Anda di halaman 1dari 2

Penampi pasrah pengantin

Assalamu alaikum wr.wb.


bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala
sayidina muhammadin,waala alihi wa askhabihi aj'main ama bakdu
Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati
dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati
dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.
ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng
ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng
kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten
ing majlis puniko.mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto
manfaat,fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun
dumateng kulo soho panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam ,allohuma soli
ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW,nabi
pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin
bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah,ngaturaken agunge
panuwun dumateng sagotrah tamu undangan.amargi panjenengan sami kerso angrawuhi
undangan walimatul arsy saking tuan rumah.
salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok
bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah
panjenengan sami.gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten
sopan,lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten,suguh ateges unjukan
soho dedaharan ingkang sederhana.sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken
pangapunten.
Poro rawuh ingkang minulyo
selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih
puniko Bapak....... nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bapak
.......,pinongko walinipun temanten putri.nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo
piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten
mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !
saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan
dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor
tumuju dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo.amiin.

sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken,katah ature mesti
katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.
kawulo akhiri,Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb
link sumber: http://www.wongcungkup.com/2013/07/contoh-naskah-pidato-penerimaanpasrah.html#ixzz3P0IirPT3
Follow us: @wongcungkup on Twitter | wongcungkupblogspot on Facebook

Anda mungkin juga menyukai