Anda di halaman 1dari 6

ATUR PASRAH PENGANTEN JALER

Assalamualaikum .Wr.Wb Kulo nuwun, kadang kulo sepuh sepuh / anem, minangka sulih sariro Bpk / Ibu Supardi ingkang tansah kinurmatan,kulo dipun resaya dening bpk/ibu Raharjo Kepareng masrahaken penganten ingkang jaler. Sakderengipun ,awit donga pangestu panjenengan ,kulo punapadene anak mas angger.Sakpangombyong lampah bidhal saking Solo dumugi ing mriki pinaringan rahayu wilujeng sepen ing pepalang. Ing saklajengipun ,boten kesupen hanglantaraken salam wilujengipun Bpk / Ibu Raharjo. Mugi katur ing ngarsanipun Bpk / Ibu Supardi. Baken wosing wigatos sampun kulo aturaken ing ngajeng rehdene Bagus Arif, Sampun kulo kanthi sowan ing mriki , pramilo kulo pasrahaken dhumateng panjenengan ,ingkang saperlu badhe sumanggem nindakaken tatacara panggihing pengantin gagrag surokarto hadiningrat,kaliyan putri panjenengan pun Roro Fitri , wondene kalampahaning panggih pun Bagus Arif kaliyan putri panjenengan ,kulo anamung sumarah wonten ing pamurba panjenengan sakadang. Cekap semanten angger kulo matur , tumrap kirang jangkeping subosito,kulo sak prikonco nyuwun gung samudra pangaksami. Wasono mugi rahayu ingkamg sami pinanggih,nuwun Wassalamualaikum .Wr.Wb

ATUR NAMPI PENGANTEN JALER


Assalamualaikum Wr.Wb Kadang kulo sepuh / anem, minongko talanging atur Bp/Ibu Raharjo ingkang kinurmatan.Kajawi pambagyo rahayu wilujeng kulo tumrap panjenengan sak prikonco/sak kadang ,salam wilujengipun sampun kulo tampi kanthi bingahing manah,ing mangke badhe kulo aturaken dhumateng Bpk/Ibu Supardi. Sak wangsulipun salam wilujengipun Bpk/Ibu Raharjo, gentos kaaturno ing ngarsanipun Bpk /Ibu Supardi. Wondene pasrah panjenengan pengantin jaler pun Bagus Arif soho handadosno bingahing manah.Dene kalampahaning panggih anak putri kulo pun roro Fitri kaliyan putro panjenengan pun Bagus Arif sampun wonten ing pamurbo kulo sakadang,tumuli badhe katindakaken. Sasampunipun pepanggihan meniko ,panjenengan sedoyo kulo suwun lelenggahan soho paring berkah wilujeng dhumateng anak kulo pengantin sakaloron sumrambah ing sadayanipun. Cekap semanten atur panampi kulo ,kirang trep pangetreping subosito lan tatakrami , kulo nyuwun gunging samudro pangaksami. Wasono rahayu,winantu ing suko reno Wassalamualaikum Wr.Wb

