Anda di halaman 1dari 5

Assalamuallaikum Wr Wb

Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya
pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan
sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing
sakoro-koro. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa
madya dumugi wasana samangke saget lulus raharja,gancar rancak tinebehna saking sedya pambeng nir
ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan

para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur

para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi

boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang satuhu bagya mulya

Keparengna kula  sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh
saking pamangku gati nun inggih Bapa Djoniardjo piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun
Nimas Ayu Bunga Niar Ramadhini ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus Adipari Sukma
Arya atmaja putranipun Bapa Sedjianto ingkang mijil saking laladan Sumber Alur.

Para tamu kakung sumawana putri, wobokene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang nun inggih:

1. Temanten putri manjing ing madyaning sasana rinengga

2. Temanten putra tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha

3. Pasrah pinampi temanten putra

4. Pinanggih temanten

5. Pangbagyaharjanipun kadang besan

6. Pangbagyaharja panjenenganipun ingkang hamengku gati

7. Lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha

8. Sowan malihipun temanten sarimbit

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu bagya mulya,sumangga adicara wonten ing kalodhangan
menika dipun buka sesarengan,mliginipun dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kasuwun
sesarengan maos Al Fatikhah kaping sepisan, dhumateng ingkang ngrasuk agami sanes saget
njumbuhaken miturut gegebengan saha kapitadosan sowang-sowang.
Sumangga (membaca al-fatikhah)........mekaten para lenggah adicara sampun binuka, mugi-mugi kanthi
pandunga panjenengan sedaya kalawau adicara samangke saget lulus raharja gancar rancak tan ana
rubeda Aamiiin

Ngancik adicara ingkang kapsan nun inggih mijlipun Temanten Putri saking tepas wangi tumuju kursi
rinengga,sakmenika sampun wonten sasmita lan tengara bileh sampun purna anggenipun temanten
putri mulas wedana,ngedi sarira. Awit saking menika dhumateng para-para ingkang hanganthi murih
rahayuning sedya hamung sumangga.

Para rawuh ingkang satuhu pantes sinuba sekaring pakurmatan,temanten putri sampun lenggah kanthi
raras wonten ing kursi rinengga,pramila saking menika inggal lumadhi adicara candhakipun nun inggih
adicara kaping pindo PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG saking sasana palereman tumuju wonten ing
sasana pahargyan. Nuwun

Para rawuh kakung putri sinedhahan ingkang minulya. Ngancik adiracara saklajengipun nun inggih
pasrah-tampi. Parandene ingkang badhe hamakili minangka duta saking Bapa Sudjianto parandene
minangka sulih sarira saking pamangku gati nun inggih Bapa Djoniardjo.pramila saking menika
dhumateng priyangung kekalih murih rahayuning sedya hamung sumangga. 

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Putra temanten
kakung sampun samapta wonten papan upacara, pramila sumangga nuwun kula dherekaken ngancik
tumapaking prastawa gati, temanten kekalih badhe kawiwaha dhaup kanthi satataning adat Jawi, nuwun
inggih upacara Panggih kalajengaken upacara adat Krobongan lan Sungkeman. Ingkang menika kula
suwun para rawuh para pilenggah keparenga paring berkah pangestu kanthi jumeneng sadanguning
Upacara Panggih menika.

Katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga dalasan para-para ingkang kajibah hanawung
kridha ing upacara menika kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

Wus dumugi wahyaning mangsakala sri penganten netepi upacara dhaup kanthi Adat Widhi Widana
Panggih. Adat tegesipun tatacara, Widhi Widana tegesipun peparing linangkung saking Gusti Ingkang
Maha Kuwasa. Dene Panggih werdinipun Pangudi Gambuhing Penggalih.

Sri temanten badhe sarwi ambalang/(liron-lung-tinampen*) gantal, gantal putri winastanan Gondhang


Kasih, dene gantal kakung winastanan Gondhang Tutur.Gantal dumadi saking suruh utawi sedhah
ingkang lininting tinangsulan lawe wenang.

Suruh, sumurupa nganti weruh. Suruh, yen dinulu seje lumah lawan kurebe nanging yen ginigit padha
rasane, yen sinawang siji kakung siji putri nanging ing batos wus padha sedyane. Lininting tegesipun
nggumolongaken tekad gesang bebrayan, dene tinangsulan lawe wenang tegesipun kaiket ing prasedya
luhur.

==(wiji dadi)==
Temanten kakung mecah hantiga, punika pratandha bilih piyambakipun sampun samekta samapta yen
ta badhe ngayani, ngayemi lan ngayomi garwanipun.

==(wijik suku)==

Temanten putri hamijiki ampeyanipun temanten kakung, punika minangka pralampita bilih
piyambakipun sampun samekta samapta badhe bektos dhateng kakungipun.

Kambang-kambang kumambanging Sekar Triwarna hanenggih mawar, melathi, miwah kanthil, punika
minangka pitutur dhateng temanten kekalih, bilih kalamun wasis mawar tembung manis lumantar
kedaling lathi, bakal dadya karyatama ingkang anggung kumanthil-kanthil.

==(lantingan)==

Lantingan, penganten putri kajumenengaken jajar ingkang kakung, punika minangka pralambang
wontenipun kesetaraan gender, priyantun kakung lan putri punika sejajar ing bebrayanipun.

==(singeb sindur)==

Penganten kekalih siningeban sindur dening ingkang ibu, sindur tegesipun toya kanugrahan, kanthi
dhaup penganten kekalih saged kasingeban ing toya kanugrahan nikmating raos ingkang jagad tanpa
timbang, ingkang namung wonten ing akrami.

Selendhang sindur linambaraken dening ingkang ibu, tegesipun temanten kekalih mangun bebrayan
kanthi linambaran weninging penggalih manebing kalbu, dene ingkang rama minangka cucuking lampah,
punika tegesipun supados putra temanten kekalih tansaha tinuntun ing reh kautaman, lan ingkang ibu
hangempit saking wingking, punika ateges tiyang sepuh tansah paring jurung pangestu tutwuri
handayani.

==(temanten mlebet sasana rinengga)==

Paripurna gatining kang titi laksana panggih. Temanten wus manjing sasana rinengga kanthi lulus raharja
saking sakathahing rubeda. Sumangga para rawuh para pilenggah kula dherekaken lenggah malih.

==(upacara Krobongan)==

Sanggya adilenggah ingkang minulya, punika lah ingkang winastan Timbangan, temanten kekalih
kapangku ing jengku, ingkang ibu matur, “awrat pundi Pak ?” Ingkang rama mangsuli “ah, padha wae” ,
punika minangka pepenget dhateng tiyang sepuh supados mboten mbedak-mbedakaken antawisipun
putra lan mantu, sedaya sampun karengkuh putra piyambak.

==(tanceban)==

Tanceban, punika winastan ugi Tandur utawi Wisudan, saking Calon Temanten winisuda dados
Temanten.

==(kacar-kucur)==
Kacar-kucur, punika minangka gegambaran bilih ingkang kakung anggadhahi kuwajiban: masrahaken asil
guna kaya utawi nafkahipun dhumateng ingkang garwa, lan ingkang garwa kedah saged nyekapaken ing
reh sedaya kabetahaning bale wisma, tuwin adamel renaning tiyang sepuhipun.

==(dulangan)==

Dulangan, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kakung putri tetepa
setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing reh sedaya gegayuhanipun.

==(ngunjuk tirta wening)==

Ngunjuk Tirta Wening, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kekalih enggala
pinaringan momongan, lan dadosa pepenget menawi ing pasrawungan tansaha kanthi manah ingkang
wening tumuju ing kautaman.

==(gendhing STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu dhahat sinuba sagunging pakurmatan, kanthi berkah jurung
pendonga pangestu panjenengan temanten kekalih sampun purna netepi upacara Panggih lan
Krobongan kanthi wilujeng kalis ing sambekala, ingkang menika dhumateng panjenengan kaaturaken
agunging panuwun.

Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang salajengipun inggih punika
SUNGKEMAN

Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, gya jengkar saking
palenggahan, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu.

===(penganten sungkem)==

Risang penganten jengkar saking palenggahan, tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing
pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging
kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti. Liripun sageda lestari pinesthining
jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada
kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.

Ngancik panca laksitagati, nderek mangayuhbagyanipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati
ing sasana wiwaha. Dhunateng bapak kang sampun diutus kula sumanggakaken.

Lajeng sad laksitagati, atur pangbagyaharja panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para
tamu. Dhumateng Bapa Djoniardjo kula sumanggakaken.

Temanten sarimbit lengser saha madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana
Sagung lenggah ingkang dahat minulya tumapak adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Wasana sumangga adicara ing wekdal menika dipungkasani kanthi waosan hamdalah sesarengan.

kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa Djoniardjo


sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh
panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh
ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking
wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan,
apuranta menawi lepat atur kawula.

Wassalamu'alaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai