Anda di halaman 1dari 4

MC Pambuka

Assalamualaikum Wr, Wb,

Nuwun Kawulo Nuwun, mugi sih kawilujengan, karohmatan saha barokah,

Mugi tansah rumentah dhumateng panjenengan sedaya lan kula, waradin sagung tumitah,

Satemah sedya kang jinangkah tansah pinaringan ijabah, saking ngarsa dalem Gusti Allah ingkang satuhu
maha mirah,

Nuwun saking Pepundhen, Ajisepuh, sesepuh saha pinisepuh ingkang satuhu dhahat kinabekten,

Sumawana sagung para tamu kakung pawestri, sedaya kang tansah kapiji ingkang pantes hanampi atur
pakurmatan,

Langkung rumiyin sumangga tansah kawulo dhereaken, mujeaken pujo pangalembana miwah syukur
wonten ngarsa dalem gusti ingkang murbeng dumadi kacihna wonten ing ari kalenggahan punika,
penjenengan sedaya dalasan kulo saget kepareng nyawiji wonten ing papan punika kanti tansah
manggihi kawidadan miwah katentreman,

Inggih awit kepareng piniji ingkang hamengku gati , ingkang winantu ing pakurmatan sohibul hajat,
Bapak Muryono saha Ibu Parjilah ing ri kalenggahan punika, kulo kepareng handereaken lampahing
adhicara tedhak siten.

Pramila sumangga lampahing adhicara wonten ing ri pahargyan kalenggahan punika kapurwakan kanti
ndedonga mituhu kapitadosan ingkang rinasuk, ndedonga kawiwitan.

Bismillahirrahmanirrahim, Maturnuwun ingkang salajenganipun estu wonten ing ri kalenggahan menika,


minangka mratandhani tumapaking prastawa gati upacara tedhak siten, ananda Muhammad Fatkha
Mubina
SUNGKEMAN

WIJIK TOYA SRI TAMAN

TEDHAK SITI / NAPAK BANTALA


NAPAK JADAH PITUNGWARNA

MENEK ANDHA

JUNJUNGAN

LENGGAH ING DHAMPAR


MILIH DOLANAN WONTEN SALEBETING SENGKERAN

SIRAM TOYA GEGE

NGRASUK BUSANA SAE

EYANG NYEBAR UDHIK-UDHIK

SERETAN (MBETA TEKEN TEBU ARJUNA)

WAYAH NYUWUN PANGESTU

ANDHUM DOLANAN

Juaran 1 : 6

Juaran 2 : 1

Juaran 3 : 11

Harapan 1 : 12

Harapan 2 : 3

Harapan 3 : 4
Assalamualaikum Wr Wb,

Hanut laku jantraning manungsa kang tan kanyana-nyana,

Manungsa amung mobah mosik kersaning Hyang Suksma

Mula kang koyo mangkono, prayogo tansah mbudidaya laku utomo ,

Jumbuh adidening gelaring Tata Upacara Tedhak Siten ing ri kalenggahan punika,

Nuwun para pinisepuh ingkang kinabekten, para sesepuh ingkang winantu ing pakurmatan ,

Sarta para tamu ingkang kalingga purbaning akrami,

Kapurwakan kanti puja hastungkara mring Ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi,

Mugi-mugi saliring gati, purwa madya ngantos wasana kalampahan kanti wilujeng nir ing sambikala,

Tinata titi gatining penganggit sumangga hanapak laksitaning gati ingkang kaeko hanenggih
sungkeman…..

Gd. KETAWANG PANGKUR NGRENAS PL 6

“sampun linorot curigo miwah anglepas cenelo, Bapak Ibu Eko budi santoso marak sowan ngabiyantoro
mring rama miwah ibu, estining galih hamung nyuwun tambahing idi pangestu murih anggenipun
momong dhateng putra manggiho bagyo mulyo , kasembadan gesang mukti ingkang satuhu kinarya tepa
tuladha mring sasama, paripurna anggenya nindhakaken sungkeman, tumunten Bapak Ibu Eko Budi
Santoso mratitisaken lampahipun ingkang putro

