Anda di halaman 1dari 5

Pranatacara

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,


Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa
linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu,
wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya ba’dah.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung


mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.

Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para
kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.

Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning
kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata,
baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.

Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi
minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.

Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri
ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya
hambuka wiwaraning suka  pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut
reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa
ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan
punika, nun inggih panjenenganipun  Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar
cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku
karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga
pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa
madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning tata
upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken
pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh
kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh
hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka
basuki.

Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra
pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bapa A, ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten ing
…….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda,
duk nalika dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA atau rumah).

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang
sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
     Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken
kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing
mriki.

     Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan Kalamullah
ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.

     Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan
minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.

     Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining
putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.

     Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang samangke
badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H” mligi kaparingaken
dhateng putra penganten.

     Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok


bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha saking kulawarga
minangka paran para.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut
reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking
punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan
kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga
paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika. 

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang ugi
karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas
wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten
ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring
temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun
samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para
ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling gendhing ingkang
jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata upacara
sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar kanthi
kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana
menika mracihnani bilih  laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing
adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah
winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita
tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng
ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan
nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula
dherekaken. ….Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang badhe
kasarirani denening sedherek …………………… Anamung keparenga sak derengipun, kasuwun
dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi
lebeting manah suraosing Kalam Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat
manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun
kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang
angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng sedherek …………….
Sumangga.

Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula lan
panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming suwasana prahargyan prasaja
ing ri kalenggahan punika.

Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang
angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A sekaliyan ingkang
hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja
kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa “D”. Dhumateng Bapa “D” kula
sumanggaaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking
palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bapa “D”. Sumangga.

Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang lumantar
Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi
laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan
hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika,
kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan
sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu
merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suasana sarta pinangka
sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar, badhe kaaturaken
pasugatan hiburan saking keluarga ageng Paguyuban Rebana Kembang Setaman saking
Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken
dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban
Rebana Kembang Setaman.

Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras sinambi


imbal wacana. Sumangga.

Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing pakurmatan.
Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal sumene kula suwun
kinarya hanglajengaken lampahing adicara.

Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun tanggap
sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening
panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging pangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng
panjenenganipun Bapa “C” kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan
garwa angampingi jumenengipun Bapa “C” sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.

Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging basa Bapa
B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp “E”  minangka sulih sarira panjenenganipun
Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.

Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka
gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra
pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji
kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal sacekapipun kula
aturaken. Sumangga.

Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa “H”
ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten sarimbit. Ing pangajab,
sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, sehengga putra kekalih
anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-
laminipun. Amin.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara
sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken sawetawis, kinarya kangge
paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan
saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa
Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking Paguyuban Rebana
Kembang Setaman.

Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi
midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang Setaman. Sumangga.
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut
reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening
para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika,
minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken
ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit
sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah
winantu karaharjan.

Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula


dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.

Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji, keparenga


hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning
wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing
berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan
punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya
ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras
pelog pathet nem.

Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri  kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara


sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha
hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning
bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh,
mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking
wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader
pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Anda mungkin juga menyukai