Anda di halaman 1dari 6

Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara/Pranata adicara Pengantin

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha
kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat
kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka
sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan.
Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing
wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara
pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti
Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam
agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika,
saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa
anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya
siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas
wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana
wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang
sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati
ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para
tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing
sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu
nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking
madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.
Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning
penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras
rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun

CONTOH 2
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbilaalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa,
wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha
illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan abduhuu
warasuuluhu laa nabiyya badah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh
ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang
pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam
pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi
wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng
baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja
ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci
wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu
luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung
sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta
sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang
kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka
pinangka jejering
pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang
sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala
kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun
inggih panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar
cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang
hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing
gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi
kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana
tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala
binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri
kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantuwantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri
anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar
cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka
basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul
putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu . Putra putrinipun Bapa A,
ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus putra kakungipun Bapa B
ingkang lenggah wonten ing .. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun
kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng . wanci
tabuh.. mapan ing (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata
adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para
kulawangsa nun inggih :
Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe
kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban
Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Quranul Karim.
Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe
kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha
panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa H
mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing
mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha
saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten
menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri
kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning
panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu
mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga
paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara
ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya
hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten

kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah


wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking
sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta
ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para
ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling
gendhing ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun
sumangga.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing
tata upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun
lenggah jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha
Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana menika mracihnani bilih laksitaning
adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci
menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah
winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan
punika kita tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi
sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita
ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah
SWT
karana
maos
lafal
Basmallah,
kula
dherekaken.
.Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah,
ingkang badhe kasarirani denening sedherek Anamung
keparenga sak derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi
kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah
suraosing Kalam Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat
manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan
sak sampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung
sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi
kasumanggaaken dhumateng sedherek . Sumangga.
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming
manah kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan
ayeming suwasana prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana
adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun
Bapa A sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun
Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih
sariranipun, nun inggih Bapa D. Dhumateng Bapa D kula sumanggaaken,
saha mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking
palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bapa D. Sumangga.

Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan


ingkang lumantar Bapa D. Ingkang menika, minangkani kepareng saha
panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg
sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan hangaturaken boja krami
katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun
dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan
unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha
ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suasana
sarta pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta
dhahar, badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking keluarga ageng
Paguyuban Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang.
Wondene lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa
Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana
Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng
nglaras sinambi imbal wacana. Sumangga.
Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing
pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga
wekdal sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun
paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang
badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa C minangka talanging
pangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa C kula
sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa
angampingi jumenengipun Bapa C sadangunipun paring tanggap sabda.
Sumangga.
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa C minangka
talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp E
minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal
kasumanggakaken.
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara
ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan
kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng
para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng
panjenenganipun Bapa H. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken.
Sumangga.
Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng
Bapa H ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten
sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra

pinanganten, sehengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha


manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-laminipun. Amin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning
adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken
sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang
badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana
saha Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon
saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha
dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban
Kembang Setaman. Sumangga.
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh
kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun
kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis
ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha
paripurnaning
adicara,
sumangga
sareng-sareng
kula
dherekaken
ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados,
inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga
pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah,
kula dherekaken. . Alhamdulillahirabbilaalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji,
keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu
kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken
konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi
mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun
paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya
ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang
Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, lumantar
pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan
ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi
menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten
aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh,
mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih
wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular
ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi
lepat atur kawula.
Wassalaamualaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Anda mungkin juga menyukai