Anda di halaman 1dari 2

Nuwun para undangan & pr sederek sepuh anom sedaya repanengan kala ambabar kajat niatipun

bapak/ibu…..awit saking anggenipun ngaturi rawuh panjenengan sami, saperlu milujengi atawi mule
metri (slametn apa) kasuwun sabiyantu keikhlsan doa panjenengan sedaya

Mila, Pak…/Ibu….ing kalenggahan punika tata rakit warni warni ambengan saperngan rejeki kngge
sedekah lillahi ta’ala awit saking raos puji syukur dumteng dzt ingkang nyipta jagad saisinipun inggih
punika Allah SWT. Pramilo asing pujo puji syukur mugi mugi Allah Ta’ala anumbuhi rezeki saha
kanikmatan ingkang sinandang wiwit dinten punika saklajengipun

Saklajengipun pak….kintun doa sholawat dumateng Nabi Agung Muhammad SAW mandapipun
dumateng garwa putro, saha para sahabat Abu Bkr, Usman,Umar & Sayidinah Ali ugi para wali, para
mukmin, aulia lan para ulama sedoyo kulo nglp berkh mugi mugi Allah Ta’ala pring kawilujengan wiwit
dinten punika saklajengipun awit saking do panjenengan sedoyo

Ingkang saaturan mbantu kajat malih kajatipun mule metri/ mulyaaken bp adam ibu hawa, bp angkara
ibu bumi, bp banyu ibu pertiwi bp rino ibu wengi lan ibu dewi Fatimah prmilo dpn mule metri mugi llah
Ta’ala pring kawilujengan, wilujeng ingkang memule memetri, wilujengipun mule metri lan sedayanipun
angsalnpngestu tiyang sepuh miwah sederek sedaya

Ingkang saaturan mbantu kajat malih, inggih punika memule memetri mulyakaken cikal bakal, akal bakal
utaminipun siti ingkang dpn trepi griyo, siti banjar pekarangan saha sedaya wujud siti yasan pak…kalebet
cikal bakal dusun…desa…kec…samubarahipun sadengah papan siti ingkang dipun mlah rinten dalu

Sakaturan inggih bantu kajat malih kajat niatipun memule memetri angluharaken saha kintun donga
sumateng sedaya leluhur ingkang sampun sumare ing pundi kemawon

Leluhur saking kakung,saking pihak estri,inggih kakung inggih setri,ingkang tebih ingkang celak,

Leluhur ingkang krematan ugi ingkang mboten krematan, ingkang dangu ugi ingkang enggal,ingkang
ageng ugi ingkang alit.

Pramila dipun kintuni doa, mugi mugi Gusti Allah paring pangapura sedaya dosa lan kalepatanipun,
tinebihne siksa kubur,dipun tampi sedaya amal salehipun, pajar marginipun,dipun aku umat Nabi
Muhammad,pinaringan nikmat mupangat insyaAllah alam kaswargan, angsal doa pangestu panjenengan
sedaya.

SEKUL AUCI ULAM SARI

Ingkang sakaturan….taksih gadah kajat malih, anggenipun ngrakit ngedalaken rejeki saking Pangeran
arupi ambengan sekul suci ulam sari sak ubarampenipun minangka kadamel sodakohan wilujengan
milujengi tumurunipun wulan romadhon kaleres tanggal sepisan, utawi kadamel megengan minangka
netepi sarat sariat agami Islam,utawi kadamel milujengi anggenipun sami badhe nglampahi
siyam,pinaringana kiyat rahayu wilujeng, wilujenga serintenipun sedalunipun wiwit dinten menikA
engga sak lami laminipun saha nyuwun tambah pangestu wilujeng dhumateng sederekipun sepuh
miwah anem ingkang sami dipun aturi pinarak ngriki sedaya
SEKUL MAJEMUK

Menika taksih…..taksih gadah kajat malih anggenipun ngrakit ngedalaken ambengan sekul majemuk
menika minangka kadamel njemukaken raja darbekipun, njemukaken bumi ingkang katrapan griya, bumi
sak nglebetipun griya, bumi sak njawinipun griya, bumi ingkang kaombah rinten dalu, bumi ingkang
kadamel lantaran pados sandhang pangan ,utawi njemukaken wusi aji ingkang dipun simpen, wesi aji
ingkang kadamel lantaran pados sandang pangan, pramila dipun sodakohi sekul majemuk,mugi mugi
sedaya kalawau tansah guyub rukun asih lulut kagarap rinten dalu, wilujenga wiwit dinten menika engga
sak lami laminipun saha nyuwun tambah pangestu wilujeng dhumateng sadherekipun sepuh miwah
anem ingkang sami dipun aturi pinarak ngriki sedaya

JENANG SENGKALA

Menika…….taksih gadhah kajat malih,jenang sengkala minangka kadamel nyengkalani anggenipun


gegriyan,nyambut damel,nyengkalani batihipun sedaya,nyengkalani bumi kang katrepan griya,bumi sak
labetipun griya,bumi sak njawinipun griya,bumi kang kasukeran kajembaran,bumi kang kaombah rinten
dalu ingkang kadamel lantaran pados sandhang pangan, nyengkalani kala sakathahipun kala,kala
ingkang sampun dhumawah mugi labektaa ilio toya, kala ingkang dereng dhumawah mugi katutu barat
lesus,kantuna teguh rahayu wilujeng,wilujenga serintenipun sedalunipun, wilujenga wiwit dinten
menika engga sak lami laminipun

Nubur sepuh semanten ugi,minangka kadamel milujengi amggonipun gegriyan,anggenipun nyambut


damel, milujengi sak tanem tuwuhipun,milujengi anggenipun gadah kajat ngerakit ngedalaken rejeki
saking Pangeran arupi ambengan warni warni menika,minangka kadamel milujengi anggenipun
megengan, pramila dipun wilujengi bubur sepuh, mugi mugi sedaya kajat niatipun……….pinaringana
kabul dening Gusti Allah, Gusti Allah mangsulana kawilujengan dhumateng…….pinaringana panjang
umuripun,tambah rejekinipun,tetep ngibadahipun,wilujenga anggenipun ngenger wonten dhusun……
wilujenga sarintenipun sedalunipun,saha nyuwun tambah pangestu wilujeng dhumateng sesherekipun
sepuh miwah anem ingkang sami dipun aturi pinarak mriki sedaya

Menika sampun cekap anggen kula nglairaken menapa ingkang dados kajatipun…….mbok bilih wonten
kirang langkungipun anggon kula ngaturaken sedaya kemawon kulo aturi ndonga kabul nggih

Anda mungkin juga menyukai