Anda di halaman 1dari 5

Nama:

NIM :

Assalamualaikum warahmatullahi
Kawilujengan, karaharjan, Rohmat Hidayat , barokahipun Allah taala Mugi tansah tumedak ,
kajiwa sarta kasarira dhumateng panjenengan dalah kula.
Kaleres dinten pinilih ahad kliwon Surya kaping 10 Desember 2023, pahargyan pawiwahan
daupipun Rara Putri Rengganis putranipun Bp. Wartono saha Ibu lestari saking laladan
Boyolali ingkang sampun daup kaliyan Bagus Rangga Ramadhan putranipun Bapak Karto
saha ibu Hartini saking laladan Sukoharjo, kaleres dinten menika kabahargyan wonten ing
Gedung Graha Saba.

Gegaraning wong akrami


Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Binarung swarane gending santimulya mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puji syukur
wonten ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Pangeran Ingkang Mahawikan; dene ing
siyang menika; kita sedaya tansah pinaringan kesarasan saha kekiyatan sami saged rawuh
wonten ing Gedung Graha Saba menika.
Shalawat saha salam kita aturaken konjuk wonten ngarsanipun Nabi Agung Baginda
Rasulullah Muhammad Shalallahu Alaihi Wassalam.
1. Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang utama lan luhur ing budi
saha ingkang tansah kula bekteni
2. Para satriyaning nagari ingkang tansah bebela bebener saha hambrastha angkara
murka.
3. Para alim ulama, ustad, para kyai ingkang tansah dhedhepe wonten ngarsanipun Allah
Subhanahu Wa Ta’ala, saha tansah sumandhing kitab suci wahyu Ilahi Robbi; ingkang
tansah paring pandam pandoming pabrayan , sarta ingkang tansah amar ma’ruf nahi
mungkar.
4. Para priyagung, para pangemban pangembating praja ingkang minangka pangayoman
saha tansah damel ayem tentremipun kawula dasih
5. Para dwija, sarjana sujaneng budi ingkang utameng budi saha tansah anyebaraken
kawruh ingkang utami murih raharjaning sesami.
6. Para tamu kakung putri, para kadang mudha tumaruna, sumawana para rawuh
ingkang samya bagya mulya saha tansah asih tresna dhumateng sesama.
Wondene urut urutaning lampah pahargyan pawiwahan daupipun Rara Putri Rengganis
kaliyan Bagus Rangga Ramadhan ingkang sampun rantam para kadang panitiya
1. Adicara kapisan sowanipun pengantin putri miyos Saking panti busana tumuju
dhumateng sasana kursi rinengga lan lumebetipun risang penganten Kakung wonten
ing sasana pawiwahan
2. Adicara ingkang kaping kalih pasrah panampi penganten kakung
3. Kaping tiga Panggih penganten kakung saha penganten putri
4. Kaping sekawan inggih menika adicara sungkeman utawi ngabekten
5. Kaping gangsal atur pambagyaharja utawi atur panuwun
6. Kaping enem inggih menika lelangen beksan
7. Kaping pitu kirabipun risang penganten kekalih
8. Kaping wolu inggih menika waosan doa
9. Adicara ingkang pungkasan inggih menika pawiwahan paripurna

2. Sowanipun/ Lenggahipun Penganten Putri

Para ingkang Sami rawuh kakung saha Putri ingkang bagya mulya, katingal sampun wonten sasmita
bilih putri penganten sampun paripurna anggenipun angadi sarira.

Pramila katur ingkang kinurmatan Ibu Murni dalah Ibu Munir keparenga anganthi penganten putri
saperlu kanthi lenggah wonten sasana dhampar rinengga, sinartan patah sakemabaran pun anak ayu
Dina miwah anak ayu Dini.

Hambokbilih samudyanipun sampun samapta, katur para tamu ibu ingkang tinanggenah
mratitisaken, kula sumanggakaken.

Sowanipun penganten putri kairing ungeling gendhing Sekartejo.

a.Panyandra

Sinawung kumandhanging gendhing Sekartejo. Penganten putri katingal sowan lumarap ing sasana
pawiwahan, saperlu nyuwun tambahing puji pandonga pangestu katur para tamu.

Katon asri lampahing sri penganten putri, kakanthi dening pini sepuh, nun inggih Ibu Murni dalah Ibu
Munir, kekalihipun sampun pantes sinudarsana, amargi wus kasembadan ngembat gesang bebrayan,
tansah nenuntun dhumateng para putra putrinipun ing tindak kautaman.

Lampahipun penganten putri sinarengan patah sakembaran nenggih anak ayu Dina dalah anak ayu
Dini.

Dhasar kekalihipun tasih timur turta sami sulistya ing warna, pramila amimbuhi edi endahing
pawiwahan ing siang menika.
Sang rinaja putri mangagem busana cemeng tinaretes ing retna, gegulung puspita melathi rinonce,
amrik gandanya ngebeki saindhenging sasana pawiwahan, sakala amimbuhi daya pangaribawa
tumrap ingkang samya uninga.

