipun mapag rawuh Panjenengan sedaya, lungguh kang ategas wontenipun papan
palenggahan ingkang boten jumbuh kalihan kalenggahan Bapak saha Ibu. Dene suguh ingkang ateges
wontenipun pasugata ingkang awujud dhaharan, unjukan pacitan lan sanes-sanesipun boten mingsra
saha boten mirasa tumrap Panjenengan sedaya, senadyan sedaya kalawau samudayanipun sampun
katata, katiti kanthi premati ing pangangkah supados para tamu sampun kuciwa parandene hamung
karana winatesing samudayanipun, mila namung kados mekaten ingkang saged kacaosaken, mila
makaten ingkang sami mangun bebesanan nyuwun diagung pangaksama.

Sagung para ingkang sami rawuh ingkang tansah dipun mulyakaken dening Gusti Allah,
Sanadyan ta Panjenengan sedaya sampun maringi maneka warna peparing, Penganten sakloron sarta
ingkang badhe mangun bebesanan taksih nyuwun ugungan, wujuding puji pandonga, mugi-mugi kanthi
pangestu Bpk/ibu kang mbanyu mili, penganten kekalih hanggenipun mangun bale somah, saestu
dadosa jodho ingkang pinesthi. Dadosa kulawarga ingkang tansah binerkahan dening Gusti Allah
manggih hayu heyem Tentrem lahir batin, beja sarta wilujeng donya akherat, bagaswaras lahir trusing
batos pinaringan rejeki ingkang sempulur berah barokah.dirga yuswa sarta enggal pinaringan momongan
Aa….miin….. YRA.

Bapak Ibu para Tamu kakung miwah putri ingkang minulyeng budi,
Boten ateges nundhung, utawi tebih saking raos panundhung, hambok bilih Bapak ibu rumaos sampun
cekap sarta ngersakaken kondur, Penganten kekalih saha ingkang mangun bebesanan namung saged
ngaturakan sugeng kondur, sugeng siyang/dalu, sugeng pepisahan, mugi-mugi saged kepanggih wonten
ing sanes kalodhangan.kanthi pamuji kondur Panjenengan sedaya wiwit saking ngriki ngantos dumugi ing
dalem Panjenengan sowang-sowang, wonten ing margi, tan manggih pringgabayaning marga satemah
daya-daya kempal kalihan kulawarga sowang-sowang. Aa…….miin…..YRA.
Ibu Bapak saha para Tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes tinulad sinudarsana ing
budi………….
Ing wasana, kula ingkang kapatah matur minangka talanging atur, saking ingkang sami mangun
bebesanan, kula nglenggana kathah kekirangan, kalepatan, kadidene kirang wijang anggen kula matur
kithaling basa, tumpang suh anggen kula ngronce basa boten jumbuh kalihan paramasastra basa jawi,
sarta sedaya tindak tanduk, muna muni, tandang grayang, solah bawa ingkang boten nuju prana dhateng
penggalih Panjenengan, sedaya kalawu hamung karana bodho kula piyambak. Sedaya kalepatan
kekirangan ingkang kula sandhang mawantu-wantu kula nyuwun kersaa Bapak Ibu hambedhah
tambaking jalanidhi ngloberaken agunging samodra pangaksami. minangka puput pepet pepuntoning
atur kepareng kula ngaturaken tebah siti sekul binuntel ing ron klapa, jenang sela wader pari
sesondheran, apuranta sedaya kalepatan kula. Kepareng kula lengser kanthi hasesanti : Jaya jaya
wijayanti rahayuwa kang samya kepanggih. “ SURADIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI ”.
Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Anda mungkin juga menyukai