ATUR PAMBAGYA HARJA Assalamualaikum wr.wb. Kula Nuwun! Para Sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para Bapak, para ibu lan sedereksederek sedaya ingkang minulya ing budhi. Para tamu lan adek-adek sedaya ingkang kula kurmati. Kula Nuwun! Kaparenga kula semela atur, ngempil kamardikan panjenengan sadaya rikalanipun nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka wakil kaluwarga minangkani pamundhutanipun ingkang hamengku gati. Sepisan ngaturaken syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa Gusti ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapak Supardi sakaliyan anggenipun hamengku gati ndaupaken putranipun ingkang selisih 2 tahun sampun kalampahan dhaup kaliyan Bagus Arif rikala dinten kemis tanggal 14 wanci jam 11 wonten ing dalemipun Bapak Supardi kanthi manggih rahayu kalis ing sambekala. Kaping kalihipun Bapak Supardi sakulawarga ngaturaken panuwun ingkang sanget menawi para tamu sampun kersa ngrawuhi miwah paring dongan pamuji dhumateng sri penganten sekaliyan. Sarehning Bapak Supardi sakaluwarga mboten saged ngaturi punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi pikanuk sih kautaman panjenengan sedaya saking Gustiingkang Maha Agung. Kaping tiganipun Bapak Supardi sakulawarga nyuwun dedonga marang para tamu sadaya supados sri penganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudangan para pinisepuh sadaya. Tuwin enggal pinaringan momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng nagri. Ingkang pungkasan mbok bilih wonten kakurangipun trapsila anggenipun ngacarani, menawi dhaharipun kirang eco ugi papanipun kirang sae Bapak Supardi sakaluwarga ngaturaken sih samodra pangaksami. Wallitaufik walhidayah, Wassalamualaikum wr.wb

ATURIPUN PAMBIWARA Kulanuwun.. Panjenenganipun para sepuh pinisepuh, para tamu kakung saha putri ingkang utami hing budi, saha para pametri budaya ingkang sadaya hanampi hing pakurmatan. Saderengipun kapurwakan lampahing tatacara hing wanci siang punika sumangga kula derekaken, ngaturaken panuwun syukur wonten hing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, bilih ing wanci siang punika kula dalasan panjenengan sadaya, saged kempal manunggil wonten hing pahargyan kanthi wilujeng, dene sadaya Nugraha ingkang sampun kaparingan dening Gusti sumangga kita tampi mugi tansah hamimbuhana hing sapanginggil sumrambah sajawining pasamuan. Kulanuwun, dene lampahing tatacara ingkang sampun karakit parapametri budaya, sepisan Hanglenggahaken Penganten putri wonten hing krabangan pimasren. Ingkang angka kalih, bidaling duta pametuking panganten kakung tumuli kalajengaken pasrah miwah panampi. Purnaning tatacara pasrah panampi kalajengaken panggih, panganten sekaliyan daya kasingepan slindur kalenggahaken wonten hing krabangan. Lampahing tatacara ingkan angka katiga, hangacarani rawuhipun besan sapangarak. Sasampunipun besan satata lenggah kalajengaken sungkeman. Ingkang angka sekawan, hatur pambagya rawuhipun tamu tumuli kalajengaken kiraping panganten. Makaten para tamu kakung sarta putri, lampahing tatacara hing wanci siang punika, mugi prwa madya lan wusana Gusti ingkang Maha Agung paring pangayoman. Nuwun Dene Tata Cara resepsi wonten pahargyan Jawi, yoiku : 1. Temanten putri mijil 2. Methuk temanten priya

3. Temanten priya rawuh 4. Pasrah tinampi 5. Panggih 6. Krobongan 7. Sungkeman 8. Lelangen 9. Atur pambagya harja 10. Kirab 11. Kirab wangsul 12. Ular-ular 13. Purnaning pahargyan Aturipun pambiwara menawi pahargyan sampun rampung Kula Nuwun.. Para tamu kakung sarta putri, bilih sasmita ingkang kula tampi saking pangersaning pasamuan, pahargyan hing wanci punika sampun paripurna. Dene kula ingkang kadawuhan hambiwarakaken lampah-lampahing tata cara lan upacara, katah kekirangan ingkang kula sandang, kula nyuwun panapunten.

TUGAS BAHASA JAWA PIDATO DALAM UPACARA PERNIKAHAN JAWA

Disusun oleh : 1. Fadhillah Luluk 2. Lilis Maryati 3. Platino D.S 4. Restu Bunga P ( XII.A.4 / 12 ) ( XII.A.4 / 14 ) ( XII.A.4 / 21 ) ( XII.A.4 / 23 )

SMA Negeri 5 Surakarta Tahun Ajaran 2012/2013

Anda mungkin juga menyukai