Ndungkap ing sasana dhampar rinengga, Sang pinanganten putri sigra kanthi lenggah. Sindhem
konjem ing bantala wadananira, linambaran ing ulat manis, ing batos tansah nyenyadhong puja
pujinipun para sesepuh, para pinisepuh, miwah para ingkang sami rawuh ing siang menika.

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah sinudarsana, penganten putri sampun
katingal sowan saha lenggah wonten sasana dhampar rinengga, ingkang saperlu samapta ing gati
badhe angayahi titilaksana salajengipun. Pramila mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/Ibu
Wartono sarimbit, mugi panjenengan sedaya kepareng hanggung parisuka ndumugekaken
lelenggahan ngantos titi purnaning pawiwahan ing siyang menika.

Salajengipun katur ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Alek ingkang tinanggenah minangka dhuta
pamethuking penganten kakung, keparenga enggal angaturi penganten kakung bilih pawiwahan
sampun kawiwitan, saha kasuwun rawuh ing sasana wiwaha, saperlu angayati titilaksana pasrah
panampi saha dhaupipun risang penganten kekalih.

Lampahing putra penganten kakung saking sasana palereman Itumuju dhateng sasana pawiwahan
ingkang kakanthi Bapak saha Bapak Heri saha Bapak Parno kabiwadha ungeling gendhing ladrang
Wilujeng.

b. Panyandra Penganten Kakung lumebet ing Sasana Pawiwahan

"Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya
ngalela. Pranyata menika tejaning penganten kakung ingkang mijil saking wisma palereman kinantji
manjing sasana pawiwahan.

Mubyar-mubyar busananing penganten kakung ingkang angemba busananing narapati, lamun


kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi
luhung, dene mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, mrabawa ateges
sinung prabawa edi endah milangoni.

Dhampyak-dhampyak ingkang samya lumaksana anganyab penganten kakung pinaragan dening


kadang santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung dedeg sembada wirotama, sarira
amrabata, tegung ing driya tan mungkuh saliring kewuh, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab
prapteng ngendhong. Mila kalamun cinandra yayah srinarendra ingkang arsa tedhak siniwaka,
lenggah ing dhampar dhenta."

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkan kinabekten, katingal penganten kakung wus
prapta wonten sangajenging wiwara, wisma wiwaha. Padha sakala para pangombyonging
penganten kakung kendel sawatawis ingkang saperlu angayahi upacara pasrah panampining
penganten kakung.

3. Pasrah Penganten Kakung

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhuring budi; para ingkang sami rawuh
kakung saha putri ingkang kinurmatan; gegandhengan penganten kakung sampun rawuh ing sasana
pawiwahan, pramila badhe dipunaturaken titilaksana pasrah penganten kakung.

Wondene ingkang badhe nyarirasi masrahaken penganten kakung, ingkang kinurmatan Bapak Narto
jumenengipun jinajaran Bp. Joko saha Bp. Tri, katur Bapak Dwi kula sumanggakaken.
4. Panampi Penganten Kakung

Paripurna titilaksana pasrah penganten kakumg ingkang sampun dipunsarirani Bapak Joko.

Ing salajengipun badhe katampi ingkang kinurmatan Bapak Agung kula sumanggakaken, nuwun.

5. Panampi Putra Penganten Kakung Paripurna.

Paripurna menggah titilaksana panampi penganten kakung ingkang kasarirani Bapak Agung. Ing
salajengipun kasuwun Bapak Joko miwah Bapak Tri saha Bapak Dwi anganthi penganten kakung
ingkang saperlu angayati upacara panggih.

Katur kinurmatan Bapak joko dalah para pangomboyoning penganten kakung, kasuwun sumene
sawetawis, saperlu paring puji pandonga dhumateng panggihipun penganten kekalih.

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Alek keparenga nyamektakaken sedaya ubarampe panggih.

Keparenga Ibu Murni saha Ibu Munir enggal anganthi penganten putri tumuju wonten samadyaning
wisma wiwaha, ingkang saperlu anganyahi upacara panggih.

Katur Bp/Ibu Wartono keparengan samekta ing gati kanthi ngasta sindur kangge anyingkepi
putranipun ingkang badhe panggih.

Wondene ingkang kepareng mratitisaken lumampahing upacara panggih, ingkang kinurmatan Ibu
Yanti.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri, saha para ingkang sami rawuh, kanthu andhap
anoraga keparenga jumeneng sawatawis ingkang saperlu paring puji pandonga dhumatheng
pengantenn kekalih, ingkang nembe panggih.

Panggihing sri penganten kekalih kabiwadha ungeling gendhing Kodok Ngorek.

7.Panyandra Penganten Dhaup/Panggih

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti Kang
Murbengjagad. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya
anetepi jejering agesang, ngancik alaming madya, mangun gesang bebrayan. Nenggih dhaupira
Bagus Rangga Ramadhan putranipun Bapak/Ibu Karto kaliyan Rara Putri Rengganis putrinipun
Bapak/Ibu Wartono.

Nalika samana panganten kekalih sampun sami lumaksana arih, tumuju dhumateng sasana panggih.
Sri panganten putri wus kawuryan jengkar saking sasana rinengga, datan katun penganten kakung
sigra lumanpah lon-lonan tumuju mring sasan panggih ingkang sampun cinawisaken.

Swaraning pradangga munya angrangin, kadya asung pepuji angastuti mring penganten kekalih muri
tansah kasembadan ing dados gegayuhan, sembada ingkang sinedya.

Saya caket saya caket denira lumaksana penganten kekalih, sakala samya apagut tingal. Tempuking
panduku catur netra ingkang linambaran budi luhur, sakala wonten daya pangaribawa ingkang
tumanen ing sanubari.

Saksana kumlawe astane penganten kekalih samya rebat dhihin ambalang gantal sedhah rinakit.
Gantal penganten putri winastan gondhang kasih, wondene gantal penganten kakung awasta
gondhang katur.
Awit kaprabawan adiling Gusti Kang Murbeng Gesang dhumawahing gantal saged sesarengan,
penganten putri kenging jajanipun, penganten kakung kenging sukunipun. Sedaya kalawau kinarya
pralampita, bikih penganten kekalih badhe tansah mong-ingemong, sih-sinisihan, mad-sinamadan,
datan wonten ingkang rebat leres inh salebetipun ngembat gesang bebrayan.

Tindakira putra penganten kekalih datan rinaos sampun prapta ing sasana panggih, padha sakala
kekalihipun sami kendel sawatawis.

Tanggap sasmita Ibu Yanti ingkang minangka pinisepuhipun panggih, sigra paring sasmita saha
mratitisaken penganten kakung hanindakaken titilaksana wiji dadi.

Alon sang abagus sigra anjunjung ampiyan kanan kadhawahaken ing tigan ingkang sampun cumawis,
sakala...pyar..tigan pecah tan maujud malih. Jene lan pethak makempal nyawiji datan saged kapilah-
pilahaken, ingkang makaten mujudaken pralambang bilih sesambetanipun Sri Panganten kekalih
sampun kaidenan ing para sepuh, ical sedaya warana, saha wewaler ing antawisipun jalu lan
pawestri.

Purna nindakaken pamecahing wiji dadi, sang rinaja putri agahan anyekti bokor kencana kang isi
puspita manca warna, agahan amijiki ampeyaning ingkang garwa, kanthi lulus ikhlasing wardaya,
bilih wiwit ing ari menika ngantos akiring agesang, badhe tansah bekti mituhu mring guru laki.

Paripuran amijiki ampeyan, panganten kekalih kajumenengaken jajar, siningkepan sindur dening Ibu
Sri dados sawiji. Sindur awarni abrit lan pethik minangka pralampita, manunggaling jalu lan estri.
Mugi-mugi sri penganten kekalih tansah manunggal tekad tansah atut runtut manggih rahayu suka
basuki, saged minangkani kekudanganipun para pinisepuh.

Penganten kekalih sigra lumaksana lon-lonan kanthi gegandhengan asta nganut tindakipun Bapak
Wartono, minangka pangarsaning tindak saha pangarsaning kaluwarga. Pramila nggenya tindak
tansah ing ngarsa sung tuladha, tansah nyenyuwun wonten ngarsaning Gusti Kang Mahaadil, mugi-
mugi putranipun ingkang sampun nindakaken gesang bebryan tansah pikantuk tuntunan, pepajar,
saha pangayomanipun Gusti Kang Mahamirah.

Nalika samana, tindakira putra penganten kekalih datan rinaos sampun prapta ing dhampar sasana
rinengga, marma sigra katata, kalenggahaken marak ing ngarsanipun para ingkang sami rawuh,
saperlu anampi puji pandonga ngantos titi purnaning pawiwahan ing siang menika.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang kinabekten, saha para ingkang sami
rawuh kakung putri ingkang kinurmatan. Awit tansah pikantuk berkah Gusti Kang. Murbengbawana,
saha puja-puji pandonga panjenengan sedaya. Ingkang menika katur para ingkang sami rawuh
keparenga anglajengaken lelenggahan saha wawan pangandikan kanthi mardikaning panggalih
ngantos paripurnaning wiwahan ing siyang menika.

Salajengipun katur ing ngarsanipun Ibu Sri, kaparenga amratitisaken saha mandhegani titilaksana
krobongan, inggih menika pasrah gunakaya saha kacar-kucur. Kula sumanggakaken, nuwun.

Anda mungkin juga menyukai