Anda di halaman 1dari 2

PASRAH TAMPI PENGANTIN KAKUNG

Assalamu alaikum wr.wb.


bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina
muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main ama bakdu. amiin

Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,


dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati,
dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati,
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.

Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun
Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan
sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing ngriyo puniko. mugi-mugi
pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh
kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.

Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala
sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan
ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin

bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !


Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun
dumateng sagotrah tamu undangan. amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan
walimatul arsy saking tuan rumah.

Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih
anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan
sami. gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges
tempatipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang
sederhana. sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.

Poro rawuh ingkang minulyo


selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih
puniko Bapak……. nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bapak ……., pinongko
walinipun temanten putri. nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami
wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane
keluargo mriko.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan


saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng
rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun
piyambak – piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo. amiin.

sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah
lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.
kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah

wassalamu alaikum wr wb
Panampi Pengantin Putri

Assalamu 'alaikum wr.wb.


Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,
dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati,
dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati,
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.

Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng allah swt., gusti ingkang maha kawasa, kula
minangka sulih salira saking panjenenganipun Bapak…… keparenga tumanggap atur
menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung.

Ingkang sepisan, kula minangkani Bapak….. sekalian, dalasan sedaya kulawarga


ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka dhuta saraya pasrah
saking Bapak…… sekalian dalasan sedaya panderek.

Kapingkalih, menggah salam taklim lumantar panjenengan, sampun katampi, dhawah sami-
sami, kanthi-atur wa'alaikum salam warahamtulllahi wabarakatuh.

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken putra calon temanten


kakung, se ingkang badhe kadhaupaken kalian temanten putri

bapa-ibu sak-kulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah.


makaten ugi sedaya pisungsung, ubo rampe dalasan tali asih, ingkang mboten saged kula
sebataken setunggal boko setunggal, ingkang sampun panjenengan paringaken,para rawuh
sekalian hanampi kanthi ikhlasing manah. Mugi sedaya kala wau dados tandha tetalining
ketresnan lan kekadangan ing antawisipun kulawarga Bapak…… kalian kulawarga Bapak….
., mliginipun calon temanten kekalih.

mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe
kaijabaken, manut satataning agami islam, saha kalajengaken adicara prasaja sanesipun anut
pradatan ingkang sampun lumampah.

panyuwunipun Bapak…… dalasan kulawarga, mugi panjenengan sarombongan keparenga


paring donga pangestu dhumateng lampahipun ijab lan dhaupipun putra temanten kekalih,
ngantos purnaning pawiwahan. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih mangkenipun dados
kulowargo ingkang sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun.

Aamiin, ya robbal ‘aalamiin

Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, hanampi, saha hanglenggahaken, kathah
kekirangan saha mboten rena ing penggalih panjenengan sakrombongan, kula mawantu-
wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.
kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah

wassalamu alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai