Anda di halaman 1dari 3

MC Pembawa Acara Upacara Ijab Qobul Bahasa Jawa

Tuladha Atur Pambagyaharjo

Assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.


Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansah
kasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat
kinurmatan,
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung
mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunhi, para pangemban
pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang
sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang
hanampi wahyuning kasutaman ingkang satuhu bagya mulya.

Nun inggih, brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya label praja
ingkang mahambeg luhuring darma, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing
Kitab Suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring
budi, panjenenganipun para satya wreda, carana madya, para tamu kakung suwana putri ingkang
pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bapak Prasetya MarselinoHadi sakaliyan garwa, kula
ingkang kapitedhah sinaraya hambuka wiwaranging suka, wenganining wicara, dwaraning
kandha pinangka jejering pambiwara, ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun
rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing
pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kepareng atur uninga menggah reroncening adicara
sakmangke.

1. Pambuka
2. Waosan Kitab Suci Al Quran
3. Pasrah calon penganten kakung
4. Tampi pasrah calon penganten kakung
5. Ijab qobul nikahipun putra calon temanten
6. Sumene
7. Penutup

Makaten urut reroncening adicara ingkang rinancang saha rinakit dening


kulawarga.

Para lenggah,

Adicara ingkang angka sepisan sampun kaleksanan. Tataran ingkang angka kalih punika
waosan Kitab Suci Al Quran dening sedherek Dhea Imut

Dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea Imut kula sumanggakaken.


WAOSAN KITAB SUCI AL QURAN

Matur nuwun dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea Imut


Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan katampi dening Allah SWT, saha pikantuk ganjaran
pahala ingkang matikel-tikel.
-------
Sampun paripurna titlaksana pasrah tinampining risang calon penganten kakung.
Laksitaning gati salajengipun nun akad nikah risang calon penganten kekalih. Dhumateng Bapak
Naib saha parapara ingkang hanawung kridha tumapaking adicara akad nikah, sumangga.
UPACARA IJAB QOBUL

Para rawuh ingkang tuhu kinabekten.


Mekaten adicara suci nikahipun Nakmas Bagas Triambodo Marsio kaliyan Nakajeng Ristanti
Amalia MarselinoHadi sampun kalaksanan kanthi raharja nir ing sambekala. Agunging
panuwunan ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenenganipun Bapak Nnaib
sakkadang.
Para rawuh kakung suwana putri ingkang minulya. Saking keparengipun Bapak Prasetya
MarselinoHadi sakaliyan, panjenengan sedaya kasuwun keparenga lelenggagan malih kanthi
mardikanipun penggalih, hanjenengi lampahing adicara ngantos dumugi purnaning gati.
Mbok bilih taksih wonten ayahan ingkang kedah karampungaken. Bapak saha Ibu Prasetya
MarselinoHadi namung saged handherekaken jengkaripun saking wisma upacara punika.
Matur nuwun

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Lumadosing pasugatan prasaja
ingkang katur wonten ngarsa panjenengan sami punika, minangka cihnaning raos syukuripun
Bapak saha Ibu Sella dene sampun saged kalaksanan ing sedya netepi darmaning asepuh.
Pramila sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi mardikaning penggalih. Sumangga.
Nuwun.

Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap
paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacara
saking purwa, madya dumugi swasana, pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis saking
sambekala.
Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem
Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken.
Alhamdulillahi rabbil'alamin.
Cekap matur nuwun.
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya, mbok bilih Bapak
Prasetya sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lan
anggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun
Bapak saha Ibu. Sella keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung.
Konduripun para tamu, Ibu Sella sekaliyan namung saged nderekaken kasugengan.
Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap
ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting saha
cubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah
paringipun pangaksama.
Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Nuwun matur nuwun.
Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak............ sekaliyan saha Bapak Ibu, keparenga
jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung
pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta.
Sumangga, nuwun.
Alhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai