Anda di halaman 1dari 2

Acara Walimah Aqiqah

ِ ُ‫علَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمة‬
ُ‫هللا َوبَ َركاَتُه‬ َ ‫سالَ ُم‬
َّ ‫ال‬
ْ ْ َ ‫ش ْي‬ ‫ع ْوذُ ِب ه‬ ُ َ‫أ‬
ِ‫الر ِح ِيم ال َح ْمدُ ِ َّّللِ الفَتَّاح‬ َّ ‫الر ْح َم ِن‬َّ ِ‫َّللا‬َّ ‫ ِب ْس ِم‬.‫الر ِجي ِْم‬ َّ ‫ان‬ ِ ‫ط‬ َّ ‫اّللِ ِمنَ ال‬
‫أن‬ْ ُ‫ أ ْش َهد‬.ِ‫ارهُ ِمنَ ْال ِعبَاد‬ َ َ‫علَى تَفَقُّ ِه فِى ال ِدهي ِْن َم ْن ا ِْخت‬ َ ‫ْال َج َّوا ِد ْال ُم ِعي ِْن‬
‫س ِيهدَنَا مح َّمدًا عبدُه ورسولُه‬ َ ‫أن‬ َّ ُ‫ وأ ْشهد‬.ِ‫ار ْال ُخلُ ْود‬ َ َ‫ش َهادَة ً ت ُ ْد ِخلُنَا د‬ َ َ‫آلإله‬
ً ‫صالَة‬ َ ‫سلَّ َم وعلى آله وأصحابه‬ َ ‫علَ ْي ِه َو‬ ‫صلَّى ه‬
َ ُ‫َّللا‬ َ ‫ب ْال َمقَ ِام ْال َم ْح ُم ْو ِد‬ ُ ‫اح‬ ِ ‫ص‬ َ
‫غالَ ٍم‬ُ ‫ ُك ُّل‬: ‫سلَّ َم‬ َ ‫علَ ْي ِه َو‬ ‫صلَّى ه‬
َ ُ‫َّللا‬ َ ‫ى‬ ُّ ِ‫قَا َل النَّب‬.ِ‫سالَما ً َما أَفُ ْو ُر بِ ِه َما َي ْو َم ْال َم َعاد‬ َ ‫َو‬
‫س َّمى أما بعد‬ َ ُ‫سابِ ِع ِه َويُ ْحلَ ُق َوي‬ َ ‫ع ْنهُ يَ ْو َم‬ َ ‫َر ِهينَةٌ بِ َع ِقيقَتِ ِه ت ُ ْذبَ ُح‬
 ‫اض ْل‬ ُ ‫س َعا َدة َْال ُك َر َماء َو‬
ِ َ‫علَ َمآ َء ْاْلَف‬ َ Ingkang tansah kula mulyaaken para alim ulama, para kyai
saha ibu nyai, Wabil khusus dumateng panjenenganipun Bpk Ust. Ulin Nuha ingkang
kita tenggo nasehat diniyyahipun
 Sesepuh saha pinisepuh ingkang hanggung mastuti
 Shohibul hajah Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad saha keluarga ingkang dahat
kinurmatan
 Para pangambaning projo, ingkang kula bektosi saha kita hormati
 Grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin saking Karangduren Sawit ingkang
minulya
 Para lenggah hadirin walhadirot ingkang tansah kinurmatan
Wonten ngersanipun para alim ulama, sepindah monggo kita tansah ngunjukaken
pujo lan hastuti dumateng Allah SWT. Amargi kanti luberipun rohmat lan nikmatipun
Allah SWT kito saged kempal silaturrahim wonten mriki majlis kanti wilujeng sehat
wal-afiyat kalis nir sambikolo.
Sholawat saha salam biqouli Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad mugiyo
tansah kaatur kaharibaan Nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang sampun
paring pitedah dumateng kita lan mugi-mugi kita dados ummatipun ingkang pikantuk
syafa’atipun mbenjing wonten yaumil qiyamah...Allahumma amin.
Para hadirin para rawuh ingkang kinurmatan
Kula wonten mriki ingkang kajibah minangkani pranata acara badhe ngaturaken
reraciing adicara Walimatut-tasmiyyah wal-aqiqah Putra kaping-4 saking Bpk drh.
