Anda di halaman 1dari 1

Pambagyaharja Adicara Midodareni

Nuwun,
Para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, sarta para tamu ingkang sutresna. Awit
saking mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu ... keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan.
Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT Ingkang Maha Asih, mugi
tansah kajiwa kasarira déning panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang
dhahat kinurmatan.
Ing madyaning pepanggihan menika sawetawis panjenengan lenggah, kula ngaturaken
pambagya kawilujengan sugeng rawuh. Panjenengan sampun kasdu rawuh saprelu paring
pangèstu hangestreni tumapaking adicara menika. Awit saking menika, kula ngaturaken
agunging panuwun, sukaning manah kula tanpa pepindhan.
Kula tansah memuji bilih krentenging tekad bebesanan saged kalajengaken ngantos ing titi
wanci dhaup palakrama. Lan ugi kula sakulawarga tansah nyuwun puji pandonga paduka para
tamu pamrih sesambetanipun anak kula, Nini Ayu Mahaeranis kaliyan Nakmas Agung fallery
Mega Utama saged tetep lestari dumugi ing mangsa palakrama.
Panyuwun kula mugi para tamu sekéca lelenggahan ngantos paripurnaning adicara.
Nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha bokmenawi
wonten atur miwah solah bawa kula ingkang kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging
samudra pangaksami.

Nuwun,

Anda mungkin juga menyukai