Gd. KETAWANG MIJIL WIDARINGTYAS PL 6

Nalika semanten sampun dumugi ing unggyan kang tinuju, kawistara siti ingkang sampun kacawisaken,
daya-daya bapak ibu Eko Budi Santoso, mratitisaken lampahipun ingkang putra hanapak siti, pramila
kanti pangajab mbenjang menawi sampun ngancik ing madyaning bebrayan agung sageta ingkang putra
hangreksa lestarining bumi,

Saklajengipun winijikan tirta sekar sri taman, ugi anggenipun anglampahi gesang tansah jinangkung ing
reh kautaman,

sopo wonge sing temen bakal tinemu, kadya jadah ingkang sampun cumawis, mawarni-warni gunggung
pitu, sapecak mbaka sapecak, kapurwakan kanti hanapak jadah warni seta pralambang saking miyosipun
ponang jabang bayi ingkang taksih suci lahir miwah batine, dipun lajengaken hanapak jadah warni jenar
pralampita saking panggayuh lan kamulyan, dene jadah warni jambon ingkang mengku suraos katresnan
lan sih sinisihan, sanesipun menika sampun cumawis jadah warni coklat minangka pratanda teguhing
adeg-adeg marang bebener, jadah warni paya utawi biru pralambang saking tebanipun samudra
minangkalbu, tumuli hanapak jadah warni cemeng ingkang mengku suraos subur kang sarwi tinandur
hanenggih nandur kabecikan dhateng sesami, wondene kapungkasan kanti hanapak jadah warni wungu
pinangka pralambang saking kawicaksanan,

sampun rumasuk sapta darma utama ugiyo lampahipun nakmas Wahyu Pamungkas tansah nglaras lan
leres, jumbuh kaliyan werdinipun jadah ingkang pitung warna,

salajengipun minggah andha pitu ingkang rinakit saking tebu arjuno mugyo antebing kalbu kadya dene
satriyo panengahing pandhawa hanenggih raden arjuno, parandene ati, lathi lan pakarti wus nyawiji,
sampun tumekaning puncaking andha jinjung mring tiyang sepuhipun, ibu pertiwi bapa angkasa mugyo
saget ngarumaken asmaning kaluwarga.

Tumuli kalenggahaken ing dhampar murih ing tembenipun tansah antuk kalenggahan lan migunani
tumrap sanesipun, salajengipun Bapak Ibu Muryono mratitisaken lampahipun ingkang putra tumuju ing
papan dolanan, anggenipun lumampah kanti ateken tebu arjuno ingkang rinenggan gedhang raja miwah
jinangkepan ingkung, estining ndriyo den gegadhang manggih raharja lan tansah manekung marang
purbaning Gusti , nah menika nakmas Wahyu Pamungkas sampun miji mikropon dolanan mbok bilih ing
tembenipun dados pranatacara menapa dene penyiar,

salajengipun sampun sinengkeran ingkang mengku pralampita bilih gesang ing bebrayan tansah ngugemi
pranatan, unggah-ungguh lan subasita, dungkap lampah saklajengipun ingkeng putra siniram toya GEGE
dening ingkeng ibu, Toya gege ingkang tinadhahan pengaron, mujudaken pangajabe wong sak kloron,
nun injih Bapak miwah ibu, sampun paripurna siniram toya Gege saklajengipun ingkang putra dipun
agemaken busana ingkang sae ,

Pramila sinambi hangrantu, eyang putri kekalih tumuli nyebar udhik-udhik,

Sampun kepareng wangsul wonten ing sasana sekawit eyang putri kekalih, saklajengipun nakmas Wahyu
Pamungkas badhe sowan dhateng eyangipun kakanti Bapak miwah Ibu Muryono sampun kepareng
sowan lan nyuwun tambahing donga pangestu dhateng eyangipun kekalih tumuli upacara tedhak siten
kapungkasan ambage dolanan,

katingal ugi tigan ingkang awarni retno, tigan minangka pralambang saking tigang perkawis ingkang
siningit, nuninggih lahir jodho klawan pati,

Sagung para tamu ingkang winantu ing karahayon, ndhungkap paripurna lampahing tata upacara tedhak
siten ing ri kalenggahan punika , kulo minangka jejering panatacara mbok bilih kathah kalepatan saha
kirang pana ing reh subasita basa tuwin sastra, nyuwun agunging samodra pangaksama ,

Wasalamualaikum Wr..Wb…

Anda mungkin juga menyukai