Nur Fauzi Akhmad. Hadirin-walhadirot tamu undangan ingkang kula
mulyaaken.....sakderengipun adicara kalampah, langkung saenipun kula waosaken
rantamaning adicara
 Adicara sepindah pembikaan
 Kaping kalih waosan ayat suci alqur’an
 Adicara kaping tiganipun atur pambagyo utawi sambutan
 Kaping sekawanipun...
 Adicara kaping gangsal nun inggih mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun
kamedhal sabda dening panjenenganipun Bapak Ust. Ulin Nuha saking Popongan
Klaten
 Adicara pamungkas nun inggih doa penutup
Hadirin ingkang sinubo ing pakhurmatan, keranten wekdal punika sampun ndungkap
ndalu, pramilo sumonggo kangge iftitahul majlis, adicara wonten ndalu punika kita
bikak sesarengan kanthi wasilah waosan surat al-fatihah.
..................َ‫صا ِل َح ٍة الفَاتِ َحة‬
َ ‫َعلَى َه ِذ ِه ال ِنهيَ ِة َو ُك ِهل نِيَّ ٍة‬
Matur sembah nuwun kula aturaken mugiyo kanti barokah surat al-fatihah kala wau
saged andadosaken acara punika lancar dumugi purna, lumintu mboten wonten
alangan punapa-punapa...Allahumma amiiin...
Adicara kaping kalih nun inggih waosan ayat suci al-Qur’an ingkang badhe dipun
salirani dening panjenenganipun ustadz .................... saking .......................... Sawit
Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
َ‫س ْولُهُ ْال َك ِر ْي ُم َون َْح ُن َعلَى ذَا ِل َك ِمن‬
ُ ‫صدَقَ َر‬
َ ‫صدَقَ هللاُ العَ ِظي ِْم َو‬ َ
َّ ‫شا ِه ِديْنَ َوال‬
َ‫شا ِك ِريْن‬ َّ ‫ال‬
Para hadirin ingkang kinurmatan.....
Ndungkap adicara angka tiga nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. Wondene
wonten kalodangan menika sambutan ingkang sepindah saking shohibul bait.
Dumateng panjenenganipun ............................................... wekdal miwah
panggenan kula sumanggaaken.
Matur Nuwun kula aturaken.
Sambutan angka kalih saking sesepuh Desa Kemasan. Dumateng panjenenganipun
Bapak H. Jamal Ahmadi wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan angka tiga saking Bapak kepala desa Kemasan Sawit Boyolali. Dumateng
panjenenganipun Bapak Sri Susilo Indriyanto, A.Md. wekdal saha panggenan kula
sumanggaaken.
Adicara kaping sekawan inggih punika .............................
Sumonggo rencang-rencang saking grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin
saking Karangduren Sawit nglajengaken punapa ingkang dados tugasipun.
Acara istirahat kita cekapaken.
Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting adicara ingkang angka
gangsal nun inggih mauidhoh hasanah, wondene wonten wekdal sakmenika badhe
kamedhal sabdo dening panjenenganipun Bapak Ust. Ulin Nuha saking Popongan
Klaten. Dumateng panjenenganipun, wekdal miwah panggenan sawetahipun saha
sahandaping raos dipun sumanggaaken.........
Mekaten saha semanten mauidhoh hasanah, mugi-mugi kanthi uraian hikmah kala
wau kita sedaya saged mendet manfaat lan dados sababipun tambahe iman lan
takwa kita sedaya...Allahumma amiin.....
Hadirin wal hadirot ingkang kinurmatan........wondene adicara ingkang
pamungkas nun inggih doa panutup, ingkang kasuwunaken barokah doa dumateng
panjenenganipun........................................................ananging sakderengipun
adicara do’a kalampah, kula minangkani pranata acara wiwit awal dumugi
pungkasan, kathah kasar saruning rembak saha kirang trapsilaning tembung lan
polah, nyuwun agunging samudra pangaksami wusono kula pungkasi
‫آخر الكالم باهلل التوفيق والهداية والرضا والعناية‬
Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
Dumateng panjenenganipun Bpk....................................................wekdal saha
panggenan kula sumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai